bhs. jawa - pandhawa
Post on 25-May-2015
2.165 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
Badhe NAMPILAKen.........
PANDAWA
Kelompok 2• Fauziyah Ariesta Putri (10)• Hafara Firdausi (11)• Hamzah Rahmatullah (12)• Indira Kusuma Wardhani (13)• Johannes Marulitua Sitanggang. (14)• Muhammad Igo Nurulloh (15)• Maria Riezqie Firnanda (16)• Muhammad Nimran Saladin (17)• Nadhifah Nisrina Hapsari (18)
PAMBUKA
ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB
Adoh-adoh nang Jakarta mung kanggo tuku es nang tengah dalan,
Dibayar duwit emoh, njaluke dibayar godong,Ora mung anggota kelompok loro wae sing pingin kenalan,
Pandawane uga pingin dong!
NAH!Saiki, Pandawane
badhe kenalan rumiyin nggih
>>
Nami Kula
YUDHISTIRA utawi
PUNTADEWA, Ing
Pandawa, Kula
kuwi anak sulung.
Kula anak sing
wicaksana, jujur
lan paling ra
seneng musuh-
musuhan!
L4m k3n4l yawH
I
Aku BIMA! Kowe
uga bisa nyeluk
aku WERKUDARA.
Aku anak sing
nomer loro! Kowe
rausah wedi yo
yen ketemu karo
aku, masio awakku
gedhe duwur kaya
Raseksa, atiku
uapikan lho
2
Jenengku
JANAKA, kowe yo
iso nyeluk aku
ARJUNA. Aku
anak sing nomer
telu. Ketimbang
dulur-dulurku,
aku anak sing
paling
ngguantheng!
Pengen dadi
pacarku? Wani
Piro?
3
Yen jenengku
NAKULA. aku
duwe kembaran
jenenge SADEWA,
mengko lak
deweke kenalan
dewe karo kowe.
Aku anak sing
nomer papat. Aku
beda ibu karo
kakang-kakangku.
Yen Ibuku jenenge
DEWI MADRIM.
4
Nah, aku iki sing
jenenge SADEWA,
raiku meh podo to
karo NAKULA?!
Aku anak sing
paling buncrit,
kari. Ibuku uga
DEWI MADRIM,
dene ibune
kakang-kakangku
Puntadewa, Bima
lan Janaka kuwi
DEWI KUNTHI
5
Silsilah Kaluwarg
a Pandawa
AbiyasaAmbalik
a
Pandu Dewanata
Dewi MadrimDewi Kunti
BimaYudhistira Arjuna Nakula Sadewa
Dinasti Kuru
Raja Madra
Salya
Wangsa Yadawa
Surasena
Durgandini
Parasara
Menikah = Punya Anak =
Yudhistira
Jujur, adil, sabar, taat, kebak ngandel awak, temen, loman, seneng weweh lan ora tau nggoroh. Dheweke uga nduweni moral sing dhuwur banget lan seneng ngapurani mungsuh sing wis ngabang. Sifate uga wicaksana, iku sebabe dheweke ora nduweni mungsuh. Dheweke ora seneng perang amarga dheweke ora seneng nglarani sapa wae. Dheweke tau perang mung ping siji wae, alasane amarga mung dheweke wae sing bisa mateni mungsuh. Yudhistira uga cerdas, dermawan, lan relijius, mulane dheweke dadi manungsa sing mlebu surga tanpa kepaten. Yudisthira mahir nggunakne tombak dadi piranti perang.
Kaluwihane >>Titisan DEWA YAMA
(DEWA AKHIRAT)
Yudhistira dikenal nduweni sifat jujur lan bijaksana uga nduweni kelemahan sing berkaitan karo kejujurane kesebut, yakni gampang digorohi lan dicurangi.
Kalemahan >>
• Puntadewa (amarga derajat kaluhurane setara karo para dewa)
• Yudhistira (amarga bisa nahan hawa nafsune dhewe)
• Dhramasuta (putera Dharma)• Ajathasatru (ora duwe mungsuh)• Bhārata (katurunan Maharaja
Bharata)• Dharmaraja (amarga mesti
negaaken dharma ing uripe)• Dharmawangsa / Dharmaputra
(marga katurunane Dewa Dharma)
• Kurumukhya (amarga dheweke pamuka Bangsa Kuru)
• Partha (amarga putrane Pandu)• Kurupati (amarga dheweke Raja
dinasti Kuru)• Kurunandhana (amarga dheweke
dadi kesayangan dinasti Kuru)• Gunatalikrama (amarga bisa
bertutur basa)• Samiaji (amarga dheweke bisa
ngormati wong liya)
Dasanama >>
Tombak!Jimat Kalimasada!
Gaman >>
Bima
Nduweni perawakan sing gedhe ketimbang dulure sing liyane lan nduweni kekuwatan sing ora kena dikalahake, mulane Bima
didadekaken panglima perang ing perang Baratayuda, mangarepi tentara Pandhawa. Bima nduweni sifat wani, kukuh,
kuwat, adil, asih banget, rela berkorban kanggo kulawargane, wani mbelani kang bener, jejeg, jujur, tabah, lan patuh. Kajaba kuwi, Bima uga ora seneng basa-basi, senengane to the point.
Mahir nggunakaken senjata gada sing aran Rujakpala, lan kuku Bima, sing aran Pancanaka.
Kaluwihane >>
Titisan DEWA BAYU (DEWA ANGIN)
Kerep ngabaino sopan santun lan tata krama, kurang cerdas, kasar omongane, gampang nesu, lan mesti nyombongaken kekuwatan fisike.
Kalemahan >>
• Bima (mengerikan)• Bayusutha (titisan dewa
Bayu, dewa angin)• Ballawa• Bratasena• Bhima• Birawa• Dandunwacana• Nagata
• Kawara• Sena• Wijasena• Pandhusiwi• Kusumayudha• Kusumadilaga• Jagal Abilawa• Antasena
Dasanama >>
Gada Rujak Pala!Kuku Pancanaka!Gada Lukitasari!
Gaman >>
Arjuna
Nduweni sifat mulia, cerdik, alus, sabar, jujur, wani, jiwa kesatria, Imane kuwat, kuwat ngadhepi godaan duniawi, lan mesti bisa ngrebut kejayaan. Arjuna yaiku tokoh sing paling rupawan tanpa cacat cela diantara dulur-dulure, mulane dheweke kerep digambaraken dadi wong lanang sing tampan, gagah, lan gentle. Dheweke uga dikenal dadi ksatria tanpa tanding lan jago perang, amarga dheweke ora tau pisan nemoni kekalahan perang. Arjuna mahir nggunaaken panah sing aran Pasopati.
Kaluwihane >>
Titisan DEWA INDRA
(RAJA KABEH DEWA)
Dheweke ora bisa nolak wewadonan endi pun, gampang nesu, sombong karo kepriyayene mulane dheweke tau nyacat KARNA ing muka umum.
Kalemahan >>
• Arjuna (Sing bersinar lan bercahaya)
• Dhananjaya (Parebut kasugihan)
• Kirti (Sing duwe mahkota indah)
• Partha (Putera Kunti)• Janaka• Pritaputra• Premadi/ Pamade• Kumbalyali• Pandu siwi• Indratanaya
• Jahnawi• Palguna (sing lair nalika
lintang utara phalgunamunal)
• Danasmara• Margana• Jishnu (nebat nalika nesu)• Parantapa (sing bisa
nakluaken mungsuh)• Sawyahsachi (bisa manah
nggunakaken tangan tengen lan kiwa)
• Swetawahana (nduweni kuda sing warnane putih)
• Wibhastu (amarga dheweke yen bertarung mesti jujur)
• Wijaya (Mesti bisa menang ing tiap pertempuran)
• Mintaraga• Ciptahening• Kenditatnala• Kombang Ali-ali• Jlamprong• Endra Tanaya• Endra Putra• Wijanarka
Dasanama >>
• Pecut Kyai Pamuk• Panah Pasopati• Panah Sangkali• Panah Cundamanik• Ali-ali Mustika Ampal• Trompet Dewadata• Keris Pulanggeni• Keris Kyai Kala Nadhah
• Brahmastra• Rudra Busur Gandiwa• Aji Sepiangin• Cincin Setyongampal• Panah Arda Dhedali• Panah Sarutama
Gaman >>
Nakula
Nduweni sifat taat, jujur, setia, alus, sabar, nriman, welas asih, weruh balas budi, lan bisa nyimpen wadi. Nakula uga tokoh sing tampan. Nakula mahir nggunaaken pedhang. Kaluwihan liyane yaiku nduweni elmu panjamon, amarga Nakula ngrupakne titisan Dewa Aswin, dewa panjamon. Kajaba kuwi, Nakula uga lihai numpak jaran, nduweni elingan sing tajam banget lan ora kewatesan.
Kaluwihane >>
Titisan DEWA ASWIN (DEWA PANJAMON)
Seneng nyombongaken ketampanane lan ora seneng ngalah
Kalemahane >>
• Nakula (bisa nguwasani awake dhewe)• Pinten (jeneng tanduran sing godhonge bisa kanggo obat)
Dasanama >>
PEDANG!Gaman >>
Sadewa
Nduweni kapinteran paling utama ing bidang astronomi, mulane Sadewa bisa ngramal kanggo masa ngarep. Sadewa uga wicaksana, bahkan Yudisthira uga tau ngomong yen Sadewa nduweni kewicaksanaan luwih dhuwur ketimbang Wrehaspati, guru para Dewa. Sadewa uga cerdik, buktine, dheweke bisa mateni Sengkuni, paklik para Kurawa sing dikenal kelicikane lan pinter ngasut wong. Sadewa bisa mateni Sengkuni amarga kecerdikan lan kepinterane. Sadewa uga tokoh sing meneng, ora kakean omong.
Kaluwihane >>
Titisan DEWA ASWIN (DEWA PANJAMON)
-Kalemahan >>
• Sadewa• Tangsen (jeneng tanduran sing godhonge bisa kanggo obat)
Dasanama >>
PEDANG!Gaman >>
KEPRIYE? SAMPUN JELAS?
WONTEN PITAKONAN?
Daftar Pustaka
Kesupen Bro! ._.v
MATUR SUWUN!
top related