dzikir utawi eling marang gusti
Post on 23-Jun-2015
570 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
Wejangan Raden Rachmad
Dzikir utawi eling marang Gusti
©Sept.2010. Edy Pekalongan
Karya ini boleh diunduh dan disebarluaskan sepanjang tidak mengambil keuntungan finansial darinya.
Berikan komentar anda melalui edy_pekalongan@yahoo.co.uk. Penggunaan di luar etika
penggunaan hasil karya kreatif/intelektual tidak dianjurkan. Meminta lebih baik daripada mencuri.
Buku Karya Edy Pekalongan
Buku Anahata , Motivasi Inspirasi . ISBN 978 – 602 – 19498 – 1-8.
Buku ini mengajak pembaca mengolah perasaannya menjadi seluas samudra sehingga
memiliki sifat kuat, tenang dan damai. Memahami bahwa sesungguhnya terlahir sebagai
manusia adalah karunia yang luar biasa, gunakanlah kesempatan ini untuk belajar
memahami tujuan penciptaan anda di planet bumi ini, bukan hanya sekedar menghabiskan
usia dengan makan, minum, sex, mencari uang, mengurus keluarga dan tidur. Dalam diri
manusia ada keistimewaan, hanya tidak semua manusia mengetahuinya dan
mengembangkannya.
Buku ini akan memotivasi anda agar berani menjadi diri sendiri dan menginspirasi anda agar
berani bertindak mewujudkan cita cita.
Harga : 77 ribu rupiah
Info Kunjungi :
http://edypekalongan.blogspot.com/2011/12/karyaku-untuk-indonesia-2012.html
assalamu'alikum wa rochmatullahi wa barakatuh
mugi mugi panjenengan diparingi
keslametan lan rochmatipun allah lan barokahipun allah
dzikir meniko manembah
dumateng gusti lumantar nyebut asmonipun allah
ngantos nyumerepi makno lan
maksudipun asmo ingkang diucapke
gunanipun
dadosake tuwuhipun rasa ayem tentrem ing urip.
nuwuhake sifat sifat kabecikan ing ndhalem atinipun manungso
lan gawe sirno sifat olo ing jero atinipun manungso.
dzikir saget dadi dalan kanggo nyedhak dumateng Gusti
sesembahanipun manungso sak jagat.
sopo ingkang eling dumateng gusti
gusti bakal eling marang siro
tulisan ingsun
mboten pas sinebut piwulang.
tulisan niki mung salah setunggale
coro ingsun manembah dumateng gusti.
tanpo restunipun gusti
tulisan niki mboten bakal dados.
tanpo pitulunge gusti
panjengan mboten bakal saget maos tulisan meniko.
tutur tinular kabecikan
niku tumindak ingkang ditresnani dateng Gusti kawulo.
mugi mugi sedoyo dipun paringi
welas asihipun gusti.
matur nuwun,
saking juru tulis,
Edy Pekalongan
ing tlatah pesisir lor
bhumi Jawamadya, negoro indonesia
tanggal wolu sasi september
tahun rong ewu sepuluh taon masehi gregoriyan
La illaha ilallah
Gusti kawulo pangeran ingkang sejati
allah ta'ala
ingkang gadhah asmo cacahipun sangang puluh songo
meniko inggih Gusti kawulo
sanghyang wenang meniko allah ta'ala
sanghyang tunggal meniko allah ta'ala
gusti kawulo wonten ing pundi pundi
sedoyo alam lan mahluk damelanipun gusti kawulo
pramilo
ingsun yakin lahir lan batos
Gusti ingkang kawulo sembah mung satunggal
wiwit manungso dhereng wonten wujudipun
ngantos babonipun sedoyo manungso
dicipto lan tumurun ing donyo.
ing jaman rumiyin
ngantos jaman sak niki
kawolo tasih emut
sumpah kawulo
naliko badhe mlebet wonten mahluk jabang bayi
ing alam rachim ibu
sejatine pangeran ingsun iku allah
Gusti ingkang sejati.
pramila ingsun badhe ngucap sumpah
ingkang sami :
la illaha ilallah
sabdo panjenegan tumurun ing alam manungso
ngliwati dalan manungso ingkang suci
kasebut nabi lan rosul.
sampun kathah nabi lan rosul ingkang tumurun.
meniko dadi paweling kagem manungso ing donyo
supados eling dumateng panjenengan
lan nethepi kewajibanipun manungso
dadi wakilipun panjenengan.
wakil ingkang nulodho sifat sifatipun panjenengan
panjenengan gurunipun manungso.
panjenegan paring piwulang dumateng
suku suku lan bangsa bangsa
lumantar wakilipun panjengan
para malaikat lan para manungso utomo.
amargi jaman sak niki
sampun mboten wonten nabi lan rosul.
nanging wontenipun
piwulang saking nabi lan rosul ingkang sampun tilar donyo.
lan para muritipun nabi lan rosul
nguri uri piwulang meniko
ngantos wujud sabdo ingkang tinulis..
nanging jaman sak niki
kathah manungso ingkang gadhah sifat olo.
nuruti howo nisto lan sifat dur angkoro
warisanipun para rosul lan nabi
dipun reko doyo manut olah ciptonipun manungso
piwulangipun gusti sampun owah
dadi piwulangipun manungso pribadi
sabdo lan asmonipun panjenengan
dipun dol kanggo nuruti howo nafsu kadonyan.
mulo kathah manungso seneng perang
seneng padu lan tumindak olo
bumi dadi ilang kaberkahanipun
manungsa dadi lali marang kewajibane.
pramilo ingsun nyuwun pitulungipun panjengan
nyuwun dituntun menetepi dalan ingkang padhang
dalanipun manungso ingkang panjengan paringi pangestu
slamet lahir batos menetepi kewajibane ing alam donyo
mboten wonten ingkang kawulo sembah
kebojo panjengan.
ingsun yakin menawi rosul lan nabi
ingkang panjenengan paringi piwulang suci
sedoyo meniko manungso utomo
dadi tulodhone manungso ing alam donyo.
namung ugi panjenegan ingkang
mangertos
pundi ingkang aran
piwulang sejati
lan pundi ingkang aran
piwulang ngapusi.
pramilo ingsun
nyuwun sinar ilmu saking panjengan
manjing ing kalbu kawulo
dadi damarjati
kangge sangu mlampah.
mugi mugi
dipun ijabahi.
matur nuwun.
pangeran ingkang moho suci
jumeneng ing ndhalem ingsun
Gusti ingkang moho suci
jumeneg ing ndhalem sak kabehane mahluk
nyebar ing sak kabehane alam
jagat alit ngantos jagat ageng
meniko wonten sifat sucinipun gusti
nanging mboten sedoyo manungso saget sumerep
naliko sumerep , manungso mboten saget ngucap punopo punopo
mung meneng lan gumun.
pramilo ingsun ngaturake asmonipun gusti ingkang moho suci
Subhanallah
Sedoyo kedadiyan ing dhiri kawula
sejatine saking gusti ingkang maha kuwoso,
mulo sedoyo perkawis
kulo wangsulaken dumateng gusti ingkang moho kuwoso
pramilo ingsung ngucap ing dhalem kalbu,
lumantar obahing ilat lan medalipun suara :
inna lillahi wa inna ilaihi raji'un
kawulo nyuwun welas asihipun Gusti
ingkang moho welas lan moho asih.
Pramilo ingsun ngucap :
Bismillahi rachmanirrachim
kawulo meniko tanpo kekuatan
tanpo ilmu
tanpo kuwoso
tanpo dhuweni punopo punopo
sedoyo kekuatan,
sedoyo ilmu
sedoyo kuwoso lan
sedoyo punopo kemawon
ingkang dhuweni Gusti ingkang moho agung.
pramilo ingsun
nyuwun pitulungipun panjenengan
anggenipun ngrampungi sedoyo perkawis,
nyuwun pangestunipun gusti ingkang moho agung.
la haula wala quwwata ila billah
ngucapo opo sing dadi penjalukmu :
...........................................................
...........................................................
.........................................................
Carita Pungkasan
babakan :
Dzikir
utawi eling marang Gusti
pitutur agomo islam
saking Raden Rachmad
utawi sunan ampel
ponak anipun kanjeng ibu
Ratu Dwarawati ,
saking negoro Campa
garwo permaisurinipun Prabu kertabhumi
ing negoro majapahit
ingkang matur puniki
putranipun kanjeng ibu ratu dwarawati :
Raden Bethoro Kathong
adipati wengker.
kanjeng ibu Ratu dwarawati
meniko bibinipun raden rachmad
amargi ingkang ramanipun raden rachmad
meniko raja ing keraton dwarawati ing negara campa
negara campa meniko sanes negara china
ing bhumi champa wonten candi candi agamo shiwa
mirip candi shiwa ing tanah jawa
kyaa candi prambanan in tlatah mataram.
ing jaman negoro indonesia
naminipun candi shiwa ing negoro campa
yaiku candi angkor wat
kanjeng ibu matur dumateng bethoro katong :
kanjeng ibu duka
menawi rama prabu kertabumi
mundut garwo selir saking negoro china.
amargi negoro china kuwi
sampun dados musuh bebuyutane negoro
ing swarna bhumi, jawabhumi ,
termasuk negoro campa lan negoro gajah putih.
negoro campa wiwit jaman rojo mongol
jengis khan lan sak turunane
sageto slamet amarga nyawiji lan gotong royong
kaliyan mojopahit.
mula kanjeng ibu saking negoro campa
dadi ratu ing mojopahit
iku pralambang tunggal negoro..
samono ugo ratu soko sriwijaya lan melayu
ugi ora sudi naliko wonten selir
putri saking negoro china mlebet kraton mojopahit.
ingkang garwo utomo ratu saking tanah jowo
paring restu, mulo kanjeng ibu matur supoyo
putri china , utusane negoro chino
ora pas dadi garwonipun ingkang rama prabu kertabumi
amargo dudu wanito soko keturunan ratu
piyambake iku wanito putrane wong tukang adol barang
utowo soko kaum waisya.
utusan negoro china dugi ing tanah jowo
nggowo ewonan prajurit
ingkang pimpinan jejuluk patih ceng ho
mekso sang prabu kudu gelem duwe garwo putri chino
lan mangke keturunan chino ingkang
dadi raja ing tanah jowo.
kanggo ngindari perang
putri mau ditompo rama prabu.
lan sak kundhure patih cheng ho
putri chino kuwi di usir soko keraton majapahit
lan di paringake adipati palembang,
opo malih putri chino kuwi agomone islam
lan ngowo ulama islam saking negoro chino
kanggo dadi guru islam ing kraton majapahit.
lan nyebarake ajaran kanggo mbangun kekuwatan
islam ing gresik ,
namung sejatine kuwi akal akalane negoro chino.
kanggo nguwasani tanah jowo.
mulo kanjeng ibu nyuwun tulung dumateng
raden rachmad ,ingkang ponakan.
dheweke keturunan ratu , soko kaum satriyo
lan dadi bhrahmono islam . tasih sedulur kanjeng ibu.
luwih pas mulang agamo islam ing majapahit
lan ora bakal gawe cikolo dumateng gusti prabu.
amargo tasih keluarga.
mulo benjing bakal ono
ontran ontran sing digawe soko
anak turune putri chino kuwi.
lan soko bala ulama soko negeri chino lan arab.
keturunane prabu kertabumi bakal disirnoake
mojopahit bakal diubrak abrik kanti sirno.
namung keturunan campa bakal slamet.
amargo sing kanggo sebab perang kuwi
urusan agama islam.
mula ojo serakah arep dadi ratu
dadi kawulo alit wis bedja
sing penting anak turun slamet.
kanti tasih cekelan ajaranipun
saking kanjeng nabi muhammad saw.
naliko jaman rojo mongol
jengis khan ngubrak abrik tanah sindu lan tanah arab
kanti tanah mesir.
anak turunne keluarga nabi muhammad dislametake
ngungsi ing gujarat terus ngungsi ing campa.
naliko campa di ubrak abrik negoro chino
keturunan mau ono sing umpetan ing swarna dwipa
lan djawa dwipa.
ora cukup semono
kuwi tasih di uber uber keturunan rojo arab
sing ora lilo
sak durunge keluarga nabi
sirno soko bumi.
iku sebab
leluhure rojo arab mau
dheweke pernah salah,
mateni mantune nabi
lan putune nabi.
naliko mangke di gugat
mengko kabeh wong islam
bakal dadi mungsuhe rojo arab mau.
kanggo nutupi oloning tumindak
ing jaman kuno.
sopo sing ngerti cerito iki
bakal di pejahi.
saktemene
nganti akhir jaman
kebecikan lan angkoro murko
bakal terus perang.
wiwit ing jero batine manungso
perang kuwi wis ono.
lan nyebar ing alam ndhonyo.
mulo sing ati ati.
pesen kanjeng nabi
dadiyo kowe kabeh
rachmad kanggo sak alam donya.
mulo ulama saking negoro campa
kuwi jejuluk Raden Rachmad.
iku sandi dheweke ndhuweni
darah turunan satriyo lan brahmana
sing duwe sifat
rachmatan lil alamin.
iki mung cerito
ojo nganti soko carita dadi padu
opo sing wis kedadeyan
awake dhewe kudu sabar nrimo
kuwi wis dadi pastining Gusti.
lan wajibe nerusake lelampahan sing becik
kanthi ikhlas
ora ndhuweni pamrih
ora perlu pujian saking manungso
lan pasrah opo kang bakal ono
kuwi sing diarani tawakal.
kabeh mau soko allah
lan bali marang allah.
innalillahi wa inna illaihi roji'un
titi.
top related