laporan bahasa jawa keraton
Post on 30-Jun-2015
969 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
LAPORAN BAHASA JAWI
KUNJUNGAN KERATON NGAYOGYAKARTA
KALIYAN TAMAN SARI
Kasusun :
Risma Wahyudyanti (101134068)
JURUSAN ILMU PENDIDIKAN
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
UNIVERSITAS SANATA DHARMA YOGYAKARTA
2010
TEMBUNG PAWARTOS
Puji syukur kita raosaken dumateng Gusti Ingkang Maha Kuasa, ingkang sampun
maringi kanugrahan saengga panulis saget damel laporan punika kanthi gangsar mboten
wonten alangan satunggal punopo.Wonten ing laporan punika panulis ngaturaken matur
nuwun dumateng :
a. Bapak Pardiman,S.Sn. ingkang sampun maringi sadoyo patunjuk saha bimbingan .
b. Bapak saha ibu ingkang sampun nyekapi kabetahan jiwa ugi raga.
c. Rencang –rencang ingkang sampun hanyengkuyung panulis,bungah utawi sedih.
d. Saha priyayi-priyayi ingkang sampun nyengkuyung saengga laporan punika saget
rampung.
Panulis sadar wonten ing laporan punika tasih kathah kalepetan . Kanthi punika kritik
kaliyan saranipun panulis pangarepaken kangge kasempurnan laporan punika. Mugi-mugi
kanthi maos laporan punika saget ningkataken pangetahuan kita wonten babagan budaya tanah
Jawi.
Ngayogyakarta,19 Desember 2010
Panulis
SUROSO BASA
Budaya jawi punika mujudaken budaya ingkang sae amargi budaya Jawi punika
ngandut nilai –nilai luhur ingkang mujudaken kapribaden tiyang Jawi. Tuladhanipun wonten
ing tlatah keraton Ngayogyakarta.Wonten ing keraton punika kathah paninggalan –
paninggalan keraton Mataram ingkang ngandhut nilai-nilai estetika ingkang manulya.
Wonten ing kunjungan punika ,kita tiyang jawi kedah sadar menawa budaya kita
sedaya. Kita kedah nglestariaken paninggalan punika saengga putra, saha wayah kita sedanten
wonten ing ngajeng saget ngraosaken paninggalan punika. Amargi menawi mboten kita
ingkang nglestariaken sinten maleh.Langkung punika, kita sedaya kedah nyinau kanthi remen
kabudayan Jawi. Tuladhaipun kanthi kunjungan dateng keraton ingkang sampun
kaleksanaaken. Sanesipun kangge sarana refresing, kegiatan punika ugi kedah gadah tujuan
napak tilas keraton Mataram .
Amargi wonten ing keratin kaliyan taman sari, punika cikal bakal kota
Ngayogyakarta,saengga kita kedah mangertosi utaminipun kita tiyang Jawi.
KERATON
1. DALEM KERATON
Kraton inggih menika panggenan kangge ratu-ratu,saking ukara :
ka+ratu+an+kraton.Angsal kasebat saking ukara kedaton, yaiku ke+...+an=kedaton,panggenan
kangge ratu-ratu lan datu-ngah-datu.Kraton inggih menika istana ingkang ngemot teges , teges
agama,filsafat,lan teges kulturil (kebudayaan). Kraton Yogyakarta ngandhut teges-teges ing
dhuwur. Arsitektur bangunan-bangunanne, panggenan bangsal-bangsale,ukiran-ukirane,
hiasane, ngantos warna-warna gedunge gadhahi ateges. Wit-witan sing ditanem ing njero
mboten sembarang wit,wit sing wonten kraton. Sedaya ingkang wonten keraton punika
nggadahi teges maringi piwulang kangge kita kagem cinta lan nyerahke diri kangge Gusti
ingkang Maha Agung.
Arsitek kraton inggih menika Hamengku Buwana I .Hamengku Buwana taksih nem
angsal gelar Pangeran Mangkubumi Sukowati.Komplek Kraton manggen ing tengah-tengah,
namung daerah kraton saking kali code lan kali Winanga, saking ler teng kidul saking tugu
ngantos Krapyak. Daerah kraton panggenipun wonten ing alas Garjitawati, cedak desa
Beringin lan Desa Pacetokan.Daerah punika dianggep kirang madahi kangge mbangun kraton
kaliyan bentengipun,aliran kali Code di bengkokke sakedik ten wetan lan aliran kali Winanga
di bengkokke sakedik ten kilen.
Keraton Ngayogyakarta kabangun tahun 1756 utawi tahun Jawi 1682. Ambanipun kraton
inggih punika 14.000 m2 .Ing dalem keraton kathah bangunan- bangunan, latar-latar kaliyan
lapangan-lapangan. Kita wiwiti saking latar kraton saking ler.
1. Kedaton/Prabayekso
2. Bangsal kencono
3. Regol Danapratapa
4. Sri manganti
5. Regol Srimanganti
6. Bangsal Poncowati
7. Regol Brajanala
8. Siti Inggil
9. Tarub Agung
10. Pagelaran(tiang ingkang jumlahe 64)
11. Alun-alun ler
12. Pasar
13. yuswa
14. Tugu
Angka 64 nggambarake yuswa Nabi Muhamad 64 taun utawi 62 taun masehi.
Kita saking latar kraton tindak kidul kita saged nonton :
15. Regol Kamagangan
16. Bangsal Kamagangan
17. Regol Gadungmlati
18. Bangsal Kemandungan
19. Regol Kemandungan
20. Siti Inggil
21. Alun-alun kidul
22. Krapyak
Kawigatosan:
1. Regol : lawang ngarep
2. Bangsal : bangunan terbuka
3. Gedong : Bangunan tertutup
4. Plengkung : Lawang Gerbang Benteng
5. Selogilang : lantai nduwur kaya podium rendah,kangge lenggah Sri Sultan utawa
panggenan Singgaraja Sri Sultan
6. Tratag : Bangunan kangge panggenan ngeyup,
Ing tengah-tengah latar Kemandungan kidul wonten bangsal ingkang
naminipun Bangsal Keandungan.Bangsal punika bekas Pesanggrahan Sri Sultan
Hamengku Buwana I wonten ndeso Pandak Karangnangka wekdal perang Giyanti
(1746 1755)
Krapyak inggih punika podium dhuwur saking watu kagem Sri Sultan,
merhatekke tentara utawi kerabatipun merhatekke ketangkasanipun mengepung,
memburu utawi nguyak rusa. Kraton dikelilingi tembok gede. Dawanipun satunggal
km, bentukipun segi empat, ambanipun 3-4.
Lima plengkung utawi lawang .plengkung-plengkung yaiku:
1. Plengkung Tarunasura atawi Plengkung Wijilan ing sebelah wetan
2. Plengkung Jogosuro utawi Plengkung Nngasem ing sebelah kilen
3. Plengkung Jogoboyo utawi Plengkung Taman Sari ing sebelah kilen
4. Plengkung Nirboyo utawi Plengkung Gading ing sebelah kidul
5. Plengkung Tambakboyo utawi Plengkung Gondomanan ing sebelah timur
Plengkung Tambakboyo niki tertutup,nanging taun 1923 dibika melih Sri
Sultan Hamengku Buwana VIII.
2.KAHANAN LAHIRIAH
Kraton Yogyakarta nggadahi arsitektur mbujur dawa ,mergine ing ndalem wonten 9,5
mergi ing alun-alun kidul,wonten wit sing sampun matidi gantos wit mengkono puniku
nunjukken kagem kita ngandung teges lan maksud. Ing kidul enten krapyak, krapyak inggih
menika tempat dhuwur (podium) kangge mirsani pemburuan rusa, ten caketipun enten
kampung Mijen (wiji). Mergi ditanduri wit asem lan tanjung. Masuk ing plengkung gading
teng daerah kraton. Ing sak kiwa tengene alun-alun ditanduri wit ringin lan diwenehi jeneng
“Wok”.
Loro ringin ing tengah-tengah asamanipun supit-urang .Pagere nggadahi “design”utawi
sifat muda-mudi. Latar sitihinggil ditanduri wit “soka” lan wit ”palem campora”. Sri Sultan
lenggah ing dhuwur silogilang tengah-tengah pendopo Sitihinggil. Kita ketuk ing latar
Kemandungan lewat Regol Kemandungan. Latar niki ditanemi wit-wit kepel,cengkir
Gading lan pelem.
Kita ngelanjutke mergi wonten ler, kita nglewati Regol Gadungmlati, ketuk latar
“kemangan”. Wonten latar puniku wonten mergi wonten kilen nuju “pawon
kraton”Gebulen lan dalan liyanipun ten wetan,ten”Pawon Kraton”sekulanggen.
Kita mlebet Regol kemagangan lan kita teng plataran Kedaton.
3.KAWIGATOSAN SAKING KERATON
1. Krapyak inggih menika gambaraan saking panggenan roh-roh.Ing lere wonten
kampung kampung mijen.,saking kucapan Wiji(woh)Mergi lurus dhateng
ler,kiwa tengen dihiasi wit asem lan tanjung ingkang nggambaraken putra
ingkang lurus,bebas saking rasa sedih lan cemas, rupanipun nengsemaken serta
di kalem-kalem teras,istimewa kaliyan bapa lan biyungipun.
2. Plengkung gading utawi plengkung Nirbaya ingkang nggambaraken batas putra
nginjak saking kanak-kanak dhateng masa pra-puber.Sinom inggih menika asem
ingkkang taksih nem ,ijo nem,namung ngandung arti rambut-rambut alus muda-
mudi, sinom menika di jaga kanthi cermat kaliyan pemuda pemudi,amargi saged
nambahipun kecantikanipun.
3. Wonten ing alun-alun kidul ana 2 wit ringin ingkang naminipun wok ingkang
gambaraken bagian awak kita ingkang pribadi sanget.Nunjukakaen lanang
ingkang naminipun “supit urang” nunjukke wadon.5 mergi nunjukakaen panca
indra kita ,lemah ingkang pasir nunjukaken dereng teratur.sak kiwa tenge
ditanemi wit kweni lan pakel,arti putra sampun wantun sebab sampun”akil
baligh”
4. Kita dhateng ler,dhateng siti hinggil.mriki wonten trateg utawi panggenan
kangge leren atape anyaman pring.sinten menika ingkang lenggah wonten ing
ngandhape ingkang ngaosaken aman,tentrem.seneng lan bahagia.Nggambaraken
muda –mudi ingkang lagi kasmaran.
5. Wonten ing sitihinggil ing tengah-tengah pendopo panggenan kangge Sri
Sultan.kiwa tengene kangge lenggah abdi dalem.nggambaraken muda-mudi
lenggah kanyatatemanten.
6. Ing latar kamandungan wit sing ditanem inggih menika wit kepel,pelem,cangkir
gading,lan jambu dersono.Nggambaraken woh lan kandungan ibu ,photon pelem
nggambarake padha gelem,Jambu dersono kadersan sih ing sesama.Wit kepel
nggambaraken satune woh,rasa,lan cita-cita ,cengkir gading inggih menika
sejenis wit klapa ingkang alit wujude.
7. Regol gadungmlati kita tekan ing kamagangan ,mergi ing mriki nyempitlajeng
terang.nggambaraken bayi ingkang sampun lahir .inggkang nggambaraken
panganan ingkang cukup wontene pawon kraton Gebulan lan
Sekullanggen,mergi gedhe ing kiwa tengene nggambaraken pengaruh negatif lan
positif.
4. UPACARA GREBEG
Grebeg inggih menika upacara ing kraton ingkang diwontenaken 3 kali
setaun,dinten lahire Nabi Muhammad s.a.w (Grebeg Maulud),dinten Raya Idul Fitri
(grebed sawal)lan dinten Raya Aidil Adha(grebeg besar).Ing dinten niku Sri Sultan
menehi sedekah ingkang wujud gunungan-gunungan ingkang isinipun panganan lan sak
piturute kagem rakyat.Upacara niku dilajengi upacara Panembah Gusti ingkang Maha
kuasa saking Sri Sultan piyambak ing Sitihinggil ler lajeng maosaken donga saking Kyai
Penghulu supados Kesejahteraan lan kemakmuran rakyat.
Sak lajengipun medal saking Sri Manganti ,Sri Sultan mersani Bangsal
Ponconiti.Ponco tegesipun lima,simbol saking panca indra kita.Niti inggih menika
mersani,nyelidiki.ing mriki Sri Sultan neliti panca indanipu ,lan sujud dumateng Gusti
ingkang Maha Kuasa lan njujung perintahe.Sebabe niku ing kiwa tengene Bangsal
Ponconiti ditanemi wit-wit tanjung.Latare kasebat Kemandungan.
Kepel utawi kempel tegesipun padet utawi beku.Cengkirgading warninipun
kuning,warni kuning inggih menika ngandung teges Ketuhanan.Kabehipun enten
arti:”Kumpulan lan di padetaken tuan kagungan panca indrinipun lan fikiran,amargi tuan
badhe sujud ten hadapan gusti kang maha agung.
Sri Sultan lajeng minggah tangga mbelok teng kanan wonten Photon Jambu
Tlampok Arum.ingkang ngandung teges “pangucapo sing wangi-wangi,pangucap
ingkang bijakasana.Supados nami tuan mampu wangi ing jagad raya.Bangsal Witono
tegesipun “ heningke pikiran tuan”.Lajeng ing panggenan dhuwur bangsal
witono.witono saking basa kawiingkang tegesipun kangge lenggah wonten
surga.Bangsal Witono yaiku panggenan kagem pusaka-pusaka kraton ing upacara
grebeg.Ing jogannya sisih kilen wonten tulisan condrosengkala inggih menika :”Tinata
Pirantining Madya Witono”utawi taun 1855,lan ing sisih wetan “Linungid kembar
gatraningron”
Sakderengipun Sri Sultan lenggah wonten ing singgasana ,singgasana diatur rumiyen ing
Bangsal Manguntur Tangkil saking kalih abdi dalemkraton ingkang naminipun Wignya
lan Derma.Pegawai kraton miturut golongan jabatan ,tuladhane
Wignyasekarta,Wigyamenggala lan sak piturute.Awalah wignya nunjukke jabatan
tukang , mbeta “ampilan”Sri Sultan ,umpaminipun tombak,pedang.Sawalan derma
nunjukke jabatan akhli ukir.”Hendakipun tuan Wigya lenggah ing singgasana,ing ngarep
rakyat , sebabipun saderma makili Gusti ingkang Maha Kuasa.Sebabipun Sri Sultan
nggadahi gelar: Abdurrachman Sayidin Panatagama Kalifatullah.
5. BANGSAL MANGUNTUR TANGKIL
Ingkang kasebut bangsal maningkur takil inggih punika bangsal alit inkang
wonten ing tlatah Trateg Sitinggil.Bangsal menika nklambangaken bilih sedaya jiwa ugi
raga punika karonce wonten ing satunggaling tlatah ,inggih punika tlatah nalikanipun kita
sedaya seda.Wonten ing wingkingingipun ugi wonten bangsal ingkang kasebut bangsal
Witono,ingkang ngandhut pangertosan wiwitana,utawi lekasana semedi.
Gambaranipun saking kagiatan punika gadah kawigatosan bilih kita manungsa
kedah ngucap syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi gesang saha dalan
pepadhang kangge ngadepi utawi ancegah hawa nafsu ingkang linuwih mboten
sae.Budaya Jawi ugi kalambangaken kaliyan asipat rakyatipun inkang sarwa gugur gunung
ugu hanyengkuyung pambangunan keraton.Busana ingkang diagemaken abdi dalem ugi
gadhah kawigatosan bilih busana menika klambangaken kapribaden tiang ingkang
ngagem.Biasanipun busana ingkang diagem benten –benten, miturut kaliyan
kawigatosipun.Tuladhanipun nalika badhe semedi ,kita kedah ngagem busana ingkang
kasusun saking banyak,dalang ,sawang ,galling ,andawakila ugi sakperanganipun ingkang
kasebut ampilan dalem.Lajeng punapa kawigatosan ngagem ampilan
dalem,kawigatosanipun inggih punika :
a. Banyak menika gadhah kawigatosan kasucian ugi kawaspadan .
b. Sawung inggih punika ibarat kawanen
c. Galing punika symbol kawibawan
d. Arda wakila inggih punika panyangga ,gadhah kawigatosan bilih kita kedah
dados tiyang ingkang miguna kangge donya.
Saklajengipun condrosengkala,inkang wonten ing gedung prabeyaksa,inggih punika
gedung ingkang kaginaaken kangge nyimpen pusaka-pusaka paninggalan keraton . Pusaka
ingkang kaangep kramat paninggalan purba keraton Mataram rikala tasih ageng.
6. ALANGAN SEMEDI
Trap ing tratag Sitihinggil ugi Bangsal Manguntur Tangkil wonten
bangunan ingkang naminipun Tarub Hagung. Bangunan niki wonten 4 cagak wesi ugi
nggadahi awujud 4 persegi. Tegese bangunan iki sinten ingkang semedi utawi gemar
semadi sujud kalih Gusti ingkang maha Kuaos. Arsitektur pager wit ringin kasusun garis-
garis tegak lurus, benten 2 pager supit urang ing alun-alun kidul. Dugi ing alun-alun
nggambarake suasana “nglangut’. Suasana hati wekdal semedi. Wit ringin wonteng
tengah-tengah alun-alun nggambarake suasana, kita pisah saking diri kita piyambak. Kita
dugi wonten ing pasar Bringharjo.
Gambaran alangan-alangan utawi godaan-godaan wonten ing semedi ingkang
sekti. Patih inggil menika saking Sri Sultan. Tugu simbol saking panggonan Mutakalliman
Wachid, badan, Ilafi, panyatu Gusti lan Hambanipun lajengipun Sri Sultan menehi isyarat
mberangkatke prajurit-prajurit kraton wonten 9 pleton.
Artinipun anpilan dalem:
a. Banyak inggih manika symbol kesucian lan kewaspadaan.
b. Dalang inggih menika symbol kegesitan lan kebijaksanaan.
c. Sawung inggih menika symbol kewanian.
d. Galing inggih menika simbul kewibawaan.
e. Ardawakila inggih menika mbeto dunia
f. Kacu mas inggih menika symbol mbusek kabeh regetan(jasmani,rohani,ketata
negaraan, pemerintah, lan sak piturute).
g. Kutuk inggih daya tarik
h. Kandil inggih penerangan ten atine rakyat.
i. Saput ingih kesiap sigaan.
7.JENGKAR DALEM
Jengkar dalem inggih menika wangsul dateng kraton. Nggambarake
wangsulipun kita teng alam baka. Sasampunipun ninggalaken Sitihinggil dugi Sri Sultang
ing Kemandungan Lor. Ing mriku, kita ningali wit-wit keben. Lajengipun mlebet Regol Sri
Manganti. Rumiyin Sri Sultan lenggah ing bangsal Sri Menganti kajemput kalian
Permaisuri lan putra-putra Sri Sultan. Wonten ing tlatah Sri Manganti wonten bangsal
melih ingkang kasebat Trajumas ingkang ngandut supados kita nimbang-nimbang pundi
sing bener, pundi sing salah ing sisih kidul Sri Sultan mriksani bangunan inggil, gedhe
inggih menika bangunan Purwa Ritna ingkang ngandung teges kita kudu eling kaliyan asal
mula kita. Bangunan inggil ing sisih kidul inggih menika bangunan Purwaretna. Ing inggil
regol wonten bulatat utawi dengku ngubengi jagad utawi buwana.
TAMAN SARI
Taman Sari Ngayogyakarta utawa Taman Sari Kraton Ngayogyakarta yaiku situs tilas
taman utawa kebun istana Kraton Ngayogakarta. Kebun iki dibangun jamane Sultan
Hamengku Buwono I tahun 1758-1765. Awale kebun iki jenenge “The Fragrant Garden”
duwe luas liwih saka 10 hektar, 57 bangunan kawujud gedung, kolam, jembatan gantung,
kanal banyu, tlogo gawean lan lorong ngisor banyu.
Taman Sari dibangun ing kraton biyen, Pesanggrahan Garjitawati, sing dibangun karo
Susuhunan Paku Buwono II kanggo laren kereta jaran sing arep lungo neng Imogiri.
Tumenggung Prawirosentiko dadi pimpinan proyek bangunan Taman Sari. Biaya
pembangunan ditanggung karo Bupati Madiun, Tumenggung Prawirosentiko, lan rakyate.
Mulane daerah Madiun bebas saka pungutan pajak.
Komplek Taman Sari dibagi 4 bagian, yaiku Tlogo gawean ing sish kulon, bangunan
sing ana ing sebelah kulon Tlogo gawean yaiku Pemandian Umbul Binangun, Pasarean Ledok
Sari lan Kolam Garjitawati.
1 .Bagian 1
Pulo Kenonggo
Pulo Cemethi Lan Sumur Gumuling
2 .Bagian 2
Gadhong Gapuro Hageng
Gedhong Lopak-lopak
Umbul Pasiraman
Gedhong Sekawan
Gedhong GapuroPanggung
Gedhong Temanten
3 .Bagian 3
4 .Bagian 4
Bagian 1 yaiku bagian utama Taman Sari, biyen papan iki papan sing paling eksotis.
Bagian iki ana Tlogo gawean sing kasebut “segaran” lan bangunan sing ana ing tengahe karo
taman lan kebon sing ana ing sekitar tlogo gawean kuwi. Tlogo Segaran digunaake papan
leren Sultan lan keluarga kerajaan. Saiki Tlogo Segaran wis ora ana banyune nanging dadi
pemukiman padat sing kasebut kampung Taman.
Ing tengah-tengah Segaran ana Pulo gawean, “Pulo Kenongo” sing ditanduri wit
kenango. Neng dhuwur Pulo gawean kuwi ana gedhung lantai 2, “Gedhong Kenongo”.
Gedhong sing paling gedhe ing bagian 1 iki lumayan dhuwur. Saka Gedhong kuwi wong-
wong delok kawasan Kraton Ngayogyakarta nganti tekan njobo benteng baluwarti. Gedhong
Kenongo iki yen didelok saka adoh kaya ngambang neng dhuwur banyu, mulane Taman Sari
sering kasebut “Istana Air”
Ing sisih kulon Pulo Kenongo ana deretan bangunan cilik sing disebut “Tajug”.
Bangunan iki yaiku “menara ventilasi udara” kanggo trowongan ngisor banyu. Trowongan iki
dalan mlebu arep neng Pulo Kenongo lan nganggo perahu nyebrang tlogo gawean. Biyen sisih
kulon pulo gawean uga ana trowongan, nanging saiki wis ora terawat..Ing sish kidul Pulo
Kenongo ana Pulo gawean sins disebut “Pulo Cemethi”.
Bangunan lantai 2 iki uga disebut “Pulo Panembung”. Neng papan iki Sultan
‘bermeditasi’. Ana sing nyebut “Sumur Gumantung”, karana ing kulon ana sumur sing
gimanthung ing dhuwur lemah. Ing sisih kulon Pulo Kenongo ana bangunan sins bentuke
bunder kaya ali-ali sing kasebut “Sumur Gumuling”. Bangunan lantai 2 iki gor iso mlebu liwat
trowongan ngisor banyu.Sumur Gumuling digunaake mejid.
Bagian 2 sing mapan ing sish kulon tlogo gawean segaran luwih wutuh katimbang
bagian liyane. Bagian iki sing akeh dikunjungi wisatawan.
“Gedhong Gapuro Hageng” yaiku gerbang utama taman raja-raja, biyen Taman Sari
madep ngulon , gerbang iki ana ing bagian paling kulon saka situs “Istana Air” sing sisa. Sisih
wetan saka lawang utama isih iso didelok nanging sisih kulon ketutup pemukiman padat.
Gerbang iki ana relief manuk lan kembang-kembang sing nunjukke tahun rampunge
pambangunan Taman Sari, tahun 1691 Jawa. Ing sisih wetan gerbang utama kuno Tman Sari
ana lataran bersegi delapan.
Biyen ing tengah lataran iki ana menara lantai 2 sing jenenge “Gedhong Lopak=lopak” .
Ing lataran iki ana sisa deretan pot kembang raksasa lan lawang-lawang sing hubungke papan
iki karo papan liyane. Lawang ing sisih wetan kuwi salah sijine gerbang sing nuju Umbul
Binangun,
“Umbul Pasiraman” utawa “Umbul Binangun” yaiku “kolam pemandian” kanggo Sultan
. garwa-garwanipun, sarta para putri-putri Sultan. Komplek iki dikelilingi tembok dhuwur. Ing
komplek Umbul Pasiraman ana telu kolam sing dihiasi mata air bentuk jamur, lan ing pinggir
kolam ana pot kembang raksasa. Bangunan ing sisih lor dewe yaiku papan leren lan ganti
klambi para putri lan garwa.
Ing sisih kidul ana kolam sing jenenge “Umbul Muncar”. Dalan sing mirip dermaga
dadi batas antara kolan iki lan kolam sing neng kidule sing jenenge “Blumbung Kuras”. Ing
kidil Blumbung Kuras ana bangunan sing ana menara ing tebgahe.. Menara bagian tengah
digunaake Sultan mersani garwa lan putri siram. Ing kidul bangunan iki ana kolam sing
kasebut “Umbul Binangun”, kolam sing khusus kanggo Sultan lan garwa.
Ing wetan Umbul Pasiraman ana lataran bersegi delapan. Lataran sing dihiasi deretan
pot kembang raksasa ini ana 4 bangunan sing podho, bangunan kuwi kasebut “Gedhong
Sekawan”. Papan iki digunaake kanggo ngso Sultan lan keluarga. Ing sisih wetan lataran
bersegi delapan iki ana bangunan sing kasebut “Gedhong Gapura Panggung”. Bangunan duwe
4 jenjang, 2 neng sisih kulon lan 2 neng sisig wetan. Biyen neng bangunan iki ana 4 patung
ulo naga nanging saiki kari 2.Gedhong Gapuro Panggung nglambangke tahun dibangune
Taman Sari yaiku tahun 1684 Jawa. Ing bangunan iki ana relief ragan hias kaya neng Gedhong
Gapuro Hageng. Sisih wetan bangunan iki saiki dadi lawang mlebu situs Taman Sari.
Ing wetan Gerbang Gapuro Panggung ana bangunan sing kasebut “Gedhonh Temanten”.
Bangunan iki biyen digunaake kanggo papan njaga keamanan lan papan kanggo leren. Ing
kidul bangunan iki ana bangunan meneh sing saiki ora ana tilase lan ing sisih lor ana kebon
sing wia dadi pemikiman penduduk. Bagian iki ora ninggalke tilas sing iso didelok. Mulane
ing bagian iki okehe saka rekontruksi sing ana.
Biyen bagian iki ana Komplek “Pasarean Dalem Ledok Sari” lan komplek kolam
“Garjitawati” sarta bangunan liyane lan kebon. Pasarean Dalem Ledok Sari yaiku papan
peraduan Sultan lan permaisuri. Bangunan iki bentuke kaya huruf “U”. Ing tengah bangunan
ana papan sesarean Suktan sing ngisore ana banyune. Pawon, ruang jahit, ruang kanggo
nyipen barang, kolan 2, kebon bumbon, lan janganan ana ing bagian iki.Ing sisih kulon biyen
ana komplek kolam Garjiwati. Yen kuwi bener berarti komplek iki sisa pesanggrahan
Garjitawati lan Umbul Pacethokan sing tahu digunaake karo Panembahan Senopati.
Bagian keri dewe yaiku bagian Taman Sari sing praktis ora ana sisane meneh liyane tilas
jembatan gantung lan sisa dermaga. Bagian iki terdiri saka tlogo gawean lan bangunan sing
neng tengahe, taman sins ana ing sekitar tlogo gawean, kanal gedhe sing hubungke tlogo
gawean iki ing bagian 1, sarta kebon. Tlogo gawean iki ana ing sisih wetan kidul komplek
Magangan nganti lor wetan Siti Hinggil Kidul. Ing tengah bangunan iki ana pulo gawean sing
kasebut “Pulo Kinupeng”. Ing dhuwur pulo iki ana bangunan sing kasebut “Gedhong Gading”.
Kanal gedhe iki ana ing sisih lor saka tlogo gawean lan dhowo. Ing kanal iki ana 2
“penyempitan” sing diarani papan jembatan gantung. Salah sijine jembatan kuwi ana ing dalan
sing hubungke komplek Magangan karo Kamndhungan Kidul. Ing sisih kulon jembatab
gantung ana dermaga. Dermaga iki digunaake Sultan kanggo awal (start) arep mlebu ing
Taman Sari.Sultan mlebu ing Taman Sari nganggo perahu. Ing sisih kidul Kanal ana Kebon.
Kebon iki ana ing sisih kulon komplek Kamandhungan Kidul lan Siti Hinggil Kidul. Saiki
papan iki wis dadi pemukiman penduduk. Kebon wis dadi kampung Ngadisuryan lan tlogo
gawean dadi Kampung Segaran.
KASIMPULAN
Budaya Jawi menika nggadhahi maneka warna kabudayan ingkang kedah kita
lestarekaken. Kathah sanget panggenan utawi papan ingkang nggadahi nilai budaya Jawi
ingkang luhur. Salah satunggalipun budaya punika Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat.
Punika ngandhut sejarah ingkang ageng lan sae. Wonten jaman punika, tiyang Jawi sampun
boten malih ngelmuaken budaya Jawi, khususipun keraton punika. Menawi boten
dilestareaken, budaya ingkang ageng lan sae punika saged sirna lan kita boten gadhah budaya
malih. Menawi kita purun ngenal budaya Jawi khususipun keraton punika, kathah sanget
paninggalan ingkang berharga lan saged dados kebanggaan kita tiyang Jawi.
DOKUMENTASI
1.Keraton Ngayogyakarta
2.Taman Sari
top related