bab i unggah-ungguh basa lan pengetrapanesertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/modul...
TRANSCRIPT
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017
MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN
BAHASA JAWA
BAB I
UNGGAH-UNGGUH BASA LAN
PENGETRAPANE
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.
DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.
DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN
2017
1
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR
No. Kompeten
si Utama
Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator
Pencapaian
Kompetensi (IPK)
Materi
pokok Kompetensi Inti
Guru (KI)
Kompetensi Guru
Mata Pelajaran
(KD)
A B C D E F
1. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memahami
kedudukan,
fungsi, dan ragam
bahasa Jawa.
Menggunakan
ragam bahasa
Jawa Ngoko alus
dengan tepat
Ragam
Ngoko alus
2. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memahami
kedudukan,
fungsi, dan ragam
bahasa Jawa.
Menggunakan
ragam bahasa
Jawa krama lugu
dengan tepat
Ragam
Krama
lugu
3. Profesio-
nal
Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memahami
kedudukan,
fungsi, dan ragam
bahasa Jawa.
Mengguna-kan
ragam bahasa
Jawa krama alus
Ragam
Krama alus
4. Profesi-
onal
Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Menguasai dasar-
dasar dan kaidah
bahasa Jawa
sebagai rujukan
penggunaan
bahasa Jawa yang
baik dan benar.
Membuat kalimat
permintaan
dalam ragam
krama alus
Unggah-
ungguh
basa
5. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Membuat kalimat
permohonan
sesuai dengan
unggah- ungguh
basa
Unggah-
ungguh
basa
6. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
Membuat kalimat
tanya sesuai
dengan pragmatik
Unggah-
ungguh
basa
BAB I
UNGGAH-UNGGUH BASA LAN PENGETRAPANE
2
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
basa Jawa
7. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Mengubah
kalimat ragam
ngoko ke dalam
ragam krama
sesuai dengan
konteksnya
Unggah-
ungguh
basa
8. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memahami
bahasa, sastra,
dan budaya serta
implementasinya
dalam
pembelajaran
Membuat kalimat
penolakan sesuai
dengan unggah-
ungguh
Kalimat
penolakan
9. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep, dan
pola pikir keilmuan
yang mendukung
mata pelajaran yang
diampu.
Memahami
bahasa, sastra,
dan budaya serta
implementasinya
dalam
pembelajaran
Membuat kalimat
persetujuan
sesuai dengan
unggah- ungguh
Kalimat
persetujua
n
I. UNGGAH-UNGGUH BASA
Basa mujudake salah sijine unsur budaya universal, tegese saben negara
utawa bangsa mesthi nduweni basa minangka sarana kanggo komunikasi. Tujuan
komunikasi kanggo medharake sawijine idhe, gagasan, rasa-pangrasa, panemu,
pamawas, maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Tumindak
basa kang diucapake iku kudu ana sing guneman lan sing diajak guneman utawa kang
ngrungu, nanging tarkadhang ana wong kang omong dhewe wae utawa ngunandika.
Katilik saka wujude, basa iku arupa basa tulis, lesan, isyarat, lan basa wiraga (bahasa
tubuh).Sajrone nggunakake basa kudu trep ora kena tumpang suh. Hymes (sajrone
Rahardi,2001:29) kang nyebutake components of speech, kang nyakup 7 variabel
utawa faktor kang nemtokake wacana kanthi akronim SPEAKING, yaiku: S (situation,
panggonan lan swasana tuturan), P (partisipants, para panutur), E (ends, maksud
utawa tujuan lan asil tuturan), A (act sequence, wujud lan isi pesen), K (key, ekspresi
utawa nada sajrone medharake tuturan, seneng, susah, lsp), I (instrumentalities, jalur
3
utawa chanels), N (norms, norma/etika tuturan), G (genres, nyakup jinise
wacana,kaya ta gancaran, tembang, guritan, dhialog, mite, crita, donga, kotbah, lsp).
Bebrayan Jawa ngugemi tataning kasopanan sajroning pangetrapane basa
ing pasrawungan. Pangetrapan basa Jawa sajrone tuturan lumrah diarani unggah-
ungguh. Miturut Sudaryanto (2001:1062) unggah-ungguh yaiku tata pranataning
basa miturut lungguhing tata krama. Tata krama yaiku unggah-ungguhing gunem lan
tindak-tanduke (Sudaryanto, 2001:1000). Pamedhare rasa-pangrasa utawa ciptaning
ati bisane gamblang utawa cetha kejaba diucapake uga kudu dikantheni solah-bawa,
tindak-tanduk, ulat, lan sapepadhane kang salaras karo ciptane ati.
Unggah-ungguh basa miturut buku Karti Basa (1946:80-81) nyakup 13 tataran,
yaiku (1) ngoko lugu, (2) ngoko andhap antya basa, (3) ngoko andhap/ basa antya,
(4) wredha krama, (5) mudha krama, (6) kramantara, (7) madya ngoko, (8) madya
krama, (9) madyantara, (10) krama inggil, (11) basa kedhaton utawa bagongan, (12)
krama desa, lan (13) basa kasar. Pamawas kang saemper kawedharake dening
Sudaryanto (ed, 2001:4) kang ngandharake manawa bebrayan tradhisional Jawa
nduweni 13 tingkat tutur (speech level) kang tumata, nanging ora kabeh tingkat tutur
ing jaman saiki ditindakake kanthi bener lan pener. Golongan mudha wis akeh kang
ora nggatekake unggah-ungguh sajrone nggunakake basa. Kanggo ngawekani owah-
owahan jaman lan nggampangake anggone sinau unggah-ungguh basa, mula
Sudaryanto (2001:5) merang unggah-ungguh mung dadi 2 tataran, yaiku basa ngoko
lan basa krama. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus,
dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.
BASA
NGOKO
NGOKO LUGU
NGOKO ALUS
KRAMA
KRAMA LUGU
KRAMA ALUS
4
A. Basa Ngoko Lugu
Tembung ngoko tegese tanpa tata basa utawa pakurmatan (Poerwadarminta,
1939:422). Tembung ngoko asale saka tembung wod [ko] kang dirangkep dadi
[koko], banjur diater-ateri [ang] dadi [ngoko]. Tembung [ngoko] iku tembung lingga,
tegese ater-ater [ang] iku kanggo ndhapuk tembung lingga, dudu tembung tanduk.
Tembung (leksikon) ngoko mujudake dhasar kanggo pandhapuke tembung krama.
Basa ngoko lugu iku basa kang tembunge ngoko kabeh, dene tembung aku, kowe, lan
ater-atere [dak, ko, di], apadene panambang [ku,mu, e, ake] ora owah, panggah wae
(Padmosoekotjo, 1953:45).
Basa ngoko lugu kuwi lumrahe mahyakake (medharake) pasrawungan kang
kahanane raket banget, kayata:
a) Pacelathon ing antarane sapepadhane kang wis kulina banget.
b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.
c) Pacelathon wong tuwa marang bocah utawa wong kang luwih enom.
d) Digunakake nalika ngunandika utawa omong dhewe.
e) Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
Apa titikane tembung ngoko kuwi? Ora kabeh tembung ngoko ana titikane.
Mung saperangan bae sing bisa diterangake titikane adhedhasar wujude tembung iku
sing katon. Upamane adhedhasar ater-ater (awalan) utawa panambang (akhiran)
sing ana ing tembung iku. Lire, tembung-tembung sing oleh ater-ater di-, panambang
–(n)e, utawa –(k)ake lumrahe kalebu golongane tembung ngoko.
Tuladhane:
Ater-ater [dak/ko/di] Panambang [e/ne] Panambang [k-ake]
disilih, dituku, dikongkon,
dibanting, kotuku, kosilih,
daktuku, dakgambarake,
daksilih, dakkongkon, lsp.
Sikile, parine, gambare,
bukune, nyilihe, pipine,
digambarne, disilihne, lsp.
nulisake, macakake,
nyilihake, ditulisake,
ditukokake, lsp
Tuladhane ukara kang nganggo basa ngoko lugu, kaya mangkene:
“ Aku mung bisa nginep sawengi lho” ujare Triana. “Iya, aku mengko bengi ya turu kene. Ndeleng mengko piye,”aloke Heni.
5
“Jane-jane iki ana apa ta, Mbak, kathik ngundang awake dhewe kudu mulih kabeh? Ana prakara apa ta sing ora bisa dikandhakake liwat telpon?” takone Triana maneh.
Pethikan pacelathon ing dhuwur kabeh tembung-tembunge ngoko. Kang nindakake
pacelathon iku isih sedulur kang raket banget, yaiku antara Heni karo Triana adhine.
B. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko
nanging kurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman. Pandhapuke
basa ngoko alus yaiku basa sing nggunakake tembung-tembung ngoko kacampuran
tembung krama alus (krama inggil). Tembung-tembung sing kudu nggunakake krama
alus (krama inggil) yaiku tembung-tembung kang ana sambung-rapete karo wong sing
dikurmati utawa diajeni. Leksikon krama inggil ditrapake tumrap tembung aran
(nomina), tembung kriya (verba), lan tembung sesulih purusa (pronomina), mligine
pratama purusa.
Panganggone basa ngoko alus kanggo medharake utawa mahyakake
pacelathon ing pasrawungan, yaiku kanggo:
(1) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.
Tuladha:
“Dhik, sliramu mengko kondur arep nitih apa? Apa panjenengan mengko dipapag?
Apa kersa takdherekake?”
2) Wong enom marang wong luwih tuwa umure, amarga kudu ngajeni.
Tuladha:
“Aku mau ngundhuh jambu akeh. Panjenengan apa kersa dakaturi? Yen kersa mengko dakaturi sejinah.”
3) Ngajeni marang wong sing digunem (orang ketiga)
Tuladha:
Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar, jalaran sesuk ngendikane bapak simbah rawuh.
Basa ngoko alus nduweni titikan kaya ing ngisor iki :
(1) Tetembungane ngoko kacampuran krama inggil tumrape wong kang diajak
6
guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga) saperlu kanggo
ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko
utawa tembung krama andhap.
(2) Tembung sesulih purusa (kata ganti orang) panjenengan (tumrap wong kang
luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang luwih enom), panjenengane utawa
slirane.
(3) Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrap wong kang
diajak guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga). Tembung
kriya tumrape wong kang guneman (orang pertama) cukup nganggo tembung
ngoko utawa tembung krama andhap.
(4) Ater-ater lan panambang tumrap tembung krama inggil utawa krama andhap
tetep ngoko.
Katrangan:
Kanggo luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko lugu lan ngoko
alus, coba gatekna tuladha ing ngisor iki!
(1) Bim, kowe duwe kamus basa Jawa apa ora?
(2) Bapak wis kondur saka kantor, dene Ibu malah tindak arisan.
Ukara (1) kabeh tetembungane ngoko (yaiku tembung kowe, duwe, kamus, basa,
Jawa, lan ora). Ukara (1) mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko (ngoko
lugu).
Ukara (2) iku tetembungane ngoko (yaiku wis, saka, kantor, dene, malah, lan arisan),
nanging kacampuran tembung krama inggil, yaiku tembung kondur lan tindak.
Tembung kondur iku basa ngokone bali/mulih, dene tembung tindak basa ngokone
lunga. Tembung bali/mulih lan lunga ora digunakake ing ukara iku amarga kanggo
ngajeni wong sing digunem (orang ketiga), yaiku bapak lan ibu. Yen tembung kondur
kaganti nganggo tembung bali/mulih, kurang trep karo undha-usuk utawa unggah-
ungguh basa.
C. Basa Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa kang tetembunge migunakake tembung krama
kabeh tanpa kacampuran karo tembung krama inggil. Sacara semantis ragam krama
7
lugu didhefinisekake wujud ragam krama kang kadhar kaalusane endhek, nanging yen
kabandhingake karo basa ngoko alus, ragam krama lugu isih luwih alus (Sasangka
2004:105). Titikane basa krama lugu, yaiku (1) ater-ater /di/ owah dadi /dipun/, dene
panambang /e/ owah dadi /ipun/ lan panambang / ake/ owah dadi / aken/, (2)
tembung /aku/ lan /kowe/ lan ater-ater/ dak, ko/ owah dadi /kula/ lan /sampeyan/.
Gunane basa krama lugu kasebut dienggo guneman dening:
a. Wong tuwa marang wong enom utawa kalah pangkat.
b. Wong sing lagi pitepungan anyar.
c. Para murid marang gurune.
d. Abdi marang bendarane.
e. Andhahan marang pimpinane.
Tuladha ukara basa krama lugu :
a. Mbah Warno mirengaken giyaran ringgit purwa kanthi lampahan ‘Karna Tandhing’. Anggenipun mirengaken kaliyan nedha kacang goreng.
b. Kula badhe nyambut buku gadhahan sampeyan, amargi gadhahan kula ical.
D. Basa Krama Alus
Basa krama alus iku basa kang ngajeni banget. Biyen arane basa krama inggil.
Krama inggil iku sing ana mung tumrap tembung, yaiku tembung krama inggil.
Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo nginggilake utawa
ngajeni wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung
krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe,
kang tegese ngajeni wong liya.
Wujude krama alus dumadi saka tembung-tembung krama kacampuran
tembung krama inggil utawa tembung krama andhap, saengga basane luwih alus lan
ngajeni banget. Kaya dene basa ngoko andhap, sing nganggo tembung krama inggil
yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya (panindake) lan barang kaluwihane.
Yen tumrap awake dhewe ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena
ngramakake awake dhewe), kepara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap.
Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak
guneman. Kosok baline tembung krama andhap iku kanggo ngandhapake awake
dhewe.
8
Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing
pancen kudu dikurmati. Panganggone kaya ta:
(1) Wong enom marang wong tuwa.
(2) Batur marang bendarane.
(3) Murid marang gurune.
(4) Andhahan marang pimpinane.
(5) Kanca karo kanca sing durung kulina.
Gatekna tuladha iki:
a. Bu Darwati nate ngendika, panjenenganipun boten badhe kondur menawi
dereng purna pakaryanipun.
b. Manawi Ibu badhe dhahar, ngersakaken dhaharan punapa, mangga kula ladosi!
c. Simbah badhe tindak dhateng Jakarta nitih kreta, bidhalipun mangke tabuh
sekawan sonten.
d. Kula mboten mangertos ingkang dipunngendikaken Pak Roni, pramila kula
nyuwun dipunandharaken malih.
II. DHAPUKANE WERNA-WERNANING UKARA MITURUT WEDHARING GAGASAN
Kanggo medharake gagasan lan pamikirane manungsa nggunakake basa.
Perangan paramasastra kang ngrembug babagan ukara diarani widya ukara utawa
sintaksis (Sasangka, 2011:139). Kejaba ngrembug ukara, widyaukara uga ngrembug
bab frasa lan klausa. Antarane ukara, frasa, lan klausa ora bisa dipisahake jalaran ana
gegayutan siji lan sijine.
Adhedhasar surasane gagasan , ukara basa Jawa kapilah-pilah kaya mangkene:
a. Ukara Carita
Ukara carita utawa kalimat berita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa
ngandhakake sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane:
(1) Rikala aku liwat mau, ing protelon Gunungsari ana uwong kesrempet montor.
(2) Sesuk ana upacara Bersih Desa ditindakake para warga kawiwitan jam siji
awan.
b. Ukara Pakon
Ukara pakon utawa ukara angnya iku wedharing gagasan wong kang guneman
tumuju marang wong kang diajak guneman supaya nglakoni utawa nindakake
9
pakaryan. Wujude ukara pakon ana werna-werna, yaiku:
1) Ukara Pakon Larangan utawa Pamenging
Ukara larangan utawa pamenging iku padha bae karo ukara pakon, nanging
asipat nglarang utawa menging ora nindakake solah, obah, utawa pakaryan.
Tuladhane:
(1) Aja pisan-pisan duwe pokal parigawe ala!
(2) Kowe ora kena dolan yen durung sinau.
2) Ukara Pakon Ngetogake
Ukara kang mratelakake ora merduli kepriye tumindake wong uga bisa
ateges njaluk palilah supaya aja nganti dialang-alangi. Tuladhane:
(1) Adhimu kareben dolanan neng jaba bae!
(2) Kowe budhal lunga apa ora sakarepmu!
3) Ukara Pakon Tumandang
Ukara kang surasane jejere ukara kudu nglakoni utawa nandang kahanan.
(1) Adusa!
(2) Kowe aja lunga saiki!
4) Ukara Pakon Tanggap
Ukara kang lesaning ukara kriya tanduk (kang bakal ditanduk pakaryan) kudu
ditanduki pakaryan mau.
(1) Kacang iki oncekana!
(2) Pilihana kertas sing wis ora kangge kae, San!
5) Ukara Pakon Nolak utawa Larangan
Ukara pakon kang surasane nolak, nglarang, utawa ora gelem nindakake
samubarang utawa kahanan. Pandhapuke kadhangkala diwuwuhi tembung
[aja]. Tuladhane:
(1) Aja gelem, panganan iku mawa racun!
(2) Yen ora duwe dhuwit, ya aja tuku radhio!
(3) Aja pisan-pisan kowe tumindak ala!
6) Ukara Pakon Panantang
Ukara pakon kang ateges nantang, ngece, utawa nglulu. Tuladhane:
10
(1) Antemen yen pancen kowe wani
(2) Panganen kabeh, adhimu ora susah diwenehi, wong isih cilih wae kok!
7) Ukara Pakon Panjaluk/ Paminta
Ukara pakon kang alus dadi ukara panjaluk utawa panyuwun. Sing disuwuni
mesthi wae diajeni. Tuladhane:
(1) Menawi dhangan ing penggalih, keparenga kula nyuwun ngampil
kagunganipun titihan.
(2) Dhik, nyuwun tulung bukuku gawakna!
c. Ukara Sananta
Ukara kang andharane mawa surasa sumedya arep tumandang, karepe jejere
ukara mau duwe karep arep tumandang utawa niyat tumandang dhewe. Mesthi
wae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih wujud niyat.
Tuladhane:
(1) Mengko aku dakngitung dhuwitku dhisik.
(2) Sesuk awan aku arep lunga menyang pasar.
e. Ukara Tandang
Ukara kang andharane darbe surasa sumedya kareben kelakon, karepe jejere
ukara nganggep perlu panindak ing pakaryan, tumrap ing liyan. Tuladhane:
(1) Buku kuwi dakjupuke!
(2) Rini wis dakkabari, aku arep dolan mrana.
f. Ukara Pangajak
Ukara pangajak iku padha bae karo ukara pakon, ukara sananta, utawa ukara
tandang, mung kang diprentahake diajak bebarengan tumindak. Tuladhane:
(1) Yun, ayo padha dolan-dolan neng Gresik, yo!
(2) Mangga ta dipunentosi ngriki, sinambi lenggahan.
g. Ukara Sambawa
Ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama, utawa sanadyan kang kang
mratelakake pakaryan mau durung kelakon. Pandhapuke ukara racake
migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang [-a] utawa [-ana].
Tuladhane:
11
(1) Muga-muga enggal kaparingana momongan!
(2) Mrenea wiwit mau kowe ora bakal keluwen.
(3) Tangisana nganti semaput dheweke ora bakal urip maneh.
h. Ukara Prajanji utawa pasarujukan
Ukara prajanji gunane mesthi bae kanggo prajanji marang wong kang diajak
guneman supaya ing besuke nglakoni apa kang kaprajanjekake. Ukara iki uga ana
kang nelakake pasarujukan (persetujuan) antarane pihak kang gawe prajanji.
Tuladhane:
(1) Angger manut karo pituturku, njaluka apa bae keturutan!
(2) Aku sarujuk karo sing mbok gunem.
(3) Sapa sing setuju karo panemuku?
(4) Yen tumindakmu luhur aku bakal nyengkuyung.
i. Ukara Upama
Ukara upama iku meh padha bae karo prajanji, nanging yen ing ukara upama
tangeh bisane dadi kanyatan apa kang kawedharake. Tuladhane:
(1) Akonana luputmu, kowe mesthi oleh pangapura!
(2) Aku ora bakal teka, kokrewangana nglumpati segara!
(3) Upama aku iki kowe, kasugihanmu takgunakake kanggo karaharjane
bebrayan.
j. Ukata Pitakon
Ukara kang wedharing gagasan kepengin ngerteni apa kang durung diweruhi.
Titikane nggunakake tembung-tembung pitakon [apa, sapa, kepriye, kapan, kena
apa, ngendi lsp]. Tuladhane:
(1) Kowe nggawa apa?
(2) Kepriye kahanane warga kang kena bencana banjir?
(3) Kena apa ta teka-teka kowe nangis?
(4) Apa kang diarani geguritan?
(5) Kapan anggonmu lunga menyang Surabaya?
(6) Sapa sing ngarang guritan iki?
(7) Anggone tuku layanganana gendi?
12
DAFTAR PUSTAKA
Antunsuhono.1953.Reringkesaning Paramasastra Djawa.Jogjakarta: Soejadi.
Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa
Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta :
Soejadi.
Padmosoekotjo, S., 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa, Vols. I-I I. Jogjakarta: Hie
Hoo Sing. Paget, R. K.
Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.
Rahardi, Kunjana. 2001. Kajian Sosiolinguistik. Jakarta: Ghalia Indonesia
Sasangka, Sry Satrita Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa
Jawa.Jakarta: Yayasan Paramadina.
Sudaryanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta: Badan Pekerja Kongres
Bahasa Jawa.
Tanpa nama. 1946. Karti Basa. Jakarta:Kementerian PP dan К
CONTO KAMUS: BASA JAWA NGOKO, KRAMA, KRAMA INGGIL LAN BASA INDONESIA NGOKO KRAMA KRAMA INGGIL/ALUS BAHASA INDONESIA A aku kula adalem/kawula saya akon aken dhawuh/utus menyuruh anak anak putra anak/putra anut tumut dherek ikut apa menapa menapa apa aran nama asma nama asor awon andhap jelek ati manah penggalih hati/pikIr awak badan sarira badan aweh suka paring/nyaosi/ngaturi memberi ayo mangga suwawi* mari/silakan B bali wangsul kondur pulang/kembali batur rencang abdi pramuwisma bojo semah garwa suami/istri brengos rawis gumbala* kumis butuh betah kersa butuh
13
D dheweke piyambakipun panjenenganipun dia/beliau dhengkul dhengkul jengku lulut duwe gadhah kagungan punya E embuh boten mangertos duka tidak tahu endhas sirah mustaka kepala enggo angge agem pakai enom enem mudha/timur muda epek pendhet pundhut pinta G gawa bekta asta bawa gawan bekta ampilan* bawaan gawe damel ngasta/yasa buat nyambut gawe nyambut damel ngasta bekerja gelem purun kersa mau geni latu brama* api gugah gigah wungu bangun gugu gega ngetokaken menuruti gunem ginem ngendika berkata I iket udheng dhestar ikat kepala imbuh imbet tanduk tambah irung irung grana hidung J jaga jagi reksa jaga jaluk suwun pundhut pinta jamu jampi usada obat jaran kapal kuda/turangga kuda jare cariyosipun ngendikanipun katanya jarit sinjang nyamping kain jeneng nama asma nama jupuk pendhet pundhut ambil jungkat serat pethat sisir K kalah kawon kasoran* kalah kandha cariyos ngendika berkata karep kajeng karsa kemauan kathok sruwal lancingan* celana kena kenging kepareng boleh keris dhuwung wangkingan keris klambi rasukan ageman pakaian ko/kok sampeyan panjenengan engkau
14
kon ken utus suruh kongkon kengken utus/dhawuh disuruh kowe sampeyan panjenengan engkau krungu mireng midhanget mendengar kuru kera susut kurus L lair lair mijil / miyos lahir laku lampah tindak berjalan nglakoni nglampahi nindakaken melakukan lanang jaler kakung laki-laki lara sakit gerah sakit lawang konten kori pintu lunga kesah tindak pergi M maca maca maos membaca mangan nedha dhahar makan manggon manggen lenggah tinggal/domisili mari mantun dhangan sembuh mata mripat paningal/netra mata mati pejah/tilar seda meninggal mayit jisim layon mayat melu tumut ndherek ikut menyang dhateng tindak pergi/ke meteng wawrat/ngandheg mbobot/nggarbini hamil minggat kesah lolos/kentar minggat N nesu srengen duka marah ngising bebucal bobotan hajat besar ngreti ngertos priksa/pirsa tahu O oleh angsal kepareng/pikantuk boleh omah griya dalem rumah omah-omah emah-emah krama nikah omong ginem/sanjang ngendika berkata P pangan tedhan dhaharan makanan pek pendhet/suwun pundhut pinta pelanangan pejaleran kalam* penis pikir manah penggalih pikIr R rambut rambut rikma rambut
15
rewang rencang abdi pembantu rungu pireng midhanget dengar S sadulur sedherek sentana* saudara sikil suku sampeyan/samparan kaki silih sambut/ngampil pundhut ngampil meminjam slamet wilujeng sugeng selamat suguh segah sugata jamuan susah sisah sungkawa/sekel sedih T tak/dak kula adalem/kawula saya takon taken nyuwun priksa/dangu mundhut priksa bertanya tangi tangi wungu bangun teka dhateng/dumugi rawuh hadir tilik tuwi tinjo / sambang tandang tonton tonton priksa lihat tuku tumbas mundhut beli tunggang tumpak nitih naik turu tilem sare tidur tutur sanjang/criyos paring priksa/atur priksa berkata tuwa sepuh sepuh tua U ulih antuk kondur pulang undang timbali aturi undang untu waos waja gigi urip gesang sugeng hidup utang sambut/ampil nyuwun/mundhut ngampil hutang W wadon setri /estri putri/wanodya perempuan waras saras dhangan sembuh/sehat warisan tilaran pusaka* warisan wedang benteran unjukan miniman weruh sumerep priksa melihat weweh suka maringi/nyaosi/ngaturi memberi wetu wedal wiyos keluar wicara wicanten ngendika berkata wong tiyang priyantun orang Diposkan oleh . . . Kuliah Bahasa Jawa. . . di 09.04 Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke FacebookBagikan ke Pinterest