www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
KETUHANAN
Pituduh 001
Pangeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi
papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong
saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewé-dhewe.
Pituduh 002
Pangeran Kang Maha Kuwasa iku anglimput ana ing ngendi papan, anèng sira uga
ana Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi).
Pituduh 003
Pangeran iki Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa
murungake.
Pituduh 004
Pangeran iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati
marang bapa lan biyungira.
Pituduh 005
Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing
Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
Pituduh 006
Ketemu Gusti (Pangeran) iku lamun sira tansah eling.
Pituduh 007
Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng).
Pituduh 008
Aja sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka "Ngadeg
Sarirå Tunggal" utawa bisa mengerteni "Manunggaling Kawula Gusti".
Pituduh 009
Aja ndisiki kersa.
Wewaler 010
Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendhu saka Kang
Murbeng Dumadi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Wewaler 011
Aja mung kelingan lan migatekake barang kang katon bae, sebab kang katon
gumelar iki anane malah ora langgeng.
Wewaler 012
Aja darbe pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik iya ana, sing ala
iya ana, ora beda karo manungsa.
Wewaler 013
Aja lali saben ari (dina) eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah
katunggon Pangeranira.
KAUTAMANING BATIN
Pituduh 014
Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira,
awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.
Pituduh 015
Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang
sapadha-padhaning tumitah.
Pituduh 016
Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran
lan diwelehake dening tumindake dhewe.
Pituduh 017
Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake
panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.
Pituduh 018
Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter
dhewe.
Pituduh 019
Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawene.
Pituduh 020
Manungsa saderma nglakoi, kadyawayang saupamane
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 021
Mulat sarira tansah eling lan waspada.
Pituduh 022
Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
Pituduh 023
Síng sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.
Pituduh 024
Nglurúg tanpa bala, sugíh ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa
ngasorake.
Pituduh 025
Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supeye ora ilang lan tansah kelingan, yen
sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora
kelingan.
Pituduh 026
Siíng seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka
panggawene dhewe.
Pituduh 027
Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang
prayoga.
Pituduh 028
Wani ngalah luhur wekasane.
Wewaler 029
Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru
Sejatinira.
Wewaler 030
Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing
bener dhewe.
Wewaler 031
Aja lali marang kebecikan liyan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Wewaler 032
Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
Wewaler 033
Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
Wewaer 034
Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
Wewaler 035
Aja gawe serík atining liyan lan aja golek mungsuh.
Wewaler 036
Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang
ora ana uwis-uwise.
Wewaler 037
Aja ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe.
LAKU BUDI UTAMA
Pituduh 038
Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh
wohing pakarti.
Pituduh 039
Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
Pituduh 040
Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
Pituduh 041
Yitna yuwana, lena kena.
Pituduh 042
Ala ketara, becik ketitik.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 043
Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut
(entup).
Yen ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana
wisane dumunung ana ing sakujur badan.
Pituduh 044
Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
Pituduh 045
Mumpung enom ngudiya laku utama.
Pituduh 046
Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
Pituduh 047
Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
Pituduh 048
Wong mati iku bandhane ora digawa.
Pituduh 049
Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
Pituduh 050
Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
Pituduh 051
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
Pituduh 052
Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
Pituduh 053
Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake
lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
Pituduh 054
Turuten pituture wong tuwa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 6
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 055
Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora
bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).
Pituduh 056
Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
Pituduh 057
Wong linuwíh iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul
karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa
gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang
becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa
kaluwihane.
Wewaler 058
Aja panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating
dhemit.
Wewaler 059
Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad.
Wewaler 060
Aja lali piwulang becík.
KEBANGSAAN
Pituduh 061
Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake
kabangsanira pribadi supaya antuk kanugrahan adeging bangsa kang "Andana
Warih"
Pituduh 062
Negara iku ora gunu lamun ora duwe angger-angger minangka pikukuhing negara
kang adhedhasar isi kalbune menungsa salumahing negara kuwi.
Pituduh 063
Kang becik iku lamun ngerti anane sesantine ngabdi bebrayan agung : "Ing Ngarsa
Asung Tuladha, Ing Madya Amangun Karsa, Tut Wuri Handayani".
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 7
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 064
Negara kita bisa tentrem lamun murah sandhang klawan pangan, marga para
kawula padha seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang darbe watak "Ber
budi bawa laksana”.
Pituduh 065
Wadyabala pamong praja kang seneng marang kawula alit iku dadi senengane
para kawula sajroniíng praja lan bisa gawe kukuh sarta dadi tamenging nagara.
Pituduh 066
Para mudha aja ngungkurake ngudi kawruh kang nyata amrih bisa kinarya
kuwating nagara, ungguling bangsa, lan bisa gawe rahayuning sasama.
Pituduh 067
Panguwasa pamonge negara iku kudu bisa gawe tentrem para kawulane, amarga
yen ora mangkono bisa kadadeyan para kawula ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh 068
Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disujudi dening liya negara.
Pituduh 069
Lamun sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe.
Jalaran yen sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal
ndadekake ora kajening awakira ing tengahing bebrayan. Ngelingana yen sejatine
isih ana wong kang bisa ngalahake sira ing babakan apa bae.
Pituduh 070
Dene sing mengku nagara ora darbe watak "Ber budi bawa leksana". Iku bisa
njalari wadyabala kang dadi tetungguling prajurit negara kuwi ora sujud maneh lan
bisa uga kepingin ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh 071
Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen
ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andheng).
Pituduh 072
Perang iku becik laman tujuwane nggayuh kamardikaning nagara lan bangsane,
lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 8
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 073
Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosokbaline yen wong becik
kang kuwasa, kang becik iku kang ditindakake.
Pituduh 074
Wajibing warganing nagara iku kudu bisa rumangsa melu handarbeni, wajib melu
hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.
Wewaler 075
Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora darbe panguwasa. jalaran
kuwi-kuwi ana bebendhune dhewe-dhewe.
Wewaler 076
Aja mung kepingin menange dhewe kang bisa marekake crahing nagara lan
bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.
KAKALUWARGAAN
Pituduh 077
Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
Pituduh 078
Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangerane, Ngabektiya
marang wong tuwa.
Pituduh 079
Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanagara (trapsila,
unggah-ungguh) lan tata krama, kuwi sejatine dudu panutane putra wayah.
Pituduh 080
Sapa sing seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedaki
nanging aja ditresnani.
Pituduh 081
Paribasane tangga iku padha karo bapa biyung.
Pituduh 082
Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki nanging aja dimungsuhi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 9
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 083
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati. (Unen-unen kanggo nggambarake
kasetyane marang kulawarga).
Pituduh 084
Mikul dhuwur mendhem jero. (Unen-unen kanggo nggambarake bektine anak
marang wong tuwane).
Pituduh 085
Anak iku minangka terusane wong tuwa, ora ana katresnan kang ngluwihi
katresnane wong tuwa marang anak.
Pituduh 086
Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku wohing
katresnane putra lan mantu.
Pituduh 087
Sayojana iku dohe sepuluh ewu dhepa. Swara kang krungu nganti sayojana,
aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi (dialembana).
Pituduh 088
Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utw bagus.
Wewaler 089
Aja ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon sugih lan dhuwur drajade, jalaran
pangkat lan bandhane wong tuwamu iku mau bisa sirna sadurunge sira warisi.
Wewaler 090
Aja gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga, jalaran
sepatane wong tuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rass bektine anak marang
wong tuwane.
Wewaler 091
Aja menehi jeneng marang anak sing kurang pantes, jalaran jeneng sing
disandhang anak bakale kagawa nganti delahan (akherat).
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 10
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
KADONYAN
Pituduh 092
Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene
kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan
utawa saka nemu duweking liyan kang kawruhan sing duwe.
Pituduh 093
Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora
mikiraka kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
Pituduh 094
Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
Pituduh 095
Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.
Pituduh 096
Wong golek kemakmuran iku ora kalebu ngoyak kadonyan.
Pituduh 097
Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang
kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
Pituduh 098
Wong urip aja tansah kepingin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-
mangsa bisa gawe cilaka.
Pituduh 099
Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman.
Síng sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.
Pituduh 100
Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara, lan mboyong putri. Nanging
jaman iku ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe
ringkihing nagara.
Wewaler 101
Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajad lan pangkat iku perlu, aja
dipamèr pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dhewe.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 11
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Wewaler 102
Aja melik darbeking liyan, marga rebutan rajabrana lan wanita iku bisa gawe
congkrahing para sujana lan gawe nisthaning ati.
Wewaler 103
Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga,
drajad/pangkat bisa oncat.
Wewaler 104
Aja seneng marang wong kang nguja hawa napsu marga akeh bandhane. Jalaran
bandha mau bisa gawé cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.
MEMAYU HAYUNING PRIBADI
Pituduh 105
Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh
banget ambekalane sIng ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget,
"Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing
astane Pangeran Kang Maha Wikan". Mula ora samesthine yen manungsa iku
nyumurupi bab-bab síng durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja
diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.
Pituduh 06
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : "Sabar iku
kuncining swarga", ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat
nandhang sakehing coba lan andadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang
pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa
nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.
Pituduh 107
Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran
katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjúr rumangsa "Sapa sira
sapa ingsun", tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang
sapadha-padha. Élinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-
wayah bisa oncat.
Pituduh 108
Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa
kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit
elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 12
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah,
mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.
Pituduh 109
Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake
kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates
ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora
aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi
tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.
Pituduh 110
"Rumangsa sarwa duwe" lan "Sarwa duwe rumangsa", iku yen ditulis genah mung
diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan
nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh
pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene
sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku,
rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.
Pituduh 111
Nadyan wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen iís ketrajang ing taiyeng ya
bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine
mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga
kelangan greget lan lumuh makarya. Wusanane pepes atine kentekan pengarep-
arep.
Pituduh 112
Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah
elinga rong prakara iki :
1. Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk,
dithinthing luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa ora.
2. Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira wetokake saka tutuk.
Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora
malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen
ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.
Pituduh 113
Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan
janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita
manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing
mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran,
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 13
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh.
Awít isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwíh kuwasa.
Pituduh 114
Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa
nekakake bilahi.
Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono
mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga.
Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge
benjut nyingkiri sadurunge bilahi.
Pituduh 115
Kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising
rakyat kang mlarat.
Pituduh 116
Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang
wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong
kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah
linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amang akarana Allah. Ora cilík
ati, gedhené ngrasa owet ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe,
nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang
nindakake pangibadah nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan
digawokana dening Allah, iku pratandha yen pangidhepe lan pangibadahe durung
akarana Allah.
Pituduh 117
Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo
sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung
saka niyat manembah. Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku
panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur
dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng
Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake
marang sesamaning
dumadi.
Pituduh 118
Ana sawenehing wong kang duwepenganggap menawa nyenyuwun sihing Allah
iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal
peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran, nanging wong mau sajak
lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 14
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora precaya marang
anane dhewe, dene nganti awake lair ana ing donya. Nanging yen wong mau
nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran
iku ana malah banjur disesuwuni.
Pituduh 119
Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas
banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh
bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang
pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana
panglantih kang tumemen lan ora bosen. Klawan mangkono sabarang kang maune
rinasa rekasa lan abot, bakal sirna. Mangkono uga ana bedane yen kita kepingin
nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.
Pituduh 120
Yen pinuju wayah bengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal
nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-
lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir
ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane
kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem
ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake
kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing
mau?.
Pituduh 121
Tumraping wong mursid yen pinuju kambah ing prihatin, nolah-noleh ngiwa nengen
wis ora ana pitulungan maneh kang bisa diarep-arep tekane. Parandene ora bakal
koncadan ing pangarep-arep. Awit wis mangerti menawa tambane prihatin kang
ampuh iku ora liya kejaba : sabar. Sabar lan tawakal nyenyuwun kanthi temen-
temening ati marang kamurahaning Kang Maha Kuwasa kang ngregem
sakabehing mobah-mosiking jagad saisine.
Pituduh 122
Ala-alaning kelakuwane wong ora kaya kang sinung watak "Sapa sira sapa
ingsun". Marga sendhenan kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan,
seneng tumindak sawenang-wenang marang kalahane kang wis tita ora bakal
kumawani mancahi gedhene nganti wani mbandakalani kekarepane. Wong kang
nduweni sesipatan kaya mangkono mau prayoga enggal ngelingana menawa laku
jantraning jagad mono wis kinodrat cakra manggilingan; sing wingi ana ngisor dene
sesuk gilir gumanti bakal ngerehake.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 15
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 123
Saben dina kita ajeg reresik badan lan penganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan
uga katon apik lan ngresepake. Iki pakulinan kang apik. nanging luwih prayoga
maneh yen jroning ati banjur katuwuhan osik : apa saben dina kita uga reresik lan
ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan sangsaya resik saka
sakehing rereged saka anane cacad-cacad lan panggodha. Sebab yen badan
wadhag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang asipat
langgeng malah kita lirwakake pangupakarane?.
Pituduh 124
Sumendhe ing takdir iku dudu sipate wong kang seneng ulah luhuring kebatinan,
nanging dadi watake wong kang lumuh tumandang gawe lan cupet nalare.
Luhuring kebatinan kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire,
kebatinan kang luhur iya kudu bisa ngujudi pakarti kang luhur uga, kang bisa
njunjung lan mulyakake drajading nusa lan bangsane.
Pituduh 125
Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone
migunakake nganti kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering
kamangnungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana ing kono. Ora ngelingi kepriye
wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong nglumpukake
bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake
minangka prabot prenataning jagad.
Pituduh 126
Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan
mirasa. Gegayuhan bisane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu
mono pancen sangune ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang.
Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisowa tansah ngelingi
marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete,
jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspede mono sirikane mele
lan adoh saka bebendhu.
Pituduh 127
Sakabehing tumindak iku panimbange manut kawusanane. Mula murih bisane
sampurna, sabarang kang bakal dilakoni lan ditindakake iku luwih dhisik
thinthingana lan pilah-pilahna ala becike kanthi weninge nalar/pikir. Yen wis,
tumindake kanthi duga lan prayoga, sarta mawa tepa tuladha. Lire, sabarang
patrap mau upamakna tumrap awake dhewe, ilangna pangira-ira tumrap awake
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 16
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
liyan kang durung disumurupi. Elinga, sapa kang arep mbecikake alam donya iku,
kudu mbecikake awake dhewe luwih dhisik.
Pituduh 128
Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara,
lan tingkah lakune kang ora nate gelem kalah. Sabarang tindak-tanduke kepingin
unggul lan mamerake kaluwihane, ora angger kaluwihan bisa kanggo ngadhepi
bebaya lan ngentas saka papan cintraka. Kaluwihan kang tanpa dilandhesi
kautaman, kena diumpamakake kayadene wedhak pupur sing nempel ing njaban
kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe,
awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.
Pituduh 129
Saben tumindak sejangkah ngilowa marang kinclong-kinclonge banyu samudra
sing suthik kanggonan sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesthi disingkirake minggir.
Saben makarya sapecak, tuladhanen pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes
mbaka satetes, ditindakake kanthi ajeg keconggah mbolongake watu sing atose
ngluwihi waja.
Pituduh 130
Sapa kang bisa nelukake mungsuh-mungsuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging
sapa kang bisa nelukake awake dhewe, iya dheweke iku kang luwih kuwat
maneh.
Pituduh 131
Samangsa lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu.
Awit iku wus wujud senjata kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi
muluring pikir.
Nanging yen penandhangmu mau tansah kok adhepi kanthi ulat kang suntrut
adhakane kowe bakal kentekan pikir kang wening, wusanane dadi nekat nuruti
pokal kang nerak bebener.
Pituduh 132
Sapa kang nganggep apa bae gampang, mesthi bakal nemu akeh rubeda. Sapa
kang gampang janji, iya kuwi kang arang netepi.
Pituduh 133
Urip tegese mbudidaya ngetog tenaga (berjuwang). Urip nikmat tanpa angin
prahara padha karo segara kang mati. Aku luwih seneng ditendhang, dilawan
dening nasib, tinimbang diugung.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 17
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 134
Laku jujur kuwi padha karo dhuwit kang bisa laku ing ngendi bae.
Pituduh 135
Kang becik lan ala, kabeh mesthi nampa pikoleh, senajanta kadhang-kadhang
nampane cepet, kadhang-kadhang alon.
Pituduh 136
Wong kang kinaranan berbudi iku, yakuwi wong sing rumangsa tambah kasiksa
yen nyumurupi sapepadhane nandhang papa lan kasangsaran. Runtuhe rasa
welase adate banjur sinusul sarana cucule prabeya lan barang darbeke. Nanging
pancen angel golek-golekane wong sing kaya mangkono iku. Buktine ora sethithik
wong sing mati merga kewaregen, apamaneh wong sing mati amarga kaliren.
Pituduh 137
Manungsa kuwi dadine becík miwiti saka njero menjaba.
Pituduh 138
Kang waspada marang awakmu dhewe jalaran iya awakmu dhewe kuwi kang
mujudake mungsehmu kang paling gedhe.
Pituduh 139
Manungsa kang mung ngelingi marang pakartine pancadriyane mono bakal tansah
kasinungan rasa dhemen utawa sengsem. Saka Rasa Dhemen banjur kathukulan
rasa melik, saka rasa melik munggah dadi nafsu, saka nafsu banjúr nasar
pakartine lan sirna bebudene sing wekasane tumiba ing papa, nandhang
kasangsaran.
Pituduh 140
Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki ing pasamuwan,
katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ene
ing ati wening. Wetune ora sarana lambe, nanging katampanan ing pucuking pen,
mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.
Pituduh 141
Amrih urip kita tansah nemoni rahayu, aja kendhat nggegulang nandur cipta utama
sajroning ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang mantheng marang Gusti
Kang Maha Welas lan Maha Asih, muga pinaringan nugraha bisa ndarbeni ati kang
wening lan jiwa kang utama. Pancen ora gampang wong ngudi bisane kasinungan
cipta utama ngelingi menawa manungsa ono mula wis keserenan sipat apes lan
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 18
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
lali. Sok ngonowa yen ta sawise nandhang apes lan lali banjur gumregah maneh
pangudine apa dene ora kendhat ing panglantihe mantepa ing keyakinan yen Gusti
Allah ora bakal ora ngudaneni panyuwun kita.
Pituduh 142
Kawruh lan "Ilmu pengetahuan" iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku
kang laras karo apa kang diwulangake. Lire, ajaran teorine kudu bisa dicakake lan
ditrapkake kanggo karahayoning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan
tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning
iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa
dudu.
Pituduh 143
Banyu iku bisaning bening yen wis menep. Sanadyan maune buthek, nanging yen
wis menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepinginan utawa gegayuhan
yen diudi nganti katog lan menep ing tembe uga bakal kasinungan sifat bening.
Lire, nadyan pepinginan lan panggayu bisa kaleksanan klawan tumuli, ewa
semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.
Pituduh 144
Yen kepingin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka
kalungguhan kang endhek dhewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora
bakal gampang disepelekake dening bawahanmu. Lan kang utama yaiku kowe nuli
bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka
watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa salira.
Pituduh 145
Ginubel dening rasa "Tansah kurang marem" marang asiling pakaryan utawa
jejibahan kang diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut
kang becik kanggo luwíh maju. Nanging yen rasa tansah kurang marem mau
ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing esthine mung
tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.
Pituduh 146
Elinga, mbesuk yen wis tumekaning janjine ora kena ora, badan wadhag lan
sabarang kalir kang kita darbeni iki bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita
gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja banget nggonira katrem marang
kadonyan. Apa maneh, sapa kang tansah ngegul-egulake marang donya branane
lan gandrung marang pepinginan kang ora langgeng, esthine ora bakal bisa
nemokake kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning
ati.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 19
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 147
Batiné wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga
satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge
Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara
malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang
nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Pituduh 148
Abot-aboting coba tumraping ngaurip iku malah ora kaya wong kang lagi kebyukan
sihing Gusti Allah. Yen lulus saka pandadaran bisa dadi manungsa kang kajaba
gedhe sih kadarmane uga wicaksana lair batine. Nanging yen ta ora teguh imane,
wong kang lagi kabombong ing donya arta lan keladuk rumangsa sarwa kuwagang
mbendung segara njugrugake gunung mau istingarah bakal koncatan
kawaspadane. Kejaba lali marang sangkan parane uga lali yen sakehing drajat lan
semat dalasan tekan nyawane dhewe pisan iku mung lugu barang titipan kang
sawayah-wayah bisa dipundhut bali dening Kang Kagungan.
Pituduh 149
Ambudidayaa ing bandha manut sakatoging tenaga nanging aja lali kinanthean
tead lan seya ye sapeangan bakal kita tanjakakekanggo nindakakepangibadah.
Élinga ye pati iku lawanging akheat, denelaku ngibadah iku kang bisadadi sarana
nggampangake manungsa tumekane marang ing lawang mau kanthi rasa
pangrasa tobat lan sumarah.Suwalike, jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa
ing Gusti Allah iku ora beda kaya anggana bandha kang ora dijakati lan ora
ditanjakake kanggo penggawe kabecikan.
Pituduh 150
Yen sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena ing lara, suprih
sira tetep bagas kuwarasan kanthi sesirik prakara-prakara kang mbiyen nyebabake
lara. Yen ing nalika sugih, elinga yen kena ing pekir, lekas sing kaya mengkono
mau kanggo ngawekani amrih sira ora gampang kadunungan pikiran seneng
pamer lan sesongaran. Kawruhana, iku kepara nuduhake pratandha yen dheweke
iku sejatine wong kang tuna ing rasa welas asih lan miskin ing kawruh.
Pituduh 151
Kita manungsa iki ora kena tansah ngantu-antu tekane wektu kang becik, jer wektu
kang becik iku sejatine kudu kita dhewe sing gawe. Kita kudu tansah eling yen
sabarang tingkah lan tanduk kita ing dina kang siji iku nggawa keputusan tumrap
dina sijine. Dene dina kang pungkasan iku kang mutusake sakabehing wektu lan
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 20
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
dina-dina kang wis kapungkur. Mula sadurunge kita umapak marang dina
pungkasaning urip, dipadha bisa nglungguhi marang jejering urip manungsa.
Pituduh 152
Wong nandhang lara mono akeh sing merga anggone ngombe lan memangan
kliwat taker lan tanpa pilíh-pilíh. Mula kanggo nyandhet ubaling hawa marang bab
sakarone mau, dibisa marsudi nyuda nuruti kecaping lidhah sarana nglakoni pasa
kang mengku ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.
Pituduh 153
Wong kang lagi kasinungan kabegjan lan kamulyan iku dibisa marsudi amrih
langgeng, aja banjur kalimput watak jubriya lan sembrana sing sisip sembire bisa
kejlungup tiba ing kasangsaran. Yen wis mangkono mung rasa getun lan piduwung
sing kari ing pamburine.
Pituduh 154
Hawa napsu lan watak angkara iku sawutuhe manjing ing dhiri pribadine dhewe-
dhewe. Yen diumbar ngrebda bakal gawe "Bencana lan kasangsaran". Suwalike
yen bab mau bisa dikendhaleni bakal njílma dadi watak "Sabar lan prasaja", tulus
eklas aweh pangapura marang sapadha-padha sing gawe kaluputan.
Pituduh 155
Tapaning ati iku mung temen, yen tapaning nyawa mung eling. Sing sapa bisa
eling sedina sepisan bae, adate barang kang sinedya bakal ana. Sing sapa temen
salawase, kabeh pangajabe bakal kecandhak. Dene kang aran sejatining
katemenan iku sakabehing pakarti kang ditindakake klawan madep mantep tanpa
mandheg-mangu lan tolah-toleh, saengga sabarang kekarepane bakal ginayuh.
Pituduh 156
Wong iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane
wong kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nanging suwalike, wong
sing awake seger waras lumrahe lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh
kelingane, sangsaya cedhak anggone ngumbar hawa nuruti pepinginane mripat,
ilat, lan telih (wadhuk, weteng) kang sejatine ngajak marang rusaking raga. Mula
prayogane tansah elinga perihing lara kanthi nggemateni kanikmatan kang wis
diparingake dening Gusti Allah tan kena kinayangapa ajine, yaiku wujud awak kang
bagas kuwarasan.
Pituduh 157
Manungsa pinaringan dening Pangeran peranganing awak kang kalarasake karo
gumelaring bebrayan. Pinaringan mripat loro, perlune supaya akeha kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 21
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
dideleng, ya kang ngenani uber ingering alam, ala beciking kahanan, lan owah
gingsiring jaman. Lire, supaya linarasna kanthi lantiping panggraita. Pinaringan
kuping loro, murih akeha swara kang dirungokake, nuli kathinthingana lan
kasaringa kanthi lungiding panyipta lan alapen kang aweh pakoleh. Pinaringan
tangan loro, sikil loro, supaya akehe kang ditandhangi, pilihen kang murakabi
kanggo bebrayan agung.
Pituduh 158
Pancen ora ana wewaler ing jagad iki tumraping wong kang nglumpukake donya
brana. nanging kita kudu tansah eling yen donya brana mono dudu panggonane
kalanggengan. Nabi Muhammad wus paring sabda : "Ora prayoga ninggalake
kadonyan marga nglakoni akherat. Nanging jeneng wong kang nistha sapa kang
ninggalake bab akherat marga mung golek donya brana tanpa waspada marang
pungkasaning dumadi."
Pituduh 159
Brangating ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi nganti muntab dadi ubaling
nepsu. Kayadene nyirep geni sarana lenga. Napsu amarah mono isih tetep bakal
tansah mbebedhag selawase yen ta ora kinanthenan pikiran kang menep, lan ati
kang eling. Elinge ati lan meneping pikir bakal numusi mulure budi kang tundhone
bisa dadi panyirep sakehing pakartining setan.
Pituduh 160
Wong kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana apus-
apus kang pating sliwer golek mangsan. Pirang-pirang kehe wong kaselak percaya
rembug pangiming-iming ora pinikir bakal kedadeyane ing tembe. Wusanane
nandhang kapitunan lan kena ing apus. Mula ditansah waspada, aja lirwa ing
kaprayitnan.
Pituduh 161
Samangsa-mangsa thukul pletiking pikir kang kasarung dening ubaling nafsu ala,
yogyane sumenepna sauntara. Yen bisa kaya mangkono karan wong wicaksana,
jalaran kejaba bisa ngleremake ati kanthi meneping pikirmu uga bakal keconggah
nyirep ubaling nafsumu mau. Wusana rahayu kang tinemu merga bisa sumingkir
saka memala kang teka arep ngreridhu awakmu.
Pituduh 162
Wong kang sengsara uripe jalaran ana rong warna. Kapisan saka kaluputane
dhewe, kang kapindho merga saka pokale dhewe. Sing kapisan iku paribasane
tanem tuwuh kang tansah kodanan lan kepanasan ora diopeni, dene sing kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 22
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
kapindho paribasane tanem tuwuh kang tansah diapek asile nganti ora kober
thukúl godhonge.
Pituduh 163
Yen sira urip ing alam donya iki rumangsa nampa pandum kesethithiken iku wis
dadi pepesthene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren
sarana mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhan ing alam donya mono dadi
trajuning akeh sethithike pandummu.
MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD
Pituduh 164
Yen gelem nalusuri sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang malah kita
tampa saka wong-wong gawane nacad lan ora dhemen marang kita, katimbang
mitra katruh raket kang tansah ngalembana. Awit panacad bisa nggugah kita
nglempengake laku, dene pangalembana kepara bisa nyababake wong kerep dadi
lali.
Pituduh 165
Manawa kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja
kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad.
Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan molak-malik.
Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe mburi bisa malíh kok senengi,
kepara malah bisa dadi gantungane urípmu.
Pituduh 166
Karepe wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake
dhewe. Yen sing diajak nyatur wong kemplo, pamrih sing kaya mangkono mesthi
katekane. Nanging tumraping wong mursid : "Wong kang ngumbah rereged ing
awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentonge
pambegane".
Pituduh 167
Tembung kang prayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa
napsu iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal
aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah tansah
bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethithik naging
memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa
marem kang gedhe dhewe.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 23
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 168
Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan
kepercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung
kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan makarya
minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene ing pangimpen. Cilakane
maneh, yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane
ing pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi
kangelan).
Pituduh 169
Ora beda karo rob lan suruding segara, kahanan uriping manungsa iku uga ora
bisa uwal saka bungah lan susah. Kang perlu dicilengi ing kene yaiku aja kaselak
kebacut kerem kalimput ing kabungahan lan aja kaselak gampang angles yen lagi
kapinujon apes. Awit kasusahan iku sok malah bisa ngentas kita saka kaluputan
lan kabodhowan, sauger insyap marang dhirine lan ora mupus, apadene tansah
percaya marang Kang Kagungan Panguwaos.
Pituduh 170
Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu
tumindhak nistha. Ora eling yen sejatining urip ing donya iku ora ngupaya
rajabrana bae, nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing
godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat tapa ing satengahing
coba. Sapa kang santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah ngugemana
sebuting pitutur : "Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih
begja kang panggah eling lan waspada tetep ing panggawe utama".
Pituduh 171
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah
rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake
sira kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa "Aji godhong jati
aking".
Pituduh 172
Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasaan iku sejatine malah dadi
sumbering dununging wong lali, gampang lirwa ing kaprayitnan, lan gampang
kapilulu ing pakarti dudu. Awit yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa
kegedhen panjangka. Kanggo nggayuh panjangkane, sakehing cara ditempuh.
Ora maelu senadyan nganti mentala gawe sangsarane mitra karuh. satemah mung
dadi leletheg kang luwih aji uwuh.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 24
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 173
Ilat kuwi sawijining pedhang kang landhep, kang bisa mateni senajan tanpa
ngetokake getih.
Pituduh 174
Ora ana critane wong kejungkel iku marga kesandhung watu gedhe, sing mesthi
merga kesandhung watu sing cilik.Yen tatuwa ya marga saka watu krikil-krikil sing
lancip-lancip. Bab mau aweh pituduh supaya kita aja nyepelekake marang barang
sing katone sepele ora mingsra, naging sejatine kepara malah gampang dadi
dhadhakane wong njungkel njempalik tiba ing papa.
Pituduh 175
Wong sugIh sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluwane dhewe
iku ora liya sababe marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing kemlaratan.
Nanging ora ngertiya yen dheweke ing wektu iku sejatine wis padha karo wong
mlarat. Uripe kepara luwih sangsara katimbang wong kesrakat, kang batine tansah
ora narimakake marang adiling Kang Murbeng Dumadi.
Pituduh 176
Dereng nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa
rinasa ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah
waspada ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer
kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya iku aran riya kang pratela
(cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri. Wondene dereng sajroning laku
panembah, arang kang disumurupi wong liya. Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana
ing papan kang sepi. Sok ngonowa elinga, yen Gusti Allah iku tansah ngudaneni.
Pituduh 177
Kabeh salakune (tumindake) wong bodho iku esthine nggawe hikmah lan piwulang
becík tumraping wong kang ahli budi. Awit saka samubarang kang ora becik kang
dilakoni wong bodho dening para ahli budi banjur kari ngemohi lan dadi pandoming
urip kang perlu disiriki lan disingkiri. Suwalike wong bodho sungkan nyuplik lelakon
becik kang dialami para ahli budi. Mula ora jeneng aeng yen akeh para bodho sing
uripe tetep kasurang - surang lan para ahli budi kang tansah rahayu ing uripe.
Pituduh 178
Aja sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing sêmangatmu. Malah prayoga
dinarima marang apa kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha
Kuwasa. Awit ngelingana menawa ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 25
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
lan luwih cacad tinimbang sira, suprandene dheweke babar pisan ora kawetu nutuh
marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane lan
yakin marang kwadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing
lelakon kang dumadi ing jagad raya iki.
Pituduh 179
Ngalembana lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha,
kedaling ilat padha lan obahing lambe ya padha. Sok ngonowa najan rekasane
utawa gampange padha, nanging oleh-olehane utawa wohe sing ora padha. Ing
ngadat kejaba sok adoh sungsate, uga malah sering kosok balen. Sing siji bisa
ngraketake paseduluran sijine padha bae karo golek dadakan nandur rasa
memungsuhan.
Pituduh 180
Aja ndarbeni pepinginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman
supaya sarembuge diandela wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae barang
rembugira kanthi becik, patitis lan maedahi. Karo maneh tindak tanduk kang
ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine
ngungkuli sakehing pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging kang durung kabukten
ana ing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug "Keplok lumah
kurepe" karo tindakira.
Pituduh 181
Kang kinaran manungsa winasis yaiku wong kang wis kaconggah mbenerake
tindak kang mlenceng. Dene asor-asoring budine manungsa iku ora kaya wong
kang mlencengake tindak kang wus bener. Adate sipat kaya mangkene iki thukul
marga kasurung dening ati drengki srei. Kamangka sapa kang ngadani ati drengki
lan panasten iya ing wektu iku dheweke wiwit nyiksa ing awake dhewe, lan uripe
ora bakal bisa tentrem.
Pituduh 182
Samangsane kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi
tembung (rembug) kang sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang
alus lan sareh. Jer, ya klawan laku kang kaya mangkono iku, kowe bisa
ngendhakake watakkang panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi
kasinungan iblis.
Pituduh 183
Ing ngendi dununge pamarem lan katentreman ? Saking ungele mapanake rasa,
nganti meh ora ana wong rumangsa marem lan tentrem uripe. Sabanjure banjur
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 26
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
kepiye ? Iya kudu tlaten ngolah budi. Doh ana rasa meri lan drengki amrih gorehing
pikir bisa tansah sumingkír.
Pituduh 184
Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi obring laku nggayuh rahayu, minangka jimat
paripih umraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake
watak drengki lan dak-wenang marang sapepadhane. Sregep mawas dhiri ateges
bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul
greged ndandani murih apike.
Pituduh 185
Kita iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, ana siji engkas darbek kita
kang ora kena ginrayang lan ora kasat mata, nanging ajine tan kena kinaya ngapa,
yaiku osiking ati kang ajeg ngelikake kita marang lurusing laku samangsa kita
ketaman pletiking cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg nindakake laku ngiwa.
Mula poma-poma, tansah bisowa ngrungokake osiking atimu, awit iku kang ngajak
sapari-polahmu tumuju menyang karahayoning uripmu.
Pituduh 186
Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur.
Ya dhuwur ing bab lahire, uga ing batine. Lire, sing murakabi kanggo dhiri
pribadine, sumrambahe tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi nggayuh
kaluhuraning lahir bae, ateges mung mburu drajat, semat lan pangkat. Durung aran
jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake kaluhuraning batin, ateges
ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya, yaiku tumandang ing gawe.
Pituduh 187
Akeh wong kang sadurunge nyoba ngayahi pagaweyan wis dipantok dhisik sarana
tembung "Ah, aku ora bisa". Dayaning tembung "Ora bisa" satemah numusi ora
bisa temenan. Awit entek-entekane pocap mangkono iku ateges ngapesake awake
dhewe. Luwih dene maneh banjur lumuh ing pambudi. Samubarang kang diudi ora
bakal dadi. Kang ora diluru tangeh bisane ketemu. Mula percayaa marang dhiri
pribadi. Ciptanen kanthi mantheng ing ati lan enggal makartiya. Kekuwataning
manungsa iku dumunung sajroning cipta, sauger sinartanan pamarsudi klawan
temen-temen. Dayaning cipta cetha bakal nekakake sedya.
Pituduh 188
Aja sok nggresula !, Wruhana yen pangresula iku sawijining mala, dene
panggresah mono agawe bubrah. Yen wis nggresah padatane banjur lali marang
kewajibane kang kudu diayahi sarta kemba marang sadhengah pakaryan. Síng
sapa esuk-esuk wis sambat ngaru-ara ing bab ngrekasane anggone urip, wong
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 27
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
mau presasat mbutoni sumbering pangupa-jiwane dhewe. Ora trima marang
pandum peparinge Pangeran Kang Murbeng Dumadi.
Pituduh 189
Yen kowe kepingin mulya uripmu, lakonan apa kang kok gagas-gagas rikalane
kowe nandhang sengsara utawa lara. Awit ing mangsa-mangsa kaya mangkono
mau manungsa banjur ketuwuhan budine kang murni, yaiku watak kang sarwa
kebak welas-asih lan ngerti sepira perlune wong kang tansah ambudi amrih aja
nganti nemoni kacingkrangan.
Pituduh 190
Wong kang wis kinaran "sukses" iku, yaiku : wong kang wis ngetog kadibdyane,
ngudidaya nganti kecandhak gegayuhan lan idham-idhamane laras karo
kepinginane. Tekane "sukses" durúng ateges tamating crita, nanging malah kudu
tansah luwih waspada, prayitna lan ngati-ati. Jalaran adhakane wong sing wis
"sukses" iku banjur kurang kaprayitnane, sembrana lan gumampang ing sabarang
tumindake, kang luput sembire bisa klenggak. Mula sawijining "sukses" iku
anggepan kayadene sawijining pandadaran kanggo lestarining penggayuh becik.
Pituduh 191
Saben wong mono pancen nduweni nafsu. Awit tanpa nafsu wong ora bakal duwe
krekat kepengin maju. Mung bae wong kudu bisa milah-milahake nafsu endi sing
kudu dicandhet, lan nafsu sing kepriye sing kudu diunggar. Nafsu kang bakal
nekakake bilahi tumraping awake dhewe lan wong liya kudu bisa dicandhet, dene
nafsu kang perlu diunggar yaiku nafsu kang empane tumuju marang karahayoning
sapadha-padha.
Pituduh 192
Hukum alam wis netepake, sapa kang nandur mesthi ngundhuh. Dene apa kang
diundhuh iya manut wijine kang ditandur. Yen sing ditandur winih alang-alang, ing
tembe iya aja ngarep-arep yen bisa bakal panen pari, iku genah nyalahi kodrat.
Mula mumpung isih esuk, nandura wiji cipta lan penggawe kang becik-becik. Awit
elingana, yen akeh sethithik anak putu kita uga bakal katut melu ngrasakake pait
getire wong kang bibite ditandur dening wong tuwane.
Pituduh 193
Sapa sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung
bisa maujud menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan
sedya, jangka lan panuwun, iku saumpama wong lelungan mono tumuju papan
kang arep diparani utawa dijujug. Dene kekarepan iku kudu ana kanthine, yaiku
nalar utawa pecahing nalar. Jalaran kekarepan kang tanpa nalar iku ora beda karo
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 28
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
karepe bocah cilik. Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana
dadine.
Pituduh 194
Sebab-sebab kang gawe ciliking ati lan cekleking semangat iku adhakane
dumunung ing gegambarane pikiran kang sarwa nguwatirake marang lelakon kang
durung kelakon, temahane pikiran dadi peteng, lumuh ihtiyar lan koncadan
gregeting makarya. Katimbang nyumelangake barang kang durung bisa ginrayang
rak luwih becik aja pegat ing ihtiyar kanthi nenuwun marang sihing Kang Murbeng
Kuwasa, jer iya mung Panjenengane kang murbawasesa urip kita iki. Klawan
mangkono istingarah kowe ora bakal ngedhap ngadhepi sakehing lelakon.
Pituduh 195
Kerep nggresah lan ngresula iku nuduhake karingkihane tekad. senajan
dingresulanan sedina ping pitulikur, ora bisa owah nasibe. Nggresah lan ngresula
iku padha karo sambat. Wong sambat iku kena bae, nanging yen isih keduga aja
dhemen sambat. Ngresula bisa dadi mala, panggresah bisa gawe bubrah, dene
pisambat iku dalane wong kang seneng mlarat, jalaran sakehing gegayuhan kang
disangkani sarana sambat mono adate mung gayuk-gayuk tuna, apa kang digayuh
tanpa ana kabul wusanane.
Pituduh 196
Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi
santosa. Sarana ndulu kacamata benggala kang kita alami saben dina, teteg
kawegigane pikir bae ora mujudake gaman pamungkas tumrap kasembadaning
sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling nalar lan moncering kawruh
bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang
kasinungan ing watak sesongaran sing adhakane sing uwis-uwis banjur kacenthok
pancabaya, ubayane banjur mbalenjani.
Pituduh 197
Ora ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe,
kejaba nindakake pegaweyan kanthi srempeng sing juntrunge mung ngoyak
derenge panguwasa, drajad lan bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan
marang pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane mung rasa melik kang
nggendhong lali.
Pituduh 198
Siji-sijining marga amrih kaleksanane gegayuhan iku ya kudu sarana makarti.
Yen kita mung kandheg marang ngunggar-unggar karep lan nganggit-anggit
gagasan bae, tibaning enggon mung kaya ing pangimpen. Luwih-luwih menawa
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 29
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
salagine nggagas-nggagas mau kaselak kesusu ngrasakake kanikmatane
pengangen-angen, wusana tumus dadi lumuh ing gawe lan wedi ing pakewuh.
Pituduh 199
Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti
yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline
sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi
pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora
nduweni pikiran iku luwih mlarat. Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti
mono klebu mlarat-mlarate wong.
Pituduh 200
Kang kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa uga
mung wujud putihing pupur sing kandel waratå. Lan sing kok kandhakake abang
iku durung tinamtu abanging (kekendelaning) bebener nanging bisa uga mung
abange lambe kang keconggah njlomprongake marang jurang kang jero. Dene
sing kok kandhakake resik, iku durung mesthi resiking ati, nanging adate mung
wujud resiking sandhangan rinengga ing sotya abyor kang bisa mblerengake
mripat.
Pituduh 201
Ngunggar wetuning kekendelan sing mung kadereng saka dayaning pangojok-ojok
iku kerep ora murni. Tandang lan trajange kang akeh banjur mung kabrongot
panasbaran.
Wusanane malah sok bakal nunjang palang, bebathene kosok balen karo kang
sinedya. Mula minangka gegondhelane kapitayan, kekendelan iku prayoga
kadhasarana rasa sumungkem marang Kang Murbeng Dumadi, niyat leladi marang
sapepadhane titah. Yen wis mangkono sakehing cak-cakane pakarti mesthi tansah
patitis lan mikolehi.
Pituduh 202
Teteping rasa kamanungsan iku ora marga saka kawruh lan kapinteran kang wis
dianggep luwíh luhur ing salumahe bumi, nanging mung jalar saka kadunungan
telesing rasa asih marang sapepadhaning tumitah. Dene rasa asih mau cinipta
saka patrap anggone reksa-rumeksa lan sugih ing pangapura sarta tansah
kinanthenan pangucap lan pasemon síng bisa gawe resep lan ora natoni atining
liyan. Kawruhana, menawa kapinteran kang ora kinanthenan kautaman iku sejatine
luwih mbebayani tumraping bebrayan katimbang karo bodho kang linambaran ing
budi rahayu.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 30
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 203
Nglengkara wong bisa luwar babar pisan saka panggodha. Sebab, sumbere
panggodha iku ora liya iya mung saka awake dhewe. Sing sapa mung nyingkiri
panggodha kang kasat mata bae, ora dibedhol tekan oyod-oyode, adhakane bakal
ketaman pakewuh lan godha kang luwih gedhe maneh. Sok ngonowa yen wong
tlaten lan sareh, kanthi kencenging tekad kang gilig, mesthi bakal bisa mentas saka
reridhu. Aja mung mandheg ing panggrantes, nutuh awake dhewe, apa maneh yen
nganti nguman-uman marang wong liya.
Pituduh 204
Yen ing donya iki manungsane sing sugih uripe ora mbethithil, kepara malah
dhemen tetulung marang kang kecingkrangan, dene sing duwe kepinteran adoh
saka karep kanggo minteri liyan, kepara malah dadi papan jujugane wong tetakon,
genah kahanane donya bakal ayem tentrem, adoh saka reridhu lan kalis saka
godha rencana.
Pituduh 205
Wong kang lagi karejeken aja kaduk anggone bungah, kosokbaline aja kaduk
nelangsa samangsane nemahi reribed lan nandhang susah, gedhene nganti
nggetuni barang kang wis kelakon. Awit kaduk bungah mau bakal ngilangi
kaprayitnan, kaduk susah njalari ati tansah kemba, lan tangeh lamun bisa uwal yen
ora dibudeni sarana tumandang makarya.
Pituduh 206
Yen darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana
sarana makarti kang madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora
ngedhap nadyan mangerti yen dalan kang diambah kebak parang curi. Yen tansah
rongeh lan rangu-rangu, ateges mung wani ing gampang, wedi ing pakewuh,
samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.
Pituduh 207
Manungsa iku bisa kinaranan urip yen isih duwe karep lan pangarep-arep.Nanging
yen karep mau mung kandheg ing pangangen-angen lan gagasan bae, ora beda
manungsa kang mati sajrone urip. Kosokbaline yen anggone nandangi karepe mau
kaselak kesusu nikmati pikolehe kang durung klakon, genah anggone makarti
mung angger bae. Kepara bakal mundur yen ngadhepi pakewuh, satemah dadi
wong lumuh.
Pituduh 208
Wong kang kebak dening pepinginan iku adate banjur ngangsa-angsa, mula
lakune uga banjur miyar-miyur. Kepengkok gawe sethithik bae sing digedhekake
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 31
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
pangresulane, tundhone atine gampang pepes lan nglokro. Beda karo wong kang
wicaksana uripe mesthi mawa tekad lan tujuwan. Bebasan tiba kaping pitu
gumregah tangi kaping wolu ngrungkebi tekad lan tujuwane.
Pituduh 209
Angger wong wis mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade.
Mulane yen darbe karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga
ambalana maneh nganti katekaning sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok
temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan lan kauntungan. Apa kang
kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi.
Pituduh 210
Sarupane pakaryan kang wis kok yakini beciking asile tumuli enggala katindakna,
aja ngenteni liya wektu. Jer kekencengan sarta kekarepan iku yen diendhe-endhe
ora mundhak kuwate. Nanging malah mundhak ringkih lan bisa uga ilang dayane.
Sipat seneng ngendhe-endhe iku mujudake dalan kang anjog marang watak ora
antepan lan kesed, sungkan ing gawe sing tundhone dadi tanpa aji urip ing
bebrayan.
Pituduh 211
Wong kang sinebut berbudi urip ing bebrayan iku ora mung wong kang rumangsa
kasiksa nyumurupi sapepadhane sing nandhang papa, nanging wong kang
gampang runtuh welase kang tinumbalan runtuhing barang darbeke lan deduwene
kanggo tetulung marang wong sing kacingkrangan lan kasangsaran. Nanging kang
kaya ngono mau pancen angel golek-golekane. Tandha yektine ing alam donya iki
ora sethithik wong sing mati marga kuwaregen, lan akeh wong sing mati marga
kaliren.
Pituduh 212
Wong mono aja mung tumandang angger bares nanging kanthi laku kang ora
beres. Dibisa tansah milah-milahake endi sing kenceng lan endi sing nalisír saka
paugeran, sarta kulinakna nyirik marang penggawe musyrik, sinung marang watak
tulus lan ngukuhi kajujuran. Kawruhana, menawa ora ana pusaka kang ampuhe
ngluwihi kajujuraning ati lan weninging pikir kang sepi ing pamrih. Pamrihe mung
sawiji, yaiku mangan karahayoning bebrayan, ngluhurake kamulyaning bangsa lan
nagara.
Pituduh 213
Pangrasa, pikiran lan kekarepan iku tansah mbudidaya rebut unggel lan rebut
panguwasa anggone murba sapari polahe manungsa. Pangrasa emoh diungkuli
pikiran.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 32
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pikiran sêmono uga suwalike. Wondene kang moncol dhewe sumedya mbalap ora
gelem dipekak yaiku kekarepan. Mula wajibing manungsa kudu bisa ngukuhi sifat
manungsane. Den sranani kanthi nanjakake uripe melu ngrasakake lan memikir
marang ombak umbuling jaman. Tumandang ing gawe ngesthi marang rahayuning
bebrayan munggahe marang ajuning jaman.
Pituduh 214
Selawase urip nglengkara wong bisa uwal babar pisan saka panggodha, jer
panggodha iku sumbere ora liya ya saka awake dhewe. Asale tumuwuh saka
uwohing pikir kang ngayawara, banjur katarik marang kekarepan ala kang
wusanane mbabarake pakarti nistha. Sapa kang wiwitane enggal tumandang
nanggulangi panggodha, bakal mundhak kasampurnane lan patut sinebut wong
kang santosa ing budi. Balik kang sapa tansah nguja panggoda semaya
nanggulangi, kekuwatan batine saya lungkrah, bakale bubrah dadi leletheging
jagad.
Pituduh 215
Wong nandur pari iku bakal ngundhuh pari, ora bakal ngundhuh jagung utawa
kacang. Semono uga pikiraning manungsa, ora beda karo mau. Yen pikiran kita
tansah kita kulinakake lan kita pigunakake kang becik-becik ya bakal nduweni daya
kekuwatan kang becik, satemah bisa aweh pakaryan kang pengaji tumraping
bebrayan. Mula katimbang nggagas kang ora-ora lan ngayawara, prayogane
nggagasa marang laku utama lan mulya. Lan luwih utama maneh menawa
gagasan kang mangkono mau diwedharake dadi pakarti pisan.
Pituduh 216
Rasa was sumelang iku nerakane wong sing arep nggayuh kemajuan. Sapa kang
wis ketaman rasa iki salawase ora bakal bisa maju. Ing sabarang tandang tanduke
sarwa tidha-tidha lan tansah awang-awangen ngadhepi kangelan kang bakal
memalangi laku. Kosokbaline tekad iku rasa ciptaning karsa kang wis gembleng.
Dadi yen ana kepenak lan orane bakal didhadhagi lan diterjang wani. Kang
pinandeng mung bakal tekaning sedya. Nanging tekad mono beda banget karo
nekad, jer nekad kuwi uwohing pakarti kang tuwuh saka kajudheganing nalar sing
tundhone keconggah tumindak nistha, merga koncadan pepadhang.
Pituduh 217
Aboting abot iku ora kaya yen kudu nuruti prentah lan pitutur. Pait lan ngrekasa
dikaya ngapa prentah lan pitutur iku prayoga lakonana bae. lng suwalike barang
pait mau, kowe mesthi bakal nemu barang legi sing ora klebu ing petunganmu.
Pancen luwih prayoga paite dhisík, tinimbang legine. Awit bisane kowe ngrasakake
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 33
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
legi iku rak marga kowe wis ngrasakake pait. Bisa nikmati kabungahan marga wis
nate ngalami nandhang kasusahan.
Pituduh 218
Wong kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang
gawe, genah ora sumurup marang kaluputane celatune, sabab celathu mono mung
obahing ati kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo tumandang.
Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi marang luputing
celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu klawan enggal-enggal
tumandang gawe dhewe.
MEMAYU HAYUNING BEBRAYAN
Pituduh 219
Síng sapa ngidham kaluhuran kudu wani kurban lan ora wegah ing kangelan.
Merga yèn tansah tidha-tidha, mokal apa sing kagayuh bisa digantha lan tangeh
lamun apa sing diluru bisa ketemu. Makarti wani rekasa kanthi masrahake urip lan
jiwa raga marang Kang Murbeng Kuwasa. Yen kepingin menang pancen larang
patukone, yaiku kudu bisa nuhoni sesanti: "Sura dira jayaningrat lebur dening
pangastuti".
Pituduh 220
Isih beja yen kowe diunekake "Ora Lumrah Uwong", jalaran isih dianggep
manungsa. Ya mung solah tingkahmu kang kudu kok owahi amrih ora gawe
seriking liyan. Cilakane yen diunekake "Ora Lumrah Manungsa", jalaran kowe
dianggep setan gentayangan sing mung dadi leletheging jagad marga pakartimu
kang ninggal sifat kamanungsan. Mula enggal-enggala sumujuda marang Gusti
Kang Murbeng Dumadi. Sifate Gusti Allah mono sarwa welas asih marang umate
kang wis sadhar marang dosa-dosane sarta temen-temen bali tuhu marang
dhawuh-dhawuhe.
Pituduh 221
Ora ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu
nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges
uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges
angabekti marang Pangeran Kang Maha Wikan. Pancen pangabekti mono wis
aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kang kita asungake.
Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwasa, kita ora wenang
ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana
kita pancen wajíb, nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 34
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 222
Memitran paseduluran nganti jejodhowan kuwi yen siji lan sijine bisa emong-
kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Yen ana padudon sepisan pindho iku
wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging suwalike yen
padha angel ngenggoni sifat emong-kinemong mau genah langka langgenge,
malah bedaning panemu sithik bae bisa marakake dhahuru.
Pituduh 223
Wong kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang
njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate ketaman ing
prihatin luwih bisa ngrasakake penandhange wong liya. Mula adhakane luwih
gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.
Pituduh 224
Sarupaning wewadi sing ala lan sing becik, yen isih kok gembol lan mbok keket
kanthi remit ing ati salawase isih bakal tetep dadi batur. Nanging yen wis mbok
ketokake sathithik bae bakal dadi bendaramu. Isih lagi nyimpen wewadine dhewe
bae wis abot. Apa maneh yen nganti pinarcaya nggegem wewadine liyan. Mula
saka iku aja sok dhemen kepingin meruhi wewadine liyan. Sing wis cetha mung
bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.
Pituduh 225
Sok sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan
padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa
nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut
kerep nggrundel lan grenengan merga ora katekan sedyane iku cetha bakal
koncatan kekuwataning batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan,
kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.
Pituduh 226
Kita iki diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire
mengku karep amrih kita iki kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara.
Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge iku adate
wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane sethithik nanging
patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug
kang prayoga.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 35
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 227
Wong kang tansah dhemen nguping kepingin weruh, apadene nyampuri perkarane
liyan, gedhene nganti nrambul urun ucap, iku padha karo golek-golek momotan
kang sejatine ora prelu, adhakane kepara malah ngreridhu awake dhewe.
Pituduh 228
Ucap sakecap kang kelair tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi.
Mula wetune tembung satembung saka lesan iku prayoga tan udinen aja nganti
nggepok prekarane wong liya, gedhene nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet
ucule pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoning pakarti kang utama.
Nanging geneya kok ora saben wong bisa nglakoni ?
Pituduh 229
Wong iku yen wis kasokan kabecikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakehing
pakartine lumrahe banjur ora kenceng lan resik. Mulane tangeh lamun yen bisa
njaga jejeging adil, awit lesane kasumpetan, mripate bereng, kupinge budheg.
Atine dadi mati, angel weruh ing bebener. Mula saka iku aja gumampang nampa
kabecikane liyan, samangsa tujuwane ngarah marang penggawe kang nalisír saka
bebener.
Pituduh 230
Aja kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit
ana kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kanyatane
bisa mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong
bisa kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun yen kowe bisa
nandhingi.
Pituduh 231
Yen micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalem, luwih- luwih
nganti memaoni. Awit wicaramu durung karuwan bener. Sing mesthi panacad mau
gawe serik, pangaleme nuwuhake wisa, dene waonane ora digugu, kabeh swara
ala. Mula kang prayoga iku mung meneng, jalaran meneng iku yektine pancen
mustikaning ngaurip.
Pituduh 232
Udinen ing alam donya iki aja ana wong kang kok sengiti, supaya ora ana wong
sengit marang kowe, balik sabisa-bisa padha tresnanana. Amarga lelakon ing alam
donya iki anane mung wales-winales bae. Dene yen kepeksa kowe sengit marang
sawijining wong, mangka kowe ora bisa mbuwang sengitmu, gawenen wadi aja
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 36
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
ana wong kang ngerti. Yen kowe ngandhakake sengitmu marang liyan, prasasat
kowe mamèeake alane atimu.
Pituduh 233
Ajining dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing
pangucapmu, semono uga anggónmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri.
Pituduh 234
Wong pinter kang isih gelem njaluk rembuging liyan iku dianggep manungsa utuh.
Sapa sing rumangsa pinter banjur suthik njaluk rembuging liyan kuwi manungsa
setengah wutuh. Lan sing sapa ora gelem njaluk rembuging liyan, iku bisa
kinaranan babar pisan durung manungsa.
Pituduh 235
Yen atimu wis gilig arep gawe kabecikan kanggo karaharjaning bebrayan, beraten
rasa uwas marang pandakwa ala kang ora nyata. Srananana kanthi jembaring
dhadha lan sabaring nala, amrih bisa nuwuhake gedhening prabawa lan cabaring
sakehing piala.
Pituduh 236
Wicara kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang
becik, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan
nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku
ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang
mawa tandang minangka tuludha. Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan.
Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pinracsys ngembani
nusa lan bangsa.
Pituduh 237
Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine
isih nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi
kabodhowane, jer kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta
kungkulan dening sapepadhane. Tindak mangkono mau malah dadi sawijining
godha kang mung bakal ngrerendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading
bebrayan.
Pituduh 238
Sapa wonge sing ora seneng yen entuk pangalembana. Nanging thukuling
pangalembana iku ora gampang. Kudu disranani kanthi pakarti kang becek lan
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 37
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
murakabi marang wong akeh. Yen mung disranani bandha, pangalembanane
mung kandheg ing lambe bae ora tumus ing ati. Dene yen disranani penggawe
kang lelamisan, ing pamburine malah bakal kasingkang-singkang kasingkirake
saka jagading pasrawungan.
Pituduh 239
Geneya akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake
dhewe? Sebabe ora liya marge wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen
penggawe mau klebu pakarti kang ora prayoga, mula prelu dingertekake. Awit yen
ora enggal-enggal nyingkiri pakarti kang ora becek mau, wusanane dheweke kang
bakal diemohi dening pasrawungan.
Pituduh 240
Nggayuh kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lair lan
batine, ya tumrap dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan.
Nanging yen kandheg salah siji, tegese gothang. Yen mung nengenake
kaluhuraning lair genah mung ngoyak drajat lan semat, isih miyar-miyur gampang
kene pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora
nuhoni jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning
bebrayan. Ateges tanpa guna diparingi urip ing alam donya.
Pituduh 241
Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis
kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak
kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora
gampang linakonan dening sadhengah wong. Iya wong kang wis bisa nduweni
watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur
sarta kasinungan ing budi luhur.
Pituduh 242
Manungsa urip iku dibisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake
kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben dinane
saka wetuning kringet lan wohing kangelan dhewe ora gumanung ing wong liya lan
ora dadi sangganing liyan. Dene kamardikaning batin iku dicakake sarana nyingkiri
hawa napsu, adoh saka asor lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan
drengki srei, sarta tuhu marang paugeran urip bebrayan.
Pituduh 243
Ora ana wong kang ingaranan uríp, kejabane kang mikir sarta tresna marang wong
kang ringkíh lan nandhang papa cintraka. Bisa melu ngrasakake kasusahane sarta
lara lapane wong liya. Kanthi pangrasa kang mangkono mau ateges bisa
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 38
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
nggadhuh kekuwatan kang tanpa wates, perlu kanggo mitulungi sapadha-padha
kang kahanane luwih nrenyuhake katimbang dhiri pribadine. "Pakarti mono darbek
kita dhêwe, nanging wohe pakarti mau dadi kagungane Kang Gawê Urip",
mangkono sabdane sawijine Pujangga kaloka.
Pituduh 244
Wong kang baut mawas dhiri iku wong kang bisa manjing ajur ajer, ngerti empan
papan laras karo reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita. Paribasane
wong kang baut ngadisarira, aja mung kalimput edining busana bae, nanging
bisowa tansah mersudi marang padhanging semu lan manising wicara tanpa
nglirwakake marang alus lan luwesing solah bawa.
Pituduh 245
Kecandhaking sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer
lan pepaking ilmu lan kawruh bae. Nangíng ana syarat siji kang ora kena
kalirwakak, yaiku kapinteran ing bab sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-
ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan, prasasat wis entuk pawitan
kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-idhamane.
Pituduh 246
Nindakake kabecikan mono ora mesthi kudu cucul wragad, nanging bisa
ditindakake sarana pakarti-pakarti liyane sing sejatine akeh banget carane. Sauger
bisa gawe senenging liyan, upamane bae mawa ulat sumeh tangkep srawung kang
sumanak, bisa manjing ajur-ajer ing madyaning bebrayan, lan bisa dadi patuladhan
laku utama. Kabeh mau klebu ewoning tindak kabecikan kang ajine ngleluwihi
wragad dedana kang diwenehake utawa dipotangake, apamaneh lamun anggone
menehi utawa ngutangi iku sinamudana kebak pamrih.
Pituduh 247
Yen kowe arep rembugan, pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok
wetokake. Apa wis ngenggoni telung prekara : bener manís, migunani. Ewa
semono sing bener iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane liyan
prayoga wurungna. Dene tembung manis mono ora duwe pamrih, pamrihe bisa
gawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagadíng bebrayan.
Pituduh 248
Sugih omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging ngomong
mung golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae
cacahe wang kang kepleset uripe múug marga suka anggonesugih omong. Mula
sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nangíig menenge wong
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 39
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
kang darbe bobot kang anteb síng bisa dadi panjujugane para pawongan kang
mbutuhake rembug lan pituduh.
Pituduh 249
Ing jagading sesrawungan mono nyirík marang sesipatan kang gumedhe lan
wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane
banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan síng luwih katimbang dheweke.
Mula saiba becike samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan
kuwasa dhewe iku gelema nglaras dhiri lan ngleremake cíptane kang wening, yen
sejatine isíh ana maneh kang Maha Pinter, Maha Sugih, lan Maha Luhur. Klawan
mangkono rasa pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan
bisa sumingkír.
Pituduh 250
Luwih becik makarti tanpa sabawa kang anjog marang karahayoning bebrayan,
katimbang tumindake wong kang rekane nindakake panggawe luhur nangíng
disambi udur. Yektine tata tentrem iku ora bakal bisa kagayuh yen ta ora
adhedhasar kerukunan, dene kerukunan iku mung bisa kecandhak yen siji lan
sijine padha bisa aji-ingajenan lan mong-kinemong.
Pituduh 251
Yen kepengin diajeni liyan, mula aja sok dhemen martak-martakake, apa maneh
nganti mamerake kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku sejatine ora
perlu mbok buru, bakal teka dhrwr. Nuduhake kewasisan pancen kudu bisa milih
papan lan empan.
Mula kang prayoga kepara purihen aja kongsi wong liya bisa njajagi. Nangíng
mangsa kalane ngadhepi gawe parigawe keconggah mrantasi.
Pituduh 252
Aja sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora
katekan apa kang dadi kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki sebab-sebab
ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning pangira-ira kang ora
prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti ora katekan
sedya kita iku, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe.
Pitudh 253
Arang wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon
digayuh. Yen rumangsa kurang isíh golek wuwuh, yen wis oleh banjur golek luwih,
yen wis luwih tumuli mbudidaya aja ana wong síng bisa madhani. Wong kang duwe
rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah ngangsa-angsa, ora nate
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 40
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok banjur tumindak ora
samesthine lan nalisir saka pakarti kang bener.
Pituduh 254
Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yenta nganti kleru ing
panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima, lire ora ngangsa-angsa
nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu
ateges kebacut lumuh ing gawe, suthik ihtiyar. Awit yen mangkono ora jeneng
narima, naging keset. Jer wataking wong keset iku mung gelem enake emoh
rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing
wirang, siningkirake saka jagading bebrayan.
Pituduh 255
Wong urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone "si aku",
aja nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa napsu. Luwih-luwih ing dina samengko,
alam bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih ungkih, rebutan benere
dhewe-dhewe. Mula sing baku, wong urip kudu bisa miyak aling-aling kang nutupi
pikiran kang wening. Lire, senajana sajroning pasulayan, kudu bisa nyandhet
kemrungsung "si aku" istingarah sakehing bedane panemu bisa disawijekake.
Pituduh 256
Wong kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur
kathukulan bendana seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta tindak
tanduke wong liya. Mendah becike yen wong sing kaya mangkono mau kala-kala
gelem nggraita ing njero batine : "mbok menawa aku síng kleru, mula coba dak
tlitine klawan adil sapa kang sejatine nyata-nyata bener".
Pituduh 257
Reseping omah iku ora dumunung ing barang-barang mewah kang larang regane,
nanging gumantung marang panataning prabot kang prasaja, sarta pemasange
rerenggan kang adoh saka watak pamer. Semono uga reseping saliraiku ora
marga saka pacakan kang edi-peni, nanging gumantung ing sandhang penganggo
kang prasaja, trapsila solah bawa, lan padhanging polatan.
Pituduh 258
Yen kowe kepener lagi srengen lan nesu, prayogane wong sing kok nesoni lan kok
srengeni mau kongkonen enggal sumingkir. Utawa kowe dhewe sumingkira
sauntara, aja tetemonan karo wong liya. Sabanjure menenga lan etung-etunga
kanthi sareh wiwit siji tekan sepuluh. Klawan mengkono atimu bakal bisa nimbang-
nimbang apa nesu lan srengenmu marang wong mau bener, apa malah dudu kowe
dhewe sing luput.
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 41
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 259
Jeneng tanpa guna uriping manungsa kang nganti ora bisa nyumurupi marang
kang kedadeyan ing sakiwa tengene. Ora bisa asung lelimbangan lan pamrayoga
sakadhare kanggo karahayoning bebrayan. Rupak pandelenge ora ana liya kang
disumurupi kajaba uripe dhewe. Mati pangrasane, jalaran ora kulina kanggo
ngrasak-ngrasakake kang katon ing saben dinane, wusana dadi cethek budine,
jalaran saka kalepyan marang tepa palupi kang maedahi ing uripe.
Pituduh 260
Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah
bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Éwasemono aja nganti kowe kesusu
mbecíkake kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa
ngenggoni rasa sabar lan tepa selira. Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani
marang sakehing dosane, iku sawijiníng wong kang wis ngerti marang jejering
kamanungsane, manungsa kang utama.
Pituduh 261
Ajining manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka katurunan,
kapinteran, lan kasugihane. Nanging gumantung saka enggone nanjakake
kapinteran lan kasugihane, sarta matrapake wewatekane kanggo keperluan
bebrayan. Kabeh mau yen mung katanjakake kanggo kaperluwane dhewe, tanpa
paedah. Nanging yen pakarti mau kadayan deníng rasa pepinginan golek suwur,
golek pangkat lan donya brana, malah bisa dadi memalaning bebrayan, jalaran
nyinamudana sarana nylamur migunakake jenenge wong akeh.
Pituduh 262
Ora ana budi kang luwih luhur saliyane nduweni rasa asih marang nusa lan
bangsane. Kadunungan rasa rumangsa nduweni sesanggeman lan kuwajiban
mranata tentreming praja kanthi pawitan kapinteran kang dilandhesi
kawicaksananing pambudi. Tandha yetineyen asih, yaiku tansah samapta
tumandang sawayah-wayah yen ana parigawe kang wigati kanggo warga sapadha-
padha, munggahe tansah samapta leladi kanggo keslametaning bebrayan lan
karaharjaning nagara.
Pituduh 263
Wong kang kerep tansah dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong dhemen
ngati-ati, nanging menawa kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan
ngrampungi dhewe. Kepeksa isih kudu noleh wong liya sing diwawas bisa aweh
pituduh. Mula kuwi prayoga ngawulaa marang ati lan kekuwatanmu dhewe, jalaran
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 42
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
wong liya iku sejatine yen ana apa-apane mung saderma nyawang, ora melu
ngrasakake.
Pituduh 264
Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesthi bakal kasurung
atine arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangertenana dening wong akeh
yen dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya diajanana. Sumurupa,
sakabehing kaluwihan mau yen ora dicakake mawa lelabuhan kang murakabi
marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang
prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung
dikatonake marang batine dhewe, iku wis cukup.
Pituduh 265
Dedana utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku
sawijining penggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora
kinanthenan panggrundel kang nelakake ora eklasing atine. Tetembungan kang
lembah ing manah lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang dedene kang ora
eklas. Suprandene nulung lan menehi pepadhang marang jiwane wong
kangkacingkrangan iku kang sejatine luwih perlu lan wigati, katimbang mung
tetulung marang awake kang awujud kelairan bae.
Pituduh 266
Ulat sumeh, tindak-tanduk sareh kinanthenan tembung aris iku bisa ngruntuhake
ati sarta ngedohake panggodhaning setan. Kosokbaline watak wicara kang keras,
kejaba keduga gawe tangining kanepson, uga gampang nuwuhake salah
panampa. Sabarang prakara kang sejatine bisa putus sarana aris lan sareh,
kepeksa dadi adu wuleding kulit lan atosing balung, kari si setan ngguyu ngakak
bungah-bungah.
Pituduh 267
Wong kang kulina urip mubra-mubru iku samangsane ngalami sandhungan urip
sethithik bae adate gampang kethukulan gagasan lan gawe kang cengkah karo
bebener, luwih begja wong kang uripe pokal samadya nanging resik atine. Dene
begja-begjane wong iku ora kaya wong sing tansah urip ing kahanan kang kebak
godha rencana, prasasat tapa ana satengahing coba, nanging tansah tawekal lan
kandel keimanane marang adiling Pangeran Kang Maha Kuwasa.
Pituduh 268
Sipate wong urip iku mesthi kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake
dene kang ora bisa ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja. Ewasemono
ngempakake kekuwatan mula ora gampang. Buktine ora sethithik kekuwatan kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 43
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
empane ora mapan. Kawruhana, yen rusake bebrayan ing antarane marga saka
pakartine para-para kang ngerti marang dayaning kekuwatane nangíng ora kanggo
nggayuh gegayuhan kang mulya, mung kanggo nuruti derenging ati angkara.
Pitudh 269
Katresnan kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan. Kena diarani
sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa
napsu. Dadi yen ana unen-unen " tresna iku wuta" yaiku síng kaprabawan hawa
napsu. Sing prayoga iku mesthine kudu ngugemi unen-unen "tresna iku rumeksa"
bisa salaras tumindake. Rasaning katresnan kang cedhak dhewe tumrap
sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe. Mula sapa kang tresna
marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake dhewe, tundhone sapa
kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan, ora beda karo pangreksa marang
keslametane dhewe.
Pituduh 270
Srawung ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milíh papan lan empan,
uga kudu bisa angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngrojongi
rembug kang kowe dhewe durung ngreti prakarane. Rembug sethithik nanging
mranani iku nuduhake boboting pribadi. Rembug akeh nanging ampang malah
gawe sangga runggine sing padha ngrugokake kepara njuwarehi.
Pituduh 271
Wong kang wis tekan pesthine utawa wis katimbalan bali menyang jaman
kelanggengan iku sejatine lagi kena diwenehi biji tumrap ajine kamanungsane lan
pakartine nalika urip. Dene wong kang isih padha urip iku perlu disemak bae dhisik,
durung kena dipatrapi biji, jer kahanane isih bisa owah gingsir. Sarehne manungsa
iki sawijining titah kang luhur dhewe, mula wis samesthine yen kita aja nganti
kayadene sato kang patine mung ninggal tenger lulang lan balung bae. Nanging
bisowa kita nanjakake urip kita marang pakarti-pakarti utama, sumrambahe
marang karahayoning urip bebrayan.
Pituduh 272
Mustikane wong tuwa marang anak mung ana ing laku kang gumati, gunem kang
ruruh, lan ujar kang manis. Gumatine dumunung ing tepa tuladhaning tingkah laku.
Gunem lan ujar kawengku ana ing ucap kang istingarah numusi kajiwan, lan
luhuring budi pekerti. Mula yen ana apa-apa, aja selak marang sebuting paribasan
: "Ora ana kacang ninggal lanjaran".
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir 44
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir
Pituduh 273
Nanggapi kahanan urip ing satengahing bebrayan iku gampang angel. Aran angel
kepara malah bisa gawe ketliwenging pikir samangsa anggon kita mawas
kedhisikan kagubel ing hawa. Aran gampang yen kita bisa mikir klawan wening lan
meneb. Iya pamikir kang meneb iku kang aran akal budi sejati. Kang bisa
mbabarake wohing wawasan kang mulus resik, ora kacampuran blentonge "si
aku". Apamaneh yen ta kita bisa tetep nguwasani weninging pikir, nadyan
kahanane urip ing satengahing bebrayan kisruha dikayangapa, istingarah ora
angel anggon kita nanggapi.
Pituduh 274
Srengen marang wong mono aja nganti kenemenen lan keliwat-liwat mung marga
wis ngerti yen wong mau ora bakal wani nglawan utawa wis ora bisa nglawan, sing
estine mung arep ngedír-edirake drajad pangkat utawa kadibyane bae. Pakarti
kaya ngono mau kejaba klebu ambeg siya, uga wong sing disrengeni durung
karuwan bakal dadi becik, kepara bisa nuwuhake rasa sengit. Kang prayoga iku
srengen samadya kang mengku pitutur murih becike.
Pituduh 275
Wong pinter kang ora kinanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta
kang nggawa obor ing wayah bengi. Madhangi wong liya nanging dheweke dhewe
lakune kesasar-sasar. Kapinteran mangkene iki yen ta dicakake ing madyaning
bebrayan bakal nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan
karusakan.