[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 1
URAIAN MATERI
KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA
1. WIDYA SWARA BASA JAWA
a. Fonologi
Manungsa minangka mahluk sosial wis tamtu nglakoni sing jenenge
pasrawungan karo wong liya. Pasrawungan bisa kalaksanan kanthi lancar menawa
ana piranti sing nglantarake. Micara kalaksanan kanthi nggunakake piranti awujud
basa, yaiku sistem lambang swara kang arbitrar lan konvensional kanggo
ngandharake panemune marang wong liya. Lambang swara kang digunakake iku
bisa diwarahake kanthi ilmiah. Modul iki digawe kanthi ancas bisa nyinau kepiye
carane manungsa bisa ngasilake swara.
Fonologi yaiku ilmu kang ngandharake babagan proses aggone
ngasilake/produksi swara. Kanthi luwih cetha Nafisah (2017: 70) ngandharake
menawa “fonologi mencakup bunyi bahasa, baik yang bersangkutan pembentukan
bunyi, bunyi sebagai getaran udara, dan bunyi yang terdengar (ketiganya dikaji
oleh fonetik) maupun yang bersangkutan dengan fungsi bunyi dalam komunikasi.”
Saben manungsa anggone micara tamtu ngalami proses fonologis supaya bisa
ngasilake swara/fonem. Proses ngasilake swara, carane swara mrambat lumantar
hawa, lan nganti swara bisa dirungokake iku diwarahake ana ing kajian fonetik.
Tegese fonologi iku uga meh padha karo andharane Ningsih lan
Purwaningsih (2013: 75) menawa:
“Pengetahuan tentang fonologi berkaitan dengan bagaimana penutur
bahasa memproduksi bunyi yang mempunyai arti, mengenali aksen yang
asing, membentuk kata baru, menambah segmen fonetik yang cocok untuk
memproduksi bunyi yang beraspirasi dan yang tidak aspirasi dalam
konteks yang sesuai, mengenali apa yang berbunyi dan yang tidak
berbunyi dalam suatu bahasa itu.”
Saka andharan iku bisa dingerteni menawa ilmu fonologi iku ora mung sinau
babagan cara ngasilake swara, ananging uga ngrembug babagan karakteristik
swara saengga bisa dibedakake swara kang ngemu teges, ngemu ancas, lan bisa
milah swara kang beda logate. Swara kang bisa mbedakake tegese tembung iku
sinebut fonem. Coba gatekna tuladha ing ngisor iki.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 2
titik >< tilik thuthuk >< tutuk
dhodhol >< dodol wedi >< wedhi
lara >< loro gori >< giri
Tembung-tembung kang katulis iku diucapake kanthi teges kang ora padha
sanajan mung beda safonem. Tembung titik lan tilik duwe teges kang beda sanajan
sing owah mung fonem /t/diganti /l/. Tembung liyane uga padha, tembung thuthuk
‘barang atos kanggo dedeg owah tegese’ dadi tutuk ‘piranti kanggo ngomong’
gara-gara fonem /th/diganti /t/. Tembung dhodhol ‘salah sijining jinis panganan’
duwe teges kang beda karo dodol ‘adol barang’ kamangka mung beda fonem
/dh/lan /d/. Tembung wedi ‘ora wani’ duwe teges sing beda karo wedhi ‘pasir’
amarga beda fonem /d/lan /dh/. Tembung lara ‘ora kepenak awake’ lan loro ‘angka
loro’ duwe teges kang beda amarga sing siji nganggo swara /a/ lan sijine nganggo
fonem /o/. Tembung gori ‘panganan gori’ lan giri ‘gunung’ duwe teges kang beda
sanajan mung beda fonem /o/lan /i/.
b. Fonetik
Kaya kang wus dirembug sadurunge. Kang diarani fonetik yaiku perangane
ilmu linguistik kang mligi ngrembug piye carane swara bisa diasilake, piye carane
swara mrambat lumantar hawa, uga piye carane swara bisa dirungokake. Kanthi
luwih cetha Mulyani (2008: 5-6) ngandharake:
“… fonetik adalah ilmu yang mempelajari bagaimana cara kerja alat ucap
manusia dalam menghasilkan bunyi bahasa, bagaimana hakikat bunyi
bahasa itu (dalam hal ini frekuensi, intensitas, dan timbernya), serta
bagaimana getaran udara sebagai bunyi bahasa tersebut diterima oleh
indra pendengaran manusia”.
Saka andharan kang kaya mangkana fonetik bisa uga diarani bidang kajian
fonologi kang ngrembug babagan raganing swara. Jinising fonetik ana telu yaiku
fonetik artikulatoris/organik, akustik, lan auditoris. Jinis-jinis fonetik iku
diklasifikasikake miturut papan panggonane swara nalika lagi pasrawungan, yaiku
nalika nembe micara, nalika swara mrambat lumantar hawa, lan nalika swara iku
dirungokake dening mitra wicara. Jinising fonetik iku bisa disawang saka gambar
2 kang wis dicepakake.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 3
Fonetik
artikulatoris/organis
Fonetik Akustik Fonetik Auditoris
Pamicara Swara mrambat
lumantar hawa
Mitra wicara/
kang diajak guneman
Gambar 2: Jinising fonetik
Fonetik artikulatoris iku naliti organ ana ing awake pamicara kang
digunakake supaya bisa ngasilake swara. Fonetik jinis iki ngrembug kepiye carane
hawa saka paru-paru manungsa nglewati organ-organ liyane bisa ngasilake swara
kang maneka warna. Swara-swara kang kaasilake nalika micara iku mau banjur
bisa dipilah-pilah miturut artikulator/piranti kanggo ngucap.
Fonetik akustik iku naliti swara kang mrambat saka pamicara marang
mitra wicara kanthi lumantar hawa. Jinis fonetik iki ngrembug swara kang wus ora
ana hubungane nalika diasilake lan durung tekan ing mitra wicara. Swara kang
dirembug yaiku swara kang wus metu saka tutuk. Marsono (2013: 2) ngandarake
menawa “bunyi-bunyi diselidiki frekuensi getarannya, amplitude, intensitas, dan
timbernya”. Fonetik akustik nggabungake antarane ilmu basa lan fisika supaya
bisa mangerti karakteristik swara kang diucapake.
Fonetik auditoris naliti swara kang dirungokake dening mitra wicara. Jinis
fonetik iki naliti kepiye carana swara bisa ditampa lewat kuping banjur mitra
wicara bisa ngerti basa iku mau. Fonetik auditoris lan fonetik artikulatoris iku
nggabungke ilmu basa lan kedokteran amarga kang ditaliti proses swara diasilake
lan ditampa kanthi piranti organ manungsa.
Jinis fonetik kang arep dibahas ana ing modul iki yaiku fonetik
artikulatori. Fonetik iki penting diwarahake supaya panjenengan luwih ngerti
babagan proses produksi/ngasilake swara. Sanajan mangkono, kanthi sinau fonetik
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 4
artikulatori panjenengan bisa milah-milah jinising swara miturut piranti kang
digunakake kanggo ngasilake swara.
2. FONETIK ARTIKULATORI
a. Piranti Nyuwara
Swara kang sering dirungokake nalika rembugan karo wong liya iku ora
teka ngono wae, ana piranti-piranti awujud organ kang bisa ngasilake swara.
Supaya luwih cetha, modul iki nyelipi gambar piranti kanggo ngasilake swara
kaya kang ana ing gambar 3. Gambar piranti kasebut banjur dikompliti kanthi
katrangan jeneng-jenenge piranti kasebut ana ing tabel 2 manut urutan nomer
kang ana ing gambar 3.
Piranti kanggo ngucap ana ing gambar 3 duwe tugase dhewe-dhewe
kanggo ngasilake maneka swara. Ana organ kang duwe pengaruh langsung nalika
ngasilake swara sinebut artikulator. Organ-organ kuwi mapan ana ing tutuk kang
tugase ngalangi hawa supaya bisa ngasilake maneka warna swara. Artikulator
kang digunakake kanggo ngasilke swara iku bisa disawang saka gambar kang
katulis no. 11-19 lan no. 21-22.
Tabel 2: Piranti kanggo ngasilake swara
Piranti Nyuwara Basa Latine
1) Paru-paru (lungs)
2) Gurung ngisor (batang tenggorokan/trachea)
3) Gurung dhuwur (pangkal tenggorokan/larynx)
4) Pita swara (vocal cord)
5) Krikoid (cricoid)
6) Trikoid (thyroid)
7) Aritenoid (arythenoid)
8) Telak (dinding rongga tenggorokan/wall of pharynx)
9) Epiglotis (epiglotis)
10) Oyoting ilat (root of the tongue)
11) Ilat sisih jero (hump/back of thongue/dorsum)
12) Ilat sisih tengah (middle of tongue/medium)
dorsal
medial
laminal
apical
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 5
Piranti Nyuwara Basa Latine
13) Ilat sisih dhuwur (blade of tongue/lamina)
14) Pucuk ilat (tip of tongue/apec)
15) Anak tekak (uvula)
16) Gorokan (langit-langit empuk/soft palate/velum)
17) Cethak (langit-langit atos/hard palate/palatum)
18) Gusi (alveola/alveolum)
19) Untu sisih ndhuwur (upper teeth/denta)
20) Untu sisih ngisor (lower teeth/denta)
21) Lambe sisih ndhuwur (upper lip/labia)
22) Lambe sisih ngisor (lower lip/labia)
23) Tutuk (mouth)
24) Ruangan njero tutuk (oral cavity/mouth cavity)
25) Ruangan njero irung (nose cavity/nasal cavity)
uvular
velar
palatal
alveolar
dental
dental
labial
labial
Artikulator iku bisa dipara dadi loro yaiku artikulator aktif karo artikulator
pasif. Artikulator aktif iku mapan ana ing tutuk sisih ngisor, menawa artikulator
pasif mapan ana ing tutuk sisih dhuwur. Artikulator iku mau diarani aktif amarga
bisa diobahke manut kang dibutuhake, ewa dene artikulator pasif iku ora bisa
obah. Kang kalebu artikulator aktif yaiku 1) ilat sisih mburi, 2) ilat sisih tengah,
3) ilat sisih ndhuwur, 4) pucuk ilat, lan 5) lambe ngisor. Artikulator pasif kang
digunakake kanggo ngasilake swara yaiku 1) anak tekak, 2) gorokan, 3) cethak, 4)
gusi, 5) untu sisih ndhuwur, lan 6) lambe sisih ndhuwur.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 6
Gambar 3: Piranti Kanggo Ngucap (sumber: http://slideplayer.info)
Tuladha panganggone artikulator aktif lan pasif bisa disawang nalika arep
ngucapake swara /d/ yaiku swara kang diasilake saka artikulator pucuk ilat karo
untu. Artikulator aktif yaiku pucuk ilat nyerak marang untu sisih dhuwur. Untu
sing ana ing sisih dhuwur ora bisa obah, sing aktif iku pucuk ilat minangka
artikulator aktif.
b. Cara ngasilake swara
Manungsa ngasilake swara kang duwe teges iku ana carane. Piranti kang
paling wigati supaya bisa ngasilake swara yaiku kudu ana hawa. Hawa kang
dibutuhake iku asale saka kagiyatan napas. Hawa kang mlebu ing awak banjur
ditokke meneh sawise digunakake. Kanthi prentah saka otak, otot-otot ana ing
paru-paru, weteng lan dada ngembang lan ngempis supaya hawa kang ana ing
paru-paru bisa mlaku munggah nglewati gurung-gurung.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 7
Ing gurung-gurung iku mau ana sing jenenge krikoid, trikoid, arytenoid,
lan pita swara. Pita swara sisih ngarep kelet ana ing tiroid menawa sisih mburi
kelet karo arytenoid. Pita swara duwe tugas supaya bisa ngasilake swara yaiku
ngatur hawa kang mlebu lan metu ana saka paru-paru tumuju tutuk. Saka hawa
kang lewat iku mau pita swara bisa kabukak ombo, kabukak, katutup, lan katutup
kenceng.
Glotis kabukak ombo iku nalika awake dhewe napas biasa. Nalika napas
pita suara ora duwe tugas ngasilake swara. Hawa ing paru-paru bisa metu kathi
bebas. Marsono (2013: 9) ngandharake “glottis dalam keadaan terbuka bila
dalam menghasilkan bunyi tak bersuara …”. Glotis katutup nalika hawa kang
nglewati pita swara bisa gawe pita swara iku geter saengga bisa ngasilake swara
tartamtu. Proses produksi swara nalika hawa nglewati pita swara iku diarani
proses fonasi. Glotis katutup rapet iku kadadeyan nalika ngucapake swara glottal
stop kayata ngomong bapak [bapa?]. Swara [k] ana ing mburi tembung bapak iku
bisa kalebu swara glottal stop. Supaya luwih cetha kang diarani glotis iku kaya
ngapa, coba panjenengan gatosaken gambar 4 ana ing modul iki.
Glotis Terbuka Lebar Glotis Terbuka
Glotis Tertutup Glotis Tertutup Rapat
Gambar 4: Glotis (sumber: https://www.omicsonline.org)
Gambar 4 iku minangka gambaran bentuk pita swara. Bentuk pita swara kang
nyata uga bisa panjengan priksani ana ing situs
https://www.youtube.com/watch?v=egT-OLS1-UM.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 8
Hawa kang lewat pita swara nerusake munggah banjur oleh alangan saka
artikulator ing njero tutuk. Alangan saka artikulator iku mengko kang nggawe
swara saka pita swara dadi maneka warna. Proses kang mangkono iku diarani
proses artikulasi. Pungkase hawa mau digiring metu, bisa lewat tutuk bisa uga
lewat irung. Proses metune hawa iku mau diarani proses oro-nasal.
c. Klasifikasi Swara
Swara kang diasilake organ swara manungsa bisa dipilah-pilah manut
kahanan tartamtu. Bab iki arep ngrembug klasifikasi swara kang kaya mangkene:
1) Klasifikasi Swara Miturut Dalan Metune Hawa
Klasifikasi swara miturut dalan metune hawa dipara dadi loro, yaiku hawa
kang metu saka tutuk lan hawa kang metu saka irung. Hawa kang metu saka tutuk
iku bisa ngasilake swara oral. Kang kalebu ana ing swara oral yaiku [a], [b], [c],
[d], [ḑ], [e], [f], [g], [h], [i], [j], [k], [l], [o], [p], [q], [r], [s], [t], [ț], [u], [v], [w],
[y], lan [?]. Banjur, hawa kang metu saka irung iku bisa ngasilake swara nasal.
Hawa kang mlaku saka paru-paru dialang-alangi supaya babar blas ora bisa metu
saka tutuk. Titikane swara nasal yaiku nalika pamicara ngucap tembung nasal
sinambi njithet irung swara iku ora bakal bisa kaasilake amarga hawa saka paru-
paru ora bisa metu. Kang klebu ana ing swara nasal yaiku [n], [m], [ñ], lan [ŋ].
Dalan metune hawa saka paru-paru kaya kang wus diandharake mau bisa dipirsani
saka gambar 5 kang wis dicepakake ana ing modul.
Oral Nasal
Gambar 5: Dalan metune hawa ana ing swara oral lan nasal
(sumber: http://doktorbudak.com)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 9
2) Klasifikasi Swara Miturut Ana Orane Proses Artikulasi
Klasifikasi swara miturut ana lan orane proses artikulasi kaperang dadi
loro, yaiku vokal, lan konsonan. Kanthi luwih cetha klasifikasi swara kuwi mau
bisa dijlentrehake ana ing ngisor iki.
a) Swara Vokal
Swara vokal yaiku swara kang diasilake organ micara tanpa dialangi
artikulator. Hawa kang metu saka paru-paru mung dialangi nalika nglewati pita
swara. Andharan iki cocok karo kang dijlentrehake dening Verhaar (2012: 33)
menawa “vokal adalah bunyi bahasa yang dihasilkan dengan melibatkan pita-pita
suara–tanpa penyempitan atau penutupan apa pun pada tempat pengartikulasian
mana pun”. Swara vokal kang digawe sejatine amarga ana pita swara. Sanajan
mangkono, swara vokal bisa maneka warna amarga posisi ilat lan lambe sing
micara.
Swara vokal kang diasilake bisa disawang saka dhuwure ilat, perangane
ilat kang diunggahake, adoh cerake ilat karo langit-langit, lan wujud lambe nalika
ngetokake hawa. Ing fonologi ana sing diarani vokal kardinal yaiku diagram kang
ngemot posisi ilat saben vokal supaya luwih gampang anggone sinau. Diagram
kardinal swara vokal basa Jawa bisa disawang ana ing gambar 6 modul iki.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 10
Gambar 6: Vokal kardinal basa Jawa
Vokal ana ing basa Jawa menawa disawang ana ing gambar 6 cacahe ana
sepuluh, yaiku [i], [I], [e], [Ɛ], [a], [ә], [u], [U], [o], lan [ɔ]. Pamilahing swara
vokal miturut dhuwure ilat, ilat sing obah, lan adoh cerake ilat karo langit-langit
ditulis kanthi cetha ana ing gambar. Supaya luwih cetha pamilahing swara vokal
bisa dijlentrehake kaya mangkene:
(1) Pamilahing swara vokal miturut dhuwure ilat
Nalika ngucap swara vokal, ilat minangka organ kanggo ngucap bisa
mapan ana ing telung posisi yaiku posisi dhuwur, tengah, lan ngisor saengga bisa
ngasilake swara vokal, yaiku:
(a) Vokal dhuwur yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing dhuwur.
Kang kalebu ana ing vokal dhuwur yaiku swara [i], [I], [u], lan [U]. Jinis
vokal iki bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal dhuwur sing kenceng yaiku
[i] lan [u], saha vokal dhuwur sing kendho yaiku [I] lan [U].
(b) Vokal Madya yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing tengah-
tengah. Kang kalebu ana ing vokal madya yaiku swara [e], [Ɛ], [ә], [o], lan
[ɔ]. Jinis vokal iki isih bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal madya
kenceng yaiku [e] lan [o], saha vokal madya kendho yaiku [Ɛ] lan [ɔ].
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 11
(c) Vokal ngisor yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing ngisor. Ana
ing basa Jawa kang kalebu ana ing swara vokal iki mung swara [a]. Vokal
ngisor ana ing basa Jawa ora dipilah meneh dadi loro. Ananging, menawa
arep dipadhakake karo vokal sing liyane vokal iki kalebu ana ing vokal ngisor
kendho.
(2) Pamilahing swara vokal miturut ilat kang obah
Swara vokal uga bisa dipilah saka organ ilat kang obah. Pamilahing vokal
kang kaya mangkana ngasilake telung jinis vokal yaiku vokal ngarep, vokal
tengah, karo vokal buri. Kang kalebu ana ing vokal ngarep yaiku swara [i], [I], [e],
[Ɛ], lan [a]. Kang kalebu ana ing vokal tengah yaiku swara [ә]. Banjur, kang
kalebu ana ing vokal buri yaiku swara [u], [U], [o], lan [ɔ].
(3) Pamilahing swara vokal miturut cerak adohe ilat karo langit-langit
Swara vokal bisa kapara dadi papat menawa sinawang saka adoh cerake
ilat karo organ langit-langit, yaiku tinutup, rada rada tiutup, rada binuka, lan
binuka. Adoh cerake ilat karo langit-langit ana ing tutuk adate diarani striktur.
(a) Vokal tinutup (close vowels) yaiku swara vokal kang diasilake nalika ilat
diangkat dhuwur nganti cerak karo langit-langit. Ilat kang diangkat iku ora
nganti ndemok langit amarga menawa hawa kang metu oleh alangan swara
kang diasilake ora bisa dadi vokal. Menawa nyawang saka vokal kardinal
kang wus cumepak, kang kalebu ana ing vokal katutup yaiku swara [i] lan [u].
(b) Vokal rada tinutup (half-close) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat
ditarik munggah, ananging ora luwih dhuwur saka vokal katutup. Munggahe
ilat kira-kira loro per telu saka dhuwure ilat nalika ngasilake swara vokal
tinutup saengga bisa ngasilake swara [I] lan [U].
(c) Vokal rada binuka (half-open) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat
ditarik rada dhuwur, dhuwure wetara sepertelu saka dhuwure ilat nalika
ngasilake vokal tinutup. Kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku swara
[Ɛ], [ә], lan [ɔ].
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 12
(d) Vokal binuka yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat mapan ana ing
posisi ngisor (ora ditarik munggah). Swara kang kalebu ana ing vokal binuka
yaiku mung swara [a].
Supaya pamilahing swara ing dhuwur iku luwih cetha, coba panjenengan
tingali gambar nalika organ micara ngasilake vokal ngarep lan buri ana ing
gambar 7.
Gambar 7 ana ing modul iki nuduhake menawa ngucapake vokal ngarep,
ilat kang obah yaiku ilat sisih ngarep. Gambar iku uga dipepaki pamilahing swara
miturut dhuwuring ilat. Nalika ilat ngarep sing aktif obah lan posisine ora dhuwur,
swara vokal sing diasilake yaiku swara [a]. Vokal ngarep sing posisi ilate ana ing
tengah-tengah bakal ngasilake swara [e] [Ɛ]. Nalika ngucap nganggo ilat kang
obah sisih ngarep tur ilate munggah dhuwur, swara sing bisa diasilake yaiku
swara [i] lan [I].
Gambar 7: Posisi ilat nalika ngasilake vokal ngarep
(sumber: http://www.pronunciaringles.com)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 13
Gambar 8: Posisi ilat nalika ngasilake vokal buri
(sumber: http://www.pronunciaringles.com)
Gambar 8 uga nuduhake posisi ilat menawa disawang saka perangane ilat
kang obah. Perangane ilat sing obah ana ing gambar 7 yaiku sisih buri. Ora mung
menehi gambaran babagan perangane ilat sing obah. Gambar iku uga ditambahi
katrangan babagan swara vokal kang bisa diasilake sinawang saka adoh cerake ilat
karo langit-langit. Nalika ilat buri sing obah banjur ilat diangkat munggah nganti
cerak langit-langit, swara vokal kang bisa diasilake yaiku [u]. Posisi ilat buri kang
obah banjur ilat diangkat loro per telu saka dhuwure vokal tinutup bisa ngasilake
swara [U] lan [o]. Nalika ilat buri sing aktif banjur ilat iku uga diangkat sepertelu
saka vokal tinuptup, swara kang bisa diasilake yaiku [ɔ]. Ing vokal kardinal ana
ruangan kanggo vokal buri binuka. Jinis vokal iki bisa ditemoni ing basa Inggris.
Ananging, ing basa Jawa vokal buri binuka ora bisa ditemoni.
(4) Pamilahing swara vokal miturut bentuk lambe
Swara vokal uga bisa diasilake saka bentuk lambe nalika ngucap. Bentuk
lambe nalika ngucap swara vokal kaperang dadi loro, yaiku bunder lan ora bunder.
Vokal bunder yaiku swara vokal kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru metu
nglewati lambe sing bentuke bunder. Swara vokal kang kalebu vokal bunder yaiku
[ɔ], [o], [U], lan [u]. Banjur, kang diarani vokal ora bunder yaiku nalika ngasilake
swara vokal, hawa saka paru-paru ditokake lewat lambe sing bentuke ora bunder.
Vokal ora bunder bisa diasilake nalika bentuk lambene netral utawa lonjong.
Swara vokal kang kalebu ana ing vokal ora bunder yaiku [i], [I], [e], [Ɛ], [a], lan
[ә].
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 14
Bentuk lambe nalika ngucap swara vokal dibedakake dadi telu, yaiku
bunder, lonjong lan netra. Sanajan bentuk lambe mung ana telu, lambe kasebut
bisa ngasilake sepuluh vokal ana ing basa Jawa. Bab iki bisa kadaden amarga ana
pengaruhe karo ilat lan amba orane lambe nalika ngucap vokal kasebut. Swara [u]
lan [o] minangka swara kang diasilake nalika bentuke lambe bunder. Ananging,
nalika ngucap swara [u] lambe kudu dibentuk bunder kang luwih cilik tinimbang
nalika ngucap swara [o].
Lambe Kabukak Bunder Lambe Katutup Bunder
Lambe Netral Lambe Lonjong
Gambar 9: Bentuk lambe nalika ngasilake swara vokal
(sumber: http://fonologiunlam12.blogspot.co.id)
(5) Klasifikasi swara vokal miturut cacahe swara
Swara vokal kang mapan ana ing tembung bisa dipilah manut cacahe vokal
saben wanda. Ing basa Jawa pamilahing tembung kanthi cara mangkono mung ana
loro yaiku monoftong lan diftong. Monoftong yaiku pangucape swara vokal ana
ing saben wanda ora ana sing rangkep. Tuladha monoftong yaiku sate. Tembung
sate kabentuk saka urutan konsonan vokal konsonan vokal (KVKV). Ora ana
vokal kang rangkep ana ing tembung iku. Banjur, diftong yaiku pangucape swara
vokal ana ing wanda kasusun rangkep. Diftong ana ing basa Jawa adate
digunakake nalika mbangetake prakara tartamtu. Tuladha diftong yaiku cuilik.
Susunan tembung cuilik yaiku KVVKVK. Ana ing tembung iku bisa ditemoni ana
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 15
vokal kang digunakake bebarengan ana ing wanda. Prakara kang kaya mangkono
kang diarani diftong.
Supaya luwih cetha, pamilahing swara vokal miturut dhuwure ilat, ilat sing
obah, adoh cerake ilat karo langit-langit, saha bentuk lambe bisa karingkes ana ing
tabel 3. Saka tabel kang wis cumepak, panjenengan bisa ngerti ana ngendi mapane
ilat lan kepiye bentuk lambe kang bisa ngasilake swara-swara vokal basa Jawa
kang bener.
Tabel 3: Tabel pamilahing swara basa Jawa
No. Swara
Vokal
Pamilahing swara vokal sinawang saka-
Tuladha Dhuwure
Ilat
Ilat kang
Obah Striktur
Bentuk
Lambe
1. [i] Dhuwur
Kenceng
Ngarep Tinutup Ora
Bunder
impi [impi]
ingsun [iŋsUn]
sambi [sambi]
iwak [iwa?]
2. [I] Dhuwur
Kendho
Ngarep Rada
Tinutup
Ora
Bunder
pitik [pitI?]
sithik [sițI?]
slenthik [slәnțI?]
apik [apI?]
3. [u] Dhuwur
Kenceng
Buri Tinutup Bunder untu [untu]
saru [saru]
sapu [sapu]
kuru [kuru]
4. [U] Dhuwur
Kendho
Buri Rada
Tinutup
Bunder wangun [waŋUn]
karung [karUŋ]
sarung [sarUŋ]
entuk [entU?]
5. [e] Madya
Kenceng
Tengah Rada
Tinutup
Ora
Bunder
eling [eling]
terong [terɔŋ]
entuk [entU?]
sare [sare]
6. [Ɛ] Madya Ngarep Rada Ora pelet [pƐl Ɛt]
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 16
No. Swara
Vokal
Pamilahing swara vokal sinawang saka-
Tuladha Dhuwure
Ilat
Ilat kang
Obah Striktur
Bentuk
Lambe
Kendho Binuka Bunder ceret [cƐrƐt]
karet [karƐt]
suwek [suwƐ?]
7. [ә] Madya Ngarep Rada
Binuka
Ora
Bunder
pareng [parәŋ]
pakem [pakәm]
karep [karәp]
lenga [lәŋa]
8. [o] Madya
Kenceng
Buri Rada
Tinutup
Bunder loro [loro]
coro [coro]
karo [karo]
ora [ora]
9. [ɔ] Madya
Kendho
Buri Rada
Binuka
Bunder sega [sәgɔ]
apa [ɔpɔ]
kanca [kɔncɔ]
tuwa [tuwɔ]
10. [a] Ngisor
Kendho
Ngarep Binuka Ora
Bunder
aran [aran]
sayah [sayah]
wayah [wayah]
kasar [kasar]
b) Swara Konsonan
Swara konsonan yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru
oleh alangan sadurunge metu. Swara konsonan bisa dipilah-pilah manut piranti
micara, jinis alangan, kahanan pita swara, lan cacahe swara.
(1) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Piranti Micara
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 17
Gambar 10: Artikulasi konsonan bilabial
(sumber: http://www.learnlanguagesonyourown.com)
Swara konsonan
bisa dipilah manut
piranti micara kang
digunakake. Hawa kang
metu saka paru-paru
ngalami proses
artikulasi nalika ana ing
tutuk. Menawa dipilah-
pilah manut piranti
micara, swara konsonan
bisa kaperang dadi
sepuluh yaiku bilabial,
labio-dental, apiko-
dental, apiko-alveolar, apiko-palatal, lamino-alveolar, medio-palatal, dorso-
velar, laringal, lan glotal stop. Jinising sawara konsonan kang kasebutake iku
dijupuk saka jeneng latin saben organ artikulasi sing digunakake nalika ngasilake
swara. Coba panjengan bikak meneh katrangan piranti kanggo ngucap ana ing
kaca 8-9.
Konsonan bilabial yaiku swara konsonan kang kaasilake nalika hawa saka
paru-paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan lambe
dhuwur minangka artikulator pasif. Tembung bilabial iku sejatine kajupuk saka
basa Latine lambe yaiku labial. Artikulator kang digunakake kanggo ngasilake
konsonan bilabial yaiku lambe kang cacahe loro (ngisor lan dhuwur) mula
jenenge dadi bilabial. Kang kalebu ana ing konsonan bilabial yaiku swara [b],
[p], lan [m].
Konsonan labio-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan untu dhuwur
minangka artikulator pasif. Tembung labio-dental iku sejatine dijupuk saka basa
Latine lambe lan untu yaiku labial karo dental. Kang kalebu ana ing koknsonan
labio-dental yaiku swara [f], [v] lan [w]. Ananging, swara [w] uga bisa
dilebokake ana ing swara semi-vokal amarga nalika diucapake durung mbentuk
swara konsonan kanthi wutuh.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 18
Gambar 11: Artikulasi konsonan labio-dental
(sumber: https://home.cc.umanitoba.ca)
Konsonan apiko-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa kang
metu saka paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif karo
untu dhuwur minangka artikulator pasif. Basa Latin saka pucuk ilat yaiku apical
banjur basa Latin saka untu yaiku dental, mula konsonan iki sinebut konsonan
apiko-dental. Kang kalebu konsonan apiko-dental yaiku swara [t] lan [d].
Gambar 12: Artikulasi konsonan apiko-dental
(sumber: http://www.pinsdaddy.com)
Konsonan apiko-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka
paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan gusi
minangka artikulator pasif. Basa Latin saka pucuk ilat yaiku apical banjur basa
Latin saka gusi yaiku alveolar, mula konsonan iki sinebut konsoanan apiko-
alveolar. Kang kalebu ing konsonan apiko-alveolar yaiku swara [n], [l], lan [r].
Untu dhuwur
lan lambe
ngisor gathuk
Pucuk ilat lan
untu dhuwur
gathuk
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 19
Gambar 13: Artikulator konsonan apiko-alveolar
(sumber: http://www.pinsdaddy.com)
Konsonan apiko-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan cethak minangka
artikulator pasif. Basa Latin saka pucuk ilat yaiku apical banjur basa Latin saka
cethak yaiku palatal, mula konsonan iki sinebut apiko-palatal. Kang kalebu ana
ing konsonan apiko-palatal yaiku swara [ț] lan [ḑ].
Konsonan lamino-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka
paru-paru dialangi dening ilat sisih dhuwur minangka artikulator aktif lan gusi
minangka artikulator pasif. Basa Latin saka ilat sisih dhuwur yaiku laminal
banjur basa Latin saka gusi yaiku alveolar, mula konsonan iki diarani lamino-
alveolar. Kang kalebu ana ing konsonan lamino-alveolar yaiku [s] lan [z].
Konsonan medio-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening ilat sisih tengah minangka artikulator aktif lan cethak
minangka artikulator pasif.
Basa Latin saka ilat sisih
tengah yaiku medial banjur
basa Latin saka cethak
jenenge palatal, mula
konsonan kasebut sinebut
konsonan medio-palatal.
Kang kalebu konsonan
medio-palatal yaiku [c],
[j], [ñ], [y]. Ananging, swara [y] uga bisa dilebokake ana ing swara semi-vokal
amarga nalika diucapake durung mbentuk swara konsonan kanthi wutuh.
Pucuk ilat
lan gusi
gathuk
Gambar 14: Artikulator konsonan medio-palatal
(sumber: https://pt.slideshare.net)
Ilat sisih
tengah lan
cethak
gathuk
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 20
Konsonan dorso-velar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru kaalang dening ilat sisih jero minangka artikulator aktif lan gorokan
minangka artikulator pasif. Basa Latin saka ilat sisih jero yaiku dorsal banjur
basa Latin saka gorokan yaiku velar, mula konsonan iki sinebut konsonan dorso-
velar. Kang kalebu konsonan dorso-velar yaiku [k], [g], [ŋ], lan [x].
Konsonan laringal yaiku swara kang diasilake ana ing telak. Basa Latin
saka telak yaiku pharynx, mula konsonan iku kasebut faring. Kang kalebu
konsonan faring yaiku swara [h]. Konsonan glottal stop yaiku swara kang
diasilake nalika hawa kang metu saka paru-paru nglewati ruangan antarane pita
swara. Basa Latin saka ruangan ana ing antarane pita swara yaiku glotis, mula
konsonan iku diarani glottal stop. Nalika hawa munggah saka paru-paru glotis
katutup rapet sedhela banjur ujug-ujug pita swara dibukak saengga hawa bisa
metu. Kang kalebu glottal stop yaiku swara [?].
(2) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Jinis Alangan
Swara konsonan uga bisa dipilah-pilah miturut alangan nalika hawa ing
paru-paru. Konsonan kangdisawang miturut jinis alangan iki diklasifikasi dadi
lima, yaiku konsonan letup, friksasi, lateral, lan geter. Konsonan letup yaiku
swara kang dumadi nalika hawa saka paru-paru ngerti-ngerti mandheg amarga
kaalang dening artikulator banjur hawa kang madheng iku ujug-ujug diuculake.
Konsonan letup uga kaarani konsonan alangan letup, stop, utawa polsif. Kang
kalebu ana ing konsonan letup yaiku [b], [c], [d], [ḑ], [g], [j], [k], [p], [t], [ț], lan
[?].
Konsonan frikatif yaiku konsonan kang dumadi nalika dalane hawa saka
paru-paru tumuju njaba owah dadi ciut saengga kudu geser dalane supaya bisa
metu. Konsonan iki uga bisa diarani konsonan geser utawa ngeses. Kang kalebu
konsonan frikatif yaiku swara [f], [v], [s], [z], [x], lan [h]. Konsonan lateral yaiku
swara konsonan kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo gusi banjur hawa
saka paru-paru metu lewat sisih-sisihe ilat iku mau. Tembung latera iku asale saka
basa Latin kang tegese ‘samping’ mula konsonan uga sinebut konsonan samping.
Titikane konsonan lateral yaiku hawa kanga rep metu saka tutuk dialang-alangi
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 21
ana ing tengah mula kudu lewat saka samping alangan iku mau. Kang kalebu
konsonan lateral yaiku swara [l].
Konsonan geter yaiku swara kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo
gusi. Ananging, nalika ngucap konsonan iki hawa saka paru-paru metu nglewati
antarane pucuk ilat karo gusi kuwi. Pucuk ilat kang kaalang nyeraki gusi iku
banjur geter kena hawa iku mau saengga ngasilake swara konsonan geter.
Konsonan geter uga bisa diarani konsonan vibrants utawa trills. Kang kalebu
konsonan geter yaiku swara [r].
(3) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Kahanan Pita Swara
Swara konsonan bisa kapilah-pilah miturut ana orane proses fonasi. Nalika
hawa saka paru-paru mlaku munggah nglewati pita swara, hawa kang munggah
iku ana sing bisa nggeterake lan ana sing ora bisa nggeterake pita swara.
Konsonan nyuwara yaiku swara kang dumadi nalika hawa kang munggah saka
paru-paru bisa nggeterake pita swara. Kang kalabu konsonan nyuwara yaiku [i],
[I], [e], [Ɛ], [a], [ә], [u], [U], [o], [ɔ], [b], [d], [ḑ], [g], [j], [l], [m], [n], [r], [w], [y],
[ñ], [ŋ]. Banjur, kang diarani konsonan ora nyuwara yaiku swara sing dumadi
nalika hawa kang munggah saka paru-paru amung saithik dadi ora bisa nggeterake
pita swara. Kang kalebu konsonan ora nyuwara yaiku [c], [f], [k], [p], [s], [t], [ț],
lan [x].
Supaya luwih cetha, pamilahing swara konsonan bisa panjenengan tingali
ana ing tabel 4. Saka tabel kang wis dicepakake, panjenengan uga bakal luwih
gampang anggone ngeti ana ngendi mapane artikulator nalika arep ngasilake
saben swara konsonan.
Tabel 4: Klasifikasi konsonan (Mulyani, 2008: 40)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 22
Carane ngalangi hawa Letup Nasal Lateral Friksasi Geter Semi-
vokal
Nyuwara/ Ora
nyuwara N O N N N O N N
Pap
an
artik
ola
si
Bilabial b p m
Labio-dental f w
Apiko-dental d t
Apiko-alveolar n l r
Apiko-palatal ḑ ț
Lamino-alveolar z s
Medio-palatal j c ñ y
Dorso-velar g k ŋ
Laringal h
Glottal stop ?
Katrangan: N = Nyuwara
O = Ora nyuwara
c) Swara Semi-vokal
Swara semi-vokal yaiku swara konsonan kang durung ndadi swara konsonan
kanthi wutuh. Swara semi konsonan ing basa Jawa mung ana loro, yaiku [w] lan
[y]. Swara [w] menawa digatekake anggone nggawe rada padha karo swara vokal
[u]. Menawa diucapake swara [w] karo [u] amung beda ana ing bentuk lambe
nalika diucapake. Banjur menawa swara [y] iku meh padha karo [i]. Posisi ilat
nalika ngucapake swara [i] ana ing dhuwur, menawa ditambahi dhuwur sithik
meneh swara iku bisa dadi swara [y]. Nalika ngucapake vokal rangkep swara [w]
lan [y] asring manda-manda krungu. Ing basa Jawa swara kang manda-manda iku
diarani mandaswara. Bab iki bisa kedaden amarga swara [w] lan [y] iku konsonan
kang semi-vokal. Tuladhane yaiku ana ing tembung cuilik [cuwili?]. Antarane
vokal [u] lan vokal [i] manda-manda keprungu ana swara [w].
3. TITIKANE FONEM BASA JAWA
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 23
a. Umlaut
Umlaut yaiku owahing fonem amarga oleh panambang tartamtu. Kanthi
luwih cetha Sasangka (2008: 8) ngandharake menawa “umlaut iku owahe vokal
ing wandane tembung jalaran antuk panambang tartamtu.Umlaut iki ana kang
ngarani modifikasi vokal”. Umlaut ana ing basa Jawa kang asring ditemoni yaiku
owahe posisi ilat sing kendho dadi kenceng sarta sing maune obah ilat sisih buri
malih dadi sisih ngarep. Menawa disawang saka vokal kardinal (kaca 12) vokal [I]
karo [U] iku kalebu vokal dhuwur kang kendho. Menawa vokal iku mau oleh
panambang -e vokal loro kuwi mau bakal owah dadi vokal [i] lan [u] kang jinise
vokal dhuwur kenceng. Tuladhane umlaut vokal [I] lan [U] yaiku:
[pitI?] + -e [piti?e]
[bәlIŋ] + -e [bәliŋe]
[bәḑIl] + -e [bәḑile]
[kuțU?] + -e [kuțu?e]
[bakUl] + -e [bakule]
[sәtUt] + -e [sәtute]
Swara [ɔ] uga ngalami umlaut dadi [a]. Menawa disawang saka vokal
kardinal (kaca 12) vokal [ɔ] iku kalebu vokal buri. Menawa vokal iku mau ketemu
panambang -ne vokal [ɔ] bakal owah dadi vokal ngarep [a]. Tuladhane yaiku:
[lɔrɔ] + -ne [larane]
[kɔncɔ] + -ne [kancane]
[ɔmbɔ] + -ne [ambane]
b. Konsonan Khas
Salah sawijining titikan konsonan basa Jawa yaiku aspirat. Kang
dimaksud aspirat yaiku anane swara [h] kang kaya-kaya tumempel ana ing swara
[b], [d], [ḑ], [j], lan [g] nalika diucapake. Tuladha pangucapane yaiku:
bakal [bhakal]
tobat [tobhat]
dalan [dhalan]
donga [dhoŋa]
wedhi [wәḑhi]
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 24
kandhang [kanḑhaŋ]
jangan [jhaŋan]
lanjaran [lanjharan]
galak [ghala?]
canggah [caŋghah]
Basa Jawa uga duwe titikan sing liyane, yaiku anane prenasalisasi.
Prenasalisasi yaiku anane swara nasal kang sering ndhisiki swara anteb [b], [d],
[ḑ], [j], lan [g]. Biasane swara nasal kang nempel ana ing swara anteb iku
nuduhake panggonan. Tuladha prenasalisasi yaiku:
Bantul [m
bantUl]
Batu [m
batu]
Delanggu [ndәlaŋgu]
desa [ndesa]
Dili [nḑili]
dhusun [nḑusUn]
Jaten [njatƐn]
Jenar [njenar]
Grobogan [ngrɔbɔgan]
Garut [ngarUt]
c. Gugus Konsonan
Gugus konsonan yaiku pangucape swara konsonan ana ing wanda kasusun
rangkep. Konsonan kang kasusun rangkep iku duwe wujud kang beda. Saloke
saka swara letup lan ngeses ana ing basa Jawa bisa kasusun gandheng karo swara
[l] lan [r]. Swara kang bisa digandheng iku [p], [t], [ț] [c], [k], [b], [d], [ḑ], [j], [g],
lan swara ngese [s]. Ananging, swara [ț] lan [ḑ] amung bisa digandhengake karo
sawara [r]. Swara [ț] lan [ḑ] ora bisa digadhengake karo swara [l]. Gugus
konsonan uga bisa karonce saka swara [c], [d], [k], [j], [s] kang kagadheng karo
swara [w]; swara [w] bisa kagandeng karo swara [r]; lan swara [k], [b], [d] bisa
kagandheng karo swara [y]. Tuladha panganggone gogos konsonan yaiku kaya ing
ngisor iki:
[pl] plenthong, plengos, plenthas
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 25
[tl] tlatar, tlaten, tlisik
[cl] clurut, clana, clamit
[kl] klambi, klapa, klothak
[bl] bludru, bluwus, blewah
[dl] dlamakan, dlalah, dlangu
[jl] jlantah, jlimet, jlungup
[gl] gladhe, glagah, glathi
[sl] slempang, slamet, slasa
[pr] pring, pringgitan, prentah
[tr] trasi, trepes, trobos
[țr] threkel, thronthong, thruthuk
[cr] crita, crigis, crobo
[kr] krambil, kraton, krama
[br] brambang, brongos, brewok
[dr] drajat, druna, dredah
[ḑr] dhradil, dhrastha, dhrededheg
[jr] jranthal, ijrah, jrojog
[gr] graha, gragap, grendhul
[sr] srebet, srikuning, sregep
[dw] dwipurwa, dwara, dwani
[cw] cwawak
[kw] kwagang, kwatir, kwitangsi
[jw] jwawut
[sw] swara, swargi, swiwi
[wr] wragad, wreda, wesni
[dy] dyah, dyota, dyaji
[ky] kyai, kyeyet
[by] byantara, ambyar, byapaka
d. Urutan Fonem ing Wanda
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 26
Pocapan lan tulisan ing basa Jawa kuwi ana aturan anggone nulis. Urutan
pangucaping vokal lan konsonan ana ing tembung iku sinebut kaidah fonotaktik.
Kaidah fonotaktik basa Jawa iku adate kaperang dadi enem, yaiku V, VK, KV,
KKV, KVK, lan KKVK. Tuladha panulise tembung jawa manut kaidah fonotatik
kaya mangkene:
V aku (a-ku), abang (a-bang), elek (è-lèk), ema (é-ma),
enom (e-nom), iku (i-ku), obah (o-bah), uler (u-ler)
VK amba (am-ba), ember (èm-bèr), endhog (en-ḑog),
endah (én-dah), imbang (im-bang), oncek (on-cek),
untu (un-tu)
KV dalan (da-lan), libur (li-bur), iku (i-ku), nekat (né-kat),
coklat (co-klat), pepet (pe-pet)
KKV trucuk (tru-cuk), antri (an-tri), kroto (kro-to), preman
(pre-man), kreta (kré-ta), mantra (man-tra)
KVK trucuk (tru-cuk), elek (è-lèk), obah (o-bah), uler (u-
ler), enom (e-nom), mantra (man-tra)
KKVK krambil (krambil), trampil (tram-pil), prentah (prén-
tah), cantrik (can-trik), tronton (tron-ton)
e. Owahe Swara
Swara kang diucapake kadhang kala ana sing owah. Ana kang kaya-kaya
katambahan lan kasuda, lan sapiturute. Kanthi luwih cetha coba penjengen waos
andharan ana ing ngisor iki.
1) Panambahing Swara
a) Protesis
Protesis yaiku panambahing swara ana ing ngarep tembung. Panambahing
swara iku ora ngowahi tegese tembung kang diucapake. Tuladha protesis yaiku:
isa bisa
ing ning
nampi anampi
anjaluk hanjaluk
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 27
b) Epentesis
Epentesis yaiku panambahing swara ana ing tengah-tengah tembung.
Panambahing swara iku ora ngowahi tegese tembung kang diucapake.
kambil krambil
crita cerita
prang perang
jumlah jumblah
c) Paragog
Paragog yaiku panambahing swara ing pungkasane tembung.
Panambahing swara iku ora ngowahi tegese tembung nalika diucapake.
bapa bapak
adhi adhik
ora orak
bali balik
2) Panyudaning Swara
a) Aferesis
Aferesis yaiku panyudaning swara ing wiwitane tembung. Panyudaning
swara iku ora ngowahi tegese tembung nalika diucapake.
wegah gah
bulik lik
emoh moh
wonten ten
b) Sinkop
Sinkop yaiku panyudaning swara ing tengah-tengah tembung. Panyudaning
swara iku ora ngowahi tegese tembung nalika diucapake.
sethithik sithik
dhuit dhit
Selasa Slasa
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 28
c) Apokop
Apokop yaiku panyudaning swara ana ing pungkasan tembung.
Panyudaning swara iki ora ngowahi tegese tembung.
bakyu bak
kangmas kang
Kiyai Ki
Nini Ni
3) Gesering swara
a) Metatesis
Metatesis yaiku owahing tembung amarga ana swara kang diijoli karo
swara liyani. Ijolaning swara iku ora ngowahi tegese tembung.
wira-wiri riwa-riwi
sruput srutup
tepes sepet
b) Disimilasi
Disimilasi yaiku owahing tembung amarga ana swara kang pada ing
tembung tertamtu. Owahing swara kang kaya mangkono ora ngowahi tegese
tembung.
lara-lara lara-lapa
sajjana sarjana
jerit-jerit jerat-jerit
mindhik-mindhik mindhak-mindhik
4) Variasi bebas
Owahing tembung bisa uga amarga variasi bebas saka swara kang
diucapake, ananging variasi iku ora ngowahi teges. Swara kang sering owah
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 29
yaiku swara [d] owah dadi [t], swara [b] owah dadi [w], lan swara [k] kang
owaha dadi [g].
dakkandhani takkandhani
dakpethuk takpethuk
bulan wulan
bungkus wungkus
keblasuk geblasuk
kebablasen gebablasan
5) Asimilasi
Asimilasi yaiku owahing swara amarga njumbuhake karo swara liyane
kang ana ing tembung. Owahing swara iku ora ngowahi tembung kang kaucap.
Swara kang sering owah yaiku swara kang diasilake nganggo artikulator kang
padha. Coba panjenengan pirsani malih tabel artikulasi konsonan (kaca 22). Swara
[p] lan [b] biasane oleh asimilasi saka swara [m]. Bab iku amarga swara [m]
anggone ngucap meh padha karo [p] lan [m]. Tuladha asimilasi bisa disawang
saka tembung [jumlah] kang owah dadi [jumblah].
RINGKESAN
1. Komunikasi bisa kalaksanan kanthi nggunakake piranti awujud basa.
2. Basa iku sistem lambang swara kang arbitrar lan konvensional kanggo
ngandharake panemune marang wong liya.
3. Fonologi yaiku ilmu kang ngandharake babagan proses aggone
ngasilake/produksi swara.
4. Fonologi iku ora mung sinau babagan cara ngasilake swara, ananging uga
ngrembug babagan karakteristik swara saengga bisa dibedakake swara kang
ngemu teges, ngemu ancas, lan bisa milah swara kang beda logate.
5. Swara kang bisa mbedakake tegese tembung iku sinebut fonem.
6. Fonetik yaiku perangane ilmu linguistik kang mligi ngrembug piye carane
swara bisa diasilake, piye carane swara mrambat lumantar hawa, uga piye
carane swara bisa dirungokake.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 30
7. Fonetik artikulatoris iku naliti organ ana ing awake pamicara kang
digunakake supaya bisa ngasilake swara. Fonetik jinis iki ngrembug kepiye
carane hawa saka paru-paru manungsa nglewati organ-organ liyane bisa
ngasilake swara kang maneka warna. Swara-swara kang kaasilake nalika
micara iku mau banjur bisa dipilah-pilah miturut artikulator/piranti kanggo
ngucap.
8. Fonetik akustik iku naliti swara kang mrambat saka pamicara marang mitra
wicara kanthi lumantar hawa.
9. Fonetik auditoris naliti swara kang dirungokake dening mitra wicara.
10. Piranti kang digunakake kanggo ngucap yaiku paru-paru, batang
tenggorokan, gurung-gurung, pita swara, krikoid, trikoid, arytenoid, telak,
epiglotis, oyoting ilat, ilat sisih jero, ilat sisih tengah, ilat sisih dhuwur, pucuk
ilat, anak tekak, gorokan, cethak, gusi, untu sisih ndhuwur, untu sisih ngisor,
lambe sisih ndhuwur, lambe sisih ngisor, tutuk, ruangan njero tutuk, ruangan
njero irung.
11. Artikulator yaiku organ kang duwe pengaruh langsung nalika ngasilake
swara. Organ-organ kuwi mapan ana ing tutuk kang tugase ngalangi hawa
supaya bisa ngasilake maneka warna swara.
12. Artikulator iku bisa dipara dadi loro yaiku artikulator aktif karo artikulator
pasif. Artikulator aktif iku mapan ana ing tutuk sisih ngisor, menawa
artikulator pasif mapan ana ing tutuk sisih dhuwur.
13. Kang kalebu artikulator aktif yaiku 1) ilat sisih mburi, 2) ilat sisih tengah, 3)
ilat sisih ndhuwur, 4) pucuk ilat, lan 5) lambe ngisor.
14. Artikulator pasif kang digunakake kanggo ngasilake swara yaiku 1) anak
tekak, 2) gorokan, 3) cethak, 4) gusi, 5) untu sisih ndhuwur, lan 6) lambe sisih
ndhuwur.
15. Carane ngasilake swara yaiku kudu ana hawa saka paru-paru tumuju njaba.
Hawa kang mlaku iku metu ngleati pita swara. Kahanan pita swara nalika
hawa iku metu iso weneh pengaruh marang swara sing diailake. Swara saka
pita swara banjur mlaku metu tumuju tutuk utawa irung. Ana ing tutuk, hawa
kang lewat bakal dialangi dening artikulator supaya bisa ngasilake maneka
warna swara.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 31
16. Klasifikasi swara miturut dalan metune hawa dipara dadi loro, yaiku hawa
kang metu saka tutuk lan hawa kang metu saka irung. Hawa kang metu saka
tutuk iku bisa ngasilake swara oral. Banjur, hawa kang metu saka irung iku
bisa ngasilake swara nasal.
17. Kang kalebu ana ing swara oral yaiku [a], [b], [c], [d], [ḑ], [e], [f], [g], [h], [i],
[j], [k], [l], [o], [p], [q], [r], [s], [t], [ț], [u], [v], [w], [y], lan [?].
18. Kang klebu ana ing swara nasal yaiku [n], [m], [ñ], lan [ŋ].
19. Klasifikasi swara miturut ana lan orane proses artikulasi kaperang dadi loro,
yaiku vokal, lan konsonan.
20. Swara vokal yaiku swara kang diasilake organ micara tanpa dialangi
artikulator, ananging diasilake saka dhuwure ilat, perangane ilat kang
diunggahake, adoh cerake ilat karo langit-langit, lan wujud lambe nalika
ngetokake hawa.
21. Vokal ana ing basa Jawa cacahe ana sepuluh, yaiku [i], [I], [e], [Ɛ], [a], [ә],
[u], [U], [o], lan [ɔ].
22. Nalika ngucap swara vokal, ilat minangka organ kanggo ngucap bisa mapan
ana ing telung posisi yaiku posisi dhuwur (vokal dhuwur) , tengah (vokal
madya) , lan ngisor (vokal ngisor)
23. Pamilahing vokal miturut ilat kang obah kaperang dadi telung yaiku vokal
ngarep, vokal tengah, karo vokal buri.
24. Swara vokal sinawang saka adoh cerake ilat karo organ langit-langit kapara
dadi vokal tinutup, rada rada tiutup, rada binuka, lan binuka.
25. Swara vokal kang diasilake saka bentuk lambe nalika ngucap kaperang dadi
vokal bunder lan ora bunder.
26. Swara vokal menawa dipilah manut cacahe vokal saben wandakaperang dadi
monoftong lan diftong. Monoftong yaiku pangucape swara vokal ana ing
saben wanda ora ana sing rangkep. Diftong yaiku pangucape swara vokal ana
ing wanda kasusun rangkep.
27. Swara konsonan yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru oleh
alangan sadurunge metu. Swara konsonan bisa dipilah-pilah manut piranti
micara, jinis alangan, kahanan pita swara, lan cacahe swara.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 32
28. Swara konsonan kang pinilah miturut piranti micara kaperang dadi sepuluh
yaiku bilabial, labio-dental, apiko-dental, apiko-alveolar, apiko-palatal,
lamino-alveolar, medio-palatal, dorso-velar, laringal, lan glotal stop.
29. Konsonan kang disawang miturut jinis alangan kaperang dadi konsonan letup,
friksasi, lateral, lan geter.
30. Swara konsonan kang sinawang saka ana orane proses fonasi kaperang dadi
konsonan nyuwara lan ora nyuwara.
31. Fonasi yaiku proses micara nalika hawa saka paru-paru bisa ngasilake swara
amarga nglewati pita swara pita swara.
32. Swara semi-vokal yaiku swara konsonan kang durung mbentuk swara
konsonan kanthi wutuh. Swara semi konsonan ing basa Jawa yaiku [w] lan
[y].
33. Umlaut yaiku owahing fonem amarga oleh panambang tartamtu.
34. Aspirat yaiku anane swara [h] kang kaya-kaya tumempel ana ing swara [b],
[d], [ḑ], [j], lan [g] nalika diucapake.
35. Prenasalisasi yaiku anane swara nasal kang sering ndhisiki swara anteb [b],
[d], [ḑ], [j], lan [g].
36. Gugus konsonan yaiku pangucape swara konsonan ana ing wanda kasusun
rangkep.
37. Kaidah fonotatik yaiku aturan urutan pangucaping vokal lan konsonan ana ing
tembung.
38. Kaidah fonotaktik basa Jawa iku adate kaperang V, VK, KV, KKV, KVK, lan
KKVK.
39. Protesis yaiku panambahing swara ana ing ngarep tembung tanpa ngowahi
tegese tembung kang diucapake.
40. Epentesis yaiku panambahing swara ana ing tengah-tengah tembung.
41. Paragog yaiku panambahing swara ing pungkasane tembung.
42. Aferesis yaiku panyudaning ing wiwitane tembung.
43. Sinkop yaiku panyudaning swara ing tengah-tengah tembung.
44. Apokop yaiku panyudaning swara ing pungkasan tembung.
45. Metatesis yaiku owahing tembung amarga ana swara kang diijoli karo swara
liyani.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 33
46. Disimilasi yaiku owahing tembung amarga ana swara kang pada ing tembung
tertamtu.
47. Owahing tembung bisa uga amarga variasi bebas saka swara kang diucapake,
ananging variasi iku ora ngowahi teges.
48. Asimilasi yaiku owahing swara amarga njumbuhake kare swara liyane kang
ana ing tembung.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-1 WIDYA SWARA BASA JAWA]
| Dewi Pangestu Said, S.Pd., M.Pd. 34
KAPUSTAKAN
Marsono. 2013. Fonetik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Mulyani, Siti. 2008. Fonologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Nafisah, Saidatun. 2017. “Proses Fonologis dan Pengkaidahannya dalam Kajian
Fonologi Generatif. DEIKSIS. Vol. 9 (1). hlm. 70.
Ningsih, Tri Wahyu Retno dan Endang Purwaningsih. 2013. “Sistem Fonologi
Bahasa Lamalera”. Proceeding PESAT (Psikologi, Ekonomi, Sastra,
Arsitektur & Teknik Sipil): 70. Bandung, 8-9 Oktober 2013: Lembaga
Penelitian Universitas Gunadarma.
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa
Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Verhaar, J. W. M. 2012. Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada
University press.