Download - pidato ja

Transcript

Bismllahir Rohmanir RohimAssalamualaikum Wr WbAlhamdullilahi Robbil alamin Washolatu Wasalamu ala asrofil ambiya I wal mursalin waala alihi waashabihi ajmaiin ama badu

Langkung rumiyin keparengo kulo muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring Rohmad, hidayah, nikmat sehat , saenggo kulo dalah panjenengan sedoyo saget kempal manunggal wonten ing kalodangan meniko kanthi kawontenan sehat walafiat mboten kirang setunggaling menopo.Rohmat soho salam tansah konjuk dumateng junjungan kito Nabi Ageng Muhammad SAW, ingkang kito antu antu syafaatipun wonten akhir jaman.Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 3 Sleman , Bapak Yohanes Soekamto,M.Pd ingkang kinurmatan,Bapak, Ibu, Guru ingkang kawula hormati, Soho sedoyo rencang rencang ingkang kula tresnani.

Kulo ngaturaken pambagyo panekrani, tuwih ngaturaken agunging panuwun awit rawuhipun panjenengan sedoyo wonten adicoro Syawalan lan Pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 69 Keluargo ageng SMP Negeri Sleman.Saklajengipun, kulo ngaturaken reroncening acoro siang punika, inggih :(1)Pambuko (2) Lagu Indonesia Raya (3) Ngeningaken Cipta (4) Atur pangandikan saking ketua panitia soho Bapak Kepala Sekolah (5) Sumene (6) Renungan/Tirakatan (7) Panutup

Mekaten menggali reroncening acoro wonten siang punika mengeti wekdal ingkang sampun dungkap siang sumonggo adicoro meniko tumunten kawiwitan kanthi dedonga sesarengan, manuwun dumateng Allah SWT kanthi agomo/keyakinan kito piyambak piyambak.Ingkang ngrasuk agomo islam kito bikak sesarengan kanthi waosan Basmallah. Ingkang ngrasuk keyakinan sanes kuo sumanggakaken.Mugi mugi kanthi donga wau acoro wonten siang punika sageto lancar dumugi paripurna.Saklajengipun, Ngancik acoro ingkang ongko 4 injih menika atur pangandikan saking ketua panitia soho Bapak Kepala Sekolah dumateng bopo Yohanes Soekamto, M.Pd kulo sumanggakaken.Bapak, Ibu, lan rencang rencang sedoyo ingkang kulo hormati lan tresnani , adicoro gumantyo adicoro sampun lumampah kanthi sae, tansah kamirahaning Allah SWT pramila sumonggo adicoro menika katutup kanthi waosan Tahmid sesarengan,

Alhamdullilahirobil alamin Mbok bilih kathah atur soho kithaling boso, kulo ugi nyuwun lumudruingsih samudro pangapsami.Bilahitaufik walidayah, Wassalamualaikum Wr. Wb.


Top Related