===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
SERAT KAKI WALAKA
Tedhakan Serat Kina
Ingkang mratelakake lelampahan
Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga
Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak
Kababar lan lan kawedalaken
PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA
KANGJENG SUNAN KALIJAGA
Dening
PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA
SUNAN KALIJAGA
Cabang Jakarta
1993
------------------
Ingkang nindakaken penedhakipun
Astuti Hendrato Darmosugito.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
Perangan I
Ing ngandhap punika amratèkaken rawuhipun para wali, ingkang
sami lelana aniti pariksa ingkang amemarahi rubet-rentenging
ngari Demak. Kala samanten sampun sami sapatemon kaliyan
Kangjeng Sultan Demak, anyariyosaken angsal-angsalipun
piyambak-piyambak. Wantuning para ahli ngèlmi, temah sami
medalaken mangunah, kados ta, Sunan Giri kaliyan Sunan Kudus
lajeng kawasa ngudanèni para kawula para kawula ageng alit, jaler
estri. Ingkang nandhang sakit, sinabdan kèmawon, saras. Nadyan
para wali lelana ngidul-ngilèn, inggih sami katandha kaluwihan.
Wonten ingkang saged nggendam, kemat, panglerepan, nerang
jawah, ndhatengaken jawah, sapanunggilanipun sampun
kagelaraken ing ngrasa Nata.
Dupi ing antawis dinten, para wali ingkang kantun sami reraosan
gethok-tular, yèn ing kedhaton wonten tiyang nama Kaki Walaka,
saweg kineker, sinihan ing Narèndra. Sarta winartan, yèn Kaki
Walaka wau sampun natè dipun seking dèning Sunan Maryapada,
muksa. Sampun sami nginten sirna, wusana mumbul malih. Malah
ngetheker wonten kedhaton. Bokmanawi dipun guroni Sultan
Demak. Katawis winong sakajengipun. Manawi wujudipun tiyang,
boten mèmper, saking sipatipun dahat papa. Pakartinipun ngarit
rumput. Denè talitining tiyang, asal ing dhusun Galinggangan,
trahing alit balaka.
Para wali ingkang mentas lelana dahat ngungun. Temah matur ing
Nata, namun badhè tepang Kaki Walaka. Kangjeng Sultan Demak
marengaken, lajeng tumedhak animbali piyambak. Dumugining
panggènan Sang Nata kagyat, atetanya, “Sira iku sapa, dènè ana
wong dodhèg wok, simbar dhadha, gedhè dhuwur, tunggu
pasarèyaningsun. Apa sira jim utawa gandarwa kang mbaureksa
kadhaton?”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
Ingkang dinangu matur, “Kawula pun Walaka. Mila Paduka Nata
sampun kagèt. Anggèn kawula mancala warni ageng inggil punika,
rèhning badhè sapatemon kaliyan para wali.”
“Yen mangkono tut wuri.” Kaki Walaka matur sandika, umiring.
Sareng dumugi ing panepèn, andadosaken kagètipun para wali
sadaya. Anginten yèn gandarwa. Wekasan tinakènan, ngaken nama
Kaki Walaka.
Sunan Maryapada tetanya, “Karananè sipatira rowa, bèda lawan
nalika kapanggih rumiyin?”
Kaki Walaka mangsuli, “Saking boten kekirangan kucahing Nata.”
Sunan Muryapada ngandika, “Dènè para wali iki kabèh wus lawan
sinuba-suba ing Nata, teka tan ana undhaking kulit daging.
Saweneh malah saya kuru, ananging rina wengi amung ngulah
budi. Layak tan bisa lemu. Balik sira, mung nganggur. Yekti wus
dadi benerè, yèn wong cilik iku, angger wus wareg wetengè baè,
wus trima. Mangangan saananè baè wus bungah. Sarta kang
binudi, liya turu angorok satutugè, ora ana manèh. Wah ora mèlu
mikir rubet rentenging praja. Ora sumurup reretu, angger awakè
lemu.”
Kaki Walaka gumujeng latah, sarwi mangsuli, “Bener, bener, nyata
awas para wali iku, yèn anyandra caplak waè. Ewadenè, imbal
wicara iku, bagusaos, bener-luput, kudu amangsuli catur. Hè
Sunan Muryapada, apa nyata pangan iku marahi lemu? Apa mesthi,
wong ginanjar budi iku amung wali? Apa nyata, kang mikul
sarubet-rentenging praja iku amung wali? Lawan apa wali iku ora
tau turu, ora mangan upa? Mangkono manèh, apa nyata para wali
iku bèdha sapadhaning manungsa? Yèn kabèdakna, apa Gusti
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
Allah ora kawasa? Apa Allah ora murba amisesa? Apa Allah nora
èlok? Nora sampurna? Muhung angugung para wali baè? Yèn
mangkono, Sunan Muryapada iku bisa gawè abang-ijo. Parlu apa
ngaub wibawaning Narèndra? Manawa panimbangku, ngendi ana
wali kadunungan ati panas atèn, panasbaran? Mangko manungsa
ijèh kanggonan angkaramurka, èwanan maring sapadha-padhaning
ngurip, karem canggèh, karem dhawèn, karem opèn kamèren baè,
wus kena dèn arani kèwan. Upama ingsun ngawulakakè wong kaya
kowè, èman angulungi pangan. Mubadir angulungi kècèran.
Caturan baè èman.”
Sunan Muryapada sakalangkung mèrang ing galih. Badhè dipun
candhak, pinenggak kancanipun. Tanpa damel anglawani Kaki
Walaka. Mindhak boten kajèn, sarta nyenyamah badan,
ngapesaken dhiri, yèn mengsaha tiyang alit balaka. Kang
pinenggak ènget. Amung Sunan Kudus ingkang mandhengkel
galihipun. Sunan Giri amenggak, amung paring sasmita kèmawon,
kinèn anandukaken panglerepan, pangatisan. Nadyan para wali
ingkang sami mentas lelana, inggih jumbuh tampining sasmita.
Dadya sami nandukaken aji pangatisan, sarta tuju tenung
pangleburing satru.
Amung Sunan Punggung, kalih Seh Lemahbang, tiga Molana
Ibrahim Jatiswara ingkang mboten tumut ganggu gawè. Malah
mbekuh ngandika, sarwi medal jawi, api-api tetoya, “E, sasat apa,
padha kadunungan watak brangasan. Bener kang ngarani wali
tanpa guna.
Karonè maneh, teka tanpa kekèring dènya pating pantheleng, lali
purwa duksina, yèn ana ngarsaning Nata. Iya angur metu baè,
nyawang saka jaba. Kapriyè nyatanè, kaya ngapa gelare? mBok
padha kawelèh wadinè.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
Kacarita para wali saya kabangan galih dènya ningali Kaki Walaka.
Lajeng sami nandukaken aji pangapesan, pangatisan,
sapanunggalipun. Wantu-wantu tanpa pedhot dènya nandukaken
donga pangleburan sarta donga sait, donga tlekim, nanging boten
saged tumama. Kaki Walaka sumerep gelar sikaraning para wali,
lajeng anjawil Sang Nata, mrih mundura. Kangjeng Sultan ing
Demak anampèni sasmitanipun Kaki Walaka, lajeng kondur
ngadaton. Para wali rinilan bibaran, mantuk sowang-sowang.
Sareng dumugi sanjawining kori Brajanala, para wali sami
paguneman, angraosaken Kaki Walaka anggènipun wentala. Boten
pasah kataman sakathahing aji panglerepan, miwah donga sikara
sapanunggilanipun boten rinasa.
Saking pamanggihipun para wali, anarka dèdè manungsa. Wonten
ingkang amastani dhanyang perayangan ingkang rumeksa ing
pura. Trekadhang wonten ingkang amastani kadangipun Sang Nata
piyambak ingkang lair sadinten. Pangintenipun para wali, nalika
kataman ing reretu, Sang Nata manekung dhatengipun kadang
papat kalima pancer, nanging ingkang sawujud amung satunggal,
sedya badhè labuh ing sungkawèndra. Awit manungsa punika,
manawi sanget pangèsthinipun anekakaken kadang, yekti
kadugèn. Manawi mboten makaten pasthi sirna kataman ing
piranti.
Sunang Punggung, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara
mangsuli, “Manawi saking pamanggih kula, malah sanginggiling
sadhèrèkipun sakawan kalima pancer. Inggih punika amujudaken
cipta, rasa, angen-angen. Saking sangetipun sungkawa, temah
kawasa angumpulaken tigang prakawis dados satunggal, nama
Hyang Cipta Hening. Tegesipun, Kaki Walaka wau suksmanipun
Kangjeng Sultan. Tandhanipun, saged angraosaken kaluwihaning
wali. Ewadène bènjang ènjang dalu, manawi sami wangsul, prayogi
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
nywun lilahipun Sang Nata, Kaki Walaka dipun ruda peksa ing
kathah.”
Gantya kacariyos, sakonduripun Nata, Kaki Walaka tinimbalan,
dinangu sawewadining sedya, duk patemonan para wali. Kaki
Walaka matur sajarwa, “Dhuh Sri Nata, sayektosipun amung sedya
andadar kadibyanipun para wali kèmawon, menggah
pangreksaning praja, punapa pancèn mimbuhi santosa punapa
mboten. Wasana kalèjemipun amung gumulung èla-èlu kèmawon.
Wonten ingkang radi patitis. Sunan Giri asring dhoyong. Wonten
ingkang moncol pangawikanipun. Sunan Kudus karem jejailan. Seh
Lemahbang samukawis ngujubriya, angoglèng ngengkoki, tanpa
dipun waranani. Dados satengah kupur, Seh Molana Ibrahim
Jatiswara nyata punjul, nanging pakèwed, margi saking kasoran
talitinipun. Dados sadaya wau tangèh anyamènana Susuhunan ing
Ngampèldenta kalih Susuhunan Bènang. Punika nyata trus ing lair
batinipun. Wonten malih wali balila ing ratu, Susuhunan ing
Kalijaga. Upami puruna ngumpul para wali, kados tetiga punika
kèmawon saged nguwawèni pangreksaning praja.
Sri Nata tetanya malih, “Satuhunè sira kaprenah apa lawan
Susuhunan Kalijaga, dènè bangkit anggancarakè?”
Kaki Walaka matur, “Dèdè sanak, dèrèng natè uninga. Amung
gethok tular karna binandhung, indhaking pawartos kèmawon
ingkang kula cariyosaken punika. Papan prenahipun wisma tan
uninga.”
Sang Nata malih pangandikanipun dhateng Kaki Walaka, “Yèn
nyata sira durung wanuh, durung weruh, pagenèya sira kaduk wani
nanggulangi para wali? Saka panawangingsun, sira kadi ana kang
ngajani.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
Kaki Walaka matur, “Boten.”
Sasampuning imbal wacana, kasaput ing ratri, Narèndra tedhak ing
panepèn malih, amanggihi para wali. Kaki Walaka tansah atut wuri
Sang Nata, tunggil lungguh kalih palawija pun Wada, Wadaka. Ing
ngriku Kangjeng Sultan ngandika asmu pegel, angraosaken para
wali kalih Kaki Walaka.
“Hè para pinundhi, dahat kodheng pamanggih kula, dènè
jengandika kadi badhè ngrebut prang. Katawis pating bathithit.
Nitya sirung, serenging pandulu lir mulat dhem-dhemanipun, dènè
jengandika anon tiyang kebon kèmawon dadak murang-muring.
mBok radi kasarèhaken sawatawis. Manawi anggung makatena,
temah lèna rumeksaning nagari, mimbuhi karubetaning manah
kula. Dados ing panepèn punika boten kaanggè nenepi, boten
sedya semadi, tansah kaanggè padudon ingkang tanpa waton.”
Para wali sareng ngulap sirunging nityanipun Sri Nata, temah
tumungkul, tan ana saged amangsuli. Ananging wantuning
sampun sami kumpul ing rembagipun, dados amung ngentosi
jengkaring Nata kemawon. Sedya badhè ngrujak Kaki Walaka.
Duk samana Sri Nata lajeng kondur ngadhaton, saking kirang
mirena aningali patrapipun para wali, sampun boten kènging
dipun pambengi. Wasana asmu kaaben kèmawon. Kaki Walaka
tinilar kari priyangga.
Sapengkeripun Sri Nata, anelik saking jawi gubah. Kaki Walaka
lajeng ngrasuk busana sarwa langking, cundhuk sekar wora-wari
bang, Sunan Panggung kalih Seh Lemahbang, Seh Molana Ibrahim
Jatiswara, sakawan Sunan Ing Majagung, Sunan ing Gunungjati,
duk ningali dhateng rèkanipun Kaki Walaka, lajeng sami medal ing
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
jawi, awit boten pangling ningali gelaripun Kaki Walaka. Nyata yen
Sang Pinudya.
Kala samanten Sunan Kudus dalah para wali tuwin pamagangan
sakantunipun sampun sagolong gumulung ing galih. Amung
Sunan Giri ing galih karaos sumelang. Mila sareng Sunan Kudus,
Sunan Muryapada sakancanipun sareng mengsah, Sunan Giri
cangkèlak wangsul, malah medal ing jawi, nunggil
pangintipanipun para wali ingkang medal wau, sarta lajeng nunggil
lawan Sang Nata.
Kacariyos salebeting dalem panepèn swaranipun sakalangkung
ramèning solah, sabawaning patrap. Amung swaraning pangucap
boten mireng. Dadya amung pating kalepruk, pating kalebrug,
pating galudhug, dènya ngrubut Kaki Walaka. Amung
kanyatanipun Kaki Walaka wau boten mingset saking
palungguhan. Amung èca-èca anggènipun nata cundhuk, utawi
ngilo, apepidihan sarwi nggebeg sarunganing wangkingan
kèmawon.
Dènè ingkang pating galebrug, ting galudhug punika Sunan Kudus
sakancanipun, anggung larak-linarak piyambak, gèrèt-ginèrèt,
dugang-dinugang, bithi, tabo-tinabok, jengkang-jinengkang, larak-
linarak ramè.
Dangu-dangu Kaki Walaka welas aningali solahing pasulayan. Kaki
Walaka lajeng muksa tan katingal. Sunan Giri rikat malebet ing
panepèn kaliyan para wali ingkang sami umpetan, atut wuri
Kangjeng Sultan. Sapraptaning dalem panepèn lajeng misah para
padu kalintu padu sadaya.
Sareng sampun sami pisah Sunan Giri angandika, “Sapa kang
padha sira karubut? Dènè mungsuhira suwung. Wasana sira
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
regejegan lawan sakancanira para wali. Kaya priyè pangrasaning
tyasira kabèh?”
Sunan Kudus, Sunan Muryapada matur piyambak-piyambak. Saking
pangraosipun para wali wau ugi angrubut Kaki Walaka. Jalaran
tinubruk ngiwa, manengen. Ing kidul Kaki Walaka, mangalor Kaki
Walaka. Nadyan tinubruk saking lèr, mangetan. Rinujak, manengah
inggih ical. Dangu-dangu ribut panduluning para wali.
“Kaki Walaka pating sariwet, manengah langkung kathah.
Busananipun sadaya sami, cundhuk sekar wora-wari bang. Sareng
Paduka pisah punika, Kaki Walaka sirna tan katingal.”
Mila para wali sami rèbat, rumaos kasoran ing adilaga. Cipta mati,
yèn tan kecepenga. Nanging Kaki Walaka lajeng boten katingalan.
Temah gelaning manah dènè mengsahipun miruda, tan panggih
ing adilaga.
Sunan Giri sakancanipun ingkang ngintip sadaya sakalangkung
gumujeng ing panggalih dahat. Temah angandhika dhateng Sunan
Kudus, “Hè Jebèng, boya menang sira aprang lawan wong sudra
papa. Mung sawiji baè sira bangganè, karana Kaki Walaka sira
krubut ngakèh. Ora layak mungsuhira sirna.”
Ing nalika punika Sunan Kudus sakancanipun dahat merang ing
galih, dènya kawelèh ing ngayuda. Dangu-danguning paguneman,
Sultan Demak anambungi pangandika, “Menggah menanga kalih
Kaki Walaka, paèdahipun punapa? Ingkang dipun kukup punapa?
Layak kèmawon Kaki Walaka kasoran yuda, awit satunggal
kinarubut ing kathah. Upami para wali kalindhih ing adilaga,
sapinten susahipun, dènè ngrubut tiyang satunggal kèmawon
ngantos kawelèh. Mila mbok inggih dipun engeti, tembè wingking
upami wonten lelampahan ingkang kados punika. Mindhak
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10
nyenyamah badan, angapesaken dhiri. Luhung kinèndelaken
kèmawon. Tur kantun mirengaken sakojah-kojahing tiyang alit
sudra papa.”
Sunan Kudus sakancanipun sami boten saged amangsuli. Amung
tumungkul, asmu mèrang dahat. Dèrèng kèndel dènya imbal
wacana, kasaru dhatengipun Sunan Ngudung. Dadya lajeng
winartan sasolahing pancakara. Sunan Ngudung ambekuh
makaten, “O hah, wong ngatuwaku, teka dadak kapilarè temen,
dènè wus anthuk dhawuh wewelingè Sunan Ngampèldenta miwah
wewelingè Sunan Bènang, menawa ana lelakon aneh kang luwih
saka kalaumrahaning ngakèh, aja wani-wani anyulayani, karana
Sunan Kalijaga sukak anyoba ing sapadha-padha. Panyobanè mung
saka arep nonton tekading wong sawiji-wiji. Wekasanè mung
mamrih rahayuning tumitah kabèh.
Kapindhonè, yèn ana lelakon anganèh-anèhi, mangka dudu
sawantahe, iya iku tandha panggawèning Pangèran Kang Agung,
enggonè bakal amaringi lelakon becik-becik. Wasana wong
ngatuwaku dalah para wali padha kapilarè temen. Malah padha
kuwalik panemunè, anuruti hardanè, angumbar nepsunè. Dadi tan
rumeksa ing ratu, ora ngèman dhirinè. Mangka wus jumeneng
wali, iku mung kari ngidaki benerè baè, ora perlu maèlu kang
tanpa perlu. Awit wis pinundhi-pundhi sanagara, sinembah-
nembah putra santana, anak-putu. Tanpa gawè yèn padha maksih
ngunggarakè kanepsonè.”
Kangjeng Sunan ing Kudus saya mèrang ing galih, nalika ingkang
putra piyambak tumut ambubuh. Wasana dupi Sang Nata wus
jengkar saking sèwaka, para wali ingkang mentas pancakara sami
lèrès, medal sedadya, amung ngenggar-ngènggar galih dhateng
wana-wana.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 11
Saking sanget kalingsemipun, Sunan Kudus sakancanipun para
wali sami kalimpukan wonten ing wana Kardhayana. Saking Demak
ngidul-ngètan, lampahan sadinten sadalu. Laminipun para wali
andhelik, dhateng wana satengah wulan.
Dumadakan wontenipun ngriku dipun opèni tiyang èstri,
wismanipun ropoh roning jati aking. Suprandosipun saged
angaturi sugata sawontenipun. Saking katuju ing karsa, para wali
wau temah arerèwang ngupados kayu rèncèk, sarta ngupayakaken
barang saisining wana-wana. Kados ta : ndhudhuk wi gembili.
Saking kalabetan saè, dados kedah amales sasagedipun. Sareng
antawis dangu, Sunan Muryapada tetakèn, “Hè Nyai, pagènèya sira
wong wadon wis tuwa wisma samadyaning wana, tanpa rowang?
Apa tan duwè sumelang? Lawan saka ngendi kang minangka ular-
ularing pangan?”
Kang dinangu matur makaten, “Anggèn kula gegriya wonten wana
punika sampun sinedya, sarta mituhu sapakèning gurulaki kula.
Anggènipun, nedha inggih amung angandel-kumandel ing
Pangèran kèmawon. Awit kamirahaning Allah punika boten
kènging kinaya ngapa. Sayekti saenggèn-enggèning gesang,
sinung pangan. Nadyan uler salebeting kayu, watu, inggih sami
dipun gantungi tedha.”
Sunan Muryapada miwah Sunan Kudus anganthuki bener, “Masak
Allah, sira wruh kamurahaning Pangèran Kang Murba Kawasa
Amisèsa. Mungguh lakinira iku sapa? Anambut gawè apa? Teka
wus suwè durung mulih mrènè.”
Kang dinangu matur sajarwa makaten, “Semah kawula nama Kaki
Walaka. Pakaryanipun amèt rumput. Nanging saben angsal rumput
pangaritipun punika boten dipun sadè. Amung ngupaya kapal
utawi maèsa, lembu ingkang gering. Saben dinten tanpa kendhat.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 12
Sato kèwan, sakinten sakit lajeng dipun sukani, saras. Yèn siyang
sadè sekul, kaideraken dhateng dhusun ngadhusun. Manawi dipun
tumbas, boten suka. Pakartinipun amung sinungaken tiyang
miskin. Pinggir margi sami sinungan tirta wening anèng wadhah,
supados kaanggè ngunjuk tiyang miskin. Dènè simah kawula
punika sajegipun gesang, boten nyepeng punapa-punapa, sarta
boten natè nedha. Kaki Walaka wau remenipun lelana sapurug-
purug, sarta boten natè kekaya dhateng kawula. Dènè Gusti Allah
inggih paring kamirahan. Amung sèmah kawula, Kaki Walaka
punika, manawi nuju wonten griya, tetiyang ingkang sami
pepanggihan tansah lumintu, boten pedhot ingkang kula anggè
nyugata dumadakan mboten kirang. Sarta Kaki Walaka wau boten
mesthi naruwe tetiyang. Saben dhatèng namung kinèndelaken
kèmawon. Suprandosipun kathah ingkang dhateng, nyuwun sabda
pangèstu. Tur para ingkang dhateng punika mawi ambekta, inggih
boten. Yèn wonten tiyang dhateng mawi angsal-angsal, malah
dipun wangsulaken. Suprandosipun rijeki kula sakalangkung
kathah, utawi lajeng kula sukakaken anak-putu kula sadaya,
waradin. Ing wewadhah tuwin lumbung sanget luberipun. Dènè yèn
sèmah kawula, Kaki Walaka, wau kèsah, mangka kula katamuan,
agengipun sanak sadhèrek darbè karya, wadhak kula donya
sampun isi. Dados boten garobyagan uru-urun.”
Para wali sadaya kagèt, panggalihipun sanget ngungun. Kathah
kaduhungipun wardaya. Mila sareng dipun cariyosi makaten
punika, sangsaya kathah mèranging galih, lajeng nedha
pangapunten, badhè andugèkaken lampah. Ingkang liningan
nyumanggakaken ing karsa.
Enggaling carita para wali, lampahipun saya sampoyongan, awit
saking sayah dènya ngengudi weninging karsa. Wasana malah
mboten kèsah-kèsah. Ing mangkè para wali ingkang sami kabuka
sesikuning Allah, lajeng saya sapurugipun. Wonten salebetipun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 13
pakaranganipun Nyai Walaka ngantos kawekèn ing galih, dènya
para wali tansah bola-bali, boten saged lajeng medal. Wantuning
tyas kawelèh, temah mudalèh, “He Nyai Walaka, kapriyè
anggoningsun arsa lumaku, dènè tan bisa metu saka
pakaranganira? Apa duk lagining bebadra, apa sira mendhem oyot
mimang? Marmanè ingsun sarananana, supaya aja bingung bola-
bali. Dène saluput-luput, manawa ana garap gangsulè iya kang
agung aksamanira.”
Nyai Walaka matur, “Boten kawula pendhemi punapa-punapa. Dènè
anggèn Paduka boten saged medal saking pakarangan punika,
bokmanawi wonten ingkang gadhah osik kirang prayogi, awit
welingipun sèmah kawula, sanadyan kutu-kutu wong alang ataga
ingkang malebet pakarangan kawula, mangka gadhah osik awon,
tamtu boten saged mantuk. Mila sèmah kawula welingipun, sinten
ingkang malebet ing pakarangan ngriki, kula kapurih nyaèni. Sukur
kawula saged boja, yèn boten sagedipun, kula inggih krama.
Kawula wineling, sampun ngantos gadhah renguning nitya.
Ewadènè rèhning Paduka punika Panjenengan wali, kawekèn
punapa ambirat pakartining ngalit? Yèn kula sageda, saèstu lajeng
kula birat sesaratipun. Rèhning amung wewelinganipun tiyang
jaler, dados kedah ngentosi sadhatengipun bojo kawula. Dèrèng
kantenan antukipun.”
Ing nalika punika para wali dahat sungkawaning galih. Malah
sampun sami ngedalaken daya prabawa miwah mangunahing
pandhita. Wekasan sami boten amratandhani. Kinetoga dayaning
budi, tan anglabeti. Wasana Sunan Kudus lajeng asrah jiwa raga
dhateng Nyai Walaka, ing lair-batin, awal-akir boten niyat
anyidranana pangucap. Para wali sadaya anut sumpah dhateng
Nyai Walaka, boten sedya anyidranana pangucapipun piyambak
ingkang sampun konus sumungkemipun dhateng Nyai Walaka.
Saking sangeting panalangsa, Nyai Walaka welas aningali, lajeng
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 14
gadhah atur wewangsulan, “Masak Allah, manawi dhasar sanyata
antep Paduka, kula amung darmi ambuka wewelingipun sèmah
kawula. Daweg Paduka sami kula irit malebet ing guwa wingking
griya. Mangkè yèn kapanggih bojo kula, mitembunga piyambak.
Kados antuk pangaksama. Ananging lebet Paduka dhateng guwa,
angucapa makaten : (para wali nuruti)
“Ingsun Kang Agung, Kang Amaha Kuwasa Suksci sajati. Iya
Ingsun Amisèsa, iya Ingsun Kang Wenang Angluwari rubet
rentengingsun dhèwè. Ora ana Pangèran anging Ingsun
Sajatining Dat, kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing
asmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Byar sampurna
padhang terawangan, ora ana apa-apa. Anging Ingsun kang
binuka saka kijabingsun dhèwè. Wus sanyata kasahid dèning
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, kalawan anteping
kodratingsun.”
Sunan Kudus sakancanipun sami nurut sawewarahipun Nyai
Walaka.
Dupi wus malebet ing guwa sadaya, para wali lajeng sumrepet
panonipun. Kadi ngambah ing ngalam kanyut. Sakedhèping nètra
para wali sampun dumugi ngarsa Nata, sarta Kaki Walaka taksih
sumiwi sakiwaning Narèndra.
Kacarita praptaning para wali wau sadaya dahat pucet-pucet
nityanipun. Sang Nata tetanya, temah matur sajarwa sadaya. Sang
Nata dahat pungunguning galih. Dupi wis sawatawis dangunipun,
Sang Nata aparing dhawuh, yèn ing mangkè parenging karsa Nata
nadhè ngalap berkahipun Kaki Walaka. Para wali dhinawuhan
angèstreni, karana sampun dados patembayaning karsa. Mangkè
ratri tinemtokaken Sang Nata anggeguru dhateng Kaki Walaka.
Manawi wonten ingkang dèrèng nembadani, kalilan darbè atur.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 15
Kala samanten para wali sampun jumurung, boten anulayani,
karana sampun rumaos kasoran ing ngilmunipun, dalah kaluwihan
ingkang medal saking gaib inggih kalindhih. Mila satunggal boten
wonten ingkang nulayani.
Sasampunipun makaten, Kangjeng Sultan ing Demak lajeng kondur
ngadhaton, angrakit sapakartining puruita. Dènè ingkang
kapareng bèla : palawija kalih pisan, pun Wada, pun Wadaka. Sami
binusanan saèngga pangantèn sapekan. Kaki Walaka ingkang
kapitados mbusanani para wali, inggih amung Sunan Giri, Sunan
Kudus, sapanunggalipun. Nanging Kaki Walaka boten purun
sinalinan busana. Mila sareng dumugining ratri, Sri Nata sampun
miyos. Dupi aningali kusuting busananing Kaki Walaka, Sang Nata
asmu duka. Nginten para wali ingkang gething, boten purun
ambusanani. Para wali matur sajarwa, yèn Kaki Walaka boten
purun santun busana. Wangsulipun makaten, “Manawi pancèn
rinilan Allah, sami sanalika kèmawon saged antuk busana.”
Sareng sampun dumugi wanci sirep tiyang, para wali
sapamangangan pepak, sami ngadhep ing ngarsa Nata. Dènè para
wali ingkang sepuh-sepuh kalilan lenggah jajar lawan Sang Nata.
Sasampuning makaten Kaki Walaka matur bilih kapareng nyuwun
lenggah nginggil, majeng mangètan. Kangjeng Sultan miwah para
wali kinèn ngadhep majeng mangilèn. Narendra mituruti.
Dupi wusing mangkana Kaki Walaka lajeng ngadeg sarwi ngawè
pun Wada kalih Wadaka. Kaki Walaka lenggah ing dhampar
kancana, amung kalih Kangjeng Sultan Demak piyambak. Palawija
kalih pisan sami mèpèt sangandhaping dhampar. Para wali
lenggahipun amung wonten kursi kèmawon, sarta radi tebih
kaliyan, pamejangipun. Dados pamirengipun amung gremeng
kèmawon.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 16
Ing nalika punika para wali sami ajrih ndengèngèk, awit sampun
rumaos kalindhih sarèkanipun, kawelèh saakalipun, kawirangan
rambah-rambah, sarta katutupan wicaranipun piyambak. Dados
sanget sumungkemipun kaliyan Kaki Walaka, sasat pitik iwèn
kaparekan ama.
Makaten malih Sang Nata, dhasar sampun sinedyakaken ing Guru
Rama, tumanceping manah sasat angluluh sarira. Mila nggung
tumungkul, ajrih tumenga. Amung palawija kekalih ingkang
ngawasaken dhateng Kaki Walaka.
Dènè para wali ingkang sumerep dhateng Kaki Walaka amung
Sunan Giri kalih Sunan Panggung. Sunan Ngatasangin, Sèh
Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, tamat dènya mancala
warni.
Sareng sampun matrapaken pangandika sapisan, saparluning
wewejangan, Kangjeng Sultan Demak kalilan tumenga, margi
badhè kagelaraken paraboting ngilmi.
Kangjeng Sultan ing Demak duk tumenga, boten wawang yèn
ingkang Kaki Walaka punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Knagjeng Sultan boten saranta, sigra angrungkebi pangkonipun,
nanging Kangjeng Sultan ing Demak lajeng dipun inggati. Sunan
Kalijaga muksa sakala, tan katingal, amung kantun warni cahya
gumilang tanpa wawayangan, sumorot amrabani sadalem pura.
Ing sawatawis dangu cahya sirna. Kang tinilar lengleng ing driya,
lir tinebak ing mong tuna. Ing ngriku para wali sadaya luwar
sungkemipun, awit sampun ngandel-kumandel dhateng gaibipun
Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Nyata yen katrimah ngilminipun,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 17
nyata yèn sampun waliyullah Gaib, nyata yèn dados
panggayuhipun, rinilan manjing Rijalullah Gaib. Mila Susuhunan
ing Giri sakancanipun ènggal dènya marepeki Kangjeng Sultan ing
Demak, sarya ngrerepa, amrih lipuring Narèndra, dènya lara
karuna saèngga kantu, tan enget ing purwa duksina.
Dupi wus paripurna, lajeng lenggah ing singasana, kaapit-apit para
wali sepuh-sepuh, kaadhep para wali anèm dalah pamaganganipun
sadaya. Amung pun Wada lawan wadaka ingkang marepeki Sunan
Kajenar, kalih Sèh Ibrahim Jatiswara, awit palawija kekalih punika
maripatipun amung mantheleng, boten kedhèp, kadi mata
walangen. Dupi sampun sami waluya jati, temah taken-tinakènan
sababipun sami kami tonggongen. Ingkang dinulu punapa,
ingkang mitakoni sinten ? Yèn kagèta, dènè sidhem, tan ana swara
sora, boten wonten tetingalan punapa-punapa.
Pun wada, Wadaka matur, “Saking kami tenggengen ningali
warnanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè mawa cahya
mancur, mancorong gumilang tanpa wewayangan. Dados anggèn
kula mantheleng boten kadhèp, saking kasorotan cahya nurbuwah.
Dados cahyaning nètra kurub, kalimputan ingkang mancur
mancorong wau. Wantunè kula taliwining ngalit balaka, sajeg kula
gesang saweg punika uninga prabaning cahya anglimputi bawana.
Dados lajeng anglarataken cahyaning nètra kawula..”
Para wali atetanya malih, “Mungguh pangrungu kita duk amedhar
rahsa gaib marang Kangjeng Sultan Demak, apa sira angleng
pangandikanè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga?”
Pun Wada, pun Wadaka matur, “Inggih mireng cetha, sarta kula
cathet saparluning wewejanganipun dhateng Kangjeng Sultan
Demak.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 18
Pandangunipun para wali dhateng pun Wadaka, Wada, tansah
dineder saparluning wejangan. Pun Wada, pun Wadaka matur,
“Boten saged anggancaraken. Amung saking ancer-ancer kèmawon
ingkang kula tampèni. Wisikan ananing dadya. Manawi duk misik
dhateng Kangjeng Sultan, pamireng kula sasahidan kanyataan ing
dalem rahsa rumasa, sarta anggelaraken wisikan kahananing Dat
kang mutlak, kang kadim ajali abadi, tuwin ambabar budiman
ingkang amratandhani purba wasèsaning Dat Kang Mahasukci.
Pungkasanipun amedharaken Kajat Jatiwasèsa, inggih punika
nyataning Kawula Gusti. Dados anedhahaken Sangkan Paraning
Tanajultarki, katetepaken pangawasaning tèkat ingkang dhateng
pangancas panjing-suruping pati, neteg sahadatipun Kangjeng
Sultan. Saweg saangkatan lajeng katungka wonten prabaning
cahya nurbuwah, winantu jasat kawula kami tenggengen punika
wau. Dados gagar boten kantenan.”
Para wali jalimet dènya tetakèn. Pun Wada, pun Wadaka sugal
wewangsulanipun, “Kadi pundi dadak tansah tetaken? Punapa
ngilmi punika wonten bèdanipun ? Menawi pancèn wonten
bèdanipun, kula nrimah. Manawi boten bèda, kadi pundi sami
pangkating wali sami ndhedhes dhateng kula ? Sok makatena
Jengandika sadaya dereng paja-paja ngèmperi Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga. Dados Jengandika punika kènging dipun
wastani mentah ngilminipun, awit tandhanipun para wali tanpa
mangunah. Mangka tiyang ahli ngelmi kasampurnan punika,
manawi sged angancas dadining awal-akir, nyata kawasa. Wasana
kagètan, gumunan, èraman.
Manawi tunggil cecepan, tamtu boten parlu andhedhes dhateng
kula. Balik kula saweg kaparingan barkah kala wau dalu. Tamtu
dèrèng kacanthèl. Ingkang sampun lami dadak adeling-delingaken.
Yèn makatena, tetèla Sunan Benang utawi Sunan Ngampèldenta
anggènipun paring pusaka mawi pilih kasih. Tandhanipun boten
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 19
kadunungan budi jatmika, boten anglebeti panguwasanipun,
pinareng gesang ing awal-akir. Inggih punika tetep kayun pidarèni.
Tegesipun : gesang toya kalih. Wonten ing alam dunya gesang,
wonten kahanan ngalam akirat saged saged gesang.”
Boten kacarita pandhedhesing para wali dhateng pun Wada, pun
Wadaka. Sakonduripun Kangjeng Sultan ing Demak, para wali
tansah paguneman angraosaken gaibing Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga. Mila parawali sepuh, sanget panggagasing galih, dènya
bèda lawan ingkang ngumbara. Dènè para wali ingkang nèm, sarta
para pamaganganipun saya kirang gadug panggagasing galih.
Amung Susuhunan Panggung ingkang sampun ngregem
wasitanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Mila sumalonong atur
dhateng Sunan Giri, Sunan Kudus, kados ing punika
pagunemanipun.
“Kula punika inggih sampun angsal berkahipun Kangjeng Sunan
Kalijaga, nanging amung gelaran wahananing Dat kèmawon punika
ngantos sawarsa dèrèng saged ngregem parlunipun. Ngantos
dumugi sapriki meksa dèrèng mangerti nyatanipun. Mangka
Kangjeng Sultan kaliyan pun Wada, pun Wadaka, anggènipun
amaringi amung sadumuk malih, sageda gadug. Mila dados
sakalangkung panggagasing manah.”
Sunan Kajenar, inggih Sèh Lemahbang amangsuli sugal dhateng
Sunan Panggung, “Ě, boten kadosa anggènipun ngraosaken, Sunan
Panggung. Teka gampil temen pangandika Paduka. Menggah
kahananing ngilmi punika tanpa kira, boten kènging kinaya ngapa.
Sanadyan dipun jinggleng wewarahing wewadi, ananging dèrèng
binuka kijaping Pangèran, yekti datanpa damel anggegurua. Awit
ngilmi kasampurnan punika manawi boten angsal kanugrahaning
Allah, tamtu tuwas tiwas, tur tanpa damel anggènipun puruita.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 20
Sunan Giri angandika, “Yèn mangkono sira iku wis pinaringan
barkah lawan Sunan Kali ? Kalèjemè malah kalawan Sunan
Panggung. Yèn cilikanè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara uga katara
kedalè pamicara utawa rerasanè marang bangsa rahsa, akèh
sulayanè. Tur ingsun iki kabèh, para wali, uga padha wiji saka
Sunan Benang. Witè ing dhuwur pisan saka Ngampèldenta.
Suprandènè kang wus katandha kasunyatanè marang ngilmu
makripat, Sunan Kalijaga iku wus antuk gaibing kanugrahan.
Mulanè kabèh para wali ora ana kang lawan mujijatè utawa
kanugrahanè.”
Sunan Panggung matur, “Puanapa Paduka nama Kaki Walaka ? Para
wali boten anyektosi, dados ing mangkè wajib sami dipun èngeti,
supados ing tembè yèn wonten kaèlokan, dados boten balolokan
ing paninggal. Ing nguni kula sampun angsal dhawuh piwelingan
kados ing ngandhap punika :
1. Dhestar wulung, nyamping wulung, rasukan sami wulung,
cundhuk sekar wora-wari bang, wangkingan warangka ladrang
kacothè ngajeng, anyampiraken kacu gembaya.
2. Dhestar modang cemeng, rasukan tiga gangsal, paningset
puluh watu malang, èpèk sangkelat cemeng, nyamping cakar
ayam, nyampir kacu baya gembaya, nyothè wangkingan.
3. Sorban koncèran, baju kebayak mubah, ing jawi rasukan
antakusuma, nyamping gembaya, kacu gembaya, lancingan
panji-panji, gasperan.
Panganggè tigang prekawis wau dugi sapunika boten kènging
tinulad, yèn maha katamun walad.
4. Yèn cara kaji, busananipun dhuwung kaagem salebeting jubah.
Ingkang dipun katingalaken amung jejeranipun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 21
5. Yèn mangagem cara sudra papa, inggih sanget kusutipun,
kados tiyang miskin, ananging ginemanipun kedah
kumalungkung, angungkul-ungkuli sasamining tiyang.
6. Yèn mindha pawèstri, ingkang dipun agem bangsa aji
pangapesa, sasaminipun. Mila duk mindha tiyang ngarit, nama
Kaki Walaka, ginemanipun langkung adigang adiguna. Mila
manawi kirang mulur panggalihipun, tamtu dados pasulayan,
awit saking ngungasaken pangawikanipun.
Sunan Giri miwah Sunan Kudus dahat sukaning galih, jalaran
sampun tinedahaken titikanipun. Saupami boten dipun aturi, ing
wuri badhè kasaluru kados ingkang sampun kalampahan. Temah
badhè nuwuhaken salah surupanipun. Sareng sampun jinarwanan
dèning Sunan Panggung, sadaya suka ing galih, jalaran para wali
punika sampun sami suka sumungkem ing galih dhateng Sunan
Panggung kalih Sunan Kajenar, tiga Sèh Ibrahim Jatiswara. Tetiga
punika sejatosipun sampun nyuwun widana. Tegesipun : nyuwun
barkahing Pangèran Kang Agung. Nadyan wong pidak padarakan,
kedah canjè-canjè. Punika tembung Arab ingkang dèrèng
wewangunan. Tegesipun : ingkang nyata nyatanè. Manawi
sesikuning Pangèran, jampènipun andaluya punika giniro-gira,
supadosipun harja kanjeng suistha jampi.
Menggah ingkang kasebut ing suwalik punika, saking pikajengipun
Sèh Ibrahim Jatiswara. Tembung Canjè wau nyata.
Ginira andaluya punika tiyang ingkang ngglangyong tanpa kering.
Harja kajeng suistha jampi tegesipun : kang urip ora kena pati.
Rèhning Sèh Ibrahim Jatiswara pègo, dados boten cetha
wicantenipun. Upami cetha makaten, Para wali sadaya, mugi sami
anengerana. Yèn wonten larè gelanyong dèdè suwadosipun, inggih
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 22
punika nyata Sunan Kalijaga. Inggih punika ingkang urip tan kena
ing pati. Kang langgeng, ora kena ing owah gingsir. Mila mawi
kapethuk sadaya wau, mugi dèn prayitna. Utaminipun, manawi
karsa mampir. Manawi boten, inggih ingkang ajrih, ingkang
kurmat. Awit manawi wonten tiyang ingkang menthangul, malah
dipun perpeki.
Lega tyasè para wali sadaya, rumaos ing tembè badhè boten
kènging cobinipun Kangjeng Sunan Kalijaga, awit sampun angsal
pitedahipun Sunan Panggung bab ingkang dipun agem
sadintenipun, utawi pangagemanipun ingkang padinan.
Kacariyosaken sasampunipun makaten, para wali lajeng lelana,
ngupados siti payah, awit sayah nalika rerejenganipun sami dipun
abèr-abèr kajalonipun. Awit manawi ngalempruk sadaya, inggih
katut papa sangsara.
Kala samanten para wali lajeng darbè musintarasab, tegesipun :
marèntah. Dados tiyang Demak sadaya sami manut dhateng Sunan
Giri, lamenipun sadasa taun. Sareng mentas kapacel dèning
Kangjeng Sunan ing Kalijaga, tiyang Demak lajeng sami purun
manut.
Ing nalika samanten Sunan Giri lajeng wiwit malincur. Arang
sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan, rukun kaliyan Sunan Kudus.
Dipun timbali sapisan kaping kalih, ngantos kaping rambah-
rambah, meksa boten dhateng. Kangjeng Sultan dahat
sungkawaning galih.
Anuju satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
anedhaki, sarwa tetakèn, “Apa sababè, kadi ana kang rinasa ?
Mungguh mirudanè Sunan Giri lawan Sunan Kudus iku, anutugakè
babangus Arya Jipang, supaya sida kalakon angraman. Kang iku,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 23
Jebèng, aja sira rasakakè, mundhak ngungkat-ngungkat nalar.
Anggur sira mamardia rahsaning ngilmu. Ayo ginilut kang prayogi.
Kala semanten Kangjeng Sultan Demak kaliyan Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga sampun sami malebet ing kadhaton. Pun
Wada, pun Wadaka boten kènging kantun. Sakawan pisan wau
lajeng terus tedhak ing patamanan, tumamèng Wisma Kembang
(Keterangan : manawi jaman samanika winastan Bandengan, A.H.).
dumugining ngriku Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika
makaten :
“Jebèng, ing mengko ingsun ambalèni wewejangan kahananing
Dat, kaya mangkènè. Tilingena.
Sajatinè ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awang, durung
ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran,
anging Ingsun, sajatining Dat kang anglimputi ing sipatingsun,
anartani ing amaningsun. Iya Ingsun sajatining Dat Kang Murba
Amasèsa ing ngalam kabèh.
Mungguh sajatining Dat anglimputi sipat iku, iya rupa kita pribadi,
sanyata kalimputan Dating Pangeran Kang Agung.
Anartani asma iku iya nama kita pribadi, nyata kaaken sebuting
Dat Kang Wisèsa.
Amartandhani apngal iya ya solah bawa kita pribadi, kaaken
pakartining Dat kang èlok.
Ing kono sira wus aja nganggo uwas sumelang manèh, awit
satuhuning sipat kita iku nyata katitipan rahsaning Dat Kang
Sampurna. Tandhaning manungsa kaaken Kalipah iku, saka wus
kanyatahan saliring rahsa rumasa, padha kapurba ana ing sira.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 24
Mula kasebut wewakil. Dadi ora mung Ratu kalawan kawulanè.
Kabèh manungsa nyata wewakiling Allah. Tunggal Kawula Gusti,
tanpa antara kahananè; tanpa sesawangan wahananè.
Dènè kang kasebut wewakiling Allah iku Ratu. Mung dianggo
misahakè sarèngat lawan hakèjatè baè.
Mula dèn awas, aja uwas. Nyatanè kabèh manungsa pada nganggo
pirantining jasat. Ora bèda lawan praboting Ratu. Ngibaratè
mangkènè :
1. Kang dhing, Ratu iku kaupamakake sipating Gusti. Tandhanè,
wenang murba amisèsa. Mungguhing sarèngatè, sapa madhani
Ratu ?
2. Kang kaping pindho, Kawula iku minangka warangkaning Gusti.
Yakti ora kena yèn oncata salah sawiji.
Upama kawula tanpa Gusti, sasat embanan tanpa sesotya. Dadi
kaupamakakè kinjeng tanpa soja, anggalandha kari kandhang.
Mangka sajatining kawruh iku iya dèn kongsi weruh. Ngilmu
Makripat iku kawruh kang wus kasat mata nyatanè. Kaya kancana
winor lawan sarining tembaga, pasthi ilang wujuding loro.
Pasthi dadi sawiji. Aranè suwasa mulya.
Ing kono maring endi wujuding kencana ? Tiba ngendi sipating
dembaga sari ?
Iya iku sejating Kawula Gusti. Yakti nora keno yèn kasebut roro.
Mulanè wus aja nganggo wani ambèdakakè. Nyata, yèn Kawula iya
Gusti, Gusti iya Kawula.
Kangjeng Sultan ing Demak utawi pun Wada, pun Wadaka saya
ngregut pangisepipun. Sasat bremara ngrabasèng kusuma.
Ambangengeng tanpa kèndel, yèn dèrèng telas maduning puspita.
Wasana nyuwun pitedah malih. Sadaya wau supados saya padhang,
kadhapurna ing dederahan.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 25
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Kados makaten
wejanganipun :
1. “Jebèng, kang dingin dèn arani DAT.
Tegesè : wujud sawiji, nanging wenang murba amisèsa. Awit
DAT iku sipating Pangèran.
Marmanè, yèn cilik samrican, binubut. Yèn gedhè angebeki
jagad raya, jaba jero.
2. Jebèng, kang dèn arani SIR, iku angen-angen. Iya iku kang
minangka warananing Pangèran. Iya iku bisa obah, tan nana
kang ngobahakè. Iya iku kakèkating rahsa. Wahananè wenang
nganakakè roh. Dadi sipating Atma, mahanani marang suksma,
iya iku kang kasebut nyawa.
3. Jebèng, kang dèn arani NUR ing cahyaning Pangèran, kang dèn
wenangakè dadi warangkaning suksma utawa bisa amrabawani
sèsining dumadi ing jagad raya.
4. Jebèng, kang dèn arani KAYU iku uriping Pangèran, kang wus
gumadhuh marang Sir Nur. Marmanè kasebut HIDAYATULLAHI.
Tegesè : nyata uriping Pangèran.
5. Jebèng, mungguh kang dèn arani NEPSU iku sajatinè uriping
cahya patang prakara, dadi sawiji anjajah saereping SIR, NUR,
KAYU, NEPSU. Dadi obahing patang prakara mau mahanani
wewenanging angen-angen.
Mula NEPSU dèn arani HAWA. Matekè angkara murka. Ananging
ora kena yèn kapisahna, awit minangko kekuwataning kahanan
nyata.
6. Jebèng, kang dèn arani APNGAL iku budi. Marmanè kena dèn
arani urip. Ananing Apngal enggonè urip mau kasorotan cahya
patang prakara. Marma bisa ambabar cipta, rasa,
sapanunggalanè.
7. Jebèng, mungguh jasad iku badan. Iya iku minangka
wewadhaning Dat sawiji-wiji. Kawasanè bisa ngrasakakè lara
kapènak, suka-sungkawa.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 26
Namung sawiji Jebèng, dèn awas èling. Kabèh kang wus ingsun
gelarakè iku, senadyan wus wenang sesilih Dating Pangèran,
ananging ijih kena ing lara pati, ijih kena ketaman ing rencana.
Amung sawiji kang langgeng, ora owah gingsir, ora kena lara pati,
ora kena susah bungah. Iku mung asma kita sajati. Nyata urip, ora
ana kang nguripi.
Mulanè ana ngibarating para Pandhita, dèn umpamakakè simbar
nèng kakayan. Uripè mung tumèpèl, tanpa milu pancering wit; ora
milu nambahi oyod dhangkèlè. Suprandenè ngrembaka.
Marmane dèn awas èling, aja uwas sumelang. Lairè Dat iku wus
kawengku ana ing sira kabèh. Tegesè : iya aranira dhèwè.
Iku kang kawasa mengku kabèh mau, awit mungging Pangèran iku
ora kagungan nama. Muhung angagep ing nama kita pribadi. Iku
kang dèn aku sesebutaning Pangèran Kang Agung, Kang
Mahamulya.
Ing kono sakaliring Dat kabèh mau ana sesebutan reringkesan,
amung dhapur patang prakara :
1. DAT, tegesè : wujud.
2. SIPAT, tegesè : lelungidan ing rupa.
3. ASMA, tegesè : aran.
4. APNGAL, tegesè : budi.
Patang prakara iku nuduhakè kang mahanani Nepsu.
Marmane Nepsu bisa kanggonan cahya patang prakara.
Iya iku tandhanè panuntuning karep iku kabèh.
Kaya tha :
1. Cahya abang, pakaryanè bisa anggelar kang kaliru.
2. Cahya ireng, pakaryanè anenuntun panggawè sisip.
3. Cahya kuning, pakaryanè amemarah karep kang ora bener.
4. Cahya putih, pakaryanè anenuntun budi dtuhaka.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 27
Marmane cahya patang prakara iku, nadyan ora mancorong,
nanging amblerengi. Iku sangka warna-warna prabanè. Ananging,
sanadyan nepsu patang prakara mau mung anggelar angkara
murka, yèn sira bisa mepeti dedalanè, ora sumorot prabanè, pasthi
ilang panase.
Mungguh sawantahè, wus kasebut ing wewedharan triloka. Kaya
tha : Bètalmakmur, Bètalmukaram, Bètalmukadas.
Telung kahanan iku pasèwakaning Dat Kang Mahasuci. Marmanè
yèn sira arsa sapatemon lawan Kang Agung, Kang Mahaluhur,
anetepana pepeti babulpranapa. Tegesè : lawanging sawarga
sangang prakara, kaya ing dalem panekungan, nutupi babahan
hawa sasanga :
1. Netro karo. Iku memarah karep kang ala becik.
2. Lèng grana karo, anggèrèt urub kang tanpa kira—kira.
3. Lèsan anuwuhakè wicara kang tanpa prayoga.
4. Parji, anuwuhakè karsa kang tanpa duga-duga.
5. Dubur, anggepar raksa. Ing kono anyangga rekasaning jasad.
Yèn kurang awas, yakti nuwuhakè tiwas. Kabèh-kabèh iku
lawang sanga, bisa dadi dedalaning swarga naraka. Mulanè
kang para sujana, para sarjana, ingkang ahli budi, mardi
nyataning ngilmu kasampurnan. Pasthi akèh kang padha
anggelarakè marang muridè, nanging gèyonganè trekadhang
amung wewedharanè triloka baè. Dadi gadugè, wong bisa
mepet napsu hawa iku wus kalebu luwih. Wajibè kang
anganggo para wali sajroning praja. Suprandènè nadyan wus
padha jumeneng wali, ijèh ana ngeresing panemu. Marmanè
sira dèn bisa mengku bener luputè para wali. Dèn èling marang
rubet rentenging dumadi ing ngalam dunya kabèh iki, karana
iku padha baè panggawèning Pangèran kang Amurbamisèsa.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 28
Kangjeng Sultan ing Demak wus padhang tyasira terawangan,
sumarambah dhateng palawija kekalih pisan. Pun Wada, pun
Wadaka matur, “Gusti kawula kang aparing iman, rèhning kawula
lampahi pundi ?”.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika, “Luhur-endhek,
gedhe-cilik, padha baè. Amung nganggo duga-duga. Tegesè :
ing ngatasè wong cilik, nadyan ngilmunè dadi, durung kuwat
andulu anak-bojonè. Mulanè nadyan tumeka ing pati, titis
tumanjanè.”
Pun Wada, pun Wadaka matur, “Nuwun kapundhi, amung sageda
kalimputan ing sabda pangandika, sarta kaparengena kawula
mantuk dhumateng asal kawula ing tanah Kidul. Bilih saged
anglubèri anak-bojo kawula, sami katumusana ing sabda
pangestu.”
Kacariyos pun Wada lawan Wadaka. Sasampunipun untuk nugraha
saking saking berkahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, pun
Wada, Wadaka sakalangkung memundhi. Wasana matur nyuwun
kanca, rèhning sampun sepuh, sarta sampun lami dènya suwita ing
Nata.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ndangu asalipun, Wada, pun
Wadaka. Asal saking dhusun wanasida. Dinangu ing sedya matur,
yèn kepingin pejah. Nanging senadyan sampun kinubur,
kaparenga taksih tumuntur ring karaton Jawi.
Ěnggalipun, palawija kekalih rinilan mantuk, sarana pinaringan
brana. Palawija kalih dumugining alas Wanasida pejah. Nanging
kuwandanipun kalih pisan kukut, tilar weweling makaten, “Alas
ing Wanasida akèh kayune jati siluman. Besuk dadia
pirantining karaton Jawa.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 29
Sareng anak putunipun atur uninga, Kangjeng Sunan Kalijaga
nedhaki piyambak. Sarawuhing ngriku andangu dhateng
warisipun, lamining tumeka dumugining pati. Ingkang dinangu
matur sajarwa, “Dhatengipun sèmah kawula punika saweg
pendhak dinten, lajeng pejah. Wewelingipun namung nedahaken,
manawi sawingking griya punika alas ageng. Kathah witipun jati,
nanging kajengipun sami boten katingal. Manawi badhè uninga,
kedah sarana toya mawi sekar setaman. Ingkang dipun anggè
nandha, pangilon. Manawi katarimah, saged gana witing jati
ageng. Ananging manawi dèdè karaton Jawi ingkang ngagem,
boten kènging.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng nglaksanani, dipun tandha
sarana pangilon utawi kembang sataman, kanthi dedupa kang
agung. Sasampuning makaten, Kangjeng Sultan namur kawula
dhusun dhateng Wanasida. Dupi wus prapta lajeng sami
nyatakaken. Wasana kanyatahan, wana ageng katingal. Tuhu tanpa
sela, wit jati ageng-ageng. Kangjeng Susuhunan Kali lajeng
dhedhawuh.
“Hè bojonè Wada lawan Wadaka, ing mengko mupakatna. Awit
saka karsaningsun, ing alas Wanasida ingsun elih ing Danalaya,
minangka panengeran patinè si Wada lawan Wadaka. Karo dènè
rèhning wus dadi panuwunè si Wada lawan Wadaka kayu iki
dadia pirantinè kraton Jawa. Ingsun wus angidèni, lestari. Aja
katon, yèn nora bakal kagem ing Ratu.”
Kang liningan matur sandika. Kangjeng Sultan ing Demak utawi
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur, paring tetilaran
dunya sawatawis.
Mila dados pèngetan sapariki, wana Danalaya kajengipun jati
langkung kathah tur ageng-ageng, nanging boten katingal. Sadaya
wit jati siluman. Dènè manawi badhè kanggè karaton, inggih saged
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 30
ngatingal. Nanging kedah dipun saranani sesajèn sekar setaman
sarta pangilon, kanggè ngilokaken kajeng jati ingkang siluman
wau. Ananging sanèsipun kagem ing Ratu, boten kènging.
Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
kaliyan Kangjeng Sultan ing Demak samargi-margi anggung imbal
pangandika makaten :
“Jebèng, wruhanamu, mungguh patinè si Wada lawan Si Wadaka
iku luwih becik, dènè bisa anggawa saraganè. Yèn kang durung
sumurup, si nengguh mranyanyang dadi dhemit sing rumeksa
kayu jati siluman. Mangka sadurungè si Mada, Wadaka mati,
kayu jati wus padha tumuwuh. Dènè enggonè ora katon
janggerenging kayu, ing nguni pananemè Sang Hyang Bathara
Wisnu, nuju siluman. Dalah wijinè nalika janggleng uga saka
wiwitan suwarga. Utawa nalika nanjakakè wiji, iya sarana
sinung sabda, sing sapa trahing Wisnu jumeneng tanah Jawa,
iku kena negor kayu ing alas Wanasida. Marmanè saiki ingsun
elih aran Danalaya, karana dadi panengran, enggonè si Wada
lawan Wadaka mati ana ngalas iku.”
Kangjeng Sultan ing Demak matur tanjanipun, “Menggahing pati
katun raganipun, punapa boten sinengguh mrenyanyang ? Upami
nunggil lawan dhangnyang ingkang tengga wana, saèstu nistha
ngilminipun.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :
“Iya bener kang angarani, karana sunduk prayoganè ora mlèsèt.
Ananging, sajatinè ora paja-paja yèn anunggala panuksmanè
lelembut, ananging ora timu-tinemu. Amung ana luputè si
Wada lawan si Wadaka. Rada karikaten. Dadi ing pati mung
sampurna baè. Wujuding sampurna iku mung nunggal lawan
Datè Kang Agung. Dadi mung tetep piranti baè. Iya iku kang
ingaran sampurnaning pati. Upama saangkatan engkas, pasthi
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 31
bisa tunggal lawan Hidayatullahi. Wus kena sinebut
kamulyaning pati.”
Kanjeng Sultan ing Demak matur malih, “Punapa wonten
inggahipun malih?”
Kangjeng Sunan Kalijaga angandika :
“Teka amindho kardi, dènè sira wus ingsun pituturi, mungguh
caritaning Kadis pangandikaning Allah, sing sapa wus nunggal
hidayatjati, yakti wus kalebu punjul panggayuhè. Ananging yèn
katetepakè ing wewejanganingsun ijèh nyamut-nyamut
nyatanè, karana saangkataning Hidayatullahi, banjur tumaka
ing ngalam kanyut.
Iya iku dununging kalimput.
Dènè yèn wus bisa anembadani kahananing ngalam iku, banjur
tumaka sajatining kira. Iya iku alam kang wus tan kanyanan,
karana ananè kalingan ing nikmatullahi.
Sawusè tumeka ing ngalam sajatining kira, banjur ana rerupan
kang sira durung tau sumurup salawasè urip.
Yèn carita duk Kangjeng Nabi Adam, kang kadulu mau sinebut
Wohing Kuldi. Mulanè Kangjeng Nabi Adam nganti kasiku,
tunurunakè ing dunya, iya saka dhahar Wohing Kuldi mau.
Upama duk nguni ora dhahar Woh Kuldi, pasthi tulus Nabi
Adam, nora kasiku, tinetepakè anèng swarga baè. Ora nitahake
manungsa iki kabèh.”
Kanjeng Sultan Demak matur, “Sejatining Woh Kuldi ?”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“He Jebèng, mungguh kang diarani Wohing Kuldi iku sejatinè
sesotya sarining swarga. Iya iku arang kang weruh rupanè
dèning Allah Wohing Kuldi mau mung Nabi Adam dhèwè.
Marmane ana sesiku, jalaran saka gajah ngidhak rapah,
katempuh pepesing papah. Tegesè : kang dirilani rumeksa
amung Nabi Adam. Wasana ngrusuhi rereksanè dhèwè.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 32
Iya bener, kang agawè luput, wus dadi ukumè yen wong rusuh,
anemu pakèwuh.”
Kanjeng Sultan matur, “Menggah sesotya sarining swarga punika
punapa ?”
Kangjeng Susuhunan Kalijaga ngandika :
“Wruhanamu Jebèng, mungguh kang diarani sesotya sarining
swarga iku kahananing jinem.
Sajroning jinem iku : wadi.
Sajroning wadi iku : madi.
Sajroning madi iku : manikem.
Sajroning maningkem iku : rahsa sajatining rahsa, kang ginawè
dèning Allah, kang rinengga dèning suksma, kang pinardi
dèning ati.”
Kangjeng Sultan ing Demak sampun mangertos. Sakalangkung
anuwun kapundhi. Wasana nutugaken lampah sakalih-kalihipun.
Sareng dumugi Delanggung, labuh tan ana wong lumaku. Alas
gung liwang-liwung, kathah bebujengan ingkang galak-galak.
Kangjeng Sultan Demak matur, menawi kapareng kasengkakaken
ing lampah, supados angicalaken samar.
Sunan Kalijaga angandika :
“Ngendi panggonanè samar, emar, wedi ? Dadinè ana ing sirri
dhèwè. Aja sumelang, karana iki pangajaraning tekat. Mungguh
ing dalem ati, luwih sangka iki pakewuhè. Kari luput pisan,
kena pisan. Balik kang dilakoni iki gampang malasahè.
Bebasanè : saupama kapapag ing bebaya sarpa miwah sardula,
kari ananting kuwandanè. Lamun sira kalah, sirna. Menang,
ngukup. Mungguh kukupanè, sirna bathangè, pinangan ing
sato galak.
Balik ing ngalam akirat, wus anyandhak-nyandhak tuna,
ngrangsang-ngrangsang luput. Maring ngendi palayunè ?
Andhelik, aling-alingan apa ? awit ing pati kari sapisan. Ora bisa
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 33
menang ing aprang sabil. Tur mesthi kalahè, awit ing dalem
pati, tanpa andulu apa-apa. Tan ana kayu kekayon kang
katingalan. Mung kari awang-uwung, wus kari anglindhung
dhèwè.
Mulanè si Kaki Dhalang bisa gawè ngibarat Arjuna kalawan
Semar. Ing saben ana bebaya, Semar nangisi ngajak lumayu.
Yèn Semar wus umpetan, Janaka prang lawan buta. Marmanè
Kaki Dhalang agawè ngibarat wewayangan, amung nuduhakè
barang lelakoning ngurip. Mulanè yèn Janaka ijèh kairing Semar
lunga, buta mati.
Tegesè : mungguh lelakonè ngurip utawa lelakoning pati, yèn
maksih samar-samar, pasthi jèdok panggayuhe, awit kurang
wani tèkadè, uwas-uwas pamawasè. Yèn wus ilang sumelangè,
kari melang tekadè, iya tutug sedyanè.
Lamun nora mangkana, urip tutuging pati tansah dadi gawè,
utawa tiwas uripè.
Ewadenè yèn sira meksa durung wani andadar tèkad, pasthi
ingsun bisa angulihakè marang Demak, padha sanalika teka.”
Kangjeng Sulatan matur, “Gampil nglampahaken weninging tèkad.
Wangsul ing mangkè anetepi angger-anggering karaton, inggih
kedah dipun anggè. Dados angsal sakalih-kalihipun.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika, “Iya bener.”
Sasampuning makaten lajeng ambèbèr baju gebayak landhung.
Kangjeng Sultan ing Demak kadhawuhan malebet ing lengenan
kabayak landhung wau, kinen merem netranipun sapandurat.
Saking nyata kuwasa Sèh Sutabarit, saged angingset paran
ungguling jagad. Kangjeng Sultan ing Demak sami sakala manjing
lengenan kulambi. Sakedhèping nètra dumugi ing Demak.
Ing nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kaliyan Ingkang
Sinuhun Kalijaga, sarawuhipun ing kadhaton taksih angdugèkaken
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 34
reraosanipun nalika wonten samadyaning wana. Kangjeng Sultan
ing Demak matur, “Pakartining pati, sagedipun titi pangruktining
pakarti, tinarik saking punapa ?”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika makaten dhawuhipun:
“Hè jebèng, anadenè pangertining pati, manawa titi patitis,
pasthi kena ginulang saiki. Supaya lanyah, amiwitana ngawruhi
keplasing turu. Aja lali panglesing layap, tumekaning luyup.
Tegesè : wiwit baliyut tumekaning angler, iya uga ana
petunganè, minangka panengeran.
Kaping pindhonè tarèk, andadar tekad ing kauripanira dhèwè.
Tegesè : anarik napas, pinepes amrih marang anpas.
Anpas pineksa supaya ngumpul marang tan napas. Tan napas
pinusthi bisanè dadi sawiji marang nupus.
Mungguh sinaonè rong prakara ing mangkènè. Patitisena,
Jebèng:
Kang dhingin : ngurangana pangan, supaya kothong
wetenge.
Kapindhonè : ngurangana turu, supaya ènthèng badanè,
padhang polatanè.
Kaping telu : dèn upakara jamunè, supaya kuwat balung
ototè.
Kaping pat : dèn lega lila ciptanè, supaya menang
papanthenganè.
Yèn wis sampeka pakartinè, supayo uwas atinè, iya sinaonana eling
lerleraning turu dhingin. Angètunga keketeg ingkang terus
pangrunguning kuping.
Ingkang dalem sawidak keteg, pasthi katara rèrèhing napas.
Nganggo meneng sadhèla, banjur dhedheti maneh. Ing saben wus
kaping sawidak, rèrèh. Manawa wis kaping telu rèrèhing napas,
banjur ana swara, saèngga kendhenging gandhèwa lagi mentas
pinentang. Ing kono dèn awas sarta patitis pètungira.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 35
Yèn wus “greng”, “greng” kaping telu, banjur saya kerep “greng”,
“greng”, “greng” tanpa sela. Iya iku kang dèn èling, aja lèna, awit
ngarepakè tibaning bawa-bawa. Tegesè : lelimpet kang bakal
anglimputi marang panon kita prabadi.
Kalalèn ler-leraning cipta maya. Banjur ana tumeka manèh gora-
goraya. Tegesè : swara sora tanpa sela, ngungkuli gumlegering
gelap utawa baledhèg, sarta ora nganggo antara karepè.
Iya iku kang bebarung mamrih rusaking pangangen-angen kita,
manuman nonton bawur kuwur, ora ngawruhi sarta ora dèn
kawruhi. Ing kono dèn prayitna, aja samar. Bokmanawa bakal
uninga sajatining kahanan.
Kapindhonè, kang diarani tarèk, iya iku tarik. Tegesè : anarik
napas, anpas, tan napas, nupus.
Ananging panarikè ora sarana turu, ora nganggo alam kanyut.
Amung pineksa lawan lungguh baè. Nanging pakartinè padha
nganggo ngurangi pangan utawa turu, apadène jamu kang anget-
anget. Utamanè, yèn nganggè minum arak kang nganti mendem.
Ing kono dianggo tarèk, gelis kalakonè. Angger ora kalalèn, malah
becik.
Dèn yèn dhasar bisa santosa budinè, mantheng ciptane, iya ora
kaya kang tanpa sarana mendem.
Dadi wantah pamandengè ing kahanan jati.
Ewadènè pangkat-pangkating lelakon iya ora bèda dedalanè nalika
patrap layaping nèndra. Amung yen wus tumekaning don sejating
kira, uga tumangkar dadi telung perkara. Yèn padha katarima :
o Manawa padha turu, katrimanè ing dalem kasunyatan, bisa
raga sukma.
.......................................................
.............Halaman 26 hilang.............
.......................................................
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 36
Wekasanè malah anjalari tiwasè wong ngatuwa. Dadi gelisanè
wong kang arep swara, wong kang sukak micara sora, wong
kang dhemen solah, tenaga saru kurang rèrèh ririh, iya iku
kalebu pancèn.
Tegesè : wus dadi pepancèning roh nalika lagi cumithak
sajroning maningkem. Èwadènè ana tandhanè. Telung prakara
panitikè wewatakan mau :
1. Kaèngetakè. Tegesè : dièlingakè laku-lakunè kang ora
prayoga, brabah, sora, saru, supaya mari. Yèn meksa
ndadra, tandha wus kodrat duk dadinè. Iya wus takdiring
Allah.
2. Kaèngetakè, supaya patrapè kang ala bisa becik, mangka
gelis miturut. Tandha patrap tetularan.
Tegesè : katut apa woworanè. Bebasanè amor maling, wruh
lakune maling. Amor wong ala, katularan ala. Iku nyata
bener kang padha ngarani.
3. Kaèngetakè supaya èling uripè, aja nganti darbè patrap
kang ora prayoga. Mangka lagi dèn agagi gunem baè wus
ènget dhèwè. Iya iku sajatining urip. Nyata elasing dumadi.
Tetep kamangungsanè.
Jer manungsa sipatè, watakè bodho, druwolo, angèl wulanganè.
Iku duk nitisake, mosiking Bapa-Biyung sepen pikirè kang premati.
Dadinè manungsa pasthi kaya kebo. Anadènè ala sipatè, wekasan
becik atinè, pasthi duk cumithak anuwuhakè budi paramarta.
Katitik saka katuju tujunu karepè.
Anadènè maneh sipatè manungsa wekasanè lumancang langkah
karepè. Iku nalika nitisakè kurang netes. Tegesè : kurang satiti,
kurang sucinè. Dadi tibaning wiji becik, akèh borotè. Kabeh
titahing Pangèran wus ora kena kinaya ngapa, lawan ora bedanè
tibaning roh kang dadi luhur, lawan kang dadi asor.
Marmanè, nadyan sira jumeneng Nata, aja nganti ambek
kumalungkung. Èngetana padha asal saka banyu. Ing kono ana
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 37
nyatanè, kaya ta : wong tinitah luhur, mangka wani ngidak benere,
bokmanawa kuwalik adilè. Kasiku padha asalè.
Marma dèn èling, Jebèng, kabèh wekasaningsun.”
Kangjeng Sultan Demak matur, “Pisah-pisahing toya buthek lan
wening, puruging warna yèn wus mawor, paraning ijem-abrit
dhateng pundi? Kawula nyuwun pitedah.”
Kangjeng Sunan Kalijaga angandika, “Wrunanamu Jebèng,
mungguh empanè kang among sawarna, tunggal lawan kang
wening. Kang wus wujud banyu bening iku tegesè : wus meneng.
Iya iku kang nora obah. Kaworan banyu warna-warna, iya mulih
marang warnanè dhèwè :
1. Banyu abang momor banyu wening, ulehè si abang iya mulih
warang cahya abang, ya iku nepsu amarah.
2. Banyu ireng iya mulih marang cahya ireng, kahananing nepsu
luamah.
3. Banyu kuning iya cahyaning nepsu supiyah.
4. Banyu putih iya mulih marang asaling cahya putih, kang
ingaranan saka nepsu mutmainah.
Tumangkarè ana dhèwè. Kaya ta : biru, klawu, gedhah, lamus,
sapanunggalanè iku padha saka wahananing cahya ireng.
Jambon, kapuranta, jingga, wungu, sapanunggalanè iku padha
asalè, saka cahya abang.
Ijo pupus, gadhung, sapanunggalanè, iku asal saka cahya kuning.
Pingul, sèta, pèrak, padha asal saka wahananè cahya putih.
Mungguh terusè sabarang warna teruse mangkènè :
Putih iku bisa dadi kuning, awit saka cecampuran.
Kuning bisa dadi abang, uga saka cecampuran.
Abang bisa dadi ireng, uga saking cecampuran liru lambang
empaning carup wor.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 38
Wekasan dadinè ora bisa mulih marang banyu wening. Mangka yèn
satuhunè, warna iku mung rong bab :
1. Kang dhingin : anuduhakè luguning cahya ireng.
Marmane ireng banget irengè iku putih.
Putih kang banget ireng.
2. Kaping pindho : anuduhakè satuhuning cahya abang. Manawa
abang banget abangè, iku dadi kuning. Kuning kang banget
kuningè bisa dadi abang. Iya iku sajatining warna.
Ananè wungu, dadu, ijo, jambon, sapanunggalanè iku soroting
rong prakara mau.
Marmanè ana pati sasar, utawa ana rupa bagus, ala, kiwa, cacat,
sapapadhanè.
Ing kono aja nganti kurang tampaning ati kita. Aja tumpang suh
cipta rasanè. Aja kaliru surup budinira. Aja kuwur sedyanira
Ing kono ananè saka kita pribadi. Oranè iya kita kang amurungakè.
Dadine iya kita kang ambebakali bisa dadi.”
Kangjeng Sultan ing Demak duk nampèni dhawuh
wewedhararanipun Ingkang Sinuhun Kalijaga sakalangkung
pamundhi panuwunipun. Salebeting panggalih rumaos padhang
terawangan, saèngga boten wonten ingkang dados aling-aling.
Melenging panggalih sampun karegem sadaya. Upami tinaruju
kaliyan boboting wali sadaya, taksih awrat Narpati ing Demak,
margi ginulang-gulang, wineleg ing siyang ratri. Suprandosipun
manawi anandukaken tembung, kedaling lèsan, taksih katawis
kirang seblaking budinipun. Mila Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga
anggung mangandika makaten :
“Hè Jebèng, baya kayaa, enggon kita aneter pangarti kita. Dènè
panawangingsun kaya maksih ana wewageling atinira. Rumasa
kurang terang tampaning budi premati. Yèn ta maksih ana
kodhenging panemu, becik sajarwaa maringsun. Bokmanawa
ingsun bakal anuduhakè salugu, mupung ingsun maksih
kapareng tunggu ing sira, Jebèng. Aja pakèwuh.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 39
Kangjeng Sultan ing Demak matur, saluguning sigeging galih,
taksih wonten wewagelipun, amung jabaring cahya kawan
prakawis. Anggènipun cacamburan weninging tirta marta, dèrèng
saged tumancep anampeninipun. Mila nuwun wantahipun, supados
saged tumanem amanggih ing manah. Kangjeng Sinuhun ing
Kalijaga gumujeng, sarwi angandika makaten :
“Yahu Allah, teka banget temen enggonmu pindha bayi salapan
umurè. Prakara cacamburan iku, upama ingsun ora nuduhakè,
pasthi sira wus bisa ambabar pribadi sawewadinè kabeh.
Amung saka banget temen enggonira jugul. Kang wus
jumonggol, sira sengguh bonggol. Mangka yen prakara iku,
bebasanè angger wus darbè paugeran kang ana pingilè, pasthi
bisa ambabarakè dhèwè. Èwadènè sira ingsun tuduhakè
salanjaran baè, bokmanawa banjur bangkit anuntumakè
gothak-gathukè. Ana ta othak-athikè, anjarum sarumbunganè
wus ora kawekèn. Mara pareka maning, Jebèng. Sira ingsun
paringi lanjaran jarwaning wewadi.”
Sang Nata nembah marbukuh ing ngarsa. Sigra ginelaran talering
warih kang warna-warna.
“Tampanana, Jebèng, aja kaliru.”
Aturipun Sang Nata, “Sembah nuwun sandika.”
Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wasitaning
galih taksih asmu gumuyu. Dados kedaling pangandika kadi winor
ing raras, binarung ing sesingir, kados ing ngandhap punika
bebukanipun :
“E.. Allah Yatallah, Gusti Allah, angudubillahi, barang polah yèn
tan kalah man aklah, la ilalaha illallah, Muhammadan
rasulullah, Allah kita dèning ingsun. Allah ingsun dènè kita.
Sanyatanè kang tinemu nemokakè. Mokal linyok, mokal dora.
Yèn goroha nora dadi. Dènè temen kang tinemu saka Datè. Dat
sipatè yèn tan nyata pasthi wurung. Yèn ruwetè pasthi bingung,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 40
agungaka ing sendhang kang manca warna. Lamun kita cipta
cidra, cinidranan, sedya harda antuk nepsu, niyat rusuh pasthi
kisruh. Reged resikan tan saking osik kita. Kita iku yèn kukuh
amasthi kuat. Lamun heneng pasthi hening. Hening iku tan
lyan saka panggawè kita pribadi.”
Dhatdhat karaos panggalihipun Sri Nata ing Demak. Rumaos saged
anggelaraken piyambak. Pasemonipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, sasampunipun makaten lajeng paring pangandika malih
saklimah, wantahipun makaten :
“Hè Jebèng, satuhunè banyu rahmani, iya iku lamun sira lagi
mosik, aja kacamburan apa-apa. Manawa kacamburan rahsa
rumasaning cipta kang ora bener, pasthi bakal malèncong
dadinè.”
Pangandika makaten wau sarwi jumeneng kèsah Narèndra ing
Demak badhè nyandhet, ajrih sesikuning guru. Mila mung sembah
nuwun kaping sèwu kapundhi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
atilar pangandika.
“Jebèng, bèsuk ingsun bali manèh manawa wus ana antaranè.”
Tumindaking lampah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dumugi
sahandhaping taratag lajeng boten kawistara.
Gentos cinarita, para wali sadaya marek ngarsa Nata, atur uninga
yèn Sunan Dèwakatong tilar dunya, Kangjeng Sultan ing Demak
dahat pangunguning galih lajeng utusan anggandhèk tengen kalih,
amringake waragatipun sawates.
Ing nalika samanten taksih anetepi punapi lenggahipun siti, yèn
wali bekel, lenggahipun sèwu karya, paring wragat inggih sèwu
rèyal. Yèn wali sepuh, wolung atus karya, inggih wolung atus rèyal.
Sunan Dèwakatong wali nem, lenggah gangsal atus rèyal. Nanging
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 41
mawi tambah ganjaran, margi Sunan Dewakatong saking sepuhing
umur satus taun.
Sampun kapengker cariyosipun layoning Sunan Dèwakatong.
Nuju satunggaling dinten kangjeng Sultan ing Demak andangu
prakawis roh dateng wali. Amung Sunan Kudus utawi Sunan Giri
suwung. Minangka tadhah timbalaning Nata, Sunan Panggung
sakancanipun. Patakèning Nata ugi dipun aturi sesorahipun
satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika :
1. Dipun wastani Roh Ilapi, inggih punika roh kudus mulya.
Pakartinipun : saged mapan ing gaib. Mila kawasa dados
lambaring Jati Wasèsa, awit saking winenangaken dados
manungsa, tan lyan saking Rohilapi.
2. Roh Jasmani, punika roh sajatining gaib, nanging boten
dados lambaran, awit sanget kaalusanipun. Mila manawi
taretip pangruktinipun, cepak anyorot dhateng bangsaning
jim prayangan.
3. Roh Rokani, punika sakalangkun santosa. Kawasanipun saged
anambahi kekuwataning manungsa. Amung manawi kirang
gemet pangukudipun, cepak-cepak anyorot dhateng
bangsaning lelembat, brakasakan, sapanunggalipun.
4. Roh Kèwani, punika dados pirantining jiwa-raga. Saged
anambahi kuwating bebayu miwah otot. Ananging manawi
kirang resik pangungakipun, cepak saged dados bangsa
kèwan.
5. Roh Mahdi, kawasanipun saged amimbuhi kalimpating budi
sanubari. Ananging manawi kirang kabegyanipun, asring
kasaluru ing panyipta, awit ambah-ambahanipun bangsa
nikmat.
6. Roh Rabani, kawasanipun saged andamel pakarti. Tegesipun :
tuwuhing pangraita. Ananging asring kataliweng dhateng
panasaran, awit ambah-ambahanipun dhateng manpangat.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 42
7. Rohmani, tegesipun wiji rangkep, ingkang kawasa
anggelaraken sagung dumadi sadaya, punapa dènè
kabegyanipun saged adamel bilai sami sanalika, awit
tetarikanipun saking mukti wibawa enggènipun.
8. Rohkiyat, inggih punika ingkang winenang adamel
santosaning balung atot, kulit, bayu, daging. Ananging
tibaning bilai tan anglabeti. Telas akalipun, lajeng larat
sadaya.
9. Rohkayat, tegesipun roh ingkang anarik sakaliring begya
dahulat. Mila saged andhatengaken palalullah. Tegesipun :
ganjaraning Allah ingkang tanpa kanyanan. Kanyatanipun
anarik bangsaning gaib. Ananging bancananipun amung
sakedhap kanyanan. Mila kedah tineteg saking anteping tèkad
kita kang saluguning cipta kita.
10. Roh Nurani, kawasanipun saged adamel padhanging budi,
angluwari ricuh, andhatengaken bingah, awit panganggènipun
angambah dhateng barang sedya kang asuci. Amung
bilahinipun saking konusing wicara, kirang dyatmika. Mila
kedah anteng.
11. Roh Nurmadi, punika raksaning roh ingkang rumeksa ing
atma, utawi wonten ing sukma. Mila kawasanipun saged
andamel padhang terawangan. Amung tiwasipun manawi
boten ngati-ati.
12. Roh Nursiri, tegesipun : cahya ing kang kawasa nunggil lawan
ing manah suci, sumrambahing dhateng budi sanubari. Kerep
angsal beja, arang sungkawa, awit ing nalika punika nursiri
wau dhatengipun kalawan cipta kita kang wening.
13. Roh Insani, kawasanipun saged amimbuhi sereng-serenging
panggalih, awit katumusan saking sarining nepsu ingkang
tanpa kedhat. Mila manungsa saged ajeg ingkang
kaniyatanipun, amung woten tundha bèmaning panggalih,
manawi kataman ing cipta ruhara. Tegesipun : panggagas
ingkang boten saged kendel. Èwadenè wonten gaibipun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 43
pakartining Roh Insani wau. Manawi angsal sakseriking
sasama-sama, karsaning Allah tangala saged anuwuhaken osik
ingkang kumrisik.
14. Rohnapi, tegesipun : roh ingkang alus. Inggih punika
rahsaning Pangèran wewenang ingkang gaib. Kawasanipun
saged adamel empaning wewenang ingkang tanpa
wewangenan. Inggih punika ingkang amimbuhi kajat
Jatiwasèsa. Tegesipun : osiking Pangèran Sajati.
Kangjeng Sultan ing Demak adangu kathahing roh. Sunan
Panggung amangsuli atur, “Saking dhawuh pangandikanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sajatining roh punika satunggal.
Ananging kawasa dados satus kalih dasa roh. Mila kawula aturaken
saweg kawan welas, awit saweg punika gaduging manah kawula,
nadyan ing nguni sampun kagelaraken sadaya. Nanging kawula
derèng gadug raosipun, anggelar satunggal-satunggal, kados
ingkang kawula gancaraken. Èwadenè wonten ingkang radi kathah
pangawikanipun, prayoogi dupun timbali : 1. Sèh Sitijenar; 2. Sèh
Ibrahim Jatiswara.
Kangjeng Sultan ing Demak anayogyani, nanging kedah saselaning
para wali-wali kathah. Ing saben malem Jumungah Sunan
Punggung. Sèh Sitijenar, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara
katamtokaken amung saben malem Anggara Kasih.
Anuju malem Jumungah, para wali dalah pamagangnipun pisan
sami sowan malebet. Ingkang ngirid Kangjeng Sultan ing Demak
boten wonten ingkang dipun pangandukakaken, liya amung
bangsa pati tuwin bangsaning panengeran. Badhè kajumbuhaken
kaliyan pamanggihipun Sang Nata. Pangandikanipun makaten
dhateng Susuhunan Giri, “Boten saking punapa-punapa,
wontenipun panengeran ingkang mesthi sangking pundi
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 44
tarikanipun? Saupami boten sarana uninga ing panengeran,
punapa inggih badhe boten saged pejah? Kula nedha kapajarana.”
Sunan Giri, Sunan Kudus sakancanipun kagyat ing galih, nalika
tampi pangandikaning Nata. Nanging èwet anggènipun badhè
ngaturi wewangsulan, awit sami anginten yen cengkolongan
pangandikanipun, awit Sultan Demak mentas anggeguru Sunan
Kalijaga. Upami ngaturaken sapamanggih kèmawon, tamtu darbè
kadho-kadho ing panggalih. Mila sami pakèwet dènya ngaturaken.
Amung satunggal ingkang sumengka, purun matur sagadug-
gadugipun, pamagangan wali, anama Sèh Molana Khaji, saking
tanah Jepara, kados ing ngandhap punika :
“Saking pamanggih kula, gaduging alit balaka, menggah
paugèraning panengeran punika sakalangkung kathah, nadyan
saking kitab-kitab ugi mboten kirang uger-ugering panengeran.
Èwadenè menggah angger panenggeran punika dèrèng tamtu.
Ingkang tinamtu sampun boten èwah gingsir punika amung tigang
panduman :
1. Osiking cipta kang karsa.
2. Tetep panetesing Jatiwasèsa.
3. Purbawasèsaning Susmayajati.
Tegesipun : ingkang tampa malèsèt punika, manawi sampun
gadhah sentuging manah ingkang sampun dados gegelengan.
Tandha yèn utusaning Pangèran.
Tegesipun : Jatiwasèsa punika, manawi kita sampun mratandani
lelagon ènggal. Inggih punika : sanyataning tèkad sampun
andungkap badhè tumeka ing ngalam kiyamat kubbra.
Purbawisèsaning Susmaya punika tegesipun : ingkang sampun
mratandhani asating akhir jaman, yakti tumekaning don
anyirnakaken cahya.”
Kangjeng Sultan ing Demak atetakèn dhateng Sèh Molana Khaji,
“Pamanggih ingkang mangkana iku saka ngapa pathokanè?”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 45
Ingkang dinangu matur, “Saking Kitab Bayan Budiman.”
“Kitab Bayan Budiman iku pira kèhè?”
Molana Khaji umatur yèn gangsal Kuran :
1. “Kitab Bayan Budiman punika nyariosaken gumelaring ing roh,
duk dadi manungsa.
2. Sasaming roh ingkang sampun winenangaken dhateng para
Malèkat, winastan Bayan Mani, kitab pangarangipun pra jamhur
sadaya.
3. Kitab Bayan Maot, ugi anggelaraken pakartining roh sadaya.
4. Kitab Bayan Tarikul, ambababraken pingiling roh ingkang
andhap, ingkang inggil, kadadosanipun sadaya.
5. Kitab Bayan Rakimul Kiyin, inggih punika ingkang anedahaken
dununging roh ing dalem satus kalih dasa, sami
kapratèlakaken satunggal-satunggal.
Kangjeng Sultan ing Demak lajeng anggraita, yèn sami kaliyan
sorahipun Sunan Panggung. Èwadènè wajibing Ratu punika kedah
momon, momot, mengko. Nadyan sampun uninga, kedah piarsa.
Makaten pangandikanipun Kangjeng Sultan ing Demak, “Payo
gelarna sapanemunira.”
Molana Khaji lajeng nggancaraken, “Ing nalika manungsa saweg
tumitah wonten ing ngalam dunya, kasebut Adam. Mungging
Pangèran saweg maringaken iman tetiga : 1. Kidam; 2. Juwar; 3.
Nur. Ing nalika punika Malèkat Jabarail katitahaken wujud toya,
pitung prakawis :
1. Toya Dal, dados panggesangan.
2. Banyu Kal, dados swara.
3. Banyu Molia, dados rupa.
4. Banyu Mendhati, dados cahya.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 46
5. Banyu Manikem, dados nyawa.
6. Banyu Mani, dados paningal.
7. Banyu Wadhèh, dados pamirengan.
Dènè pancering roh sadaya wau kados makaten :
1. Banyu Angin, dados loh kalam.
2. Banyu Jasma, dados pikuwat.
3. Banyu Lebu, dados bumi langit sap pitu.
4. Banyu Panas, dadso Malèkat.
5. Banyu Ngèlmu, dados rina lan wengi.
6. Banyu Suhut, dados lintang, rembulan, srengèngè.
7. Banyu Matci, dados naraka.
8. Banyu Katdi, dados suwarga.
9. Banyu Musik, dados karsaning Allah.
Kangjeng Sultan ing Demak angandika, “Banget panarimaningsun,
sira asung wimbuhing pangawikan. Amung saiki sira padha ingsun
rilani bubaran dhingin, marga wus sadhengè ingsun arsa jengkar.
Bèsuk Jumungah ngarep baè dèn tutugakè.”
Molana Khaji matur nuwun sandika.
Kangjeng Sultan lajeng jengkar, tilar weling dhateng Sunan Giri,
Molana Khaji kinèn ganjar pangkat sapalihing wali.
Gantya lebetipun Sunan Panggung, kalih Sèh Sitijenar, tiga Sèh
Molana Ibrahim Jatiswara. Tetiga wau anetepi ubaya ing saben
malem Anggara Kasih tiga pisan sami rinilan sowan ing Jeng
Sultan.
Dumadakan ing dalu punika boten wonten pingiling ginem ngilmi,
amung ngraosaken aturipun Sèh Molana Khaji Jepara, dènya
ngandharaken atur prakawis roh warni-warni. Nunggil misah
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 47
kaliyan aturipun Sunan Panggung miwah aturipun Sunan
Lemahbang, punapa dene aturipun Sèh Ibrahim Jatiswara.
Ananging taksih wetah balaka. Asaling kitab-kitab suprandosipun
boten saged sami, margi pangawikaning dhusun. Tamtu garoyok
duk winulangaken ing Narèndra.
Sunan Panggung ugi gumuyu nayogani. Sunan Kajenar miwah
Sunan Jatiswara ugi sami nembadani karsa Nata, sarta gadhah atur
makaten, “Tandha asnapun, parimarmaning Pangèran ingkang
tumerah para titah, yèn ta boten kabèdakna pangawikaning
dhusun utawi pangawikaning praja, kados pundi? Nadya para wali
salebeting praja, yakti boten saged anyamèni pangawikaning
Ratu.”
Sasampunipun makatèn, satengah dalu rinilan bibaran. Dados
tandha suwunging budi tanpa gumana, awit kalingan caritanè Sèh
Molana Khaji kèmawon. Mangka parlu sanget anggènipun badhè
tetakèn dhateng ahli ngilmi. Wasana malah amung urug-urug uwuh
kèmawon. Èwadènè kamirahaning Nata taksih lumintu tanpa
kendhat.
Boten kacarita ing dalem pendhak dinten, nagari ing Demak
kadhatengan jaja. Tegesipun : pakartining tetiyang sesadèyan
anèh, utawi cara-caraning para kawula tilar padatanipun. Sarta mèh
waradin, sanagari jaler-èstri sami kadunungan manah harda
angkara-kara, akarem rerantan. Tegesipun : pawèstri katut ing
jaler, jaler kabandhang pawèstri. Kathah tilar kawiraganing jaler
estri. Sarta saben tiyang sami ngumbar hawa, kirang trimah
panduming tedha samurwatipun.
Watawis angsal sawulan, lajeng wonten tambahaning lelampahan
ing kaèlokan. Kados ta tiyang alit wani ing Gusti, Gusti ajrih ing
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 48
kawula. Lelabet tan anglabeti, lelabuhan malah kabubuh, jejailan
saya ngrebda, lali sihing kekadang, ilang lumrahing pawong sanak.
Watawis antuk sawulan, wimbuh malih kaèlokaning praja. Kados ta
: pisang pupus cindhè, jamur tumuwuh ing waton. Ingkang
makaten punika dhasar temen, manawi kathah lelampahan anèh.
Mila katelutuh, ngantos dados prajangji èrang-èranging serat
piyagem tuwin tebas-tinebas bumi.
Dupi angsal setengah taun, lajeng wonten lelampahan ingkang
bebayani. Wadyabalanipun Arya Jipang ingkang sampun sanyata
anata baris pendhem, lampahipun sami sesingidan, anyidra kadi
traping durjana. Sawenèh ngècu, mandung, ambègal, adamel
reresah ing nagari.
Mila sampun dados apesing praja. Tandhanipun tiyang sami
nganèh-anèhi, wonten ingkang jejagongan, paguneman tanpa
kusur, wonten ingkang tutur-tinutur awon nganggur. Saweneh
wonten tiyang wicantenan kumriwik tanpa rowang. Upami
kasengguh tiyang èwah, dèdè, awit boten gadhah cembilak
polatanipun.
Ing nalika punika malah sulayan kaliyan rowang. Kados ta : Sunan
Kudus anggènipun katingal panas dhateng Sèh Lemahbang dipun
leksanani. Kalampahan Sèh Lemahbang pinejahan saanak-rabi,
dalah sabat-sabatipun pinejahan sedaya. Mila Sunan Punggung
utawi Sèh Molana Ibrahim Jatiswara lajeng miruda malih, angili
ngungsi gesang dhateng wana, wukir-wukir, pundi ingkang dipun
senengi, saking ajrih wantuning alit, bokmanawi pinaten. Awit ing
wektu punika nagari ing Demak kathah tiyang kalintu imanipun,
utawi para tetiyang sami ngumbar hawa, ambabar budi sura wani.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 49
Kala samanten Sunan Panggung lajeng terus lelana, angulati
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dènè Sèh Molana Ibrahim
Jatiswara laju dhateng pantaran redi Merapi, anetepi pratapanipun
lami, punapa dènè ngantos koonus ing pangandika dhateng
garwa-putranipun, “Heh Rubiyah, ing mengko ingsun èstrenan. Ing
saiki ingsun jenak ana gunung Mrapi kènè, sarta ora pati-pati bali
marang Demak, yèn ingsun ijèh andulu Sunan Kudus.”
Ingkang garwa matur, “Sabab saking punapa teka ngantepaken
prasetyaning galih?”
Sèh Ibrahim Jatiswara awewarta, yèn lunga kapeksa, saking ajrih
dahat, awit arinira Sèh Lemahbang pinatèn tanpa dosa.
Garwanipun duk winartan, yèn ingkang rayi Sèh Lemahbang
tumeka tiwas, lajeng anjerit lara karuna. Rèhning tanpa mendha
panangisipun, sarta kaimur-imur boten saged sarèh, Sèh Molana
Ibrahim Jatiswara kaken ing panggalih, lajeng angandika makaten,
“Heh Rubiyah, mungguh benering waton, yèn katempuh ing
pancabaya iku, kari rong prakara, pilih salah sawiji. Apa nglampus,
apa nglamong? Tegesè nglampus iku bèla patining kadang. Yèn
amilih nglamong milua Ratu Kalinyamat. Apa kang dadi
prasetyanè, anirokena, supaya bisa kalegan karenteging tyasira.”
Ingkang garwa matur sandika, manembah, lajeng wisata, sumusul
ing tapanipun Ratu Kalinyamat. Dinangu, matur sajarwa
sawewadining sedyanipun. Ratu Kalinyamat matur dhateng
ingkang bibi makaten :
“Dhuh bibi tiyang sepuh kawula, dènè pati-pati sumusul ing
ngarga, ambèlani sungkawa. Inggih sakalangkung suka bingahing
manah kula, jalaran bibi mbèlani pepulunan. Ananging manawi
saking pamrayogi kula, rèhning bibi sampun sepuh, punapa dènè
kirang urup pati raga nglabuhi guru laki kados kula punika yekti
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 50
urup kèmawon, bibi. Mila kagaliha ing saparlunipun. Nadyan
sanget asih tresna ing kadang, kedah mawi dugi prayogi. Mangka
upami tiyang njemparing, lèsanipun watu item. Dèrèng tamtu
pasah bèdhoripun. Mangkè yèn ngantos bali, tikel, yakti
tumampeg ing jaja, ambilaèni. Bokmanawi si bibi wonten kawawa
kataman balining panah, awit lèsanipun bibi bongkotaning kayu
tal. Tangèh sageda gempur lèsan wau. Aben-aben malah damel
sangsara, jalaran si bibi dèdè timbangè kalih kang badhè dipun
elas. Yaktine beda kalih lelakon kula. Kira-kira panah saè, bèdhor
kencana, kedah boten pasah dhateng gedebog, inggih saking
bejanè badan kula. Yèn Jèngandika ngilo lelakon kang kula lakoni,
tamtu waluhu alam. Amung kinten kula si bibi tiwas rusak, dèrèng
kantenan saged angrisak. Mila mugi dipun raosaken rumiyin.
Amung kula gadhah pitedah kèmawon, sageda bibi mituhu atur
kula. Ing dhusun Karang Galinggang wonten tiyang satunggal,
nama Kaki Walaka. Bibi amanggihana, sapitedahipun sampun
ngantos boten amituruti.”
Nyai Ibrahim Jatiswara suka ing galih, lajeng pamit mangkat. Boten
kacarita ing margi, sapraptaning dhusun Galinggang, tetakèn
boten angsal. Malah sadhusun ngriku boten sumerep ingkang
nama Kaki Walaka, sarta mireng kèmawon saweg punika. Nyai
Jatiswara sakalangkung ngungun, mangunandika ing galih, “Apa
Ratu Mas Kalinyamat iku dora? Yèn cidraa pangandika, mokal.
Nanging nyatanè ora ana kang aran Kaki Walaka.”
Ing ngriku Nyai Jatiswara, rèhning kadalon lajeng sipeng ing
dhusun ngriku. Sadalu tansah rinaosaken kèmawon, anggènipun
tan saged kapanggih kang nama Kaki Walaka. Sareng ing wanci
bangun ènjing, Nyai Jatiswara dipun undang tiyang nama Nyai
Galinggangan. Ingkang dipun undang lajeng medal. Wasana dèn
ajak dhateng griya, miturut malebet. Saweg lelungguhan
sawatawis, lajeng byar raina.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 51
Ingkang darbè griya boten pangling, yèn punika tiyang estri asring
wonten ing jurang. Malah saben tiyang anginten yèn punika
bangsa miskin. Mila ingkang darbè griya asmu kirang mirena.
Sareng Nyai Jatiswara dipun jarawani, lajeng ngaras pada, sarwi
karuna. Dènè tiyang ingkang darbè griya wau sanget
pangunguning manahipun. Wantuning tiyang alit kadhatengan
tamu, kekalih estri. Mangka ingkang satunggal sipatipun kèrè,
suprandosipun ingkang sarwabusana èndah malah ngabekti. Mila
ingkang gadhah griya lajeng ngaturi para parpat manca lima,
supados sami nyumerepi tetamu kalih pisan.
Dènè ingkang dipun aturi para parpat sadaya dhateng, dalah
tangga tepalih. Dupi ingkang darbè griya nyadhiani sugata
sakadaripun, Nyai Sepuh awewarta, “Aja susah ngrupakakè
sugataning parpat manca lima, marga mengko sedhèla anak
putuku teka anggawa piranti suguhan sapepakè, ora kuciwa.”
Ènggalipun, sareng para parpat sampun dhateng sadaya, lajeng
wonten tiyang dhateng nyunggi tènong ageng-ageng, isi sekul
ulam sapirantosipun, sumaji ngarsaning tamu. Ingkang gadhah
griya dahat suka asmu ngungun, dènè anggung kabagyananipun.
Wasana ingkang gadhah griya tetakèn, sinten nama miwah
aslinipun. Nyai tuwa mangsuli, “Inggih kula kang nama Kaki
Walaka utawi Nyai Walaka.”
Ingkang gadhah griya lajeng nyaitaken dhateng para prapat,
sampub ngèstreni. Wonten ingkang tetakèn, angudi makaten,
“Kadi pundi Nyai Walaka, dènè Jengandika èstri mawi ngrangkep
nama Jaler? Nalika saweg dhateng, kula mireng pamicara Andika
nama Nyai Galinggangan. Sapunika sesilih nama Nyai Walaka,
inggih Kaki Walaka.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 52
Kang tinakèn amangsuli, yèn wandu. Sipat wadon darbè pajaleran.
Para parpat sami ngungun ing panggalih. Dumadakan wonten
ingkang sepuh satunggal nama Kaki Tengara, anggerengi dhateng
para parpat ingkang pitakèn wau, “Hè, hè, jemplon, aja sambrana
tetakon tanpa urus. Besik sing sarèh, sarta rumeksa marang Nyai
Molana Ibrahim. Iku dudu sapapadhanira.”
Sirep duk mangkana, para tetiyang kadi binungkem. Kaki Tengara
piyambak ingkang nandukaken imbal wacana, makaten, “Dhuh
Nyai, Kyai Walaka, kados pundi menggah witipun, dènè kapareng
nama rangkep? Inggih sanadyan wandu, yakti salah satunggal
ingkang kaanggè sesebutan. Punapa dènè kula kedah nyuwun
jinarwanana, kahananing sesegah punika, dènè kathah sarta
manèka warni, saged marnèkaken sami sakala. Punika saking
pundi angsalipun? Punapa dènè wonten ing pundi anggènipun
ngolah sekul ulam panganan?”
Nyai Walaka mangsuli, “È ki sanak sadaya, mugi andadosaken
sumerep sampèyan, yèn ing mangkè jaman nagari Demak
sabawahipun, ageng alit sami badhè ngambah lelampahan èlok.
1. Ingkang rumiyin, punapa pantes garwanipun wali, anama Nyai
Molana Ibrahim Jatiswara kedah angeruru tiyang kèrè kados
badan kula? Wah mawi purun angèstu pada? Ingkang makaten
punika tandha kalebet aèng. Bokmanawi jaman Demak badhè
wonten lelampahan, para luhur ujung dhateng tiyang alit.
2. Ingkang kaping kalih, tiyang ing dhusun Galinggangan boten
sumerep tiyang nama Nyai Walaka, mangka sampun dangu
dènya wonte jurang. Inggih punika tandha jaman Demak badhè
boten sumerep sasami-sami. Sarta badhè wonten lelampahan
anèh. Tiyang èstri dados jaler, tiyang jaler dados èstri. Inggih
punika tandha icaling kawirangan.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 53
3. Ingkang kaping tiga, badhè wonten sesunguting perang ageng.
Tandhanipun : tiyang gegriya kadhatengan tiyang kèrè
kèmawon sumelang, temah nyuruhi parpat tangga tepalih.
4. Dènè sesuguh kula punika nandhakaken tiyang dhusun badhè
nyegah mungsuh sarana sanalika saged wujud sekul ulam,
kaanggè nambak umur. Tandhanipun dhateng kula ngriki asmu
dipun sigèni. Wekasan malah angerobi tiyang kathah.”
Mangkana Kaki Tengara, sareng jinarwan makaten ènget welinging
bapa, yèn wonten tiyang nganè-anèhi inggih punika Kangjeng
Sinuhun Kalijaga. Mila Kaki Tengara lajeng nolih anak-putunipun
sarwi ngucap makaten, “È, è, wong ing dèsa Galinggangan kabèh,
wruhanamu ingsun arsa tut wuri saparanè sesembahaku iki. Dènè
sapungkuringsun, sira banjur memetria tilas palenggahanè
Gustimu iki, karana bakal ana prang gedhè. Nagara ing Demak
tutug tanah Pengging kènè.”
Telasing weling, Kyai Walaka, Nyai Ibrahim miwah Kaki Tengara
wus tan katingal. Patilasan ngriki wel-uwelan rebut dhucung,
lajeng karan ing dhusun Kuwel, tanah Pengging Dlanggu.
Ing ngandhap punika anyariyosaken pratandaning nagari ing
Demak, salebetipun Kangjeng Sultan Seh Ngalam Akbar ambabar
yasan dalem gangsa Sakatèn sareng sampun sawatawis
sumimpen, margi saweg angupados gendhing ingkang saged
momor kaliyan sasingiraning para ngulami. Mila malebet gangsa
Islam, tandhanipun tunggil waoten ing masjid ageng.
Anuju satunggal dinten, salebeting gedhong gangsa Sakatèn wau
wonten swara gumrenggeng, kados ngulami, ngaken nama pun
Rambu. Ingkang satunggal nama pun Rangkung. Sajarwa, yèn dèdè
manungsa. Pangakenipun, talitining jim ingkang rumeksa ing wana
Bintara, nywun lilah badhè rumeksa gangsa Sakatèn punika. Para
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 54
ngulami ingkang mariksa wau, ingkang sami rinembag punapa?
Wangsulanipun jim kekalih, “Adamel leresing tembung, supados
boten kelantur. Mila tansah imbal gantos wacana.”
Ènggaling cariyos, sareng kauningan dèning Kangjeng Sultan,
lajeng andhawuhaken dhateng para wali, kinèn adamel Sakatèn
kiwa tengen. Imbaling swara, gantos lelagon gendhing, nanging
ing nalika punika jim kekalih kinèn rumeksa satunggal sèwang.
Anurutaken imbal-imbaling pangucap, gentosan takèn-tinakèn.
Ananging sami caraning jim kekalih punika, para ngulami boten
wonten ingkang mangertos, awit tembung budha.
Dumadakan wonten satunggiling tiyang, nama Kyai Ganjut, saged
anjarwani wicantenanipun jim kekalih wau. Mila katrimah, lajeng
kadadosaken kanca prebot, anabuh tengara bedhug. Menggah
gancaring pangucaping jim katur ing Nata, kados ing ngandhap
punika :
Pun rambu atakèn dhateng pun Rangkung, kados makaten
pitakènipun :
“Anirna Daya. Tegesipun : tiyang padudon, alelèndhèyan tiyang
sampun pejah.
Mila dumugi samangkè, kanggè tembung dhusun lindhèyan kayu
aking, dados angicalaken kekuwataning padudon wau.
Anirna Warsa. Inggih punika ngibaratipun tiyang gadhah pasitèn,
dipun sampun ing tangga, kataneman kitri utawi sanès-sanèsipun,
tanpa saksi parpat manca lima. Sareng kitri sapanunggalanipun
wau awoh, pasitèn katedha ingkang gadhah, sataneman wohipun
sadaya. Pinanggihing manah makaten, rèhning Anirna warsa
punika tegesipun : angicalaken taun. Dados angicalaken
kangelaning tiyang ingkang amulasara siti utawi wit-witan, ngantos
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 55
dumugi awohipun. Angsala pinten-pinten taun, kaicalaken
kèmawon.
Utawi, tembung warsa wau bokmanawi kadamel anyaman
wastaning kajeng taun. Dados angicalaken tetaneman. Wondènè
sepènipun ing serat utawi pasahid kala panyambuting siti, inggih
pikantuk dipun salokani : Anirna Warsa, dados ngicalaken taun.
Inggih punika sepen saking titi mangsa, adamel petenging
prakawis.
Menggah warsa wau inggih anggadhahi teges : jawah. Ananging
menggahing pangraos, teges taun ingkang pikantuk.
Anirna Lingga. Salokanipun tiyang nyamur ing panggènaning
durjana. Utawi boten kedah ing penggènanipun durjana, angger
tiyang nyamur, kènging dipun salokani Anirna Lingga.
Anirna Pandaya. Salokanipun tiyang gadhah prakawis, asèndhèn
tiyang kèsah. Pandaya tegesipun : paèkan, pirantos. Dados
kajengipun ing saloka wau : kaicalan gegarining prakawis. Punika
ingkang dipun ngibarataken pirantos, sairib mèh sami kaliyan
Anirna Daya wau.
Anirna Parosa, Anirna purusa. Salokanipun tiyang ambaèkaken
parèntahing Ratu utawi parèntahing ngadil. Tegesipun : parosa
utawi parusa : meksa, mikekah, midosa.
Anirna Patra. Ngibarat tiyang mukiri seratanipun. Patra tegesipun
: godhong. Mila kabasakaken patra, awit tiyang kina manawi
nyerat, papanipun godhong tal, ingkang nama lontar, rontal utawi
kropak.
Anara Wacana. Salokanipun tiyang angujar-ujari tiyang, tanpa
sebab, utawi jaksa angajak reraosan kaliyan tiyang gugat, utawi
tiyang ingkang ginugat. Anara utawi Abara, tegesipun :
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 56
anjemparing. Purba utawi lingga saking : rasa jemparing. Dados
anjeparing kaliyan ujar.
Anir Dhsutha, Anirna Dhustha. Ngibarat tiyang angèsahaken
pandung utawi durjana. Dhustha tegesipun : awon, pandung,
durjana. Anirdhusta miruda wacana. Salokanipun tiyang ngaken
boten ngèsahaken durjana. Miruda tegesipun : ninglar, oncat,
ajrih.
Anir Yukti. Salokanipun tiyang peteng utawi boten yektos
panarkanipun. Yukti tegesipun : temen.
Ina Riba. Salokanipun tiyang nindakaken prakawis, ingkang
sampun boten saged tumindak ing pradata, amargi saking
kekirangan waragat. Ina, tegesipun : cacad, kirang. Riba :
pisungsun, kemèlikan.
Anak-anakan Timun. Punika ambasakaken tiyang kolu dhteng
anak-anakipun. Kados ta : tiyang jaler amendhet anak, rarè èstri.
Sareng diwasa lajeng dipun pendhet bojo, utawi tunggil tilem.
Makaten ugi tiyang èstri amendhet anak, rarè jaler. Sareng diwasa
dipun ajak nunggil tilem, utawi lajeng dados bojonipun.
Ina Kulina. Salokanipun tiyang lumuh sesanakan, utawi tiyang
memanggih, boten abaya wara. Lina tegesipun : raket, sengsem,
etrapipun dhateng lumuh pasanak. Dados kirang raketipun utawi
etrapipun dhateng amemanggih, dados lumuh bayawara, saking
sengsemipun dhateng barang ingkang pinanggih.
Anak Molah Bapa Kapradah. Ngibarat tiyang manggih kasusahan
utawi reribed, kabekta saking lepating anak.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 57
Kapradah, tegesipun : kabedhah, kababar. Purba utawi lingga
saking : pradhah; bedhah babar. Molah wau ngibarat anggenipun
nglampahi kalepatan.
Kapradhah, ngibarat tambah risak utawi reribed, awit samukawis
ingkang dipun pradhah anama risak. Wasana tiyang budinipun
pradhah, tumrapipun dhateng ing tamu ingkang dipun gumatosi
tuwin ingkang dipun erobi ing pasegah, saèstu manawi saè.
Ananging tumrapipun dhateng darbèk ingkang kasegahaken,
boten prayogi, awit saking kalong, amargi dipun pradhah dhateng
ingkang gadhah. Kados ta : tiyang sugih anglangkungi, manawi
badhè adedana utawi udhik-udhik kathah dahteng tiyang miskin,
pamendhetipun ing arta saking gedhong pasimpenanipun
kabasakaken bedhah.
Tumrapipun dhateng gedhong arta ingkang kabedhah saèstu
boten prayogi, ananging tumrapipun dhateng ingkang dipun
danani udhik-udhikan saè. Dados tiyang ingkang budi pradhah
wau pasajanipun, babar kasaenanipun. Inggih punika kathah.
Andriya Raksa. Punika salokanipun tiyang butajengan ing
samukawis. Andriya tegesipun : ambudi, amanah. Raksa : jagi.
Pasajanipun : tiyang ingkang manahipun tansah jagi-jagi
kèmawon.
Andaka Ina, Tan Wrin Ngupaya. Tegesipun : bantheng cacad
boten uninga ing paèkan, lajeng katempuh ngupadosi
pandungipun. Boten saged amanggihaken, namung ngaturaken
belik ingkang kapendhet pandung wau. Dados tiyang makaten
punika kalebet cacad. kènging ing panggrayangan, tumut
mandung utawi nglampahi piyambak. Dados tan wrin ngupaya wau
kajengipun : boten sumerep paekanipun ingkang aken ngupadosi
pandung.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 58
Andaka Atawan Wiyasa. Punika salokanipun tiyang gadhah
prakawis, rumaos utawi sumerep yèn badhè kawon, lajeng kèsah
minggat. Andaka tegesipun : banthèng. Atawan = anemahi;
wantahan; kusung-kusung; aboyong. Wiyasa = wangun; damel.
Terangipun makaten : banthèng, ngibarat tiyang ingkang gadhah
prakawis. Boyong tegesipun : ingkang salugu ngalih. Punika
kadamel ngibarat : kesah, minggat.
Wiyasa, kados kadamel awakipun ingkang kesah. Dados
kapikantukaken dhateng teges : wangun inggih punika dhapur,
utawi wanguning badan.
Andaka Anglukar Sari, Baut tan Wrin Baya. Tegesipun : bantheng
angudari sekar, saged boten uninga dhateng pakèwed.
Salokanipun tiyang jaler angawasaken tiyang èstri liya.
Andaka angungas sari, tan wrin baya. Tegesipun : bantheng
angambus sekar, boten uninga ing pakèwed. Salokanipun tiyang
jaler anyara-nyara rabining liyan.
Nyara-nyara tegesipun : pindha-pindha, ningkah-ningkah.
Kajengipun : angrengkuh dhateng rabining liyan, apinda utawi
kacara kados dhateng bojonipun piyambak. Wondèning boten
uninga ing pakèwed, utawi boten ajrih dhateng pakèwed.
Andaka Kitiran. Salokanipun tiyang bogo ing parèntah, utawi
ngubeng-ubeng ing parèntah. Kitiran tegesipun : kiteran; peksi
perkutut; utawi wonten dedolanan anama kitiran. Manawi kanginan
mubeng.
Andaka Mangsa Prana, Tan Wrin Ing Lingga. Tegesipun :
banthèng amangsa manah, boten uninga ing badan. Salokanipun
tiyang nyara-nyara dhateng randhaning rèncangipun.
Tembung prana punika ingkang kadamel ngibarat randhaning
rèncang. Mila dipun wastani boten uninga ing badan. Kajengipun :
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 59
supè yèn bendara, badhè amarunggul rècang èstri. Tegesipun :
dadosa panguban.
Andasalin. Tegesipun : anyedasa sembrana. Punika salokanipun
tiyang anglelèdhèk sato, wekasan dipun cakot utawi dipun tujah,
dipun pèngkal, sasaminipun bilai ingkang pinanggih awit dèning
sembrana.
Andiyu Wraksa. Salokanipun tiyang purun dhateng jaksa, utawi
dateng parèntah. Anditu tegesipun : kados danawa. Purbanipun :
diyu, danawa. Dados tiyang ingkang purun dhateng jaksa utawi
parèntah, kaupamèkaken kados danawa utawi kados santosaning
pikajengan.
Andum Amilih, punika mabasakaken tiyang ingkang dipun
pitadosi amratanata samukawis ingkang dipun pranata, wekasan
gadhah pamilih. Menggah tiyang ingkang dipun pitadosi wau,
pancènipun inggih gadhah panduman, bebahan, kados ta :
angedum barang utawi siti dhusun, mawi amilih ingkang saè,
minangka bebahanipun piyambak.
Andangkarta. Wetahing tembung : Andangkaharta. Andangka
tegesipun : angudha, harda kalangkung. Punika salokanipun tiyang
gadhah atur ngambar-ambar, boten kantenan wekasanipun.
Anteng Kitiran. Ngibarat tiyang kathah tenaganipun utawi
ingkang boten saged nganggur badanipun.
Ora Ana Geni Tanpa Kukus. Ngibarat pandamelan saè utawi
pandamelan awon tuwin lampah awon, lampah saè, boten wonten
ingkang tanpa pawartos. Saben pandamelan utawi lampah-lampah,
ènggal, lami, inggih kapireng sanèsipun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 60
Ora Urus. Punika ambasakaken tiyang manahipun ingkang boten
jujur utawi ingkang boten purun uninga ing lepatipun. Urus
tegesipun : leres.
Ora Iga Ora Kunca. Punika ngibarat tiyang ingkang miskin sanget.
Kaumpamakaken boten dhuwungan, boten bebedan. Dados
namung kathokan kèmawon. Iga punika boten tebih kaliyan
lambung, panggènan anyangkelit dhuwung. Kunca : klèwèring
pucuk kampuh ing wingking.
Ora Angon Kosok. Ngibarat tiyang ingkang boten angon mangsa.
Kados ta : tiyang saweg kasusahan, dipun ajak gegujengan. Kosok,
ing bebasan punika tegesipun : kosok rebab. Mila dipun basani :
ora angon kosok, kados ta : tiyang ngrebab pathet nem, mangka
dipun gambangi gandhing pathet sanga, mesthi boten kantenan.
Dados bibrah. Makaten ugi sasaminipun : tiyang kasusahan,
amesthi boten saged tumut gegujengan.
Ora Narima Ing Pandum. Punika ambasakaken tiyang ingkang
boten narimah ing pepesthènipun Gusti Allah. Kedah anggayuh
ingkang inggil, kedah anggegem ingkang ageng.
Ora Kena Bathuk Klimis. Punika ambasakaken tiyang blèrè
kèmawon, inggih ajeng. Bathuk punika ngibarat warni. Klimis,
ngibarat resik. Kajengipun : dadosa boten ayu, angger resik.
Ora Kena diampu-ampu. Ambasakaken tiytang ingkang boten
kènging dipun rosani utawi dipun wisèsa. Ampu tegesipun : rosa,
kuwat.
Ora Kena Dikarokos. Ambasakaken samukawis ingkang boten
kènging dipun gegempil, utawi boten kènging dipun ina. Karokos,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 61
tegesipun : anggras, ekul wasèsanipun. Ngrokos, tegesipun :
nganggras, ngekul.
Ora Kena Disuwawa utawi Sawawa. Sawawa, tegesipun :
tandhing, proyogi, pantes, sambada. Puunika ambasakaken tiyang
ingkang boten kenging dipun timbangi.
Pra Kena Disangga Miring. Tegesipun : boten kènging dipun
gegampil. Ambasakaken samukawis ingkang mboten kènging
dipun lampahi akanthi sembrana, pepèka.
Ora Kena Wong Pilis. Punika anggadahi teges kekalih. Ingkang
sapisan : ora kena bathuk klimis. Kaping kalih : ambasakaken
tiyang ngekul utawi amewahi reribeding liyan.
Terangipun makaten, manawi etrepipun dhateng tiyang blèrè. Pilis
wau pilis ayon-ayon, kados ta : pilis wungu, ijem, jene,
sasminipun, ingkang boten wonten tiyang jejampi, manawi boten
sakit.
Ora Kena Londhè. Londhè, ambasakaken samukawis ingkang
boten kenging dipun damel api boten. Longok-longok, tegesipun :
lenggah, ngadeg utawi limampah, aningali nginggil, sairib kados
langak-langak.
Ora Keris, Nanging Keras, utawi : ora keris, yen keras. Punika
ambasakaken tiyang nganggras. Tetèlanipun, sanajan tanpa
dedamel, nanging keras wicaranipun, saèmper kados tiyang giri-
giri.
Harda Walèpa. Punika ambasakaken tiyang centhula,
amangsulaken pitakènanipun tiyang. Dipun takèni dèrèng sumaur,
males tetaken. Harda tegesipun : sanget, kalangkung. Walèpa =
amangsulaken ujar.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 62
Ora Dublong. Ambasakaken tiyang apes, boten daya, boten rosa.
Dublong tegesipun : ciplos, gobog, pathak, cocot. Tegesipun :
mripat, kuping, sirah, cangkem. Tegesipun Ora dublong punika
boten saged wawratan.
Ora Tèlèr. Punika sami kaliyan : dublong ora waru. Tèlèr,
tegesipun : umbel. Dados kajengipun : boten saged sisi. Ananging
tèlèr punika inggih ugi tembung kasar.
Ora Tèdhèng, utawi ora nganggo tèdhèng aling-aling. Punika
ambasakaken tiyang barès, boten mawi samudana. Tèdhèng
tegesipun : tetebeng, inggih bangsanipun aling-aling.
Ora Tèyèr. Punika sami kaliyan ora : Ora dublong wau. Tèyèr,
tegesipun : uyuh. Menggah tèyèr akaliyan tèyèng, wau sami
tembung kasar.
Ora Tembung Ora Lawung. Ngibaratipun tiyang mendhet
gadhahanipun tiyang, tanpa patembung, boten mawi akèn
nembungaken.
Lawung tegesipun : umbaran, landhèyan utawi landhèyan
sawaosipun.
Mila lawung kadamel upamiakèn nembungakèn, awit minangka
lantaranipun ingkang akèn. Aliya saking punika, tiyang ingkang
boten micara, boten saè dedeg piadegipun, inggih dipun
basakaken : Ora tembung, ora lawung. Ora tembung punika
kajengipun : ora bisa ngempakakè tembung.
Ora lawung, boten saè dedeg pangadegipun : boten kados
lurusing lawung.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 63
Ora Satu. Ambasakaken tiyang kekalih utawi tiyang tiga, ingkang
boten tunggil ing pamanah, utawi boten sarju. Satu tegesipun :
tunggil, tunggal, banon.
Ora Weruh Endhas Trasi. Ngibarat tiyang jaler ingkang boten
opèn dhateng pandamelanipun tiyang estri, utawi tiyang ingkang
boten purun anglampahi pandamelan kanistan.
Terangipun makaten : Sarèhning traos panunggilanipun
bumbuning olah-olahan, mangka olah-olah punika
pandamelanipun èstri, mila kabasakakèn : Ora weruh endhas trasi.
Aliya saking punika, ora weruh endhas trasi wau ring basanipun
tiyang ingkang boten anggadahi èring, utawi boten ngaosi dhateng
tiyang, amicanteni sawiyah-wiyah.
Ora Weruh Alip Bèngkong. Punika ambasakaken tiyang boten
sumerep dhateng aksara Arab. Terangipun makaten : dhapuring
Alip punika warni kalih. Ingkang satunggal : leres. Satunggalipun :
ing ngandhap ragi nyakuntheng. Punika ingkang dipun wastani
Alip bèngkong.
Ora Weruh Kenthang Kimpulè. Ngibarat tiyang boten sumerep
ing rembag utawi wijang-wijangipun ingkang dados nalaring
prakawis.
Ora Polo Ora Uteg. Amabasakake tiyang ingkang bodho sanget.
Polo akaliyan uteg, boten wonten bèdanipun. Namung kaot polo
punika tembung kasar.
Arep Jamure, Emoh Watangè. Ngibarat tiyang ajeng dhateng
kamèmilikan. Utawi : pokilipun, boten purun kagepok utawi
kasempèt ing prakawisipun. Watang makaten : landhèyan. Punika
ingkang kangibarataken prakawis, utawi reribed.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 64
Ora Dhenger “Pa” Pincang. Ingkang dipun wastani “pa” pincang
punika pasangan “pa”.
Ora Juntrung. Tegesipun juntrung : purun. Punika ambasakaken
tiyang matur cecariyosan, boten genah urutipun. Utawi tiyang
ingkang boten genah lelurinipun. Dados boten kantenan urutipun
ingkang nurunaken.
Ora Jaman, Ora Makam. Punika samukawis ingkang boten mawi
kalamasa, saha boten manggèn. Utawi tiyang ingkang boten
kantenan asal tuwin panggènanipun. Katelahing basa dados : Ora
Jaman, Ora Makan. Makan kaliyan makam, punika sami tembung
Arab. Makan tegesipun : panggènan. Makam : kuburan.
Ora Nyèthèt. Punika sami kaliyan : dublong kasebut ing nginggil
nyèthèt punika tembung kasar. Tegesipun : wawratan.
Ora Mambu Ènthong Irus. Punika ambasakaken tiyang sanès,
ingkang boten wonten ambet-ambeting sana. Terangipun makaten
: ènthong kaliyan irus, punika sami abahan pawon. Dados
kajengipun : boten kalebet panunggalaning sanak. Boten kados
ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Anangining
paribasan punika dados rerebatan. Woten ingkang mastani kados
makaten wau, wonten ingkang amastani : amabasakaken sanak
sadhèrèk ingkang kalis. Dados kajengipun, boten mèmper yèn
tunggil bedadok. Ingkang dipun wastani bedadok punika
warninipun kados tumbu, kadamel wadhah abahaning pawon,
ingkang warni : ènthong, irus, uleg-uleg, sasaminipun. Dados
kajengipun : boten mèmper satunggal wadhah. Wadhah punika
ngibarat : biyung.
Ora Mambu Sega Jangan. Punika sami kaliyan : ora mambu
ènthong irus. Ananging inggih ugi dados rerebatan kados ingkang
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 65
sampun wau. Mila sekul kaliyan jangan ingkang dados upami, awit
jangan abenipun tiyang nedha.
Ora Mambu Wong Wadon. Punika ambasakaken tiyang èstri
ingkang gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang jaler.
Ora Mambu Wong Lanang. Ambasakaken tiyang jaler ingkang
gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang èstri. Dados koso
wangsulipun : Ora Mambu Wong Wadon wau.
Ora Mambu Bocah. Ambasakake larè ingkang gadhah bebudèn
kados tiyang sepuh.
Ora Ganja, Ora Unus. Ambasakaken tiyang ingkang dhapuripun
awon, yèn wicantenan awon utawi saru. Terangipun makaten :
awoning dhapur kaumpamèkaken dhuwung tanpa ganja. Unus
punika inggih unusing dhuwung utawi pedhang. Ngibarat wedaling
wicanten.
Hèr Gung Raja Manung. Wetahing tembung : Hèr gung raja wana
anung. Punika salokanipun tiyang sugih arta, singgih ingkang
utama manahipun. Hèr tegesipun : toya. Gung : ageng. Punika
kadamel ngibarat kasugihan. Mana : manah. Nung utawi Anung :
kawasa, utama, linangkung.
Ora Bisa Andulit Mangsi. Ambasakaken tiyang ingkang boten
sumerep aksara Arab. Sami kaliyan : Ora Weruh Sanak. Boten
kados ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Utawi :
boten sumerep Alip Bèngkong (kasebut ing ngunggil kala wau).
Ora Thothok Jawil. Tiyang gadhah solah tingkah utawi padamel,
boten awewartos dhateng tiyang sanès ingkang pantes utawi wajib
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 66
dipun wartosi. Dados kabasakaken : boten wonten panothok
panjawilipun.
Ora Ngebuk, Ora Ngepèn. Ambasakaken tiyang boten saged
maos, boten saged nyerat. Ngebuk utawi ngepèn punika sami
dèdè tembung Jawi, ananging tiyang Jawi sampun kathah ingkang
sumerep. Menggah ingkang dipun wastani : ebuk punika serat.
Epèn = kalam.
Ora Ngubengakè Jantra, Kedhayohan Wong. Utawi : Ora
ngubengakè jantra, teka katekan wong edan.
Punika basanipun tiyang ingkang kadhatengan tiyang èdan.
Terangipun makaten : ingkang dados ila-ilanipun tiyang Jawi, yèn
jantra kaubengaken, boten kadamel ngantih, ngadat ingkang
ngubengaken kadhatengan tiyang èdan.
Aran Raja Likasan, yèn ginawa perang, kinepung mungsuhè, ora
katon; lan ora kena dialani ing wong; tulus dayanè, bener pikirè,
lan bisa mlumpat adoh, sarta adoh bebèkanè, kalis ing lara, cepak
jatu kramanè lan sandhang panganè; sinung kadrajatan sarta apa
karepè katekan; ginawa memaling, olèhan; kinèston dèning wong
wadon, kèringan, tulus karejekènè.
Encak-encaken. Tegesipun : ginjal-ginjal. Yèn tumraping budi,
tiyang kekathahen reringa.
Encak-encak Pucuking Eri. Ngibarat tiyang ngabdi ingkang boten
angsal manah. Samukawis lampahipun angsal kalepatan. Dados
tansah minggrang-minggring kèmawon.
Ana Catur Mungkur. Punika maribasakaken tiyang ingkang boten
purun mirengaken utawi amanah reraosan.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 67
Terangipun makaten : menggahing ngibaratipun, tiyang lumampah
mawi teken, manawi ngambah radinan ingkang jeblog, tekenipun
inggih kaanggè ugi, boten mawi kapilihaken ingkang gasik. Dados
teken wau kawstanan boten ajrih ing jeblogan.
Wondènè teken punika ngibarat pajaleran. Jeblongan ngibarat
pawetrèn. Menggah tiyang jaler ingkang lèmèran, manawi gadhah
pikajeng dhateng tiyang èstri, boten mawi milih. Sanajan sampun
sumerep yèn tiyang awon, sarta badhè anulari ing sesdakitipun,
inggih ugi dipun ramuhi.
Amadu Balung Kapèsing. Wetahing tembung : Amadu balung
tanpa isi.
Wonten bebasan : Ora ngrungokakè jaratan growong. Wetahing
tembung : Ora ngrungakakè ujaring wong.
Cocak Mati Ulonè. Wetahing tembung : Cocak mati gulunè.
Inggih punika tiyang lonyo pangucap, karem ngathi-ngathik
ingkang boten wonten. Wekasan pejah saking ucaping piyambah.
Mila dados pepènget ing tembè wingking, anak putu sampun
ngantos karem ujar jejailan, muthakil, awit punika mejahi
sandhang panganipun.
Wonten tembung malih : Cecak Nguntal Lo, Katèpang Ngrangsang
Gunung.
Leresipun cecak anedha lo punika tandha kaèlokan; amung dados
sasmitaning nagari kèmawon.
Katèpang ngrangsang gunung punika leresipun tembung : Wit
katèpan ngrangsang ardi. Yakti andadosaken kaèlokan malih.
Mangka leresipun, ingkang nama katèpan wau wit-witan ingkang
sakalangkung andhap; godhong karaket ing siti.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 68
Yakti mokal yèn sageda angungkuli agraning wukir. Mila sadaya
wau amung dados pratandha cipta sasmitaning nagari, badhè
karisakan.
Kala samanten sampun katur ring Nata imbal wacananipun jim
kekalih wau. Mila lajeng kaanggè wewaton bebukaning gangsa
Sekatèn wau imbal-imbalan kadi ucap-ucapan, wangsul
winangsulan.
Bebukaning gangsa Sekatèn winasta Rambu. Dènè leresipun
bebuka Rambu punika Sekatèn Ageng Rangkung punika Sekatè
Anakan.
RAMBU : bedhug rumiyin, minangka tengaraning bebuka ingkang
nama Rambu.
RANGKUNG : demung panunggal kasarengan saron barungan,
lajeng saur-sauran ing bonang. Tanpa kenong.
Sadaya wau ingkang dipun enut swara barung binarunging jim
kekalih, nama pun Rambu Rangkung, inggih punika ingkang
rumeksa gangsa Sekatèn. Dènè rarasing gendhing barung rarasing
sisingiran masjid.
Perangan II
MANGUNAHING PARA PANDHITA SIDIK
Ing mangkè anggelaraken mangunahing para pandhita sidik. Ing
dalem Kadis anyariyosaken pangawasaning manungsa ingkang
sampun katarimah ngilminipun.
Nalika jaman nagari Demak kathah ura-uru, nyarengi dhatengipun
tetiyang anama Sahida. Dhatengipun wau boten kantenan ingkang
dipun jujug, amung ngelambrang kadi majenun. Ing ngriku Sèh
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 69
Sahida wonten nagari Demak anggelar pangawasa, sagedipun
babar mangunahing pandhita lunuwih.
Anuju satunggil dinten Sèh Sahida tilem malumah wonten
sangandhaping waringin kurung, sarwi ngumbar wetengipun.
Wasana puseripun murub saengga latu mulat-mulad, kadi ngobong
waringin sengkeran. Temah adamel kagèting tetiyang kathah. Mila
ngantos kapariksa dening Bupati ingkang caos. Ginugah boten
tangi, jinunjung tan kuwawi, dipun angkat tiyang kathah meksa
wangkot. Ngantos atur uninga, temah tinedhakan dèning para wali
kathah.
Ananging sareng sampun dumugi panggènan anggènipun tilem
wau, para wali wang-wang amulat, awit angèngeti adat ingkang
sampun kalampahan, lelagon angenèh-anèhi punika tamtu
Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Mila para wali malah ajrih nyelaki.
Dènè pamagangan wali ingkang ajrihan sanget kapara amung
manembah sasèdhokan kèmawon.
Sareng sampun sawatawis dangu, para wali wangsul, atur uninga
Sang Nata, yèn Kangjeng Susuhunan Kalijaga sarè malumah
wonten ngandhap waringin sengkeran. Para wali ajrih nyelak, para
bupati ingkang caos ngaturi wungu, boten karsa. Amung èca-èca
sarè kèmawon. Mila nyumanggakaken ing karsa Nata.
Kangjeng Sulta angandika, “Mungguh Sunan Kali dadak anjujug
sarè ing ngalun-alun, apa karsane Prayoganè titinen dhingin. Si
Kaki Rambu Rangkung, jim biru kang rumeksa gamelan Sakatèn
apa ijih gumrenggeng swaranè, imbal wacana apa maneng ? Yèn
ora ana swaranè, pasthi iku kang mindha papa anèndra.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 70
Kyai Ganjur lajeng lajeng anilingaken saking jawi, taksih imbal
wacana gumrenggeng. Kangjeng Sultan andangu, “Kapriyè
imbaling Wacana ?”
Kyai Ganjur matur, “Matur grenengipun :
Uga tunggal, nanging dudu jaganè.
Umung jajal pangajaring praja arja.
Ujaring wong wekasan suwung nyatanè.
Upamanè anaa kang ingupaya.
Urub apa pasthinè bisa tumeka.
Ubayanè anèng Demak dunungira.
Upayanen ana urang-urang mata.”
Sigeg, ing galih duk miyarsa, Kangjeng Sultan ing Demak dyan
tumedhak piyambak dhateng alun-alun. Sarawuhing ngriku mèh
kagèt, sinengguh pepundhènipun sanyata. Ananging sareng dipun
titik walikating dalamakan ingkang kiwa, boten mawi gebyaring
amawa cahya kadi memeliking sesotya.
Yakti dèdè gurunipun. Yèn sesipating warna, mèmper. Mila
andadosaken kagèting galih. Sareng dipun patitisaken
wewelingipun dèdè, nadyan patrap anganèh-anèhi, nanging Sang
Nata lajeng sinidhem kèmawon.
Mila para wali sami boten angraita karsaning Nata. Tinarka nyata,
yèn Sunan Kalijaga. Mila sami anut wangsul, umiring konduring
Nata. Lajeng anjog ing sitibentar, nimbali lurah yaga, pun Setu
kalih pun Monggang. Dhinawuhan rumeksa yasan dalem gangsa
Sekatèn.
Dènè Kyai Ganjur lajeng kapiji dados Lurah Suranata, wonten ing
serambi masjid panepèn. Pangkatipun Kyai Ganjur sangandhaping
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 71
Pangulu Ageng. Kayi Ganjur wau pasowanipun rinilan anunggil
para wali.
Kacariyos satunggal dalu, Kangjeng Sultan dhawuh kabèh para wali
kinèn angraosaken sasmitanipun jim biru, ingkang rumeksa
gangsa Sekatèn.
“Kyai Rambu Rangkung imbaling wacana pitung angkatan, mawi
bebuka “HU”, pikajengipun punapa ? Maknanipun kadi pundi ?”
Dènè para pamagangan wali dhinawuhan sami ngupaya Sunan Giri
kalih Sunan Kudus. Yèn kapanggih, kairida, rèhning praja wonten
pratandha, yèn sunya pasthi punika pandamelipun Sunan Giri
utawi Sunan Kudus. Pamagangan wali matur sandika, mangkat
sadaya.
Ènggaling carita, Sunan Giri tigang dinten sampun rawuh ing
Demak kaliyan Sunan Kudu. Ingaturan pawarti yèn ngalun-alun
wonten anèh-anèhan. Sunan Giri kalih Sunan Kudus ingaturan
mariksa. Kalih pisan lajeng mangkat.
Boten dangu wangsul, matur ing Nata, yèn punika pandamelipun
Sunan Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak pandamelipun Sunan
Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak api-api ngungun.
Sampun sami ginalih, para wali lajeng dipun dhawuhi maknani
sasmitanipun Kyai Rambu Rangkung, jim biru ingkang tengga
Sekatèn. Dènè imbaling wicara mawi bebuka “HU” kaping pitu.
Mila Kangjeng Sultan lajeng anjibahaken dhateng Sunan Giri kali
Sunan Kudus sakancanipun sadaya, menggah ingkang dados
pikajenging sasmitanipun Kayai Rambu, Kayai Rangkung kados
pundi. Dènè mawi “HU” kaping tiga dènnya imbal pamicara. Mokal
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 72
yèn botena wonten raosipun. Sadaya para wali matur sandika.
Dadya lajeng rinaras raosing sasmita wau.
Warni-warni pamanggihipun :
1. Sunan Giri angarang kanyataning “HU”. Pamanggihipun :
humat. Tegesipun : umating Allah iku ngawruhana rahsaning
ngilmu kang wis dadi iku weruh wewadining pangkating Dat
pitung prakara.
2. Sunan Kudus pamanggihipun “HU” punika hurip. Pikajengipun :
urip iku wenang nganakakè pitung prakawis. Mila yèn
tanggung-tanggung ngilminipun luhung pengung kèmawon.
Awit tiyang pengung punika sampun boten ngajengi warah-
wuruk.
Mangkana salebeting gunem raos, kasaru rawuhipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, dumrojog tanpa larapan. Dupi wus tata
lenggah, lajeng angandika makaten:
“Iki wong dèsa, aran Kaki Tengara, prayoga kawulakna. Pantes
amajibi lawan anglurahi para paniti masa. Lan maningè, wong
kang turu sangisoring wit waringin kurung, kairida anèng
ngarsaningsun. Poma warahen, ingsun wus teka.”
Para kanca anggandhèk sandika, mangkat. Dupi prapta temah
matur dhateng kang nèndra, “Gusti, Paduka tinimbalan manjing
pura, karana rama Paduka sampun rawuh ing kadhaton, amung
ngentosi sowan Andika kèmawon.”
Radèn Sahida gumrègah lumaksana, kèrid ing gandhèk kekalih.
Sadhatenging ngabyantara Nata, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
angandika:
“Hèh, hèh, Sahida, ing mengko sira wus katemu lawan ingsun.
Sira banjur lungaa manèh, ngupayaa bumi Bintara kènè. Yèn
ana dèsa lemahèdarbè ganda langu, banjur bebadraa
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 73
sakuwasamu dhèwè. Lawan ing kono bakal ingsun anggo
nganggur, supaya bisa dadi petilasan.”
Sèh Sahida matur sandika, nyuwun dhawuh menggah ingkang
kawajibaken punapa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika :
“Sira dadia punggawa pamijèn, amajibana barang
lelungguhingsun bumi dèsa kang parek ing kono. Bèsuk
sawatara dina ingsun tumeka, bakal karya wisma kangdadi
pasarèyaningsun dhèwè. Sarta sira ingsun wenangakè mangrèh
wong cilik sabalabaging bumi satus karya. Dènè kang bakal
dadi dalemingsun, sira aja wani-wani angetrapi, sarta wus
ingsun paringi tetenger : kayu kumuning bang utawa kayu
tayuman; telu kayu garu; kayu widara putih, kayu waliku.
Saubengè kekayon lima mau mung sawangana wates bae.
Bèsuk ingsun dhèwè kang ngadani.”
Kangjeng Sultan ing Demak mimbuhi pangandika, “He Kulup
Sahida, ingsun apeparing aran. Sira ingsun rilani jeneng Pangèran.”
Para wali aneksèni sadaya, yèn ing mangkè Raden Sahida nama
Pangèran ing Kadilangu, sarta angsal ganjaran sabin, kathahipun
kawan atus karya. Dalah saking rama dados gangsal atus karya.
Dupi wus sampat dhawuh pangandikaning Nata tuwin dhawuh
wewelingipun ingkang rama, lajeng pamit, kalilan mangkat.
Ing sawatawis dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak ing
panggènanipun ingkang putra. Radèn Sahida dipun damelaken
tarapan saèngga gedhang salirang, kaanggè wadhah bekakasing
dalem. Dumadakan ing salebetipun angadani dalem, Kangjeng
Susuhunan Kalijaga angsal kaèlokan, èncèh isi rajabrana kebak.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 74
Sanadyan manggih, kedah bayawarakaken dhateng tangga tepalih,
sinten ingkang gadhah èncèh wau. Tangga tepalih, parpat manca
lima sami matur, boten rumaos ndèkèk. Mila sareng sampun boten
sami ngakeni, ugi rahadunya lajeng kawaridinaken dhateng para
bekel ing ngriku. Mila kumrubut sami nuwun-nuwun. Mila para
tetiyang sakiwa-tengenipun ngriku, nadyan ingkang boten
kabawah, sedya atur bulu bekti, bau suku tumut ndandosi dalem,
sarta badhè pasarèyanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Kinaroyok ing kathah, lajeng ènggal dados. Istha masjid tur cèkli
langgarè, ingubengan tirta wening. Mila lajeng karang ing
Kadilangu. Makaten pangandikanipun:
“Hèh Sahida, sira dèn ènak atetunggu pasarèyaningsun, lawan
ingsun tinggal wewekas, dèn èstokna. Sapungkuringsun, sira
aja wani-wani ngungkabi gendhaga wadhah wangkinganingsun.
Saturun-turunira, sing sapa langkah, nganti weruh
wangkinganingsun, pasthi tanpa mata.”
Sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng
Pangèn ing Kadilangu pinareng dèning Allah tangala. Sami sanalika
kadi binarung ing swara gumeleger ngawiyat, lindhu gonjing,
prahara gora rèh kagiri-giri.
Saluwaring prabawa, punang gandhaga wadhah wangkingan kadi
pinaku, karaket ing manah. Sarta ingkang dhinawuhan ugi
ngèstokaken. Saturun-turunipun Pangèran ing Kadilangu sami ajrih
sumerep dhapuring pusaka wangkingan wau.
Dumugi sapunika kènging nyirami lisah cendhana nyumerepi
dhapur tangguhipun.
Suprandosipun ing nguni wonten ingkang sumedya badhè uninga.
Margi mingkis sinjang gegubahan, saweg uninga sadlèrèngan
kèmawon, tiyang wau mripatipun nyeplos.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 75
Mila tulus sapriki lajeng boten wonten ingkang wani uninga
wangkinganipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Wasana lajeng
dipun dhawuhaken dados wewaton : sinten para ngulama tuwin
para juru kunci ing pasarèyan Kadilangu, katamtokaken ing saben
Anggara Kasih, ingkang nyirami Kyai wangkingan kedah mawi
dipun tutupi mripatipun, kanthi tiniti boten kèngis maripatipun.
Nadyan para ratu, boten kenging uninga wujuding wangkingan
wau.
Kacarita malih, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampuning
paripurna anggènipun yasa dalem dalah langgaripun, lajeng
dhawuh dhateng ingkang putra, rèhning sampun sepuh, boten
karsa angagem wangkingan. Amung badhè gebayakan kèmawon,
ngagem teteken pucuk cis wesi cawang, sarta pamit ingkang
putra, yèn badhè ngaluyur nuruti karsa. Amung rèhning boten
ngagem wangkingan, ingkang putra wineling, njagi rumeksa boten
kènging ngagem, boten kènging uninga. Ingkang liningan matur
sandika ngèstokaken.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kèsah lelana, sapurug-
purug, ngantos dumugi tanah ingatanah, pulo ingapulo, manca
nagari, pasisir sampun kaancikan sadaya. Malah satengah kaoling
carita, dumugining paran, ing saben saonjotan santun gelar,
santun warni.
1. Ing nalika ngambah laladan pulo Pinang, Kangjeng Sunan
Kalijaga sesilih Jaka Lonthang. Ing ngriku witipun wonten Serat
Suluk ngilmi, dipun wastani Suluk Lonthang.
2. Ing nalika ngancik dhateng pulo Siyag, lajeng nama Kyai Dana.
Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk Besi, awit Kangjeng
Sunan Kali kèlu dhateng pakartining tiyang pandhè wesi,
laminipun kalih taun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 76
3. Ing nalika ngancik pulo Bayan, ngantos dipun jajah saubenging
nagari. Mangka pulo Bayan punika tigang jaman dipun kulinani
: ngambah ing Bayanmani, lajeng ngambah dhateng
Bayanmaot, lajeng dhateng nagari Bayan Budiman. Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga ngalih aran kaping tiga. Duk nganggit
Suluk Bayanmani nama Empu Hartati. Nalika nganggit Suluk
Bayanmaot ngalih nama Empu Hartadaya. Sareng wonten nagari
ing Bayan Budiman ugi nganggit Suluk Bayan Budiman.
Kangjeng Susuhunan Kalijaga sesilih nama Sèh Ismangil
Jatimalengis lamènipun ngambah jaman nagari tetiga wau
tigang taun. Lajeng wisata sapurug-purug malih.
4. Nalika ngancik wonten ing nagari Ngacih, Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga ugi nganggit Serat Suluk Acih, jejuluk Sèh Sutabrit.
Kalunta-lunta ngantos nagari ing Mekah, nanging Sèh Sutabrit
awarni larè dolanan. Dènè ambah-ambahanipun dhateng masjid
Mekah, adamel kaèlokan, dènè purun anglanggar ngilmi
dhateng para jamhur Mekah. Inggih punika ingkang sampun
kasebut wonten rahsaning Serat Suluk Sutabrit.
5. Ing nalika ngmabah pulo Siyem, Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga anganggit Serat Suluk Puji. Dènè sesebutaning nama :
Kaki Linggapura. Wonten ing laladan nagari Siyem boten karsa
anglajengaken. Suprandosipun dangu, jalaran kasengsem
aningali cara-caranipun tiyang anggènipun liru lambang urub-
inguruban.
Kala samanten Kaki Linggapura kalanturipun nama Kaki
Singgapura. Dumugi sapriki lestari dados lambang-
lambanganing arta, kados ta : arta saking tanah jawi wonten
nagari liyan boten ajeng, kedah lintu arta liyan. Pundi ingkang
dipun purugi liyaning praja, badhè ngajawi ugi lintu arta tanah
Jawi.
Makaten ing caranipun. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
wonten ing ngriku ngantos sakawan taun, jalaran dipun pupu
dèning juragan, nama Kaki Glontor.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 77
Sanget asihipun, malah dipun ajak gegramèn dhateng pulo ing
Bojong, inggih pulo Ciamis. Akathah lelangening nagari, karya
senenging panggalih. Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
lajeng nganggit serat Suluk Gontor, awit saking saweg tumut
dagang Kaki Gontor.
6. Ing nalika kondur saking bawah Siyem, Sang Lelana lajeng
kondur angajawi malih. Ing ngriku taksih andugekaken lelana
jajah wana, wukir, jurang pèrèng sungil. Sang Lelalana karsa
nganggit Serat Jaka Rasul. Ing nalika punika kapareng
anggelaraken rahsaning ngilmi babaran wahananing Dat,
tinunggilaken lawan panganggitipun Suluk Jaka Rasul wau. Mila
Suluk sareng dados gegebengan, sakalangkung gancar
piyambak. Sarta raosipun dhateng tèkad tetèla kathah meleng
piyambak rahsaning ngilmi kasampurnan. Kapara mawi
cecarangan angangit imbal-imbalaning swara, dipun wastani
Suluk Burung, ingkang kadhapur pangartining para paksi
gemak dènya rebat unggul, prakawis pambektaning jasat dalah
kurunganipun. Sadaya wau sakalangkung ramèning pamicara.
Ing ngriku witipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng
anganggit Serat Suluk Burut.
7. Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan Kalijaga lajeng karsa
lelana malih dhateng tanah kidul, anjujug pinggiring samudra,
inggih punika ingkang winastan ing Dalepih. Laminipun jaga-
jaga satepining tasik kinten-kinten satengah wulan, saweg
amuthuki tiyang satunggal, tanpa mangganggè wastra.
Awakipun namung dipun ubeti oyod, sirahipun anyunggi
sakathahing uwuh ron aking. Upami dèdè Sinuhun Kalijaga,
tamtu mlajeng, awit sinengguh brekasakan ingkang rumeksa
sapinggiring sagara Dlepih. Wasana sareng saya celak, dinangu
sarana angagètaken. Ingkang nyunggi uwuh kagètipun sanget,
ngantos andherodhog, andhèprok boten saged lumampah.
Sambatipun amung mati. Tinanggenah ing pangandika, lajeng
matur saparlunipun, “Kawula pun Wana, larè ing dhusun Dlepih
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 78
ngriki, badhè ngupados paksi mliwis, kasadè damel ngingoni
anak putu.” Kangjeng Susuhunan paring sabda waluya, lajeng
angandika :
“Kaya kapriyè rèkanè amèt manuk mliwis ? Ingsun arsa
uninga. Lakonana, aja kasuwèn.”
Ingkang sinabdan manembah, lajeng malebet ing warih. Ririh
lampahira. Dènè ingkang katingal amung ombyong-ombyongan
uwuh. Dèrèng pati tebih, dumadakan anyarengi panebaning
paksi maliwis, niyup saking nginggil mangandhap, lajeng
angambang ing toya bayak-bayakan. Wana marpeki,
tumandang. Punang paksi mèh telas. Saking kekebaken
kapisipun, temahan rinèntèng ing tetali kang sinabukaken. Tali
tampar, lulup, sampun kacakan sadaya. Kantun tigang iji,
kagèt, muluk ing gegana. Dènè kagètipun paksi tetiga wau,
awit pun Wana kuwalik badhè kelem, awit saking kawratan
pambektanipun. Nanging Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
awas ing pandulu. Pun Wana pancen galagepan, lajeng sinaut
ing teteken, ginanthol ing cis. Pun Wana saged minggir, lajeng
dipun entasaken. Dupi sampun sarèh napasipun, lajeng
dinangu. Pun Wana matur makaten, “O, Gusti, salami kawula
pados peksi maliwis boten kados sapunika. Bok sampuna
kawula kelem saking boten kuwawi mbekta, kados rampun tan
akècèr. Katujunipun lajeng paduka entasaken. Sapinten ing
panuwun kawula, Paduka paring gesang. Mangka kirang
sakedhik kemawon, tamtu pejah. Boten langkung, rèhning
Paduka ingkang nambak ing nyawa kawula, angsal-angsal
kawula paksi maliwis kawula sumanggakaken.”
Kangjeng Susuhunan Kali angandika :
“He Wana, sira rumangsa urip awit ingsun kang
angentasakè, duk sira galagepan. Iya banget
panarimaningsun, sarta antuk-antukira maliwis sira aturakè
maringsun. Ananging dadèkena sumurupira, maliwis kang
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 79
wus gawa, kabèh mabur, jalaran nalika sira kelep ing banyu,
nganti lali pangangsilanira.”
Pun Wana èmèk-èmèk kapisipun, nyata suwung. Nadyan ingkang
sami cinancang ing tetali sabukan, sami mabur. Satunggil boten
wonten ingkang taksih. Pun Wana dadya kaduwung sanget. Dangu-
dangu lajeng mosik makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, rèhning
sampun kapotangan umur kula, kaparenga Paduka tumedhak ing
pagriyan kawula, parlu badhè angaturi sesegah sakadarè tiyang
dhusun, margi wanci sapunika sampun ngajengaken surup.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Dumugining wisma,
ngancarani lenggah ing salu. Pun Wana lajeng medal, sanjang
biyungipun, kapurih sesegah. Kang ingatag tanggap, angratengi
badhè segah. Pun Wana lajeng dipun timbali dalah biyungipun.
Saprataning ngarsa, dhinawuhan :
“Nini, sira aja susah nyuguh sarana nganak-anakakè kang ora
ana. Ingsun trima tanpa sugata, angger tangga teparomu
padha teka kènè.”
Pun Wana matur, “nDatengaken tiyang wau inggih kedah nyegah
sawontenipun.”
Kanjeng Susuhunan angandika :
“Gampang prakara suguhing tangga teparomu kabèh. Ana pira
kèhè?”
Wana matur, “Cacahè eri kawandasa sèmah. Mangka adatipun, ing
dhusun Dalepih ngriki, saben dipun undang, jaler-èstri dhateng
sadaya. Wah sami bekta anak, margi sampun dados rerukunaning
rembag ngajeng, sinten ingkang gadhah parlu, tangga tepalih sami
rungkat sadaya, alih-alihan.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 80
“Yèn mangkono luwih becik. Pasthi mengko ana kamurahaning
Pangèran kang kena sinuguhakè.”
Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng
maringaken waragad sacekapipun. Dadya kalampahan ing dalu
punika saged ndhatengaken tangga tepalihipun sadaya. Warnaning
sugata boten anguciwani, karana pinaringan waragad kathah.
Sareng sampun ing wanci dhatengipun. Sami dinangu, arta
anggènipun maringi waragad telas punapa taksih. Yèn telas, dipun
paringi malih. Lumbung pari kalong pirang gèdhèng, yèn kathah
lukaking pari, dipun jogi malih.
Biyungipun Wana matur makaten, “Arta ganjaran kablanjakaken
ulam, bumbu warni-warni, pirantosipun sekul ulam panganan.
Panumbasipun langkung kathah, arta boten kalong. Wadhah uwos
tanpa kèndel panakeripun, wasana ing padaringan boten lukak.
Nadyan ing lumbung malah kebak. Mila arta kawula aturaken
wangsul malih.”
Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga boten karsa anampèni.
Pangandikanipun makaten :
“Bibi, mengko tamunira padha wratanana arta sacukupè.
Kang liningan matur sandika. Ing sadalu punika dhatengipun para
tamu langkung kathah. Dalah parpat mancalima anggili tumut
manggihi. Pun Wana nyariyosaken kawasaning tamunipun, sarta
anambak nyawa, amiwiti tumeka mungkasi.
Dupi tekèng tengah dalu, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
tumedhak ningali tamunipun, sarta tumut lelenggahan, lajeng
paring pangandika makaten :
“Kabèh sanak sadulur, ing mengko padha timbangan
saparlunè. Lelakonè si Wana enggonè ngupaya manuk maliwis,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 81
wasana malah anemu papa. Marga saka maha kumawawa,
wekasan mèh palastra, tur tuna sedyanira. Saka wus katrucut
basanè, arep males kabecikan marang ingsun, uga banjur
ingsun pitututi. Èwadenè saka karepku, becik mangan ènak
lawan sanak sadulur, tangga teparo, anulusakè rukunè.”
Ingkang sami dhinawuhan sakalangkung nuwun.
Kacariyos malih, salebeting pajagongan, Nyai Wandawa kuma
purun atur pratèlan makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, sanget
panuwuning manah kula, dènè saged marek ing Paduka, karana
nguni pun patik sampun natè uninga, duk Paduka saweg birahi
angadani sumur utawi masjid, wonten ing dhusun tanah Pajang.
Awit kawula punika temenipun, biyung kawula sampun natè
ngawula ibu Jengandika. Malah kadhawuhan nginyani putra
kakung, nama Radèn Mas sahid, inggih punika ingkang tunggil
sesepan kawula. Sareng pun biyung pejah, kawula lajeng imah-
imah, angsal Kaki Wandawa. Dupi semak kawula pejah, lajeng
dumugi ngriki, kaanggè sepuh-sepuh, kapara dados dhukuning
bebayi. Mila sadhusun punika sami ngalap kasagedan kula
padhukunan wau. Mila pun patik nuwun deduka, dènè sumalonong
purun sapocapan, parlunipun amung badhè matur, ingkang nama
Radèn Sahid punika rayi Paduka punapa raka Paduka?”
Kagjeng Sinuhun ing nalika punika dahat pangunguning galih,
boten kanyanan yèn Nyai Wandawa punika kadang palihanipun.
Dados lajeng sajarwa, yèn sariranipun. Mila Nyai Wadana lajeng
pinaringan sih ganjaran saking luwesing atur, kalawan nyata.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“mBakyu Wandana, wus ingsun anggep nyata caritanira. Ora
luwih ing samengko sira ingsun paringi ular-ular, enggonen
pawitan saurripira. Tampanana pasihaningsun, rupa kalpika.
Kaksiyatè : sira bakal ginugu marang sasama-sama. Lawan
ardana sawatara, tampanana.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 82
Ingkang pinaringan dahat nuwun. Sasampunipun makaten,
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring arta dhateng para
ingkang sami tinimbalan wau. Amung kènging kanggè sesarat
sawatara. Kados ta : arta tigang reyal ing dalem tiyang satunggal,
sadangunipun boten saged suda. Para tetiyang sadaya naracak
ganjaranipun. Wewelingipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ugi
sami kèmawon.
Ing nalika samanten Kangjeng Susuhunan kalijaga lajeng pamit,
badhè andugèkaken ing lampahipun, lelana sapurug-purug.
Rerancanging carita, Kangjeng Sultan ing Demak dahat angajeng-
ajeng rawuhipun Susuhunan ing Kalijaga, margi sampun dangu
mboten anembah ing guru.
Mila para wali sinebar, angupaya dhateng pundi purugipun. Sunan
Punggung aturipun, “Boten susah dèn upaya. Manawi sanyata
sungkemipun murid, dhateng piyambak. Dènè guru kangen
tataning murid, pasthi saged katuju piyambak sarta sampèka
sapiwarahing guru, yakti dugi sedyanipun.”
Gantya kang cinatur malih. Arya Jipang salebetipun anata baris
pendhem wonten ing dhusun Panolan, saweg lelenggahan kalih
ingkang rayi ipè, nama Radèn Puspita. Ing rinten dalu tansah
padudon karsa, jalaran Arya Jipang sedyan angkara murka. Radèn
Puspita tansah ambolèhi atur, amrih rapih, pinapagaken ing
karsanipun,
“Kakang Arya, punapa saèstu angrampit prang dhateng Demak,
punapa boten? Kantenan anggèn kula manah. Saupami boten
saèstu ambebara prang, inggih sokur, margi kula badhè
ngupadosi wekasaning kajat kula dhateng tanah bang wètan,
nglantun anglantun dhateng tanah kidul, rèhning sampun
boten saèstu prang. Dènè yèn karsa Paduka kenceng nglurug
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 83
prang dhateng nagari Demak, kula nyuwun pamit, boten
ndhèrèk, jalaran kula gadhah parlu sakedhik. Anak-anak kula
sampun sami diwasa, badheè kula suwitakaken dhateng
Kadilangu, supados angaji tatakrami.”
Arya Jipang mangsuli makaten, “Mungguh aturira iku wus ora kena
pinikir sayekti. Pèdah apa ajurira iku? Yèn sida nglurug, sira pamit
ora labuh maringsun. Yèn ora sida ngadani, ngalaga, sira bakal
ngumbara, lunga sakarepira dhèwè. Dadi apa kang sira anti-anti
nganggo cumandhang dhawuhingsun? Sarta wus mratandhani sira
iku wedi mati. Luwih becik sira lunga samengko iki.”
Ingkang rayi matur, “Ingkang makaten punika, Kakang, pamanggih
kula, dados tiyang enèm inggih kedah matur ing kadang tuwa.
Paèdahipun antuk sabda pangèstu, supados gampila ingkang kula
sedya ayu.”
Arya Jipang mangsuli radi sengol, “Mungguh caturira iku kabèh,
ing ngatasè milu wong ngatuwa, tanpa gawè, awit sira iku mung
lumuh, malumuh wedi campuh. Upama ingsun candheta, digawe
apa, parlunè ora ana. Bara-bara angur aja katon mata, tur ora dadi
klilip. Ananging supaya tan mandheg tumolèh, mboklunga pisan.”
Radèn Puspita anampeni. Kadangipun lajeng dèn ajak kèsah.
Sareng sampun sawatawis tebih, ingkang mbakyu jinarwan yèn
Arya Jipang badhè boten tulus gesangipun. Tinimbang ing tmbè
boten tulus kompra, luhung miruda. Sinten ingkang sotah
mengku, angger boten dados manah mutawatiri. Ingkang raka
Retna Paniwèn gentos anjarwakaken, “Iya, teka pasanga yoga, sira
anggawa lunga raganingsun. Pancèn sadurungè sira mangkana,
wus dadi pangèsthing tyasingsun. Sajatinè ingsun iki ora
kinanggokaken kadi para garwa pangrembè Arya Jipang. Ananging
saka tunaning pandon.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 84
Ingkang rayi matur, “Kadi pundi liring pandon tuna?”
Retna Paniwèn mangsuli makaten, “Yayi, ingsun iki sanyata sipatè
wadon, nanging satuhunè tiwas kalumrahanè, ora kena kinarya
pasamuwan ing papreman. Dadi Arya Jipang mengku raganingsun
iki mung ginawe genep waè.”
Radèn Puspita dahat pangunguning galih. Wekasan suka sukur
anarimah. Dadya makaten ing aturipun, “Kakangmbok, yèn
makaten Paduka luhung ndhèrèk tetruka ing Ratu Mas Kalinyamat.
Saiba sukaning galih.
Retna Paniwen nembadani, lajeng kadhèrèkaken. Boten winarna
ing margi, sapraptaning wukir, laju marek manembah ing ngarsa.
Dinangu, matur sajarwa sawewadinipun. Ratu Mas Kalinyamat
dahat sukaning galih, lajeng pinatah tengga korining pratapan.
Radèn Puspita tinanggenah ing sedyanipun, matur badhè
ngupados wewenganing manah.
Ratu Kalinyamat lajeng paring pitedah, Radèn Puspita dhinawuhan
ngupaya Kaki Walaka ingkang dhedhukuh ing dhusun Galinggang.
Saupama suwung kinèn anganti, awit janggan Walaka iku araning
rèrèh ing wisma. Karemenanipun lelana tanpa sedya.
Raden puspita manembah, lajeng mangkat. Ing samargi-margi
anggung kasangsaya sinangsaya, awit pakartining margi boten
amiranti. Èwadènè Radèn Puspita mèrang, yèn balia. Tan ajrih
bebayaning margi rumpil, sungil-sungil. Dumadakan sapraptaning
wana kapethuk tetiyang, nama Kaki Janggalana. Duk tinakènan
dhateng Radèn Puspita, temah sugal wangsulanipun, dènè boten
dipun ajèni Kaki Jenggalana. Dangu-danguning rembag dipun ajèni
Kaki Janggalana. Dangu-danguning rembag temah dadya
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 85
pancakara, ngantos ramè, gentos kasora, nanging boten mawi
gegaman.
Radèn Puspita sakalangkung kaken ing galih. Badhè teluk,
pakèwed manawi angauba dhateng sasami-sami. Yèn
nanggulangaa, langkung kasoran, saha mèrang sanget. Dangu-
dangu Radèn Puspita lajeng mitembung angasih-asih. Kyai
Janggalana awewarah yèn lana, dèn ajak ngumbara sapurug-
purugipun, tan nana sinedya. Radèn Puspita anut, tan lenggana ing
rèh. Kyai Janggalana lajeng lelana sapurug-purug. Ing saben surup
surya atetaken :
“Opa sira ora ngelih, lawan apa ora ngelak?”
Radèn Puspita matur, “Boten.”
Dumugi tengahing dalu Kyai Janggalana galundhung jurang, sarè
asesengoran. Watawis dangu wungu, lajeng kaloyongan malih,
balasakan ing bebondhotan. Watawis ing wanci gagat bangun
enjing Kaki Janggalana nolih, tetakèn, “Apa sira ora arip?”
Aturipun, “Boten.”
Dados Radèn Puspita anggènipun anglampahi tut wuri wau
sampun tèkad pejah, sarta boten angraosaken risaking sarira.
Saweg tigang dalu Radèn Puspita sangsaya mempeng dènya tut
wuri Kaki Janggalana.
Parmaning Hyang paring rèh rahayuning titah. Radèn Puspita
sampun katingal kuwungipun, awit bebasan ulat, karep, ati
madhep dènya tèkad pati, sedya puruita. Kayi Janggalana kagèt
aningali kuwunging nitya, asmu mancorong. Mila Kyai Janggalana
welas ing galih, temah angandika :
“Jebèng, boya ilang sira ngetutakè saparaningsun. Dibasakakè
mokal kaluwèn, bakal ora wareg. Mesthi bakal ana sihing
Pangèran maring kang kaluwèn. Mula dèn banget tarimanira.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 86
Kaliyan lumampah kèmawon pangandikanipun. Kaki Janggalana
lajeng ngambah samadyaning wana tarataban. Boten wonten
tiyangipun, tebih dhusun, tebih warung, tanpa toya, utawi
kekajengan ingkang ageng-ageng. Radèn Puspita matur, “Punika
pundi?”
Sang lelana angandika :
“Perluning wong anggeguru iku iya ing tembè tumekaning pati
aja nganti kaliru ancasè. Aja nganti kasawar tibanè, aja nganti
kasangsara lakunè ing dalem pati.”
Radèn Puspita matur, “Tèkading kahanan jati punika punapa
wonten bèda-bedanipun? Awit ing dalem pati punika badhè
nyandhang tiwas ing tri prakara :
1. Bosoking jasad, awit sampun nunggil kaliyan luluhing siti kang
lebet.
2. Risaking piranti dènè sampun koncatan anjing-anjinganing
bayu otot, kulit daging, sami pisah adon-adonanipun.
3. Larating erah lawan rahsa, punapa dènè sampurnaning atma,
nyawa, cahya, sapanunggalipun sami miruda tan kantenan.
Kados pundi bèdaning tiyang wantun kaliyan ingkang sami
anggeguru?”
Sang Lelana aangandika :
“Jebèng, upama ora ana bèdanè, pati-pati anggeguru apa
gunanè? Ananging yèn dhasar sanyata pangèsthinè, iya
bèda uga.”
Radèn Puspita matur, “Nyuwun pitedah, supados radi saged
tumindhak dhateng wewarahing guru satunggal-satunggal.”
Sang Lelana mangsuli :
“Jebèng, sira durung wanci anggayuh ngilmu kasampurnan.
Marmanè gunemira durung turut. Pasthi wus dadi benerè
gunem bocah. Upama sira kadereng arsa uninga tetalering
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 87
ngilmu kasunyatan, adat banjur kadhingan tuwuh. Tegesè,
durung wayahè selak kasusu karepè. Ana dènè wewatesing
wong kena ngeguru iku, yèn wus umur patang puluh tahun
sapandhuwur. Awit manungsa durung patang puluh iku akèh
kalirunè. Manawa wus patang taun iku, ginanjar kuwat,
anampani kawruh kang sanyata. Marmanè sira milu ingsun,
maksih ingsun ganjar anteping laku baè dhingin. Manawa
sasuwenè sira tut wuri ingsun ana kalèjeme mantep tama
temen, sarta sira yèn wus uninga gatra-gatraning ngilmu, ora
èsuk ora sorè, wus pasthi ingsun kang maringi ing kawruh
marang sira dhèwè. Aja kuwatir.”
Sasampuning makaten, Kaki Janggalana andugèkaken dènya
lelana. Radèn Puspita dipun warah kantun, katitipanken Dhoyok
Pangangsalan. Tegesipun : pangagenging dhusun ing tanah
ngriku, jalaran welas aningali Radèn Puspita dènya dèrèng wanci
tumut lelana. Sang Lelana lajeng tedhak dhateng dhusun Katègan,
ing nguni karan Sabaran.
Ènggalipun Radèn Puspita lajeng tata-tata badhè dènya kari
anggana. Sang Lelana nutug dènya ngunggar karsa, nurut
pinggiring tasik. Antawis tigang lapan Sang Lelana wangsul
dhateng unggyanè Radèn Puspita, atakèn :
“Hè Jebèng, sira ingsun pitaya ana ing dèsa Waru. Ingsun
paringi aran Ki Ageng Waru.”
Radèn Puspita matur nuwun, Sang Lelana lajeng kèsah malih.
Tigang lapan wangsul paring dhawuh makaten :
“Jebèng, sira rabia antuk sutanè Sunan Panggung, aran Rara
Subekti. Wus takjalukakè padha leganè. Mula saiki sira ingsun
srahakè, supaya tumuli didhaupakè.”
Ki Ageng lajeng tut wuri. Sampun kapanggihaken lawan sutanè
Sunan Panggung. Radèn Puspita tulus nama Kyageng Waru.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 88
Kacarita Sang Lelana sampun ngumbara malih dumugi tanah
Banjarmas. Sang Lelana mancala larè nem, karan Jaka Lelana. Ing
saben guru-guru miluta Jaka Lelana. Mila ngirub pangawikaning
tiyang Banjarmas. Sareng sampun ing antawis lami, Jaka Lelana
malah antuk sihing para guru, pinaringan berkah.
Dènè caranipun sadaya guru dipun elèr kemawon wejanganipun,
boten wonten wonten ingkang dipun singid. Dènè ingkang dipun
wejangaken naracak bangsaning ngèlmi sesorogan
nakisbandiyatul kak. Sawenèh anggelaraken ngilmi tapakurahman.
Mila warni-warni wewedharanipun tiyang Banjarmas wau. Amung
bangsaning ngilmi sorogan, mijèni sakaliring wewenang kaèlokan
sadaya.
Jaka Lelana lajeng kèsah, sawulan wangsul, sampun warni Kaki
Janggalan, lajeng gentos anggelaraken ngilmi sorogan. Tiyang
sakiwa panengen ngriku gilir tanpa sela, sami anggeguru dhateng
Kaki Janggalana.
Ing nalika punika para guru-guru ing Banjarmas kathah
pangugunipun, dènè wonten satunggaling guru neneka, lajeng
ngungkuli ingkang sampun lami. Mangka kanyatahan ing
wewulangipun. Dangu-dangu para guru ing Banjarmas ayon sedya,
nyekabat dhateng kaki Janggalana.
Sampun kalampahan panyakabatipun para guru Banjarmas wau,
ugi sampun katampèn sadaya. Amung wonten satunggaling guru
gumaib, nama Kyai Mangilhas, pugal boten purun sumuyud
dhateng Kaki Janggalana. Malah ing saben dalu Kaki Mangilhan
wau karsa ngalempakaken para juti pethut sadasa iji, anuju
selaning dinten Kaki Janggalana wonten ing griya piyambak. Para
pethut ingkang nyidra sami malebet griya. Tanpa prasaba lajeng
amadung lawang, mengkang pager gedhah gedhèg. Pangrisakipun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 89
tiyang sadasa wau ambek sura wani. Boten ajrih ingkang tengga
griya. Dènè Kaki Janggalana wau amung èca-èca anggènipun
pitekur ing kursi kemawon.
Sareng sampun celak, pandung sadasa nempuh sura wani, tan
ajrih ing pancabaya. Dupi saweg namakaken pedhangipun, sadaya
pareng mangsah. Boten kalampahan mocok utamangganipun
tiyang. Dangu-dangu Pangèran Ingkang Agung paring parimarma.
Sèh Janggalana boten mawi pariwara, lawan Janggalana kesah tan
nana kang uninga. Tegesipun : ngedalaken mangunah catur warna,
saluguning Kaki Janggalana kèsah sakiwa tengening ngriku.
Nanging tilar warni wujud sakawan.
Ing wètan inggih Kaki Janggalana, kidul inggih Kaki Janggalana,
kilèn inggih Kaki Janggalana, lèr inggih Kaki Janggalana. Nanging
sakawan wau tinandukan ing gegaman, boten kènging. Kadi ameca
wewayangan.
Para pethut-pethut pothèt, kawèkan ing galih. Saking tunaning
pangangkah lajeng sami lumpuh, boten saged lumampah. Wasana
analangsa, atur tobat turun tumurun, boten sedya ngawoni. Kaki
Janggalana ngandika makaten :
“Apa nyata sira wus ora wani maringsun? Sapa kang ngajani
sedya cidra iku?”
Para durjana pothèt matur sajarwa, pakènipun guru, Kyai
Mangilhas. Kyai Janggalana ngandika:
“Yèn mangkono sira padha waluyajati, tanpa sangsaya.”
Para durjana kècu sampun luwar saking papa, lajeng sami
pinaringan arta busana, sarta kinèn bara griya ingkang saè,
bebanjaran urut margi, patilasaning panyidra wau. Bandha bèbaya
saking Sang Sèh Janggalana.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 90
Sasampuning tata reja, lajeng pinaringan aran dhusun Sidayu. Para
durjana kècu angèstokaken sadaya. Sèh Janggalana paring
dhawuh :
“Bènjang yèn sira maring tanah Jawa, angupayaa jenengingsun,
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Wismaningsun ing
Kadilangu, bawah nagara Demak.”
Ingkang dinawuhan sadaya nuwun sandika, sèwu kapundhi. Para
guru ing Banjarmas lajeng sedya tutwuri, boten kalilan. Amung
pinaringan waragat arta busana, dhinawuhan anyedagar. Bandha
bèya pinaringan.
Kaki Janggalana, sapengkeripun saking Sidayu, wonten gisiking
muwara pinarepekan dening tiyang ageng, inggil. Tinakènan,
nama Kyai Mailhas. Gentos pitaken, jinarwan nama Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga. Mangilhas andheku, nembah sarwi matur
ngasih-asih, sajarwa susahipun, “Anggèn kawula lelèdhang
satepining muwara punika, sajatosipun nganti-anti patembayan
kawula, tiyang pèthoting pethut. Kula resaya menahi tiyang nama
Kaki Janggalana, margi ngendhih kabegyan kawula. Mangka tiyang
nagari Banjarmas punika, pangungsèning rembag punapa dènè
patakèning kawruh, sadaya ingkang dipun suhun-suhun sami
dhateng kawula. Wasana sareng wonten tiyang neneka, nama Kaki
Janggalana punika, sadaya tiyang ing Banjarmas sami balik
pangidhepipun, ngantos supè dhateng kawula. Mila lajeng kawula
resayakaken amejahi. Para pethut sadasa sagah entos-entosan
wonten muwara ngriki. Wasana sampun sadasa dinten langkung,
bilih Paduka saking sabda waskitha.”
Kangjeng Susuhunan amangsuli makaten :
“Ki sanak, kapasanga yogya pethuking manah kula kaliyan dika.
Kula punika tiyang kasasar, saking Ngarab dumugi ngriki ,
margi saking kapancal ing baita kapal. Wusana wonten tiyang
cariyos, yèn ing Banjarmas wonten guru saged, nama Kyai
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 91
Mailhas. Dados malah katuju temen. Kula nedha pitulung,
sagedipun kula dumugi ing jaman kula, nagari ing tanah Jawi.
Dènè yèn sanak sagah ngantukaken badan kula, bokmanawi
kula saged angirit suruhan sampèyan para pethut.”
Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih leres, para tetiyang kathah sami
nedahaken Kyai Mailhas tiyang saged, wah guru ageng, nalika
dèrèng dipun sirep Ki Janggalana. Mila panedha sampèyan
pitulung makaten kèmawon tamtu boten kawekèn manah kula.
Sarèng dipun sarug tiyang neneka, dados badhè boten saged
mitulungi, awit manah bingung, kalingan muring-muring.”
Kangjeng Susuhunan amangusuli makaten :
“Dados tiyang saged punika mawi kènging supè, utawi kenging
kuwur muring-muring? Mangka atasing kagunan punika boten
kèngin ical, boten kenging supè, awit sadaya kasagetan punika
saking gaibing Pangèran, sasaringan saking sarining roh
sadaya. Sarining roh katarik lampahing napas, anpas, tanapas,
nupus, tumus dhateng rahsa. Rahsa sumarambah dhateng
budi. Budi tumanem ing nguteg, turut mahanani dhateng
manik, sumarambah dhateng karna, grana, lèsan. Sayèkti boten
kenging kasupèn, awit punika wananing nugraha. Kèngingipun
kalimput, manawi sampun puput yuswanipun. Ingkang
makaten punika pepiridan saking punapa? Mangka kahananing
ngaguna punika nadyan asal saking nugraha tuwin saking
gaibing Pangèran, ananging sareng sampun gumelar ing
ngakathah, tancebipun amung dhateng sarèngat kemawon.
Saiba kaluwihan ingkang deles gaibipun. Yakti manjing dhateng
rahsa rumasa, tur saged kawasa amurba.”
Kyai Mailhas kawelèh wewadosipun, temah mojar. Anggènipun
mangsuli saya boten tumaja. Wantuning tiyang pancèn jugul,
dangu-dangu malah gangsul, “Kula dèrèng sumerep kadi sesorah
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 92
makaten punika, awit boten tunggil cecepan. Yakti bèda
lanjaranipun.”
Sang Lelana mèsem sarwi angandika makaten :
“È ki sanak, lagi sapunika kula mireng, yèn ngelmi mawi gèsèh-
gèsè. Awit boten nunggil cecepan, badhè gèsèh lanjaranipun.
Kados kèmawon ingkang sami mardhukun dhateng sampèyan
sami balik paguron. Nadyan para pethut ingkang sami dipun
resaya, yakti malah kèlu dhateng Kaki Janggalana. Tur kula
dèrèng sumerep, ananging sasat sampun tetèla. Èwadènè kula
saged andhatengaken Kaki Janggalana dalah muridipun
sadaya.”
Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih yèn dhasar saged dinateng ngriki,
pinten saratipun mangkè kula bayar.”
Sang Lelana gumujeng latah :
“Kula boten ngalap upah kados dhukun rucah. Boten guru
aleman kados guru ngudi ragad. Andika nganti, kula tekak-
ena.”
Sakala Jeng Susuhunan andhatengaken, katarik saking purba
wasèsaning Dat Kang Èlok. Mila sanalika mangunahing pandhita
linuwih saged mujudaken sadaya.
Kaki Janggalana ngadeg sakiwanipun Sang Lelana, tanpa ngandika,
ginarbeg para muridipun jaler èstri tuwin para pothèting pethut
ingkang dipun resaya wau. Sang Lelana lajeng ngandika
masrahaken :
“Allah. Andaweg dika sumerepi. Layak kèmawon sampèyan
kalindhih, awit Kaki Janggalana guru gegedhug, jatmika,
anteng. Yakti terus nyata ngilminipun, boten madal sumbi.
Bèda sanget kalih andika. Tandha yektinipun para guru-guru
sami sumungkem sadaya. Dalah kang andika resaya sami kèlu
dhateng Kaki Janggalana. Yèn sumerepa ing ngriki wonten
pandhita sidik, boten susah ngupadosi andika.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 93
Kyai Mailhas saya wimbuh mèrangipun. Bebasan kawelèh, meksa
dèrèng purun ngalah. Dangu-dangu Kyai Mailhas anarik,
pedhangira, ngancari adegipun Kaki Janggalana. Dèrèng dumugi
temah angacung bahunipun, boten uninga liding alad, kènging
pangaribawanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila sareng
sampun kadung pamedhangipun. Kaki Janggalana dalah para
sabatipun wangsul sadaya. Ingkang nama Kaki Janggalana wau
inggih Sang Lelana.
Menggah ungasing pangawasa ingkang mratandhani punika tetèla
boten kènging kinira-kira. Sareng sampun sawatawis dangunipun
Sang Lelana welas, temah linuwaran. Kyai Mailhas sakalangkung
konjem ing galih, lajeng sedya tur wuri sapurug. Sang lelana
angandika :
“Iya ingsun lilani milu saparaningsun. Ananging èwuh lakunira.
Nora bisa nututi. Becik lumebua lengenaning jubahingsun kènè.
Kyai Mailhas manembah, sampun malebet ing jroning lengenan
jubah. Sakala sumiyut kadi layaping anèndra. Sang Lelana sampun
ngancik laladan ing Demak. Kyai Mailhas ingudhunaken sarta
ingandikan:
“Hè Mail, wruhanamu sira iki wus anèng praja Demak. Marma
sira mituruta wewarahingsun, ngupayaa Sunan Giri lawan Sunan
Kudus. Aja walèh saka ingsun. Dènè lakunira ingsun paringi
waragat, supaya dadi sedyanira. Poma.”
Kyai Mailhas matur, “Dhuh Gusti, kula kedah kaparingan pitedah
taleripun rumiyin, supados wonten lambaranipun. Awit tiyang
badhè puruita punika manawi dèrèng gadhah lambaran kawruh
ingkang premati, tamtu tuna tuwas. Nadyan antuk pitutur kang
sanyata, cepak mentahipun. Bèda kaliyan manawi lambaran saè,
dhateng panggayuh boten uwas-uwas. Kawimbuhan pitedahaning
guru saya seged anglimbang. Tur ing nguni kawula inggih sampun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 94
midhanget pawarti, yèn Sunan Giri punika wali tungguling Demak.
Mila dipun wenangaken misèsani praja, jalaran katandha
mangunahipun. Duk nagari Majapait wekasan, utusan wadyabala
kinèn nyirnakaken Sunan Giri, karana dipun kinten amijèni nalar
ingkang prayogi dhateng Sultan Demak, anggènipunwani
nglanggar ingkang rama, pinrih manut ing agami Islam. Mila Prabu
Brawijaya lajeng utusan wadya, kinèn mejahi Sunan Giri wau. Dupi
kalampahan pinarbut ing prang, Sunan Giri tan lumawan. Amung
èca-èca nyerat kèmawon. Dènè mangunahing pandhita tan kèwran
ing upakarti. Kalam panyeratipun pinudya dados dhuwung ligan,
kasebut Kyai Kalamunyeng, awit dhuwung asal saking kalam
panyeratan. Lajeng ginetak marwasèng mengsah sirna tapis.
Dhuwung wangsul dados kalam panyeratan. Mila tulus sapriki
kadibyaning tiyang tanah wètan punika, sami saged ngemataken
bangsaning tuju, tenung, teluh, taragnyana, saking mujijatan.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaganè sira bangkit carita?”
Kyai Mailhan umatur sajarwa, “Dhuh Sang Pinundhi, temenipun
kawula punika asal tiyang Ngampèldenta. Alitan kawula suwita
dhateng Giri. Sareng kawula gadhah dosa, temah kapalajeng
dumugi Banjarmas. Èwadènè bapa kawula punika nama
Mailtasnim, palihanipun rama Paduka, Kyai Tumenggung Wilatikta.
Dados pancèn ulucumbu Paduka. Nanging kawula ajrih
rumengkuha, ila-ila punapa Gusti, asaling alit cumethaa ing ngarsa
Paduka. Ajrih sesikuning Pangèran. Kados sanadyan Paduka boten
kasupèn, duk alitan kawula, karan pun Pèthèk, rayi kawula pun
Kuncung, rayi kawula ragil Gombak, sami ndhèrèk ing rama
Paduka salaminipun.”
Duk samana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, nalika dipun sorahi
Kyai Mailhas, dahat sukaning galih, lajeng dhedhawuh :
“Yèn mengkono, sira becik dadia kanthinè Pangèran ing
Kadilangu, awit iku putraningsun kang pambarep. Lawan sira
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 95
ingsun elih aran Kaji Samangil. Tulusa dadi jimating Kadilangu,
lawan narimaa dhingin. Kang dadi kuwajibanira, tunggu
wangkinganingsun. Ingsun wenangakè dadi kamituwane wong
Kadilangu kabèh. Purbawisèsanè metu saka Pangèran ing
Kadilangu, minangka gegununganira. Dènè enggonira bakal
ngupaya Sunan Giri, gampang katemu wuri, sedheng sira wus
rada mateng pèmèning tèkad kang sajati.”
Kaji Ismangil matur sandika, lajeng paringaken ingkang putra
Pangèran ing Kadilangu, kinèn anuntuni sapakartining agami
Islam. Pepancèring kaji sampun kaparingan, sarta kinèn gegriya
ing iring kiwaning alun-alun, jalaran sampun kinarang, ing tembè
kagem pasarèyan. Mila sami ajrih angadekaken. Para gegriya tinata
uruting ngalun-alun, utawi dhinawuhan ngirub rarè sakiwa
tengening Demak, Kadilangu, kalilan dados pondhok. Tegesipun :
kaanggè muruk ngaji. Dènè ingkang dados pangagengipun inggih
Kaji Ismangil wau sarta sami rinilan anggaota saèngga sedagaran.
Mila kataletuh sapariki iring-iringaning masjid punika sami lampah
anggaota sedagaran, amèt sabda pangandikanipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, supados tulus gangsaring anambut kardi.
Ananging kala samanten dèreng wonten caraning ngupajiwa kados
jaman sapunika.
Duk bebakalaning Kadilangu, dèrèng wonten tiyang potang mawi
sareman. Dèrèng wonten caranipun tiyang sadè barang ilang,
mawi katempuhaken. Amung kinèn nalangsa, sarta ingkang darbè
barang kedah ngudhuni barang malih. Dènè tiyang tumut gegriya,
angger anut caraning ngulami, inggih kapareng. Tegesipun :
anetepi agama.
Ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng ambayawarakaken
dhedhawuhan tuwin adamel pranatan kukum. Tegesipun :
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 96
pengadilan ingkang leres. Nadyan prakawis rebatan waris, sarta
gana-gini, Pangèrang Kadilangu tuwin Kaji Samangil kala samanten
sampun kapasrahaken ingkang putra.
Kangjeng Susuhunan ing Kadilangu lajeng lelana malih dhateng
tanah Blambangan. Anjujug wismaning tetiyang gendhing sayang
sapanunggilanipun, sami nggarap bangsaning kuningan utawi
bangsa baloking gangsa.
Dumadakan anuju satunggal dinten Sang lelana sumerep gangsa
murub. Sareng dipun parpeki, tiyang nggarap gangsa calon
kempul dinangu purwanipun saged murub. Ingkang nggarap boten
uninga yèn murub. Amung wantah anggebeg balaka.
Dènè aturipun sajarwa, yèn rimbakan gong ageng tilas risakan
mongang, duk jaman Siyungwanara, awit ing nalika samanten
kathah para bituwah ingkang risak. Èman, yèn botena dipun
mulyakaken.
“Dènè anggèn kawula damel kempul punika mituruti larè. Anak
kawula jaka punika remen ringgit wayang. Alit mila pancèn majeng
dhateng carita, dalah nyorèk anatah piyambak, saged. Dènè
namanipun larè kawula punika pun Bicak.”
Sang Lelana angandika :
“Besuk sutanira iku loro, aranè sapisan karan dhalang Bicak.
Kapindho : kempulmu iku ing tembè dadi pusakaning Ratu,
katut aranè anakmu, kempul karaton : Kyai Bicak.”
Ingkang dinawuhan matur nuwun sadarmi. Sang Lelana lajeng
kèsah nasak wana, jurang terbis. Dumadakan wonten ing tengah
wana kapethuk tiyang nyangking bendhè. Dinangu, matur,
“Bendhènè Kyageng Sèla, dipun sambut dhateng Kudus, awit
bendhè punika kènging dipun anggè yèn wonten damel ageng.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 97
Kados ta : tandha apes-ungguling perang. Yèn taksih ngungkung,
inggih tandha jaya. Sasamining pakèwed kènging dipun anggè
tandha. Yèn budheg, apes.”
Sang Lelana dhawuh anglajengaken. Aturipun ingkang mbekta,
sampun sèlo, jalaran awrat sanget. Sang Lelana lajeng mingkis
rasukanipun gebayak landhung. Tiyang dalah bendhe kalebetaken
ing lengenan. Sami sanalika dumugi ing Kudus.
Sang Lelana andugèkaken lumampah. Dèrèng tebih kapethuk
tiyang nini-nini nyangking dhuwung ligan sampun risak. Duk
dinangu matur makaten, “Ing wana lèr punika woten pogogan
kajeng ageng, gapuk. Sadaya para tetiyang sami mendhet kajeng
gapuk wau, hiyang dalu. Wasana singa mendhet, angropoh pejah.
Dados kanca kula kathah pejah sadaya. Wantuning kula tiyang
sepuh, lajeng kula waspadakaken, sadèrèngipun ngadeg, ligan.
Kula uthik-uthik kènging, lajeng kula bekta mantuk punika.”
Sang Lelana tetaken :
“Duga-duganè, yèn sira weruh kayu iki, duk uripè kayu apa?”
Kang dinangu matur, “Randhu wana. Nalika gesangipun inggih
temen ageng, nanging duk gesangipun, kajeng punika taksih
jaman Majapait. Amung kula ènget dedongènganipun bapa
kawula. Randhu wana punika tanemanipun Janggan Sepang wau
manggih dhuwung kalih. Ingkang satunggal dipun sukakaken
putra Jenggala, nama Radèn Jaka Lalèyan, awit punika agemanipun
ingkang rama. Dados pusaka kraton. Dènè ingkang satunggal
pusakanipun Patih, nama Kyai Ragas. Rèhning dhuwung sampun
risak, lajeng dipun dèkèkaken pangipun kajeng randhu ingkang
saweg dipun tanem wau. Dènè wujudipun pancèn sampun kados
eri. Makaten dongèngipun bapa.”
Sang Lelana andangu malih :
“Nini, apa ana tungalè dongèngè wong ngatuwamu?”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 98
Nyai tuwa matur, “Inggih wonten, nanging radi kasupèn ukaraning
tembung. Amung kacakètheh parlunipun kèmawon. Ing jurang
sigrong ngajeng punika sakalangkung singit. Boten wonten
ingkang purun ngambah. Kawarti ing kina, wonten gambangipun
gangsa, malah kaliyan patrem. Nanging dhuwung patrem wau
kangunganipun putri Kadhiri, Candrakirana. Patrem agemanipun
wau nama Kyai Rambut Pamutung. Nanging ing jurang punika
kantun gambang gangsa ingkang taksih. Mila sapunika
sakalangkung angkeripun. Malah saben malem Jumungah mungel
piyambak.”
Sang Lelana angandika malih :
“Nini, yèn mangkono, payo ingsun milu mulih marang
wismanira.”
Nyai Tuwa lenggana, dumèh tuna tan atur sugata. Sang Lelana
ngandika:
“Nini, aja sumelang. Baya wis ana kang mirantèni saulihira.”
Sang Lelana lajeng tur wuri. Dumugining wisma Nyai Tuwa kagyat
ing manahipun, awit ing wisma wus sinaji-saji dhaharan sekul
ulam, panganan. Nyai Tuwa tetakèn anak-putu, “Kang cecawis iki
mau sapa?”
Anak-putunira wewarah, yèn ingkang sesaji wau inggih kang kairit
punika. Nyai Tuwa dahat pangungunipun, temah sami binukti.
Dènè anak-putunipun sami kalubèran bukti, dalah tangga tepalih
boten kaliwatan.
Sareng dumugining dalu, sami rinembag dènya badhè
ngentasaken gambang gangsa. Para anak-putu tuwin tangga
tepalih sami sagah angentasaken gambang. Saking leganing galih,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 99
Sang Lelana lajeng karsa paring sih hardana, utawi Sang Lelana
tanggel ing tiwasipun.
Sareng sampun dumugi byar raina, lajeng tumandang. Wonten
ingkang mbabadi garumbul bebondhotan, wonten ingkang
anyingkiraken sèla-sèla, aanggè dalan. Dupi wus paripurna,
padhang tan apeteng, punang gambang katingal tiyang kathah.
Watawis tiyang kalih dasa boten kuwawi angangkat. Sang Lelana
tedhak marpeki piyambak. Gampang gangsa dipun tarik asta kalih,
sampun kongkih. Lajeng tinampènan para bau-suku, sarta
pirantining rembatan.
Kala samamanten babad dumugining resik, sadinten.
Pangangkatatipun dumugining pondhokan, sadinten. Dados kalih
dinten rampung. Sasampuning makaten, Nyai Tuwa lajeng
dhinawuhan angakeni, sarta naminipun kaelih nama Nyai
Jelamprang. Ing tembè dados kabagyanipun piyambak. Nyai
Jelamprang matur sandika.
Ènggalipun, Nyai Jelamprang sampun wineling saparlunipun
sadaya. Sakala gambang gangsa kalih Nyai Jelamprang bekta
dhuwung ligan sampun winastan Kyai Ragas. Sasampuning
rinasuk, lajeng kalebetan ing lengenan rasukan gebayak landhung.
Sami sakala dumugi nagari ing Demak.
Para wali sadaya atur uninga ing Jeng Sultan, yèn ingkang sami
dhateng ugi pusaka karaton sadaya. Kangjeng Sultan suka
anampèni, sarta sampun anginten yèn pandamelipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga. Mila para wali lajeng tata-tata
wilujenganing para pusaka dhateng para dupa-dupa langkung
ageng. Dalah wilujenganipun angrumati para sakit, awit ing nalika
dhatengipun bendhè Kyai Udan Arum, utawi dhatengipun
wangkingan Kyai Ragas, gambang gangsa, sadaya wau
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 100
prabawanipun lajeng kathah sesakit. Nanging boten dados
punapa, awit Nyai Jelamprang pancèn saged angusadani, tuwin
wasis andhukuni para tetiyang gadhah larè. Ing nalika punika
Kangjeng Sultan Demak utawi para wali sakalangkung suka
pirenaning galih, jalaran sadaya para pusaka karaton sampun
kondur.
Mangkana Nyai Jelamprang sampun ketetepaken dados lurahing
para yaga, utawi dados lurah panggendèr sarta pinaringan wisma
anèng kilèning masjid. Sareng anakipun ngatingal, lajeng
kadadosaken tukang gendhing kalang sapanunggalipun. Sarta
sampun kasabdan dumugi sapunika, para abdi dalem yaga
gendhing, dhalang, sami boten angsal sesebutan Ngabehi, amung
nama Demang kèmawon. Pangkatipun inggih Mantri.
Mangkana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya mempeng dènira
lelana. Tepis wètan dumugi ing Toyawangi, tepis kilèn dumugi
Sumedhang, Mekah, Medina, ing Rum. Gubet mangalèr dumugi
Keling, Indhu, Siyak, Siyem, Sokawana, Lampung, Cianjur. Gubet
tepis ing lèr Limpur, Lipura, Banjar, Bandhung, Gubug, Bali,
Surabaya. Gubet ing Kadhiri, Gresik, Panaragi.
Dumadakan Kangjeng Susuhunan wonten sawètan radi Lawu
kandheg tetakèn tiyang. Dipun wangsuli, punika ing Lodhaya. Sang
Lelana tetakèn kang dipun pageri. Winangsulan, “Bendhè Kyai
Pancajaknya, dhuwung Kyai Sengkelat. Ing nguni agemanipun Sang
Hyang Wisnu, nanging saben masa wuku Dhukut sami dipun
ujungi para sima kathah. Kaleresan ing dinten Jumungah èmbèn
punika sami dhateng. Sakathahing sima saking kilèn, lèr, wètan,
kidul, gumrudhug dhateng ing ngriku. Mila wiwit bènjing ènjing
para tetiyang dhusun kiwa tengen punika sampun wiwit ngili,
jalaran ajrih sima kathah.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 101
Sang Lelana ngandika, “Aku arsa uninga tekane para sardula. Apa
sira tanduk, ingsun reremi wismanira?”
Kang liningan nyumanggakaken. Ing sasampunipun kairit mantuk,
lajeng sinugata sakuwasanipun.
Dupi ing wanci tengah dalu lajeng dhinawuhan rumanti pangaron
ènggal, kinebakan toya setaman, utawi dupa-dupa. Sang Lelana
andhawuhaken :
“Sapa panggedhènè ing dèsa? Cacah eri pira, padha tekakna ing
ngarsaningsun.
Kang liningan sampun ngrembagi. Para parpat ngamanca lima
sami sagad dhateng sadaya. Sinugatan menuhi. Saking
kawasanipun Sang Lelana. Parpat manca lima ngungun wedaling
sugata. Watawis bibaring sugata, Sang Lelana medal amanggihi.
Lajeng andangu namanipun satunggal-tunggal. Sami matur balaka
sadaya.
1. Nama Ki Jayapati, kamisepuh ing Lodhaya.
2. Ki Surawani, sosoranipun ing Lodhaya.
3. Ki Wanapada, ugi sosoranipun ing Lodhaya.
4. Ki Tariman, pangkat Petinggi sepuh ing Lodhaya.
5. Ki Wanatara, pangkat kuli kenceng ing Lodhaya.
6. Ki Jagur, ugi kuli kenceng ing Lodhaya.
7. Bagus Ubaya, sutaning pangageng lima ing Lodhaya.
8. Bagus Bondhan, sutaning Ki Wanatara ing Lodhaya.
9. Ingkang gadhah griya piyambak, nama Bolur, pangkatipun ulu-
ulu, ngilèkaken toya.
Tiyang sasanga wau saben wuku Dhukut sami ngili saanak-
bojonipun. Pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
makaten :
“Sabecik-becikane lunga, becik mangun bujana. Samengko
padha ingsun paringi pangkat naracak pradikaning Lodhaya
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 102
kènè. Saben masa wuku Dhuku, sira padha sedhiaa suguh iwak
mentah sakuwasanira dhèwè-dhèwè, lawan padha nemonana
tekaning macan. Anuta satabiyatè. Dènè sira ingsun sabdakakè
padha bisa dadi mancala macan gegadhungan.”
Ingkang dinawuhan matur sandika, lajeng kèrit malebet ing griya.
Sesanga pisan kinèn raub ing toya setaman. Sakala tiyang sanga
pisan saged dados sima, pating gelereng gegojègan. Sareng
sampun sawatawis dangu lajeng winarah ngilo, sarwi anjepalik
kaping tiga, wangsul dados manungsa malih. Dahat suka tiyang
sanga, sampun kapatah badhè manggihi wonten sajawining pager.
Dènè toya sekar sami andikakaken nulusaken sapanginggilipun.
Dupi wusing ari Jumungah, wanci ènjing, tiyang sanga sampun
mituhu weweling. Anjepalik kaping tiga dados sima. Luwaripun
inggih anjepalik kaping tiga malih. Ing ngriku pinaringan
pasugatanipun, tiyang satunggal maèsa satunggal.
Dupi wusing antawis dhateng, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
aningali pareking pager, nanging para sima tan wonten uninga.
Duk mriksani patraping sima ingkang sami dhateng wau malebet
ing bethèk urut-urutipun, sami ngambus bendhè kalih dhuwung
ligan wau, ingkang medal rumiyin lajeng mangsa ulam mentah
pinothèng-pothèng urut pinggir. Sareng sampun rampung
pangisepipun, sima bibar pating salebar dhateng dhangkanipun
piyambak-piyambak. Dènè sima gadhungan sanga lajeng mancala
janma malih. Satirah-tirahipun maèsa sanga wau lajeng kalilan
ambekta mantuk, katedha saanak-bojonipun. Sang Lelana
angandika :
“Hèh wong sanga gadhungan sesanga, sira ingsun tulusakè
rumeksa ana ing Lodhaya kènè. Lawan saturun-turunira sing
padha kaduga angalap satebiyatira kabèh, iya bisa dadi macan
gadhungan.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 103
Sasampuning makaten sang Lelana langjeng angluru mancakaki
sakiwa-tengening Lodhaya. Dumadakan amanggih tetiyang sepuh,
nama Kyai Panjata, gegriya sapinggiring jurang. Dinangu, matur
gancar, “Yèn bendhè punika temen pusaka duk Sang Hyang Wisnu,
dalah wangkinganipun. Nalika Sang Hyang Wisnu angratoni sima,
jejuluk Prabu Singawatara, ugi warni sima dados Jawata malih,
pusaka kalih kinèn nulusaken dados sesembahaning para sira
sadaya, dumugi sapriki. Amung kawula boten uninga; amung
saking dongèngipun bapa kaki kawula. Malah kupiyanipun, boten
kènging dipun pendhet. Manawi ngantos kaelih saking panggènan
ngriku, sinten, ing pundi griyanipun, badhè karoban ing sima,
damel risak.”
Sang Lelana lenggah saya nganseg tetakèn :
“Hè Kaki, mungguh panemunira kapriyè? Teka dadak ora
mendha pangreksanè?
Ingkang dinangu matur, dèrèng gadhah pamanggih. Sang Lelana
angandika :
“O, si Kaki, tuna temen anggonira urip, dènè ora bisa
anggathukakè panemunira. Kapriyè mungguh panggayuhira,
sarta pati-pati manggon pinggir jurang, adoh tangga teparo?
Apa tapanira kang ginawè gegèyonganing awal akir?”
Kang dinangu tumungkul sarwi matur, “Dhuh Sang Pinundhi,
satuhunipun awit kuncung ngantos gelung boten natè dipun
sanjangi dhateng tiyang sepuh. Temen yen suwung tanpa ujung.
Mila bilih kapareng, kawula dipun paringana pitedahan, supados
saged mangertos jatining pati kawula dumugining kahanan akir.
Dados boten amung tuwa suwung, tanpa isi.”
Sang Lelana anggènipun anguman-uman punika saking welas,
aningali wujudipun sepuh, guguh. Utawi Sang Lelana temenipun
aningali Kyai Panjata boten pangling, yèn punika paman, arinipun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 104
ingkang rama wuragil. Ananging Sang Lelana dèrèng karsa
sajarwa.
Wekasan dhinawuhan geguru dhateng Giri. Kyai Panjata mopo,
saking sampun jompo, boten kumawi lumampah. Sang Lelana
lajeng maringaken ardana, kangge kandhutan. Dupi wus rinasuk,
Sang lelana sigra ngingkis kebayakipun, Kyai Panjata tinarik
malebet ing baju. Tan antara Kyai Panjata sampun dumugi
ngarsanipun Sunan Giri.
Dinangu matur sajarwa, nama Kyai Panjata, nyuwun ngalap
berkahipun Kangkeng Sunan Giri. Boten sajarwa yèn kinèngkèn
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ngaken saking kajengipun
piyambak. Dinangu, nama Kyai Panjata, wisma ing pinggiring
jurang, sukuning ardi Lawu. Mila sowan, saking bodho, tanpa
tuduhan.
Kala samaten Sunan Giri boten pangling dhateng ingkang rayi nak-
sanak, dhasar kumpul alit mila. Mila sareng sampun takèn-tinakèn,
Kyai Panjata lajeng ingajak malebet ing dalem, sinuba-suba
menuhi.
Rèhning kadang lami tan kapanggih, pangandikanipun Sunan Giri
makaten :
“Yayi, muga aja kagèt ing atinira. Sajatinè sira iku ariningsun
nak-sanak dhèwè. Sira arsa nggeguru maringsun, gampang.
Èwuh apa, rèhning sira iku kadangingsun. Sedheng sarèh pulih-
rusaking badanira, yayi, baya wus lawas enggonira mesu budi,
tapabrata anèng jurangè si Gandhul? Mangka sira tumeka ing
kènè, banget rusaking badanira.”
Ingkang lingan matur amemundhi, dènè kaaken kadang. Dadya
dangu tansah ruinangkul lungayanira. Sareng sampun angsal
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 105
pendhak dinten, Kyai Panjata matur, saèstu kabarkahana.
Pangandikanipun Sunan Giri, badhè kaaturaken dhateng Demak,
supados dipun kawulakaken ing Ratu.
Ènggalipun, Kyai Panjata sampun umiring marek ing ngabyantara
Nata. Dinangu, matur sadaya. Dènè pasuwitanipun Kyai Panjata
wau sampun kadadosaken ngulami pradikan ing Kayu Apak,
pinaringan nama Kyai Pangulu Jènal Kulisanil Kadir, tetep pangulu
ing Kayu Apak. Ingkang nguwasani : Susuhunan ing Giri.
Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur
dhateng Kadilangu, yèn ingkang èyang paman samangkè
kapasrahaken dhateng Giri, tetep pangulu ing Kayu Apak, sarta
sinung aran Kyai Kalisanil Kadir.
Pangèran ing Kadilangu sumerep yèn dipun pasrahi ingkang èyang
paman. Wangsulanipun amung sandika. Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga lajeng karsa sarè wonten ing masjid, sarta paring dhawuh,
ing dalem pitung dinten pitung dalu, manawi boten wungu
piyambak, ingkang putra boten kapareng anggugah, sarta boten
karsa dipun kintun dhahar ing sadintenipun.
Ingkang putra matur sandika. Kangjeng Susuhunan sigra manjing
jro masjid. Ingkang kalilan rumeksa amung Kaji Ismangil
piyambak.
Menggah karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten
punika, parlunipun amung badhè tarèk ingkang kalayan terusing
cipta hening. Mila ing nalika punika Kaji Ismangil sakalangkung
panjaginipun. Bebasan amung sasat boten tumut bèla tarèk
kèmawon. Ing saben dalu Kaji Ismangil boten sedya sarè.
Wantuning saweg sapisan dèrèng sumerep pratikeling tarèk, tur
amung tengga kèmawon, suprandosipun sarira risak.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 106
Watawis angsal tingang dinten tigang dalu pangreksanipun Kaji
Ismangil, dumadakan lajeng kasaru wonten Kaji sepuh, nama Kaji
Iskak, griya ing dhusun Pangangsalan. Dhatengipun ngriku
mitembung tumut tengga ing masjid. Kaji Ismangil amangsuli, yèn
salebeting masjid saweg kaagem sarè Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga. Boten kènging ambuka kori sarta mungu dènya sarè. Kaji
Ismangil ajrih, Kaji Iskak adrèng badhè mungu. Pianambengan,
meksa, lajeng adan wonten surambining masjid.
“Allahu Akabar, Allhu Akbar, ashadu akla ilaha illallah, wa
ashadu anna Mukamadan Rasulullah. Ayangalal salah, ayangalal
salah. Aya ngalal palah, ayangalal palah. La ilaha illallah,
Mukamadan Rasulullah, wal fadekumati salah. Allahu Akbar,
Allahu Akabar.
Adanipun Kaji Iskak ingkang makaten wau, mirena:
1. Bokmenawi andadosaken kagèting galihipun Kangjeng
Susuhunan dènnya sarè. Yakti Kaji Ismangil antuk deduka;
2. Adanipun Kaji Iskak kirang jangkep.
Mila amung kèndel kèmawon, awit rumaos yèn badhè manggih
tiwas sarta badhè angsal deduka, bokmanawi kagèt dèning swara.
Wasana kori minep kèmawon, boten menga-menga, mangka
majatipun ingkang sarè wungu, angrungu swaranipun Kaji Iskak
wau. Mila Kaji Ismangil saya ribet tyasira. Temah sugal dènya imbal
wacana, “Hè Kaji Iskak, andika lunga saking masjid ngriki. Mangkè
yèn damèl kagètipun Gusti kula anggènipun sarè.”
Wangsulanipun Kaji Iskak malah sora, “Tinimbang turu becik
tangi. Yèn wis tangi, becik lungguh, yèn wis lungguh, becik
ngadeg. Yèn wis ngadeg, becik lumaku. Yèn wis lumaku, becik
angèsthi budi.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 107
Kaji Ismangil saya ketir-ketir manahipun. Winangsulan supados
kèndel, awit saget kuwatiring manah. Kaji Iskak malah saya
andadra sora ngumbar swara. Kaji Ismangil malah saya duka,
lajeng tumubruk arsa kawedalaken ing jawi.
Boten saged kacepeng, nedha tulung tiyang jawi, pinrih ngrubut,
boten saged mikenani. Rinujak, indha nyepeng Kaji Iskak. Mila
lajeng dipun unggar sakarsanipun, sami ajrih angaruh-aruhi.
Kaji Iskak lajeng minggah ing langgar malih, mung andhodhogi
korining masjid. Kaji Ismangil amung ngingetaken kèmawon, ajrih
ngèngetaken. Kaji Iskak wuwusipun kumrusuk asesumbar, “Sapa
bisa nyekel ingsun, sasat bisa nyekel angin.”
Ingkang sami ngrungu inggih kèndel kèmawon.
Wasana sareng anuju dalu, malem Jumungah, ing wanci tengah
dalu, Kaji Iskak lerep kanepsonipun. Lenggah sèndhèn saka, sarwi
maca Ayat Kursi. Kinè parek lenggahipun :
“Kaji Ismangil, boten saking punapa, anggèn kula gambira kala
wau punika, saking sayah badan kula supados radi lemes
sakadhik. Wusana Jengandika kalintu tampi, malah ngajak
pasulayan. Yakti mangsa lawana, atandhing kalih kula. Mila
ingkang caplak kaliyan kula amung ingkang saweg sarè.
Nanging kula kinten ajrih medal. Èwadènè yèn kula sampun
boten wonten, inggih lajeng purun medal, awit tunggil
paguron, sareng sadinten kalih kula.”
Kaji Ismangil lanjeng andheku-dheku. Dangu-dangu mitembung,
saged angsal barkah, “Margi sampun dangu dèrèng angsal
berkahipun Kangjeng Susuhunan, mila mugi wontena sih kawlasan
Andika, paring wewejangan ingkang parlu, kènginga kula anggè
paitan ing tembè, manawi sampun angsal berkahipun Kangjeng
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 108
Sinuhun. Dados sampun gadhah lambaran. Awit tiyang anggeguru
ngilmi kasampurnan punika manawi dèrèng gadhah lambaran
tamtu kadangon anggènipun nampi.”
Kaji Iskak anembadani panedhanipun. Kaji Ismangil lajeng kinèn
amèt toya wulu, dalah niyatipun winulang kados ing ngandhap
punika. Kaji Ismangil miturut :
“Bimilllahirrahmanirrakim. Nawètu rabngal kadasil suharatawal
kabirata. Niyatingusn amèt banyu khadas, angilangakè kadas
cilik lan kang agung. Parlu karana Allah. La ilaha illa’llah.
Mukhamaddan Rasulullah. Allhu Akbar.”
Sasampuning wulu, lajeng majeng mangilèn, marbakuh konjem
ing siti. Kaji Iskak majeng mangètan, sami dedupa. Ingkang
rumiyin ing grana, lajeng talingan kiwa. Lajeng dedepa ing jaja,
dupi wusing dedupa, Kaji Ismangil tineteg sadadipun, kadhedheg
kahatemenanipun, sarwi pinetel jempolanipun kalih pisan, sarwi
angandika :
“Hè Jebèng, piyarsak-ena kang anglèng. Mungguh
wewedharaningsun iki amung miturut rahsaning Kitab Daka
Idayatul Kakiki, kaya babaraning ngilmi Makripat,
kasampurnaning Ngatunggal. Tegesè : bisaa mulya urip.
Nadyan tumekaning kahanan akir, kita iya uga urip, ora kena
ing pati. Iya uga padha nukil saka Dalil, Kadis, Ijemak, Kiyas.”
Makaten jarwanipun :
1. Tegesipun DALIL : anedahaken pangandikaning Allah.
2. KADIS : anyariosaken wewulanging Rasulullah.
3. IJEMAK : angumpulaken wewejanganipun para wali.
4. KIYAS : amencaraken wewerahing para pandhita.
“Kabeh-kabeh kasebut ing ngilmi Makripat iku iya padha wiji saka
Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah, tinurut dèning para wali
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 109
sesanga, nanging padha kasrambahan saking berkahing Kangjeng
Susuhunan ing Ngampèldenta karo Kangjeng Susuhunan ing
Bènang. Iku kang wus binuka dèning Allah Tangala, pinaringan
ilham, rinilan amedharakè pambukaning kekeran; ingkang
pinareng anggelarakè rahsa gaib sajati, sarta ingkang waskitha
marang sangkan paraning Tanajul Karki, mulya sampurna
kahanan jati.
Dènè kang dadi wijining ngilmi Makripat iku anurut kekiyasan,
pangandikaning Pangèran Kang Mahasukci marang Kangjeng Nabi
Muhkamad Rasulullah, karaos ing dalem Rahsa, kaya ing ngisor iki
jarwanè. Piyarsakna.
Ingkang kasebut ing dalil sapisan, pangandikaning Kangjeng Nabi
Muhkamad marang Sayidina Ngali, kinèn angèstokakè.
Hèh Jebèng, Kaji Ismangil, mara mènglènga kupingmu kang kiwa.
Mangkènè wedharè.”
Kaji Ismangil miturut, amènglèng talinganipun ingkang kiwa. Kaji
Iskak lajeng bisik-bisik makaten jarwanipun :
“Sejatinè ora ana apa-apa. Awit duk maksih awang-uwung,
durung ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana
Pangèran anging Ingsun. Sajatining Dat Kang Mahasukci,
anglimputi ing sipatingsun, anartani ingasmaningsun,
amratandhani ing apngalingsun. Iya Ingsun kang wenang
amurba amisèsa ing jagad iki kabèh. Byar padhang tarawangan
saka ing Kudrat Iradatingsun.
Mungguh kang angandika sajatinè Dat Kang Mahasukci iku iya
urip kita pribadi, yakti katitipan rahsaning Dat Kang Agung.
Anglimputi ing sipat iku iya rupa kita pribadi. Iku sayekti
kalimputan wahananing Dat Kang Èlok.
Anartani asma iku iya iku iya aranira pribadi. Iku yakti kaaken
pasebutaning Dat Kang Wisèsa.
Amratandhani apngal iku iya solah bawa kita pribadi. Pasthi
anèlakakè pakartining Dat Kang Sampurna. Mula wahyaning
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 110
Dat kawasa anyamadi sipat. Sipat anartani asma. Asma wenang
amratandhani apngal. Apngal iku kawasa dadi wahananing Dat.
Marmane wus binasakakè Dat Kang Agung iku tegesè sipatè
dènè bisa angebaki jagad kabèh.
Dat Kang Èlok iku dènè ora lanang ora wadon, mesthi ananè.
Mokal oranè.
Dat Kang Wisèsa iku, dènè ora jeneng sapa-sapa. Dat Kang
Sampurna iku dènè kawasa anggelar padha sanalika, ora
nganggo sarana apa-apa.
Dènè Dat enggonè kawasa anyamadi sipat iku kaya madu lawan
manisè. Mesthi ora kena kapisahakè.
Dènè sipat enggonè wenang anartani asma iku, upamanè
baskara lawan prabanè. Yakti tan kena kabèdakakè.
Dènè asma enggonè mratandhani apngal iku kaya paèsan jati,
kang ngilo lawan wewayanganè. Pasthi sapakartinè kang ngilo
iku weweyanganè anut kang ngilo.
Dènè apngal enggnè dadi wahananing Dat iku, upamanè
jalanidhi kinebur. Pasthi ombakè anut sasolahing samudra iku.”
Dènè urut-urutaning dumadining sipat kawedharaken malih
makatèn :
“Sajatinè Ingsun kang murba amisèsa, kang kawasa anitahakè
sawiji-wiji. Padha mulya sampurna saka ing kodratingsun. Ing
kono wus kanyatahan pratandhanè apngalingsun, minangka
bebukaning iradatingsun.
Kang dhingin Ingsun anitahakè kayu Sajaratul Yakin, tumuwuh
sajroning nglam Makmun Ajali Abadi.
Nuli Ingsun nitahakè Cahya Nur Muhkamad.
Nuli Nyawa Mir’atul Kaya’i utawa Roh Ilapi, sarta kandil utawa
warah, lawan Dhindhing Jalal. Sajatinè iku minangka
warananingsun.
1. Kang dhingin : KAYU. Iku iya Kayun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 111
Tegesè : urip, tumuwuh sajroning Ngalam Makmun Ajali
Abadi.
Iku tegesè : sajatining urip iku èlok sarta gaib, awit
satuhunè urip iku ana ing alam suwung.
Dènè kang diarani suwung mau sajatinè isi. Mulanè dèn
ngibarati atining wuluh wungwang, iya iku kang amesthi
rumuhun dadinè sipat sawiji.
2. Dènè kang diarani NUR MUHKAMAD iku cahya kang awening
utawa cahya kang pinuji.
Tegesè : teteping wiji saka pangarep-arepira dhèwè. Dadi
bisa anganakekè gaib.
Mungguh ing dalem Kadis, kang diarani NUR MUHKAMAD
iku kaya manuk merak sarta kanyatahan ananè anèng
pramana, kasat mata ing pandulu kadi kepyur-kepyuring
panon saka panonton kita pribadi.
Mungguh kahananing NUR MUHKAMAD iku dumunung ana
sajroning sesotya kang mancur mancorong.
Iya iku Dating atma, dadi wahananing alam akadiyat.
Dènè kang dèn arani ATMA iku gregel.
Tegesè : obahing Dat kang sapisan diarani ANGEN-ANGEN.
Obahing Dat kaping pindho diarani ATMA utawa
PANGGAGAS.
Obah kang kaping telu diarani SUKMA KAWEKAS. Iya iku
sajatining KAJAT JATIWASÈSA.
Krejet kang kaping pat diarani ROHILAPI, iya iku kang
sinebut NYAWA, awit wus ambabar uripè, wus tumuwuh
kajatè, wus kanyatan dumunungè, diarani AKSARA ALIP.
Iya iku ALIP MUTTAKALIMU WAKIT. Wujudè wus ginambar
anèng angganira.
Tegesè : tetep ana ing netranira. Marmanè dadi
lelantaraning panuwun kita, kasebut ana ing SALAT DAIM.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 112
Iya iku kang pinenthang, kang pinentheng, andulu pucuking
gunung Tursina, ngenengakè ilining banyu jam-jam,
ngeningakè kajat Jatiwasèsa.
Manawa wus bisa sipat kenceng, pamawasè saka ing pucuk
grana, mili anarik napas kang sarèh.
Aja nganti tumpang suh.
Iya iku sajatinè kita wus anglakoni Salat Daim. Mangka
nyatanè Salat Daim iku ratu-ratuning Salat, punjul-punjuling
sembahyang, awit langgeng panalangsanè maring Pangèran,
tanpa pedhot ing rina wengi.
Nadyan ora nganggo sujud rukuk, wus kukuh. Nadyan turu
utawa meneng, lungguh, lumaku, iya wus ana ing sira puji
dhikirè, sujud rukuhè.
Iya iku upama wong ambalang melèk cedhak elèsanè.
Wallahu aklam, luputa pangarahè, mesthi kenanè.
Bèda lawan salataing kaum kaji, padha anglakoni
sembahyang limang waktu. Iya iku upamanè wong
ambalang, kadohan lèsanè.
Durung weruh prenah dunungè, pambalangè lawan nutupi
nètra, pati kuping. Yakti wallahu aklam bisanè mèncok.
Cepak luputè.
Dadi kang sira lakoni salat limang wektu iku mung genep-
geneping kukum. Mungguhing sarak, wajibè kudu anglakoni
ngibadah slat limang waktu, iya iku mung ginawè
panengeran sanyatanè kaum, ngulama, kaji, mukmin, santri
ngaji, sapanunggalanè, kudu nenetepi limang waktu. Yèn
tiningalana salah sawiji, kena dèn arani ambrubrah sarakè.
Mulanè amung nemenakè kang dadi benerè ing urip kita.
Yèn nyatanè, wus ora apa-apa. Parluning salat ana daimè.
Tèkadè ana ing niyat kita.”
Kaji Ismangil sumela atur, “Duk nguni kula antuk wewelinging
bapa, manwi anggeguru, kinèn tetaken sajatining sastra kang
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 113
sanyata tuwa utawi sajatining Sadya, kalih Nun, akaliyan aksara
tuwin Bè. Manawa ana guru kang bisa anggelar sajatining aksara
kabèh wau.”
Kaji Iskak amangsuli makaten :
“Hè Jebèng, mungguh wewelinging sudarmanira iku mangkènè
satuhunè :
1. Aksara SADYA, iku : sawiji.
2. Aksara NUN, tegesè : neptu. Dadi bener, sing sapa weruh
neptu sawiji iku nyata wus ambontos ngilmunè, awit uninga
sajatining sawiji.
3. Dènè aksara ALIP, iku mungguh ing dalem teturatanè nyata
tuwa, dènè dhingin panggawenè. Wus kena kinarya gegenti,
nyata sesilihing Dat Sawiji mau.
Ananging kabèh-kabèh iku mau dadi lelantaraning
ngibaratan baè. Manawa ing salugunè, aksara kang tuwa iku
: BÈ.
Nyatanè, sadurungè tumiba wus dadi aksara. Bareng
tinibakakè, gatra aksara BÈ. Bareng wus ginelar tetalerè.
Apa kang sinedya bisa dadi sarta wujudè kaya Dat Sawiji.
Ceceg ingkang mangkènè iki wus bisa dadi aksara BÈ. Balik
dilakokakè, pasthi banjur aran dhèwè-dhèwè. Mulanè awas,
aja uwas-uwas.
Kaji Ismangil matur malih, “Menggahing tèkad punika asal saking
pundi? Purugipun punapa kanyatahaning rahsa? Ingkang ginaib
punika pakarti, pangartinipun sinten ingkang minangkani? Kawula
nuwun pitedah.”
Kaji Iskak ngandika makaten :
“Hè Jebèng, wruhanamu, mungguh angsaling tèkad iku saka
nepsu.
Nepsu iku saka budi. Dadi tumangkarè marang kuwanèn.
Paraning tèkad iku marang lali. Luluhing lali iku marang èling.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 114
Dènè rahsa gaib iku asalè saka cipta pangrasa. Marmanè
tinembungakè PANGARTI. Tegesè : ngawruhi kang dadi
tetarikanè.
Dènè pakarti iku panggawè.
Dadi kawruh iku weruhè saka panggawènè dhèwè.
Witè ana pangrasa, saka karsa.
Ing kono nyatanè ingdalem rahsa, bareng wus antuk piranti,
panatanè ing pakarti. Tutugè sarana lawan pituduhè.
Apa sira durung bisa anampani prakara iki?”
Kaji Ismangil tansah angengudi budi, supadi dadi kang binudi,
“Adhuh Sang Among Brangti, tetepipun ing dalem rahsa,
sagedipun rumasa saking punapa?”
“Hè Kaji Ismangsil, apa sira lali lantaraning gaib? Yèn pinikir
sayekti, mokal tan weruha.
Nanging sanyatanè iya uga nora angawruhi.
Kaya ngibaratè geni mati tumrap marang ngendi?
Dadinè kelawan èlok, lunganè kelawan gaib.
Gaibè saka sira, èloke uga sira kang ngawruhi.
Tegesè : sira iku Allah, Dat iku ganjaran. Dadi wujuding Dat
iku saka Allah. Ganjaraning Allah iku saka Dat. Dènè dat iku
ya adatè. Apa sira lali maring adatè?
Teteping Dat iku ana paugeraning urip kita.
Yakti ora owah ora gingsir. Upama nganti mingset saka
kahanè, pasthi kena sinebut owah Datè.
Mangka dunungè Dat, enggonè ana ing sipat.
Kadi banyu kalawan karingetè, getih lawan ludira, tirta lawan
warih. Yaktinè kudu nganggo angirih-irih.
Lamun kalènan nganti uwal saka ancering Dat, pasthi mubeng
kaya kitiran tanpa mendha.
Marmanè sirikanè wong tinitah urip iku, kudu ajega adatè
dhèwè, tetepa papanthenganing tèkad kang sajati.
Tuwuhing Dat iku saka solah bawa kita ingkang sarèh.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 115
Cahyaning Dat mantheng tanpa owah gingsir iku saka
dyatmikaning budi premati.
Sentosaning Dat iku saka kendel kumandeling antepira dhèwè.
Manawa sira wus bisa anampeni, sanyataning Dat iku saka
iman.
Mantepè iman iku saka èling. Dadi bandhuling ngilmi makripat
iku saka awas èling.
Lirè : dèn bisa weruh sajatining rahsa rumasa.
Iya iku kang sinebut AWAS.
Èling iku saka mantheng kenceng, heneng hening ing cipta
rasa. Pasthi ing kènè kana ora bisa amisahakè.
Teteping iman iku amung sajatining èling.
Èling iku telenging budi premati.
Marmanè kena dèn arani urip ora kena ing pati, mung
waluyajati nirmala, tanpa sangsaya salawasè. Sanyata ora
kacamburan ing cipta apa-apa.
Empanè mung urip ing awal akhir. Awal akir iku iya uga saka
ing kita. Kabèh-kabèh iku kapurba saka ing budi.
Budi kawengku ing jinem.
Jinem kasorotan ing cahya premana.
Cahya premana kalimputan ing manubawa. Sajatinè kang
aran manubawa iku kang meneng tanpa swara, kang dyatmika
tanpa una, kang suwung tan na kothong.”
Kala samanten Kaji Ismangil dahat suka, kadi binuka. Korining
rahsa menga sadaya. Dalah pepanthenganipun sampun padhang
tarawangan, nanging dèrèng sagèd keplok papaning cipta rasa.
Tegesipun : sampun padhang, nanging dèrèng saged anggelar
piyambak.
Kaji Iskak atetanya, “Saupamanè sira sun tinggal, apa wus bisa
ambabarakè dhèwè?
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 116
Kaji Ismangil matur, “Sampun menga, nanging dèrèng saged
anggelar.”
Ing ngriku Kaji Iskak lajeng amusthi daya prabawa ingkang
amurbamisèsa ing kajat jatiwisèsa, angumpulaken sakathahing
rahsa, pinisthi babaring musthika, iya iku mangunah ingkang
sampun nyata wisèsaning gaibul guyub.
Dupi wus amratandhani dhikir kaping satus, Kaji Ismangil winalik
ciptanè, sasat sampun ngancik layaping ngaluyup, tumekeng jagad
walikan. Kaji Ismangil katingal ngadhep Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga.
Wonten ing alam walikan Kaji Ismangil dahat karuna, sarwi
ngrungkepi padaning Sang Kinawasa. Andhawuhaken pangandika :
“Hèh Kaji Ismangil, wus ora ana apa-apa. Kahanan jati kita iya
kahanan jatiningsun. Sajatinè sira iku ingsun. Sajatinè sira sing
angengkoki iku sira.”
Sasampuning andhawuhaken makaten, Kaji Ismangil wangsul
wonten palungguhanipun. Kaji Iskak boten katingal.
Leng-leng kapileng tyasira Kaji Ismangil, sarwi lenguk-lenguk.
Dahat pangunguning galih, jalaran katilapan ing gurunira.
Ananging Kaji Ismangil sampun gadhah osik, yèn ingkang nama
Kaji Iskak wau inggih ingkang sarè, jalaran sareng karaos tarèk,
kusuking cipta sampun ngadhep Ingkang Sinuhun Kalijaga. Sareng
sampun luwar kusuking tarèk, gurunipun boten wonten.
Mila ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng luwar dènnya ndhekukul
ngrangkul dengkul. Temah marbukuh, anyelaki korining masjid.
Boten dangu Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wungu sarè
pungun-pungun. Lajeng andangu dhateng Kaji Ismangil.
“Sajronè ingsun sarè, ing kènè ana apa?”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 117
Kaji Ismangil matur kawontenanipun sadaya. Kangjeng Susuhunan
lajeng paring wimbuhing ngilmu Makripat.
Ing ngandhap punika amratèlakaken nalika Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga mentas maringi barkah dhumateng Kaji Ismangil,
ingkang rumeksa masjid ing Kadilangu.
Ing antawis dinten malem Anggarakasih, ingkang paman ing
Kayupapak miwah Radèn Puspita ing Galinggangan, tiga
garwanipun Sèh Sitijenar, sakawan pisan sami pinaringan barkah,
ngiras sarasèyanipun Kaji Ismangil. Dènè ingkang kagelaraken
amedhar riwayatipun Susuhunan Bènang. Dènè ingkang dados
pambukaning riwayat wau nukil rahsaning kitab Bayanbudiman.
Makaten urut-urutanipun wewedharan satunggal-tunggal :
Ingkang rumiyin anggelar Jatining Budiman.
“Jebèng, sajatining manungsa iku paugeranè saka ing budi
utawa iman, awit budi iku kang angobahakè jaba-jero.
Iman iku kang anggawè benering cipta rasa.
Iya wus kena dèn isbatakè wahananing Kawula-Gusti, jalaran
iman enggonè wenang dadi sesulihing Pangèran. Dènè
langgeng, ora kena owah gingsir, dadi gegentining
kahenengan.
Ing kono yèn wus winahyu, weruh sajatining meneng. Iya nyata
èling, tan kena lali. Iya iku kang kasebut IMAM MAKSUM.
Tegesè : kang nyata kang nugraha, kang amengku tan
winengku, kang salagu telenging èling, kang melang tanpa lali,
karana sajating Dat iku gumelenging Pangèran.
Wahananing kang sapisan iku ÈLING.
Wahananè kang kapindho : RAHSA. Wahyaning Rahsa kasebut
ANGEN-ANGEN. Iya iku minangka warananing Dat.
Mula kalebu ing larangan. Yen bisa aja nganti kawetu ing
wicara saenggon-enggon.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 118
Tegesè : aja cuwèh dèn anggo rèpèh, aja wahhèh dèn gawè lèr-
pèh.
Mungguh babarè telung prakara wau padha darbe wewenang
dhèwè-dhèwè.
1. ÈLING. Iku telenging Dat sajati. Wewenangè iya kawasa agawè
warana, bangsaning lelimput, amengku alam kanyut. Gumelarè
anuwuhakè lali. Lali iku anenarik nepsu, iya iku warananing
ÈLING.
2. RAHSA, warananing Dat, wenang agawè kaluwihan. Kaya ta :
atma suksma, sakaliring urip utawa sarupaning roh, iya iku
padha dadi aling-alingè Rahsa.
3. ANGEN-ANGEN. Wenenangakè anggelar aling-aling,
sumarambah marang jantung, dadi aran BUDI.
Mahanani lakuning getih, bayu sapanunggalanè, marma ana
sesebutan : KARKAT, CIPTA, GAGASAN, sapanunggalaè MOSIK.
Marmanè ana kaoling pandhita luwih, mindha kombang
angajap ing tawang, susuh angin ngendi enggonè; miwah
atining wuluh wungwang; lan gigiring punglu; tapaking kontul
nglayang; manuk miber uluke ngungkuli langit; kusumanjrah
ing tawang.
Kang agawè ngibarat sasmitaning ngilmu kang mangkono mau
iya bener, awit anuduhakè gaibing Pangèran kang wus gumelar
iku ANGEN-ANGEN, utawa CIPTA.
Mangka kanyataning Pangèran iku muhung Angen-angen lawan
Cipta. Yaktinè ana, nanging napi.
Tegesè : ÈLOK. Èlokè lawan mokal. Mokalè saka gaib.
Ingkang mangkono iku, rèhning sira wus padha lambaran,
pasthi wus ora susah nganggo wisikan.”
Ingkang tanpi dhawuh matur, “Nuwun kapundhi. Amung
nyatanipun ingkang kaèsthi kalayan mèsthi, sageda
kadhawuhaken.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 119
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi ngandika :
“Jebèng Kadilangu, sira iku wis winenang asesilih araning Dat.
Mangka Dat iku Pangèran Kang Mahasukci. Sira dadi Kalipah
sangisoring Ratu. Apa aran Pangèran iku ora bangkit
anggelarake wewadi kang wus ingsun dawuhakè kabèh? Yèn
mangkono siri durung kadunungan nugrahaning Pangèran.
Lagi katitipan pulung baè. Mangka sajatinè, pulung iku ala
becik.
Yèn ala, jumrunuh sangsaranè, tur ora karasa.
Yèn becik, amung sinuyudan ing sasama baè.
Yèn mangkono sira lagi kena dingèngèri wong cilik kang
sawewengkonira dhèwè.
Mungguh si paman Pangulu Kayuapak, sapanunggalanè kabèh,
iku kaya ngapa panemunè? Aja ana kang pakèwuh, tutura
sawantah baè.
Manawa ana kang binuka antuk nugrahaning Pangèran, iya
tulusa dadi gegunungan. Nadyan sira, Rabiyahè Sèh
Lemahbang, aja pakèwuh, dumèh wadon.
Prakara gaibing Pangèran ora nganggo pilih lanang lan wadon.
Pasthi tibaning nugraha padha baè. Mula aja sumedya nyumpet
panemu, kudu apsah lawan barakanè.
Ana dènè sira , Kaji Ismangil, utawa Jebèng Puspita, padha
wetokna panemuning Cipta Rasa kang tumrap marang sira.
Bokmanawa ingsun bisa anggelarakè kabeh pangèsthinira.”
Kacariyos, saking pandangunipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga dhateng para siswanipun, wasana sadaya sami kèmawon
ing panampinipun. Amung Nyai Sèh Lemahbang piyambak ingkang
saged matur, “Dhuh Pukulun pepundhèn kawula ing awal akir,
kilap leres lepat, pun patik ing sasaged-saged kawula kedah
matur. Mugi tinebihna ing sesiku, rèhning kawula èstri, dinangu
ing Gusti Guru kawula. Menggah pamanggih kawula, ingkang
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 120
kadhawuhaken Dat punika witing gesang. Kawasa mahanani tigang
kahanan : ÈLING, RAHSA, ANGEN-ANGEN.
1. Witing èling saking lali.
2. Witing Rahsa saking pangrasa.
3. Witing angen-angen saking pambukaning cipta
Upaminipun makaten, sajatining ratu iku saka kawulanè kang
ngarani. Ananè becik, saka ala lanjaranè. Witing ana, saka ora;
witing kupur saka kapirè. Witè dadi saka ora. ”Apanjang yèn
winuwusa aturipun Nyai Sèh Sitijenar.
Winangsulan pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
makaten :
“Hè Rubiyahè Sèh Lemahbang, apa wewadinè sira kadunungan
panemu kang mangkono?”
Ingkang dinangu matur, “Saking wewarahing laki duk gesangipun,
angancer-anceri makaten, Rubiyah, sajatinè dedalan kang bener
iku saka bèngkong dhingin. Ananè padhang iku saka peteng.
Sejatinè kang putih iku ireng. Sajatinè adoh iku saka cedhak.
Tegesipun : adoh punika saking pandulu. Delesing pandulu punika
nètra kang misèsani. Dados ing dalem kijab inggih asal saking kita
pribadi. Teteping tebih inggih nètra ingkang amastani. Mila
manungsa punika dipun isbataken jagad raya, inggih kahananing
ratu mawi wenang adamel warana, dipun wastani nayaka wolu,
njawi sakawan, lebet sakawan, sanga pepatih. Yèn nyata menang
pamanthengipun, inggih sami kaliyan sapatemoning Kawula
dhateng Ratu. Tataning kasunyatan inggih kumpuling Kawula Gusti
punika saking sangang prakawis, marganipun saking babahan
hawa sanga. Ing ngriku wonten wewakil nayaka wolu, njawi lebet :
DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL.
Bupati njawi kasebut : SUKMA LUHUR, SUKMA WISESA, SUKMA
PURBA, SUKSMA LANGGENG.
Nanging Bupati njawi lebet punika sadaya tumusan saking
wewenanging para nayaka wolu, sesanga patih, punika amung
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 121
kalih prakawis. Makaten saking kaèngetan kawula : ingkang
rumiyin CAHYA NUR MUHKAMAD; ingkang kaping kalih : ROH.
Manawi kacariyos duk tiyang jaler kawula taksih gesang ingkang
dipun wastani CAHYA NUR MUHKAMAD wau cahya kang pinuji.
Kawasanipun saged nyoroti kawan prakawis :
1. Saged sumorot dhateng cahya cemeng.
2. Saged sumorot dhateng cahya abrit.
3. Saged sumorot dhateng cahya jenè.
4. Saged sumorot dhateng cahya pethak.
Dènè ugering ROH punika winastan ROHILAPI. Tegesipun : banyu
wiji.
Nanging amung tumrap wijining manungsa piyambak, awit
ingkang nama ROHILAPI punika wau sari-sarining roh sadaya. Mila
sakalangkung wening. Èwadènè ingkang nama ROH wau warni-
warni. Kados ta : ROH JASMANI, ROH RABANI, ROH ROKANI, ROH
KÈWANI. Sadaya wau inggih sami dados wiji, ananging amung
dumunung dhateng sipating jim, utawi brekasakan, sato kewan
saha para kutu-kutu walang ataga.
Bèda lawan ROH WIJINING MANUNGSA. Manawi cacahing Roh
ingkang badhè dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging
tanpa parlu dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging
tanpa parlu yèn kawula cacahaken sadaya.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika dhateng ingkang
paman, Pangulu Kayu Apak utawi kaji Ismangil tuwin Radèn
Puspita. Pangandikanipun makaten :
“Kaya apa mungguh gaibing Pangèran Kang Agung, teka
sipating wadon angungkuli lanang lanciping panemu? Mangka
bener-luput pasthi kudu amangsuli marang gelaraning guru.
Marma saiki si Paman kalih Radèn Puspita, tiga Kaji Ismangil,
sami mangkata dhateng Sunan Giri, puruitaa, supados saged
padhang ing pamanggihipun tetiga pisan.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 122
Ingkang sami dipun dhawuhi amung tumungkul sarwi rawat
waspa. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhawuh makaten :
“Gampang ing wuri, angger wus padha anglakoni sapakon. Lan
sira, Rubiyahè Sèh Lemahbang, milua marang Giri pisan.”
Aturipun makaten, “Dhuh Pukulun, bilih kepareng kawula nyuwun
wangsul suwita dhateng ratumas Kalinyamat kèmawon, ngiras
angrengcangi anak-putu kawula.”
Dhawuhipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga :
“Iya Ingsun lilani, nanging sira lawan anak-putunira padha
alihan saka kènè, supaya lestari ora dèn agru-agru enggonmu,
awit ing tanah Pengging kènè bakal ana sikaraning nagara.”
Nyai Lemahbang saanak-putunipun matur sandika, lajeng sami
mangkat suwita dhateng Ratu Kalinyamat, prenah sakilening
umbul Sungsang, tanah Pengging.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng lelèdhang mangalor
sakedhik. Sumerep tiyang sami angadhepi genthong, isi toya
wening. Dinangu, “Sapa kang amarentah sira?”
Ingkang dinangu matur, “Saking wewelingipun Sèh Lemahbang,
sadaya kabekelan siti gangsal karya dipun mijkaken ngangsu
ngebeki genthong urut margi, kinèn ndanakaken para tiyang
langkung.”
Kangjeng Susuhunan lajeng paring dhawuh :
Desa iki padha aranana ing Banyudana. Tulusa ing salawasè.”
Ingkang dhinawuhan matur sandika. Wonten pangageng ing
dhusun ngriku angaturi rèrèh dhateng griya, rehning kadalon.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mituruti. Praptaning wisma
sinugata ulam ayam gorèngan, dipun dhahar sacuwil, lajeng
dhawuh:
“Pitik weton Banyudana ènak. Bèda lan liyanè.”
Sabdaning pandhita linuwih, dalah ulam ayam ing Banyudana
kinaot raosipun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 123
Dupi saged imbal wacana kaliyan tiyang Banyudana, watawis ing
wanci tengah dalu, sakiduling dhusun Toyadana wonten swara
tulung-tulung. Kalampahan sami tandang, ngantos dangu, jalaran
saben para tetiyang dhateng, tanpa pariwara lajeng campuh prang
kaliyan wanara kathah, ageng-ageng. Sareng dumugi gagat ènjang,
tiyang ingkang sami tandang saantukipun adus erah. Punapa dènè
tiyang ing ngriku kathah ingkang katiwasan, jinamah èstrinipun.
Dènè ingkang kantun sadaya ngili dhateng Banyudana wau.
Ing antawis sampun byar raina Kangjeng Susuhunan Kalijaga sigra
nedhaki, jalaran welas aningali sambatipun tiyang kathah, sareng
dumugining panggènan, sagung wanara umpetan ing jurang tuwin
kekajengan ageng. Mila Kangjeng Susuhunan lajeng andangu
dhateng mancakakining dhusun. Ingkang dinangu matur
gancaraken, “Sakawitipun karajaning dhusun ageng kidul punika
katingal kadhatonipun Prabu Kalana Batulata Pengging. Mila
katelah ing dhusun Bantulan. Leresipun : Batulatan. Kala ing kina
salèr-kilèning kadhaton tilas patamanan ageng. Ingkang tengga
kethèh jaler èstri ageng, namung kalih. Sapunika sampun kathah.
Manawi siyang boten kantenan enggènipun. Manawi dalu ngrebda,
anjejamah tiyang èstri, misakit dhateng tiyang jaler.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga andhawuhaken pangandika
makaten :
“Ing desa tilas patamanan iki kang saparo degana, karana pasar
Taman. Kang saparo iring lor-wètan aranana ing dèsa Wenara.
Tulusa salawasè. Dènè kethèk kang padha ndhelik ana jurang-
jurang sarta kayu gedhè wus padha ingsun tundhung lunga
saka kènè. Ingsun paringi prenah ana sakuloning Gresik, tanah
Giri, dumunung pinggiring bangawan, ana randhu alas telung
wit, dadi siji. Kang dadi panganè mung jejaluk, manawa ana
sedagar dagang metu ing bangawan nunggang prau. Ing kono
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 124
kang dadi panganè. Pangandikaningsun iki uga wus
tinampanan ing wanara, karana ana ratunè wus bangkokan,
bisa ngilang. Mula wus aja ana sumelang, jalaran ratunè loro
lanang wadon wis mulih marang asalè, saka alas Roma, tanah
Pagelèn. Amung ana wekasingsun marang wong Wenara kabèh,
ing tembè wuri yèn ana wong darbè anak nganggo buntut,
banjur ulihena marang alas Roma Pagelèn mau. Bokmanawa
bakal ana wewalesè ing wuri, padha dadi lelantaraning
kadonyan.”
Sadaya ingkang dhinawuhan ngèstokaken. Mila dumugi sapunika
tiyang ing dhusun Menara wau yèn kinadaraken sugih,
katamtokaken nenepi dhateng Roma.
Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng wangsul
mangidul malih. Karsanipun badhè dhateng dhusun Palar,
amariksani anggènipun yasa sumur kaliyan masjid. Rèhning
dèrèng binuka kijabipun, dados sumur kalih masjid wau dèrèng
katingal. Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga
badhè ngampiri Sunan Panggung, dhateng Jatinem.
Wasana saweg dumugi sakiduling Pengging aningali tetiyang
kasrakat, boten angsal tedha saking pailan, wah kasatan toya. Siti
sami nela wiyar. Para tiyang jaler-èstri ageng-alit sami malebet ing
tela, angisep rembesing siti. Kangjeng Susuhunan welas aningali,
lajeng sami dipun wengkang teken cis.
Tela lajeng mili toya. Para tetiyang dahat leganing galih, kailènan
toya. Mila sami mentas sadaya sarta lajeng pinaringan pitedah
enggèning tedha. Sami dhinawuhan mangidul. Ing dhusun punika
temah pinaringan nama ing dhusun Telawong.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 125
Lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngidul ngilèn.
Dènira lumampah anelasak ngambah sabin beran, tan karsa
ngambah ing margi ageng. Galengan kang tinurut, tebeng-tebeng
panasnya tumiling.
Ing wanci lingsir surya Kangjeng Susuhunan kèndel wonten ing
gubug. Kagyat ingkang darbè gubug wau, awit saweg nutu suket
tuton. Tinapènan, inginteran saèngga gentang pantun.
Ingkang Sinuhun andangu, “Kinarya apa?” Ingkang inter matur,
“Kanggè nedha, rehning boten wonten pantun ingkang medal.”
Kangjeng Susuhunan welas aningali, lajeng paring sabda :
“Hèh Nini, pagènèa sira inter suket tuton? Becik muliha,
lumbungmu wus kebak pari.”
Ingkang liningan matur sandika. Dumugi ing griya nyata, yèn
lumbungipun kebak. Mila sanget pamundhi panuwunipun. Dènè
panutuning suket tuton lajeng badhè dipun bucal. Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga boten kapareng, malah kinèn angliwet
pisan, kapundhut badhè mirsa raosipun.
Ingkang dipun dhawuhi rikat angliwet. Tan adangu mateng, lajeng
kaaturaken kanthi lelawuhan sawontenipun, sarta krawon
bangsaning jamur-jamur, wedaling lèpèn sarta wader dipun pès.
Kangjeng Susuhunan angraosaken èca, lajeng paring sabda
pangandika :
“Iwak wader pèpèsan utawa sega suket tuton tulusa. Tembè,
sing sapa darbè parlu, yèn arep agung rijekinè, nganggoa
sasarat sega suket tuton satakir, pèpèsan wader siji, kasajekna
ana ing patanèn.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 126
Ingkang dhinawuhan matur sandhika. Kangjeng Susuhunan lajeng
kèsah malih, mangidul leres. Wonten tigang onjotan uninga tiyang
kathah sami rèntèp turut margi. Dinangu perlunipun, sami matur
yèn saking dhawuhipun para wali, ing wekdal punika sami dipun
dhawuhi nyadhiyani dawegan parasan, awit ing dhusun ngriku
sèket karya badhè dipun paringaken dhateng para pamagangan
wali, minangka ili-ili anggènipun sami kawengku ing ratu. Mangka
pamagangan sadasa pinaringan seket karya. Dados ing dalem
pamagangan satunggal angsal gangsal karya tedhanipun.
Kangjeng Susuhunan angandika, “Apa ora bakal cecawis suguh
sega sapanunggalanè?”
Aturipun, boten kamedalan. Mila amung dawegan kèmawon
sagedipun anyedhiyani.
“Wus pirang dina?”
Aturipun, sampun lami tansah tengga degan urut margi. Kangjeng
Susuhunan angandika :
“Yèn mangkono bakal dadi lantaraning kasangsara. Ing mengko
wis aja nyadhiyani. Becik padha mangidula bener kènè.
Bokmanawa bakal bisa sempulur rijekinira. Dèsanira ing kènè
padha aranana ing Magangan. Manawa wis padha antuk ular-
ular, balia manèh.”
Ingkang dhinawuhan matur sandika, lajeng sami mangkat
aseluran, mangidul sadaya. Kangjeng Susuhunan lajeng tumindak
malih. Dumugi sakiduling jurang wonten tiyang gumandhul ing
oyod, mangongkang jurang. Lajeng dipun dhawuhi mudhun.
Tiyang kalih dinangu, matur, “Ing jurang punika mentas bena
ageng, kathah tetiyang kelem, sarta kabalak ing toya. Mila kawula
gumadhul ing oyod ngriki.”
Kangjeng Susuhunan angandika, “Yèn mangkono sira padha tut
wuria, supaya tumuli wareg.”
Ingkang liningan matur sandika, nanging suku kados dhèngkelen,
margi ing dalem kawan welas dinten tanpa nedha, amung
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 127
gandhulan kèmawon. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika
malih:
“Watu ing wurimu ana sega salawuhè, wareg sira pangan lawan
rowangira.”
Lajeng kapendhet, nyata wonten sekul sawungkus salawuhipun.
Temah sami pinangan kembulan. Sasampunipun sami nedha, suku
mari lumpuh. Kangjeng Susuhunan angandika malih :
“Jurang iki samengko wus ora bisa bena, anging ilinè ajeg cilik
baè, lan jurang iki aranana Jurang Gundhul.”
Rarè kalih matur sandika, lajeng mangkat. Dumugi sakidul jurang
lajeng uninga embak-embaking toya mawi endhut. Para tetiyang
kathah sami kembel, kantun sirahipun ingkang katingal. Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng ngobat-abitaken tekenipun. Sadaya
tiyang ingkang kembel ing baladhu saged mentas sadaya. Embak-
embak sanalika lorot dhateng jurang Sigandhul.
Para tetiyang sami matur piyambak-piyambak, “Ing nalika jurang
bena, ladhu kèndhel sakiwa-tengen ngriku. Angoking jurang,
embak angelebi dhusun dalah tiyangipun. Ing dalem sakawan
dinten sami manthèngèl, kantun sirah kèmawon sarta tan anedha.
Dènè sapunika Paduka angluwari papa sangsara kawula sadaya,
sanget nuwun.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring tedha, luber
sadhusun kawaratan. Sawusing sami nedha lajeng paring
pangandika :
“Dèsa iki aranana ing Silem, lawan wong ing dèsa Silem kabèh
aja padha kari, ngidul mangètana, yèn arsa wareg sandhang
pangan. Aja mulih-mulih marènè, yèn durung antuk patang
puluh dina.”
Ingkang liningan umatur sandika, mangkat. Sasampunipun
makaten, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng tut wuri para
tetiyang ingkang sami ngili tedha, sarta dhedheg angalempak
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 128
wonten ing sela-selaning pasabinan beran, parek ing dhusun
ngriku. Saking kebaking tetiyang ngantos lubèr tebih. Badhè dipun
lajengaken, ajrih jalaran wana ageng. Mila kèndel kados angentosi
semayan.
Kangjeng Susuhunan tan adangu rawuh, lajeng angandika, “Desa
sawiji aranana telu, Ngendho, Janti, Koripan, awit dhedheg padha
kadi nganti semayanè. Koripan, dènè kena dianggo ngungsi urip.
Padha lerepa ing kènè. Ing dalem patang puluh dina, iki dèsa wus
isi pari akèh kanggo pangan.”
Kala samanten para tetiyang ingkang ngungsi tedha dhateng ing
dhusun Koripan, Ngendho, Janti, sareng sampun dumugi ing
wewangen dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, lajeng
wangsul mantuk dhateng padhusunanipun piyambak. Sareng
sampun bidhalan, kantun satunggal tiyang ingkang boten purun
mendhet pantun. Dinangu, nama Kyai Dremawangsa.
Anggènipun boten purun mantuk mbekta panduman pantun
punika, amung sumedya tut wuri dhateng Kangjeng Susuhunan
Kalijaga, ngantos dipun lampahi boten nedha boten tilem.
Kangjeng Susuhunan lajeng tedhak dhateng wismanipun Ki
Dremawangsa. Pinariksa banjar pakaranganipun sarta isèn-
isènipun wisma pepak. Kangjeng Susuhunan andangu malih,
sababipun sedya tut wuri, tuwin boten purun bekta pantun saking
Ngendho Koripan, Kyai Dremawangsa aturipun makaten, “Nuwun,
anggèn kawula sedya tut wuri ing Paduka utawi anggèn kawula
boten purun mendhet pantun peparing Paduka wau, temenipun
angèngeti wewelingipun Kyai Walaka, nalika pepanggihan wonten
ing dhusun Ngares kilèn punika. Welingipun, kawula kapurih
narima, supados katrima. Utawi kapurih ngandel, supados
kumandel. Kapurih marsudi kawruh, supados weruh. Boten dangu
ingkang nama Kaki Walaka wau kèsah, dumugi sapriki tansah kulo
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 129
raosaken, meksa dèrèng saged kraos parlunipun. Mila saking
kodhengipun manah kawula, ngantosa ing ngrasa Paduka.
Tèkadipun manah kawula, ngantosa cèkoh règoh nyaketi jangan
jambu, boten sedya mantuk, manawi dèrèng angsal dhawuh
wewedharan Paduka saking saking wewelingipu Kaki Walaka wau.
Upami kawula narima, supados katarima, punika ingkang paring
katarimaning jasad kawula sinten? Kawula dipun warah ngandel,
supados kandel. Ingkang kawula lampahi ngandel punika
ngandelaken punapa? Supados kandel punika ingkang kawula
labuhi sinten? Kawula dipun purih marsudi kawruh, supados
weruh. Anggèn kawula mbudi kawruh punika kawruh punapa?
Ingkang nuntuni sinten? Supados weruh punika dhateng barang
punapa? Ing dalem sadasa taun sapriki kawula tansah dipun kuya-
kuya sanak sadhèrèk kathah, dipun wastani èwah Dat kawula,
jalaran ngantos kasupèn dhateng kuwajiban tetanèn, amung
tansah kodheng gèdhèg-gèdhèg kèmawon. Mila mugi wonten sih
kawelasan Paduka, sagedipun waluya, anggèn kawula linglung
leng-leng, ngèling-ngèling wewelinganipun Kaki Walaka rumiyin,
awit saking pamanah kawula mung Paduka ingkang saged
majaraken ing kawidhengan kawula.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi paring
pangandika makaten :
“Hè Dremawangsa, teka kukuh temen panggayuhmu. Santosa
temen pangèsthimu. Mantep temen budimu, nganti labuh
labuh rusaking jasad, kaèsi-èsi ing sasamaning urip. Apa sira
wus nyata tumanem ing pangarahira marang telung prakara”?
Kang liningan matur, “Sampun mantep, tan asedya mengèng
sarambut.”
Kangjeng Susuhunan lajeng medhar pangandika :
“Dremanwangsa, satuhunè enggonè Kaki Walaka awèh wangsit
mangkono iku bener, mung nuhokakè lakuning urip iku kudu
nganggo telung prakara :
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 130
.........................................................................
................. Halaman 99 hilang..........................
.........................................................................
4. Kaping patè, kang padha dèn arani mati iku tutup lawangè
patang prakara. Tegesè : sirnaning pangucap, tulining
pamiyarsa, wutaning paningal, sumpeting pangganda. Papat
iku uga wus ngumpul dadi sawiji marang rahsaning Dat
sajati, pakartinè mung kari tawekal. Tegesè : pasrah marang
Kang Amurba Amisèsa, bisane tunggal lawan Idayatullahi.
Iya iku sampurnaning Dat utawa mulya sampurnaning sipat
Esa. Dadi weruh sangkan paraning Tanajultarki.
Mungguh kang kasebut kabèh-kabèh mau kudu ngawruhana
iman kang abangsa kukmi. Ing kono kari nyataning kukum
balaka.
Tegesè KUKUM iku bener. Dadi ngaurip iku wajibè nglakoni
bener, kanthi awas èling. Manawa ora tinggal ing telung
prakara iku, yakti tan prabèda ing dunya lawan ing kahanan
akir. Manawa sir amaksih anyipta bèda, pasthi ing sedyanira
bakal semu dudu.
Tegesè : kaliru pangancasè. Lamun sira wus angarani ora loro
tetelu, iya bokmanawa bakal tumeka jatining kahanan kita.
Nyatanè iya uga salugunè.
Manawa sira kurang piandel, takokena ing guru kang pinunjul
kawruhè, awit wus kalebu ing bebasan : Karna binandhung,
undhaking pawarta, sudaning titipan. Iku wus prakara mesthi,
awit pituturingsun iki kena diarani temon ana dedalan.
Katetepakè kawruh nenempil, iya wus benerè.
Aja agè-agè nggugu yèn durung wruh galethekè. Aja maido,
yèn sira durung weruh dadinè. Aja nemoni lan aja memadoni,
yèn sira durung weruh wewadinè. Aja nepèkake, yen durung
mangerti nyatahanè. Karana prakara kawruh siji iki lamun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 131
maksih semang-semang, nemahi sesiku, karana kasebut
maksih mentah ngilmunè.
Marmanè wekasingsun marang sira, manawa tembè Kaki
Walaka katemu lawan sira manèh, aja agè-agè tetakon, yèn sira
durung bisa tetakon.
Tegesè : wong anggeguru ing ngilmu iku lamun durung ana
kang bakal kang bakal tinemu, aja agè-agè geguru. Lawan ana
wewarah kang kena rinasa selawasè. Kabèh kang dadi
sedyanira iku kudu katarik saka cipta rasa dhingin. Yèn wus
katemu pamanthenging cipta, karasa ing dalem rahsa.
Sayektinè kena sira anggo gegujengan utawa geyonganing
ngilmu salugunè. Lamun dira durung darbè cipta nganti karasa,
kadi kakung kasengsem marang dyah ayu. Iya iku durung
pinareng menga ngilmunè. Yèn wus mangkono panemunira,
baya wus pinareng dèning Allah Tangala pepanthenganing
cipta rasanira. Kena binasakakè kabulyakin. Tegesè : tumuwuh
cahyaning nugraha.”
Kala semanten Kaki Dremawangsa, duk miyarsa wasitanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ènggaring galih kadi siniram ing
tirta marta. Sumyar-sumyaring sarira lir taru tumaruna karirisan
ing wasitotama. Sasampuning mangkana Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga sigra kondur. Kyai Dremawangsa badhè umiring dèrèng
kapareng. Dhinawuhan amemulihaken badan, tuwin memulihaken
pakaryan wajibing among tani, margi sampun lami anggènipun
tilar kuwajiban, adamel bibrahing anak bojonipun, sarta risaking
manahipun tiyang sepuh.
Mila Kaki Dremawangsa sareng sampun angsal barkahipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, gugup para waris sadaya,
angrungkebi sarwi mular, dènè boten kanyana-nyana Kaki
Dremawangsa saged waluya jati. Ananging rumiyin mangkè
pancèn boten punapa-punapa. Nanging pamanggihipun tiyang
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 132
ingkang sami tuminggal, sayekti amastani èdan kèmawon, mila
prakawis punika tetela angèl pamawasipun. Manawi tiyang ingkang
sampun putus ngilminipun, inggih boten amastani èdan. Beda
lawan para tetiyang ingkang dèrèng ngilmi, tamtu amastani yèn
Kaki Dremawangsa ing Bungasa èdan.
Ènggaling cariyos, Kaki Dremawangsa sampun mituhu dhawuhing
guru, lajeng tapak ing kuwajibanipun tani, nggaru, mluku, macul
sasaminipun. Dupi sampun antuk samangsa, Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga wangsul malih, pindha sudra papa, sesilih Kaki
Walaka, marpeki anggènipun maluku Kaki Dremawangsa.
Sajarwa nama Kaki Walaka ingkang sampun pulang saè. Kyai
Dremawangsa duk andulu, lajeng kèndel dènya madamel
pasabinanipun. Malah angancarani dhateng wisma, sarwi
manembah. Kaki Walaka sinembah kipa-kipa, rèhning dèrèng wajib
sinembah ing sasama. Kyai Dremawangsa mangsuli,
“Ingkang kula sembah punika Gusti kula Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, awit tilar weweling dhateng kula, singa wonga, manawi
suku kekalih kadi tan anapak kisma, kawula boten kènging rusiya,
awit sariraning Gusti. Mangka Paduka nyaplaki weweling ingkang
sampun kadhawuhaken dhateng kula. Dados tetèla Paduka badhè
nyobi kaantepan kawula. Dados Kaki Walaka rumiyin punika inggih
Panjenengan Paduka.”
Kangjeng Susuhunan dahat sukaning galih, lajeng angandika
makaten :
“Jebèng, sira wus katara yèn antuk sih nugrahaning Pangèran
Kang Amahasuksci. Samengko temenana atetanèn, sarta sira
ingsun paringi sabda, ing tembè wuri dadia pituwaning among
tani . tegesè : sarupaning para tani, yèn ana tandur kena ama,
sira wajib anulungana sesarat winih, supaya ora katrajang ama.
Karo dènè sira ingsun paringi peparab Kyai Gedhè Kapinihan.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 133
Ingkang dhinawuhan matur anuhun. Badhè umiring mesa dèrèng
kapareng. Taksih kinèn andugèkaken tetanèn, karana ing tèmbe
badhè wonten babaranipun ingkang èlok. Nanging samangkè
dèrèng binuka. Amung panaringan ancer-ancer kèmawon. Manawi
sampun dumugi wewates tibaning nugraha kirang kalih turunan,
Kyai Gedhè Pawinihan saged tumut nedha wahyuning karaton Jawi,
wiji saking èstri.
Mila Kyai Gedhè Pawinihan tinedahaken ingkang dados margining
wahyu, kinèn angelih griya wonten ing Janti Ngendho Koripan.
Ingkang dipun dhawuhi matur sandika.
Kyai Gedhè Bungasan temah paring weweling dhateng ingkang
putra makaten, “Hè kulup, sira bakal ingsun tinggal ngalih wisma
marang Ngendho Janti, ngèstokakè dhawuh wewelingè Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga. Kaya mangkènè sabda pangandikanipun
padha èlingana salawasè :
“Sing sapa arep duwè turun bisa milu mikul nagara, dèn saranta
traping sanggama, dèn saba santosa lawan tetimbanganira.
Dèn meleng pepanthenganing cipta roroning atunggal.
Tegesè : jalu èstri ing dalem pagedhongan andarbè cipta kang
tan tumanja. Aja rasa rumasa ngalem amemada liyaning
jiwangganira, lawan angrasani alaning wong, aja ngalem
beciking lyan. Mung malenga sawiji, wadonè marang kakung,
kakungè marang wadon, netepana budi sanubari. Yèn wus
temempuh ing ngadilaga, aja agè-agè marwata suta. Kudu
anyantosanana ing dalem telung atus pandulu. Manawa wus
bangkit anembadani hardaning raras driya, nuli telenging cipta
dèn sabayantu ing tokidira. Yakti sira bakal antuk nugrahaning
Pangèran Agung.
Sing sapa bisa netepi pakarti iku, Mansa Allah bisa mijèkake
wiji premati. Pirabara ambaboni tanah Jawa. Tegesè :
kinadarakè dèning Allah Tangala, bisanè urun wadon. Awit wiji
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 134
cilik iku yèn bapa biyungè taberi ngulik-ulik, temah landhu.
Bokmanawa bisa marug becik thukuling winih mau. Manawa
bisa mijil jalu, cepak antuk wahyuning wahyu jati. Adat
luwangè, yèn ana wong bisa sabar santosa marang tataning
among lulut, iya linulutan ing sasama-sama. Trekadhang milu
mikul rubet rentenging praja. Marmanè èstokena.”
Ingkang wineling dahat mituhu. Ingkang paring pangandika
salugu. Mila nadyan sapelè tetalering cariyos ing nginggil wau,
yakti kènging dipun leluri, jalaran sampun dados sabda
pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Ènggaling carita, kala samanten ing dhusun Ngendhok Janti
Koripan sami dados pangungsèning tiyang dhusun kiwa tengen.
Ingkang kekirangan wiji, kedah nedha tulung dhateng Ngendhok
Janti Koripan wau.
Boten kawursita ing dhusun Koripan, anuju satunggal dinten
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga karsa lelana mangètan, sedya
sowan martuwi ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu, awit
midhanget pawartos yèn ingkang uwa ngulawisudha bangsa jim
sakawan iji.
Langkung kinasihan, awit awicarita :
1. Jim biru nama Arya Panji Gedhah.
2. Jim kuning nama Arya Panji Sumunar.
3. Jim wungu nama Arya Panji Jinggaharda.
4. Jim putih nama Arya Panji Puspita.
Jim sakawan punika angaken darahing Jawata, teturutan saking
Bathara Puspanjali. Manawi saking èstri, darah jim dadu, nama
Prabu Adiwarna.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 135
Dènè jim sakawan anggènipun sami suwita ing Kangjeng
Susuhunan Lawu punika, awit taksih kalebet santana sangking
ingkang ibu.
Menggah pamilutanipun jim sakawan wau amung kaanggè wadya
pamijènipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Manawi pinuju sarè, jim
sakawan ingkang ndongèng lelampahanipun para Jawata. Gentos-
gentos ingkang cariyos dedongèngan. Manawi ameng-ameng
binusanan catur warna, ngapit ngajeng-wingkingipun Kangjeng
Susuhunan Lawu.
Sareng ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Lawu Kalijaga
sowan, lajeng katamtokaken ngadhep. Kala samanten Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga tetakèn dhateng jim sakawan.
“Kadi pundi panggayuhing para Jawata tuwin gèyonganing ngilmi?
Punapa dènè para Nata duk jaman purwanipun. Manawi bangsa jim
punapa ingkang dipun gayuh? Kula Andika tempili pingilipun.”
Wangsulanipun jim sakawan, “Dhuh Pangèran ulun, Susuhunan ing
Kalijaga, menggah pandangu Paduka sadaya wau, adèrengipun
kula gadhah atur, kados Paduka sampun uninga talering agami
Budha. Èwadenè rehning kadangu, inggih kedah sasaged-saged
anggadhahi atur. Kados timbang kèmawon agamining para Nabi
Wali kaliyan agami kadèwatan. Ingkang dados panutan ugi nenem.
Gumelaring wewedharan utawi raosipun utawi raosipun yakti boten
beda, amung miturut agami nenem. Nadyan kanabèan, ingkang
rinilan mengku agami ugi nenem :
1. Kangjeng Nabi Adam, timbanganipun Sang Hyang Bathara
Èndra.
2. Kangjeng Nabi Nuh, timbanganipun Sang Hyang Bathara
Brahma.
3. Kangjeng Nabi Ibrahim, timbanganipun Sang Hyang Bathara
Bayu.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 136
4. Kangjeng Nabi Musa, timbanganipun Dang Hyang Bathara
Samba.
5. Kangjeng Nabi Ngisa, tetimbanganipun Sang Hyang Bathara
Wisnu.
6. Kanjeng Nabi Muhkammad, Rasulullah, tetimbanganipun Sang
Hyang Bathara Kala.
Nadya wewedharanipun utawu sarèngatipun ing agami Islam
inggih boten wonten bèdanipun. Makaten malih, nadyan pingiling
raos, sami kèmawon.
Kados ta : sarèngatipun Kangjeng Nabi Adam, ingkang dipun
engkoki pantaraning Allah Tangala. Sang Hyang Èndra ugi angaken
barakaning Jawata kang linuwih.
Kangjeng Nabi Nuh anganggep gegenti, Sang Hyang Brahma
inggih wewakiling Jawata.
Kangjeng Nabi Ibrahim angaken prajuriting Allah. Sang Hyang
bayu ingging sènapating Jawata.
Kangjeng Nabi Musa kekasihing Allah. Sang Hyang Samba
gegebenganing Dèwa.
Kangjeng Nabi Ngisa putraning Allah. Sang Hyang Wisnu
pitayaning Jawata.
Kangjeng Nabi Muhkammad kaaken utusaning Allah. Sang Hyang
Bathara kala ugi sapu kawating Suralaya.
Dènè ancer-ancering wewejangan ugi tan prabèda :
1. Sajatinè ora ana Pangèran anging Adamapitratulah.
2. Sajatinè ora ana Pangèran anging Nuh Kalipatulah.
3. Ora ana Pangèran anging Mungsa Kalamulah.
4. Ora ana Pangèran anging Ibrahimakalilulah.
5. Ora ana Pangèran anging Ngisa Raohkulah.
6. Ora ana Pangèran anging Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah.
Menggah ingkang makaten punika bèdanipun punapa kaliyan
wedharing para Jawata ?
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 137
1. Hong ilahèng nir Yang Kalamertyu, muhung Èndradimulya.
Tegesipun : Hè kang Angagung kang Èlok, ora ana jawata
muhung Bathara Èndra, wenang anglebur angkara murka.
2. Hong ilahèng Mangarcana Mataya : Hè kang asipat èlok, kang
sinembah muhung Hyang Brahma sanyata. Amung Bathara
Brahma satuhunè.
3. Hong ilahèng Sihyanamasaha : Hè kang asipat èlok, kang asih
ing dunya muhung Hyang Bayu priyangga. Amung Bathara Bayu
piyambak.
4. Hong ilahèng Mangarcanamataya : yakti Hyang Samba, dana.
Tegesipun : Hè kang asipat èlok, kang wajib sinembah ing
dunya amung Bathara Samba.
5. Oilahèng nir Hyang Kalamertyu Kabub, pamunahing satru jaya
muhung Hyang Kèsawa. Sajatinè kang èlok, kang gaib, ora ana
liya kang wenang nampurnakakè nepsu angkara murka,
muhung Bathara Wisnu.
6. Hong bujèng bumi belah sirna, muhung Hyang Bèrawa
mahanani ing bawana kasapta. È Allah, kang kasapta bumi
lebur sirna. Muhung Bathara Kala kang angratoni bumi langit
sap pitu.
Sadaya wau amung kawula pendhet saparluning wewejangan
kèmawon. Mila boten wonten bèdanipun ingkang dipun akeni,
punapa malih ingkang dados gèyonganing raos. Bokmanawi sami
kèmawon.
Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah inggih sampun winenang
angrata agami Islam, tetep dados panutanipun para umat sadaya,
waradin ingkang ngidhep Kangjeng Nabi Duta.
Manawi agamining para Jawata, ingkang dados teturutanipun para
titah sadaya inggih Hyang Bathara Guru. Èwadenè inggih wonten
kaotipun. Awit Kanjeng Nabi Muhkamad atas saking
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 138
pangandikaning Pangèran kang Amahasuksci. Sareng Sang Hyang
Bathara Guru amung tiron wewakiling Pangèran. . Èwadenè katarik
ing tapabrata, dados saged sipat gaibul guyub. Kawimbuhan
basaning jim sami ngunjuk toya gesang. Mila saged turun-tumurun
kawasa aparing nugraha, awit sampun badan alus sadaya.”
Dahat pangunguning galih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè
saged anggancaraken pingiling kina-kina. Wasana Kangjeng
Susuhunan atetakèn malih.
“Saking dahat suka bingahing manah kula dènè Jengandika
anggancaraken pingiling kadèwatan utawi kanabèyan. Yèn
makaten Jengandika punika kalebet sampun masuk agama
Islam.”
Atur wangsulanipun makaten, “Manawi kagalih Islam, kawula
dèrèng, jalaran jim punika bangsa badan alus. Saged kawula
gancaraken sadaya wau amung saking gethok tular. Ados kènging
dipun wastani kawruh nempil. Èwadenè sanadyan gethok tular
anenempil, saking karep sarawungan para pandhita tuwin para
ngalim. Mangka bangsa jim wau boten kènging pejah, dados
ujaring tiyang satunggal kalih kawula cathet. Dangu-dangu kathah
pangertosan kawula. Mila tetèla tan prabèda dayaning budi Buda
tuwin pangartining para Nabi. Manawi kawula dipun wastani
bangsa kapir, inggih mèmper, jalaran jim punika bangsa lembat,
tunggil pangawikaning Jawata. Mila amung nyumanggakaken ing
karsa Paduka.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika malih :
“Mila kula kapiluyu, lajeng sowan Kangjeng Uwa Sunan Lawu,
awit mireng pawartos, Panjenenganipun Uwa ngulawisudha
satriya jim sakawan, dipun tetepaken pujangga, margi
awicarita. Yèn kapara nyata, kula badhè miyarsa pangarti
Andika ingkang kènging kula anggè pusakaning karaton jawi.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 139
Ingkang dinangu matur, “Kula dèrèng pujangga awicarita. Amung
dados tukang ndongèng. Awit ingkang Uwa Kangjeng Susuhunan
Lawu samangkè kaparenging panggalih, saben badhè sarè, kawula
dipun piji marek ing sahandhap pasarèyan, sami ndikakaken
cariyos dedongèngan sasaged-saged kula. Kilap leres, kilap lepat,
ugi kawula lampahi, gentos-gentos. Sambung-sinambung uruting
cariyos, andongèngaken lelampahanipun para Jawata, awit Uwa
Paduka punika saèngga tunggil darah saking rama, trahing Jawata
deles. Mila remen cariyos Buda, awit ngandharaken leluhur saking
rama. Manawi turutipun rama Paduka piyambak ugi darahing para
Nata Binathara ing Pajang Pengging. Suprandosipun kaparenging
galih anggayuh agami Islam. Tamtu kaangè kaot piyambak, amargi
trahing Jawata punika kinadaraken lantip ing budi, lepas ing
kawaskithan, trus ing tapabrata, tur ing tèkad tan ajrih ing pati.
Kawimbuhan Jawata punika cecampuran bangsa jim. Tamtu yèn
tiniti sayekti tanpa sama pangartining lair batin. Nadyan empaning
kalepasan utawi kaluwihan ingkang èlok tamtu boten takèn malih.
Ènggalipun kawruh bangsa Islam punika manawi sampun saged
campur dados satunggal kaliyan pangawikaning Jawata, tanpa
sama panitining ngilmi gaib.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya gregut patakènipun, awit
sadaya karsanipun para jim sakawan saged amedharaken. Saweg
imbal wacana, kasaru wonten timbalan dalem sami ngendikan,
kinen sami angunjuk ing Balè Patani, inggih punika pasarèyanipun
Kangjeng Susuhunan Lawu. Sadaya sampun kèrit ing parekan.
Sapraptanipun ing Balè Patani, Kangjeng Susuhunan Lawu boten
dangu lajeng tedhak pribadi, lajeng manjing tilam sari kèmawon.
Ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga sinapa ingkang Uwa,
dinangu basukining margi, nembah anuwun basuki. Ing ngriku
ingkang Uwa maringi sugata dhaharan ingkang pèni-pèni, èca-èca.
Kinèn lajeng bukti lawan para jim sakawan wau. Sasampuning
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 140
bukti, ingkang putra pinaringan sumerep, anggènipun
ngulawisudha jim sakawan, sami wasis medharaken cariyos ing
kina-kina. Ingkang putra temah dhinawuhan miyarsakaken
dedongèngipun para jim wau.
Ingkang putra kadhawuhan amèngeti cariyosipun jim sakawan,
supados kènging tinulad ugering karaton, kaanggè pepakeming
cariyos padhalangan, rèhning Kangjeng Susuhunan Kalijaga saweg
kasengsem yasa ringgit wayang wacucal. Sarta kacatheta pingil-
pingilipun ingkang anggepok dhateng bangsa ngilmi makripat.
Ingkang putra matur sandika, lajeng mirantos panyeratan. Para jim
sakawan lajeng dhinawuhan anglekasi cariyos, dedongèngan,
sapamanggihipun piyambak, angger urut kèmawon. Para jim
sakawan pisan matur sandika, amung kalilana dipun istha gineman
kaliyan rowang. Amung mamrih suka senengipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, rèhning saweg nembè amiyarsa.
Kacariyos Arya Jim sakawan lajeng murwani lelampahan nalika
tumuruning Hyang Naraddha dhateng nagari Purwacarita :
“Ing salebeting taun Iwa, inggih punika taun ingkang kanggè
para Jawata, ètanging taun Suryasangkala : 316, sinengkelan :
OBAHING JAGAD TIGA, kaètang ing taun Cadrasangkala : angka
325, sinengkelan : TATANING PANEMBAH KAUNINGA, amarengi
mangsa Manggasra, inggih punika wulanipun para jaman Dèwa.
Kala samanten Sang Hyang Naraddha tumedhak dhateng nagari
Purwacarita, inggih punika tilas karaton Jawi saweg kaping kalih.
Ingkang rumiyin : pangèjawantahipun Sang Hyang Bèrawa, inggih
punika Bathara Kala, lajeng kagentosan dèning Mahaprabu Raja
Budakresna, inggih punika Bathara Wisnu. Prenahing karaton
wonten sukuning wukir Mahèndra, inggih punika redi Lawu.
Tumedhakipun Sang Hyang Naraddha wau angemban dhawuhipun
Sang Hyang Pramesthi Guru, rèhning samangkè katetepan dèning
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 141
Sri Maharaja Kano. Mila lajeng dhinawuhan amranata tataning
agami Buddha, awit katingal bibrah tatanipun. Resah lampahing
para titah, wor-suh pepèranganipun.
Mila ing nalika tinedhakan dèning Sang Hyang Naraddha, lajeng
wiwit tata patrapipun.
Ing saben sagolongan kinen amaringi pangulu. Tegesipun :
pangageng. Sarta sakarèrèhipun sami dhinawuhan anganggè
tetenger piyambak-piyambak. Pangandikanipun Sang Hyang
Naraddha dhateng Raja Kano wau makaten :
“Hè Raja Kano, wruhanamu, iki pusaka panetep panata agama.
Ingkang dadi purbawisèsanira ambawani bawana, pangawasa kang
wenang sira parèntahakè, dadi wewatoning karatonira ana ing
marcapada.
Hèh, Raja Kano, rahayu wong kang santosa lawan mungkul marang
agamanè. Marma sira agè angleksanana panataning agama sawiji-
wiji.
Kang dhingin : panghulunè.
Kapindho : tetengerè.
Kaping telu : panembahè.
Kaping pat : tapabratanè.
.........................................................................
................... halaman 109 hilang......................
.........................................................................
Yèn ari raya, pangolahè kudu kang sarwa legi.
Laranganè : ora kena ngrabèni leluri kang saka lanang, lan ora
kena mapas wiji kang lagi thukul. Ora kena matèni geni, ora
kena mangan daging sapi, ora kena manganggo bangsa timah,
lan ora kena ngrabèni anaking inya, ora kena ngrabèni anaking
guru. Wenangè mung yèn ginawè tanba lang ginawè sesarat.
Dènè wewatonè, yèn wong wadon ontang-anting, pepalinè kudu
disunati lawan ditetaki. Pakartinè wong laki-rabi, nganggo
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 142
badhudhakan. Para warganè pangantèn nganggo langen taya.
Jogèdan bèsan sami bèsan.
Yèn mati, layonè ingobong. Paliyanè pasucèn, dinusan
banyuning godhong dalima. Yèn memulya sarana beburuh.
Hèh Raja Kano, wadayanira kang agama Èndra, panghulinè
aranana SAKRANA. Sasèwasugatanè padha anganggoa Èkal
Bajra, galihing kayu, rining bajra, dèn anggo sangga gelung.
Panembahè marang gunung lan marang rembulan. Lakunè :
lila, marta, anarima.
Tapanè yèn masa Naya, ora kena angemban bocah.
Yèn masa Asuji, ora kena asanggama.
Yèn ari raya, kang sarwa pait.
Laranganè : ora kena mangan antelu, ora kena ambuwang
sesuker ing bumi, ora kena matèni dwipangga, ora kena
nganggo dembaga. Wenangè dianggo tamba lan kaanggo
sarana.
Lan wenang cinukur wadon kang kedhi. Wenang wong wadon
bèla mati lakinè, yèn jaka lara. Wenang disunati, yèn dadi
pangantèn. Yèn lanang, tinetakan nalika lair, lan anaking
dhukun.
Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo sintèn lan ènjèr. Para warganè
pangantèn padha prang catur. Nggonè nandukakè pralambang
sasmitaning pasugata.
Yèn mati, layonè kapethak, kapendhem, lan kaluweng, kadokok
guwa utawa jurang. Paliyasanè dinusan ing leri. Yèn memulya
sarana urup.
.........................................................................
................... halaman 111 hilang.......................
.........................................................................
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 143
Tekèk, cecak kemaga. Wenangè yèn kinarya tamba lan sarana.
Wadon cinukur, yèn randha anyar. Lan wenang wong wadon
ditetaki, manawa dadi panghuluning agama.
Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo baoyang. Pangantèn angarak.
Warganè pangatèn wadon nganggo angadhangi warana
dhingdhing. Manawa rubuh, sida ngarak. Manawa ora rubuh,
salin dina pangarakè.
Yèn mati, layonè kasètra, kadunungakè ana ngara-ara utawa
agunungan. Paliyasanè dinusan banyu udan. Yèn memulya
sarana ambarang.
Hè Kano, wadyanira kang agama Kala, panghulunè agama
aranana KALANA. Sasèwasogatanè padha anganggoa tetenger
Èkal Purusalingga, gadhung utawa balung rining palanangan,
dèn anggo kalung.
Panembahè marang satupanè kang aèng, kayu, watu,
sapepadhaè.
Lakunè : wirangi.
Tapanè, manawa mangsa Manggakala.
Manawa lelungan ora kena nginep.
Yèn mangsa Padrawana ora kena mangan uyah.
Yèn ari raya, kang sarwa pedhes.
Laranganè : ora kena ngrabèni kang kaprenah tuwa, ora kena
ngrabèni anaking inya, anaking guru, ora kena ngrabèni sèjè
bangsa, kaya ta : bangsa rahmana ora kena ngrabèni bangsa
Waisya, sapepdadhanè.
Lan ora kena matèni sona, kalabang, kala jengking.
Ora kena mangan kalapa, ora kena nganggo emas.
Wewenangè : kena ngrabèni sanak enom, ngrabèni tunggal
bangsa. Kaya ta : bangsa Brahma pada bangsa Brahma, bangsa
Waisya padha bangsa Waisya, bangsa Satriya padha bangsa
Satriya, bangsa Danuja padha bangsa Danuja, bangsa
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 144
Daniswara padha bangsa Daniswara, bangsa Sudra padha
bangsa Sudra, bangsa Raksasa padha bangsa Raksasa.
Kenanè, dianggo tanba lan sarana.
Pepalinè : yèn laki-rabi, nganggo lempeng. Warganè pangantèn
padha gelut, endi kang kalah, didhega. Lan pangaraking
pangantèn nganggo èdan-èdanan.
Yèn mati layonè katarap, kapakakakè sato galak. Paliyasanè
pasucen, layon dinusan banyuning godhong widara. Yèn
memulya sarana laku dhusta.
Hè Kano, mungguh agama enem mau, endi kang dipilih dadi
senenge wadyabalanira kabèh. Padha sira dhawuhana
ngathokake pangandikaningsun kang wus dhumawah ing sira.
Sapa kang ora netepi tatanè agama sawiji-wiji, kena ing sapu
dhendha.
Agama Sambo, kasulah.
Agama Brahmana, kaobong.
Agama Mahendra, kaluweng.
Agama Wisnu, kalabuh.
Agama Bayu, katarang.
Agama Kala, katarap.
Sri Maharaja Kano matur sandika. Sang Hyang Naraddha muksa.
Lajeng kadhawuhaken waradin.
Nalika punika kawastanan AGAMA PAKUHAN, mirit Raja Kano
inggih PRABU PAKUKUHAN.
*****@@@*****
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 145
Pèrangan III
SERAT SILACALA
Kaanggit dèning :
EMPU HARTATI ing MAMENANG
Panganggitipun nalika
Taun Suryasangkala 852
Taun Cabdrasangkala 878.
Ing salebetipun taun Wandaniya,
Ètanging taun Suryasangkala 386,
Tinengeran :
WEWAYANGANING BRAHMANA KATON MUKSA.
Kaètang ing taun Candrasangkala 397
Tingeran :
PANDHITA TRUSING GUNA.
Amarengi mangsa Kartika, kacariyos ing nalika punika Brahmana
Raddhi katuran lintang surya, wanci dalu angsung wangsit sipta
sasmita makaten :
MAWISATA KADALUWARSA WALUYA LAYA
Tegesipun : tiyang kèsah kalungsè ing taun, mantu bilai.
Brahmana Raddhi anyandhak ing sipta sasmita punika wau.
Rumaos sampun lami anggènipun wonten ing madya pada. Sareng
ènjingipun lajeng memulya kancana. Kang dèn memulya
srengèngè, sarta dinten punika kawastanan dinten RADITE.
Tegesipun : dinten Srengèngè.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 146
Dumadi ing mangkè kawastanan dinten Ngahat.
Dalunipun malih Brahmana Raddhi, katurunan lintang candra,
angsung sipta sasmita makaten :
WAKTRA KANISAN RI NÈTRA ADINÈ BUDAYA.
Tegesipun ; muka kaicalan nètra, ametengi budi.
Brahmana Raddhi nyandhak damel peteng wonten ing ngracapada,
anasabi padhanging kaswargan. Sareng ènjing memulya salaka.
Kang dèn memulya rembulan. Dumugi ing mangkè kawastanan
dinten Senèn, ing ngajeng dinten Soma. Tegesipun : Dinten
Rembulan.
Kala samanten Kangjeng Susuhunan Lawu nyelani
dedongènnganipun para jim, lajeng nimbang budi kaliyan ingkang
putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga, bab pusaka. Sangking dhawuh
pangandikaning ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu
dhumateng Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Hè Jebèng, sasuwenè sira simiwi ana ngarsaningsun, apa
wadinè sira ora nganggo keris pusaka? Baya sira tinggalakè
sutanira Pangèran ing Kadilangu, apa sira ulungakè kang
amengku praja? Yèn, mangkono sira ora mituhu saka dhawuh
wewekasingsun duk nguni.”
Ingkang putra matur :
“Boten kasukakaken sinten-sinten. Taksih kawula simpen
piyambak, wonten patileman kawula ing masjid Kadilangu,
katengga jurukunci Kaji Ismangil.”
Kangjeng Susuhunan ing Lawu angandika malih :
“Kulup, mungguh keris kang dadi pusakanira iku, manawa ora
kaonggo, becik ulihena maringsun, yèn katinggal saenggon-
enggon, durung wancinè. Besuk manawa sira wus malandhang
dhèwè, kena tinunggu ing wong jurukunci masjid.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 147
Tegesè : yèn sira tinggal, ing wektu iki ijèh akeh wong kang
arep ngayoni kagunanira. Nadyan wus padha mungkul,
ananging durung kena kabatin, awit atining wong iku luwih
lembutè. Yèn gedhè , sasat ngebaki jagad.
Niyating wong iku lir samudra, tanpa tepi, tanpa watesan
jajaganè.
Ing kono sira kurang prayitna, karana salugunè baè sira
memaron rong prakara. Tan kena lèna. Yèn katinggal prayitna,
tiwasè mung sadhèla.
1. Maru Ratu.
Tegesè : kawengku ing Ratu iku bakal kapurba kawisèsa.
Samangsa-mangsa ana karsanè, kerisira dicidra rukun lawan
kang rumeksa. Yakti Kaji Ismangil ora wani ngukuhi.
2. Maru kanca.
Tegesè : para wali iku saikinè durung kena dibatin karepè.
Durung kena diulungi wewadi, awit wewedi iku mangkènè,
Jebèng :
Panggedhènè wali kabeh iku, yèn tata lahirè wus padha
sumungkem marang sira, ana katarik saka ratunè, utawa
nyatanè dhasar kasoran kawruhè. Balik batinè, saèngga dadi
mungsuh baè.
Ing kono, rèhning sira tansah lelana baè mangka ana kang
ngrungu pusakanira, Kaji Ismangil iku gandra pira? Upama
rinuda rinupaksa, apa bisa lawan?
Marmanè yèn padha sembada, becik ulihena marang ingsun
baè. Yèn wus salin alamè para wali kena angarepakè ing sira,
pusaka jaluken manèh. Apa maningè, bokmanawa sutanira
dhèwè wanuh wani arep sumurup, rèhning pusakaning bapa.
Amesti gawè sangsara.”
Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga nalika di dhawuhi ingkang uwa
lajeng ènget manawi kalènan. Kula nyumanggakakè ingkang uwa,
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 148
punapa wangsul mendhet piyambak, punapa utusan duta ing
ngriki. Ingkang uwa pangandikanipun makaten :
“Hè Jebèng, manawa sira kang bali mulih dhisik nadyan
sakedhèp netra bisa tumeka, nanging ora prayoga, jalaran
katara yèn sira kang ora lali Galibetè temah dadi kira-kiraning
wong akeh karana wruhanamu, ing wektu iki Sultan Demak
utusan para punggawa amundhut pusaka darbèkira keris kang
tinunggu jurukunci, jalaran Sultan Demak dibebangusi para
wali, yèn sira wus asengguh mati, awit wus lawas ora katon ana
praja sarta tanpa warta ing kanyatanè yèn sira ana. Marmanè
ingsun dhèwè kang utusan mundhut pusakanira, supaya bisa
ngangkat dalah gen-engenè. Dènè kang dadi dutaningsun iya
jim papat iku. Pasthi laku sandi caraning jim, manawa weruha.”
Ingkang putra nyumanggakaken.
Kangjeng Susuhuna ing Lawu sigra matah duta pamungkas. Jim
sakawan dhinawuhan dheteng Kadilangu lampah sandi, amendhet
gendhaga wadhah pusaka ing Kalijaga. Wineling saliring wewadi
sami sampèka sawusing sampat wewelinging Nata, tanpantara
dangu jim sakawan mangkat. Saking wukir lawu ngambah ing
gegana.
Ènggaling cariyos, jim sakawan sampun dumugi ing Kadilangu,
pinuju aningali padudon. Para wadya bala ing Demak kautus
mundhut pusakanipun Sunan Lèpèn. Pangèrang Kadilangu
ngekahi. Wasana ngantos ramè arerejegan. Ramè rebat-rinebatan
gandhaga, gentos tampi-tinampènan. Pangèran ing Kadilangi, Kaji
Ismangil sakancanipun sadaya karèpotan. Gandhaga kabekta ing
wadya bala Demak.
Ing sawatawis onjotan saking Kadilangu para punggawa sadaya
sami rèrèh amasanggrahan sarta amangun suka-suka ngenting.
Wantuning tiyang boten mawi dedugi, sukanipun ngantos mendem
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 149
bebungah. Para wadya punggawaning Nata sakawan lumancang
ambukak gendhaga. Sedyanipun amung badhè uninga dhapur
tangguhing dhuwung pusaka ing Kalijaga. Duk tinarik
katungkulan, wadya catur mau lajeng sami nyeplos maripatipun.
Sanget aminta tulung rowangipun.
Ing ngriku sareng dhuwung sampun manjing warangka sarta
sampun kalebetaken gendhaga, jim sakawan pisan dhateng. Tanpa
pariwara lajeng nyandhak gendhaga pinanggul. Ganti-ganti
mahawan ing jumantara. Rikating jim sami sanalika dumugi ing
wukir Mahèndra, lajeng marek ing ngabyantara Nata.
Sawusing dinangu basukining marga, jim sakawan angaturaken
gendhaga sarwi umatur cacariyosipun ing nalika wonten
Kadilangu. Aturipun para jim sakawan amiwiti ngantos amungkasi.
Narèndra ing wukir Mahèndra miwah Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga dahat pangunguning galih. Wekasan suka anarima, lajeng
dhawuh para wadya bala jim palamporan, kinèn angudanaken
usadaning kasangsayan dhateng Kadilangu. Ing antawis dinten
malih kekasih dalem jim sakawan wau lajeng kajunjung pangkat
raja sakawan pisan :
1. Jim wungu kaparingan nama Prabu Bra Markata.
2. Jim Biru kaparingan nama Prabu Wulangun.
3. Jim Kuning kaparingan nama Prabu Kanaka.
4. Jim pethak kaparingan nama Prabu Setana.
Dadaos ratu sakawan wau tetep ratu tampingan, angrèhaken para
lelembat brakasakan ing sawewengkon ardi Lawu sadaya, punapa
dènè kaanggè sesulih tedhakan saparluning karsa-dalem. Mila
manawi wonten swara kemrusuk dipun elokaken lampor, punika
boten mesthi Kanjeng Susuhunan Lawu piyambak ingkang
tedhakan. Tamtunipun para ratu sakawan wau.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 150
Dènè titikanipun manawi Kangjeng Susuhunan Lawu mawi obor,
cahya saèngga lintang alihan. Dènè manawi lampor mawi tulung
tiyang bumi nedha obor, inggih punika tandha para ratu sakawan
wau ingkang tedhakan salah satunggal. Èwadènè wonten
paèdahipun sesarat, supados boten kandhegan kampiran
lampahing brakasakan.
Saking sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan Lawu, sami
kinèn sesarat Rajah Kalacakra, pinasang saginggiling kori, utami
wonten griya. Punapa dènè manawi kathah sesakit, ing saben
surup surya kinèn sami memujia makaten :
“NIR HYANG KALAMERTYU KUTUP”.
Utawi griya dipun ubeti benang lawè wenang salembar. Ingkang
sampun kalampahan kalis ing sesakit salah.
Wonten wasiyating pangandika-dalem Kangjeng Susuhunan ing
Lawu, utawi sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, punapa dènè wewangsitipun para ratuning jim sakawan
wau, kacathet nalika janggan Utara, pandhita ing wukir Semèru.
Pratèlanipun makaten :
1. Yèn wonten neneka, mawi murus utawi ising-isingen,
kajampènana sampun malahi, lajeng dipun usadanana :
gendhis kalapa sarta santen kanil. Dipun parudaken kunir
saempu, cinampuran tinjanipun piyambak, amung
kadumukaken jenthih kiwa, dipun unjukaken ingkang sakit.
Adat lajeng mantun.
2. Mawi wonten tiyang nandhang sakit warni-warni, kados ta :
sakit wawratan erah umbel, sasaminipun sakit, kaèngetana
dhatenging sesakit wiwit dinten punapa.
o Yèn wiwit sakitipun wau dinten Akat, dipun usadani roning
sangkèt, adas polowaras.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 151
o Yèn wiwit Senèn, kajampènana sarta kinonyohan roning
saruni, ugi mawi adas pulowaras.
o Yèn wiwit Selasa, kajampènana roning kara legi kaliyan adas
pulowaras.
o Yèn wiwit Rebo, kajampènana roning tundhung kaliyan adas
pulowaras.
o Yèn wiwit dinten Kemis, kajampènana roning waung
satekem, ugi mawi adas pulasari.
o Yèn wiwit Jumungah, ron kremah, adas pulasari, sami
kalawan borèhipun.
o Sabtu, godhong jambu satekem, mawi roning alang-alang
satekem, adas pulasari.
Sadaya wau wajib sami dipun èngeti, awit punika kalebet sabda.
Wonten wimbuhipun Janggan Utara wau, manawi mangsanipun
kathah sesakit punika, saben surup surya sami wineling angobong
roning tanjung, walirang, sarem, sarta kadèdèkaken sangajenging
konten. Pepujinipun wantah kèmawon :
“NYUWUN SEGER KUWARASAN ING SALÈNIPUN ANAK PUTU
KAWULA, ATAS SAKING SABDA PANGANDIKA DALEM KANJENG
SUSUHUNAN LAWU KALIH PANGESTUNIPUN KANGJENG
SUSUHUNAN ING KALIJAGA. YAHUDANYENG 3X (kaping tiga)
AKADUN KUPU-AN LAHUYAKUN, WA YA LITLAM, WA YU
LATLAM, AKADULAH, SAMADULAH, KULHU KUL-LEKUL
WANGSUL.”
Atasing kawula, boten wonten awonipun angagungaken sesarat
punika.
Anuju satunggaling dinten malih Kangjeng Susuhunan Lawu paring
pangandika dhateng ingkang putra makaten :
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 152
“Jebèng, Susuhunan Kalijaga, wruhanamu sasuwènè sira anèng
kènè, praja ing Demak dalah para wali wus umum pawartining
wong, sira dèn arani mati. Marmanè nganti kalakon anyidra
patrap marang sutanira ing Kadilangu. Kang iku kulup, becikè
sira mulih marang Demak, supaya Kaki Prabu pulih susahè, lan
para wali padha kawelèh karepè baè. Bèsuk sedheng salin
alaming praja, jaluken manèh.”
Ingkang putra amangsuli atur dhumateng ingkang Uwa, “Ingsun
sapunika dèrèng purun mantuk. Taksih kasengsem dongèngipun
jim sakawan, parlu kaanggè lelimbangan rahsaning ngilmi wijining
kanabèyan kaliyan wijining kadèwatan.”
Kala samanten ingkang Uwa lajeng dhawuh dhateng para ratu
sakawan pisan, kinèn andugèkaken cariyos, sasambetipun ingkang
sampun kawedharaken ing ngajeng. Sarta dhinawuhan amèngeti
Kangjeng Susuhunan Kalijaga, supados kacathet raosipun. Dènè
Kangjeng Susuhunan Lawu sampun amitadosaken ingkang putra
kèmawon.
Mila para jim sakawan dahat leganing galih, jalaran sampun boten
gadhah pakèwed sarta pancèn tresna ningali Kangjeng Susuhunan
Kalijaga. Para Ratu sakawan anggènipun imbal wacana kados ing
ngandhap punika :
“Hè anggèr Kangjeng Susuhunan Lèpèn, lega temen raosing
manah kula, saged wawan wicara kalih Jengandika, awit
manawi Uwa Paduka anjenengi, kathah pakèwed kula, jalaran
saking kawon luhur. Dados wedaling wicara mawi wangwang.
Trekadhang dhompo, awit kawon prabawa. Bèda kaliyan
Paduka.
Anggèr, temenipun kula punika nadyan bangsaning jim utawi
darahing Jawata, nanging boten bèda kalih Jengandika, ugi
sampun manjing agami Islam. Turun-rumurun darah kula, ratuning
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 153
jim duk janam Ngajrak ing Èyang Dèwi Kurasin, alamipun Sayidina
Kamjah, Mènak Jayèngrana ing Mekah, punika raja jim sami anut
sarèngat Nabi Ibrahim. Tamtu boten bèda ing agami karasulan.
Mila sampun mawi èwet-pakèwed Paduka gelaraken rahsaning
ngilmi makripat. Dados saèngga musawaratan, supados
kumpuling pamanggih.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijga mangsuli :
“Inggih leres sampun sami kalebet Islam, amung inggih bènten
ugi menggahing agami. Kènging dipun basakaken ANYAR-
LAWAS. Nadyan sahadatipun inggih wonten kaotipun tumraping
raos.”
Para ratuning jim lajeng sami gadhah atur makaten :
“Manawi kapareng pun bapa mugi dipun barkahana satataning
agami Karasulan, supados saged apasahing Islam kula.
Èwadènè manawi Panjenenganipun Anggèr asmu sandèyaning
galih, maiben agami kula sarèngat Nabi Ibrahim, suwawi
kapiyarsakaken kula mungel. Manawi kirang, kaleresena.
Manawi dèdè agami Islam, kula dipun kapirena..”
Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mrayogèkaken.
Ing ngriku raja jim sakawan panebutipun sareng rikat, boten
tumpang suh, sanyata tan adhompo, kados ing ngandhap punika :
“Ashadu an la ilaha illa’llahu, wa ashadu anna Ibrahimakilullah.
Tegesipun : aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran
anging Allah, lan aneksèni ingsun, sajatinè Kangjeng Nabi
Ibrahim iku sumitraning Allah.
Anggèr, amung punika ingkang kula èngeti. Mila manawi taksih
kirang utawi lepat, anggèr kaparenga maringi tambah
jangkepipun. Manawi sampun jangkep, punapa sampun
kènging dipun anggep Islam punapa dèrèng? Pun bapa nyuwun
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 154
pitedah ingkang kènging kula angge pusaka salami kula
gesang.”
Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga :
“Inggih, temen punika sahadad agami Islamipun duk Kangjeng
Nabi Ibrahim. Dumugining sapunika Islam Mubham, awit
sampun katumpangan agaminipun Kanjeng Nabi Muhkamad
rasulullah, inggih punika Nabi sinelir. Mila sanadyan sampun
sami Islam, nanging boten maning. Èwadènè rèhning
Jengandika kedah kepèngin tunggil ing agami, kula ugi boten
badhè selak. Suwawi para ratu, kula aturi sesuci rumiyin.”
Para nata sakawan pisan miturut, lajeng sesuci. Sasampuning amèt
banyu kadas, sigra sareng dènya dedupa. Kangjeng Susuhunan
Kalijaga awewarah makaten :
“Hè para ratu sakawan, sajatosipun agami Islam punika inggih
witing agami karasulan. Tebiyating sarèngatipun inggih nunggil
misak kèmawon. Wewedharaning sahadad makaten :
ASHADU AN LA ILAHA ILLALLAH, WA ASHADU ANNA
MUHKAMADAN RASULULLAH.
Tegesipun : sami naksi ing Datullah. Aneksèni ingsun,
satuhunè ora ana Pangèran anging Allah, lan aneksèni ingsun,
sejatine Kangjeng Nabi Muhkamad iku rahsaning Allah.
Sarèngatipun kedah anglampahi ngibadah sembahyang gangsal
wektu ing dalem sadinten sadalu. Bakal-karamipun sami
kèmawon. Amung kaot atasing sesebutan. Kangjeng Nabi
Ibrahim punika kaaken rahsaning Allah utawi dutaning Allah,
punapa dènè rinilan amengku panetepan nata agami Islam
sajagad pramudita. Winenangaken jumeneng Kalipatullahi.
Tegesipun : wewakiling Allah, rinilan amengku cahya tigang
prakawis :
1. Cahyaning wahyu Nubuwah. Tegesipun : wahyu cahyaning
karaton.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 155
2. Rinilan amengku wahyu Kukumah. Tegesipun : wahyuning
pangadilan leres.
3. Wahyuning Wiliyah. Tegesipun : rinilan amengku wahyaning
wahyu Kuwalèyan, tur sampun nama pinunjul ing para wali
sadaya. Yekti boten wonten ingkang saged anyamèni.”
Raka sakawan matur malih dhateng Kangjeng Sunan Kalijaga,
“Anggèr, menggah bèdaning wewejangan kaliyan sahadad jati
punapa?”
Kangjeng Susuhunan mangsuli.
“Bèdanipun angengkoki asmaning Pangèran. Sahadad jati
punika amung taksih sumèndhè.”
Para raja sakawan lajeng nembah sumungkem ing pada, sarwi
rawat waspa makaten aturipun :
“Anggèr pepundhèn kula ing dunya ngakir, bok kaparenga pun
patik angraub suku, saking kedah-kumedah kawula angsala
barkah Paduka. Karana satuhunipun kawula punika mituhu
wasitanipun Dèwi Rukamawati, inggih punika widadari
ngèjawantah, manjalma wonten ing wana Kardhayana. Kawula
saksadhèrèk sakawan punika sami nyuwun pitedah ingkang
kènging kula suwitani lair-batin. Wasana tinedhahaken uwa
Paduka, pasuwitan lair. Atasè tunggil wangsa, pasuwitan batin
dumunung wonten Paduka.
Mila pareng boten kapareng pun bapa nyuwun suwita, pasrah
ing pejah gesang kawula, sumangga Panjenengan Paduka,
anggèr. Dènè pun bapa ugi badhè ngaturaken ing sasaged-
saged kawula, anggeripun bangsa seserepanipun para Jawata
sapiturutipun.”
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :
“Inggih prayogi, manawi paman dhasar sami mantep ing tèkat.
Yakti boten wonten prabèdanipun kula kalih Jengandika.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 156
Senadyan kutu-kutu wong alang ataga, inggih boten kula
sèlaki. Mila paman samengkè kula ajak mahas ing asepi.
Tegesipun : daweg angiwa panggènan ingkang kiwa, ingkang
sepi samun.”
Raja sakawan lajeng umiring dhateng sukuning wukir Mahèndra,
iring kidul wètan. Wonten ing ngriku Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga lajeng angagem cara kaji. Mawi sarban wulung, jubah
wulung, nyamping wulung. Agemipun teken cis katancepaken,
dipun angge lelendhèyan. Ngantos dangu boten angandika, karana
Kangjeng Susuhunan aneges parengipun Pangèran.
Mila sareng sampun amratandhani kapareng, Sang Manekung
lajeng angandika, nimbali raja sakawan :
“Paman, para ratuning jim, tampanana anggoningsun amijèni
marang sira. Mangkènè :
Sajatinè ora ana apa apa-apa, awit duk maksih awang-uwung,
durung ana apa-apa. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana
Pangèran anging Ingsun.
Dat kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing
asmaningsun, mratandhani ing apngalingsun.
Iya Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing umatingsun
kabèh, kang abangsa rohilapi, kang abangsa roh kèwani,
sapanunggalanè kang gumelar ing alam kabèh iku
pakartiningsun.
Padha sanalika byar, gumelar padhang terawangan. Ora ana
apa-apa. Dadi saciptaningsun. Teka sasedyaningsun. Ana
sakajatingsun, kalawan ing kudratingsun.
Ing kono wus kanyataan pakartining wewenangingsun.
Kang dhingin Ingsun anitahakè Kayun Belaraukin, iya iku kang
sumarambah sagung dumadi ing alam dunya, kang aurip tanpa
roh, gumelarè kabèh kang abangsa kekayon sapanunggalanè.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 157
Kaping pindho, Ingsun anitahakè Kayun Pitarèni, iya iku
sakathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono wus
kanyathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono kanyatahan
padha katitipan ing rohingsun.
Ing kono rahsaningsun padha nyakramanggilingan, tetep-
tinetepan, panjing-pinanjingan, awit nèlakakè yèn Kawula iku
isbat. Dadi kalawan kumpuling telung prakara, saka : adhèm,
panas, angin. Iya iku sajatining surya, rembulan, lintang.
Telung prakara iku kawasa mahanani marang bumi-langit sap
pitu. Dènè kang tumitah dadi manungsa iku uga saka telung
prakara. Bareng wus cumithak ing bumi, temah ana sesebutanè
manèh. Diarani anasir patang prakara : saka sarining bumi,
sarining geni, sarining angin, sarining banyu. Dadi sawiji,
kasamadan saka Datè dhèwè. Dènè kang dadi jim, sètan
brakasakan sapanunggalanè iku abangsa lelembut :
1. Kang asipat jim abang iku asale saka nepsu.
2. Kang asipat jim biru iku bangsa ireng. Iku asalè saka
sungkawa.
3. Kang asipat jim kuning iku asalè saka ngumbar budi
pepènginan.
4. Jim putih iku asalè saka lali.
Mula patang prakara iku pagolongan alam panasaran. Yèn
manungsa kang wus pasah ciptanè, wus dadi ngilmunè, ora
karep kaya sira iku kabèh.
Pamorè patang prakara iku muhung saka kudrating Datingsun.
Ing kono sarupaning panasaran amung narukrama bisanè.
Ananè iya uga mung nunggal saka wisuna baè ing dalem
sakaratil maot mangkènè :
1. Kang dhingin, manawa ana manungsa kang wus tinekakakè
janjinè, lamun durung dadi ngilmunè, ing dalem sakaratil
maot ilang bungahè, kari susahè. Temah nuwuhakè cahya
ireng, iya iku bangsanè jim ireng.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 158
2. Kaping pindho, andulu cahya abang, awit metu nepsunè. Iya
iku kang dadi jim abang. Wekasaning sasar, nunggal sato
kewan.
3. Kaping telu, cahya kuning. Iya iku kang dadi jim kuning,
awit kari ngarpakè pepingananè, karana larating bebayu
sapanunggalanè. Tumanjaning panasaran dadi pitik iwèn
miwah bangsanè iber-iberan iku kabèh.
4. Kaping pat, cahya putih, iya iku kadadèanè jim putih, awit
ing alam panasaran ambarengi larating sungsum, bakal
ambawur lakuning roh. Mulanè tancebing tèkat pasthi korut
marang alaming ataga. Tegesè : dadi beburon banyu
sapanunggalanè.
Patang prakara iku ana aranè dhèwè-dhèwè, tumuwuh saka
manungsa kabèh.
1. Kang ireng iku diarani cahyaning nepsu LUAMAH. Marmanè
bagèanè jim ireng kang wenang agawè goragodha.
2. Kang abang, iya iku cahyaning cahya abang, saka nepsu
AMARAH. Mulanè jim abang kang darbè bubuhan
anggodha.
3. Kang cahya kuning iku cahyaning nepsu SUPIYAH,
wahananing sedya kangdadi jim kuning.
4. Kang cahya putih diarani cahyaning nepsu MUTMAINAH,
wahananè dadi jim putih. Iya iku kahananing alam
panasaran kabèh.
Marmanè yèn manungsa kang wus ambaotos ngilmunè, ora
temu-tinemu prakara patang prakara, karana wus bangkit
amibirat pakarti kang dudu, wus weruh marang panggawè kang
sasar. Awit wus ora darbè uwas sumelang.
Jalaran witing ana alam panasaran kabèh mau iya saka kareping
tèkadè dhèwè, awit nganggo kadunungan uwas sumelang. Iya
iku anggon-anggonè wong kang durung antuk pitutur.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 159
Mangka sadajatinè wus kasebut ing kitab-kitab. Salugunè kang
aran TUWA iku : atinè, titi patitis panggayuhè. Ora jedhok
barang kang sinedya.”
Telas pangandikaning wewedharan. Para ratu duk umiyat cahyane
Kangjeng Susuhunan Kalijaga, dahat sukaning galih. Aturipun
makaten :
“Dhuh anggèr, pepundhèn kula, pun bapa kumedah atur
tetanya. Salami kula gesang punika, kula rumos kalindhih
soroting cahya ngulama. Mangka pakartining jim punika boten
wonten ingkang nyamèni. Mila pun bapa nyuwun pitedah,
cahya punapa ingkang nglimputi Paduka?
Pangandikanipun makaten :
“He paman, wruhanamu iya iki kang dèn arani cahya NUBUWAH,
iya kang dadi panengeraning karaton Jawa. Watekè, sing sapa
katitipan cahyaning wahyu NUBUWAH iku bisa jumeneng ratu
Tanah Jawa.”
Sasampuning makaten, sasirnaning cahya maya-maya, gumilang-
gilang tanpa wewayangan, lajeng santun paningaling para jim
sakawan. Sami andulu cahya mancur, mancorong sasada lanang,
ngadeg ing papasunipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para jim
angandhika malih, sarwi matur tetanya :
“Dhuh sang pinundhi, punika katingal cahya mancur,
mancorong sasada lanang. Prabaning cahya anelahi, nglimputi
sapramudita. Kawula rumaos kalindhih malih. Mila pun bapa
nyuwun pitedah, kasiyatipun punapa?”
Kangjeng Susuhunan Kalijaga amangsuli :
“Iya iki kang ingaranan cahya KUKUMAH. Watekè kawasa agawè
tama, temen, adil paramarta marang sagung dumadi. Sing sapa
kanggonan, winenang angadili nagara.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 160
Sasirnaning cahya sasada lanang, lajeng santun pandulu. Para jim
aningali cahya maya-maya ijem amuyek. Mila tetaken malih :
“Kados pundi kasiyating cahya wilis punika?”
Kangjeng Susuhunan mangsuli pangandika :
“Wruhanmu, iya iku kang ingaran cahya WALIYAH. Watekè
jumeneng waliyullah gaib.
Tegesè gaib iku : èlok. Kang èlok iku sipatè. Dènè ora lanang,
ora wadon, dudu wandu. Mesthi ananè, mokal oranè.”
Ing nalika punika para jim sakawan wau duk miyarsa
pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng sami
rawat waspa. Sarwi matur karuna amelas arsa.
“Dhuh anggèr, pangidhepan kula, mugi pun paman dipun
cangkinga ing kahanan jati. Sanadyan dados endheg-endheging
amun-amun, manawi Paduka ingkang bekta, sampun narimah,
sarta sampun rumaos lebur ing sadosa-dosa kawula. Èwadènè
kadi pundi karsanipun putra kula, pun bapa amung andhèrèk
kèmawon.”
Kangejng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“Hè paman, mungguh pamintanira supaya ingsun anglebura
saka asalira dhèwè-dhèwè, ingsun iya bisa akarya dedalan kang
bisa nunggal lawan manungsa. Angger sira manut sarta trima,
pasthi sarira milu nikmat, tunggal lawan kahananingsun.
1. Raja Bramarkata, tumacepa cipta sawiji lawan arinira si
paman jim biru.
2. Jim biru sumarambaha cipta sawiji lawan kahananing
arinira, paman jim kuning.
3. Si paman jim kuning nunggala cipta lawan jim putih.
4. Paman jim putih, yèn wus ngumpul dadi sawiji, nuli ingsun
kukut dadi sawiji, tunggal lawan cahyaningsun kang metu
saka ing pramana, dadi wahananing cahya
pancadriyaningsun, saka ing kudratingsun.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 161
Kala samanten jim catur sampun saèngga rasa, gumilang-gilang
dados satunggal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sigra angracut
pangawasaning jati wisèsa makaten :
“Ingsun amusthi jati wisèsaningsun dhèwè. Wahyaning
cahya patang prakara ingsun racut dadi sawiji, katarik
saka wewenanging Kajat jatiwisèsaningsun, saka ing
kudratingsun.”
Kala samanten para ratu jim sampun manjing dhateng Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, ananging amung dumunung dados
wimbuhing cahya pramana kèmawon, sarta amimbuhi pangawas,
tuwin kènging dipun anggè rowang. Saupami kabentus ing awang-
awang, kasandhung ing warata, jim sakawan pisan taksih
mahanani kasubdibyan.
Tegesipun : manawi dipun pesu taksih saged medal dados rowang.
Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya wimbuh
kaluwihanipun. Saupami karsa matek pangawasa, saged warni
sadasa.
Ingkang satunggal pramanajati, ingkang sakawan jim. Warni
sampun saengga Kangjeng Susuhunan Kalijaga.
Dènè ingkang gangsal, kadangipun piyambak. Ugi saged warni
nunggil Ingkang Sinuhun. Makaten malih Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga wiwit kawimbuhan wewenangipun para jim. Sampun boten
sedya katingal kaliyan sipating janma balaka.
Sareng sampun kacakup ing guna kasaktènipun, Kangjeng
Susuhunan lajeng sowan ingkang uwa. Kangjeng Susuhunan Lawu
kagyat ing galih, lajeng tetanya :
“È jebèng, ana pangunguning tyasingsun marang sira, dènè
wimbuh mancur mancoronging cahyanira, ora kaya adatè.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 162
Ingkang putra matur sababipun. Para jim ratu sakawan aturipun
amiwiti amekasi. Ingkang uwa duk miyarsa dahat sukaning galih.
Malah lajeng aparing wimbuhan manik kumala retna, pinasang
sanginggiling pepasu. Pangandikanipun ingkang uwa makaten :
“Kulup, iki kumala retna, ingsun paringakè marang sira, dadia
kekembanging warna sucahya. Iya iku susuk ingsun pasang
sandhuwuring pepasunira. Watekè, sira bisa nampani caturing
lelembut brakasakan, sarta sira kinadarakè kacèk sasamining
urip. Ing kono aja nganti ngaton dhingin, karana sira wus
dibayawarakakè ngakèh, padha angarani mati, ananging aja
nganti cidra wancinè, aja bèda tekaning lara tutuging pati.
Dènè ing dalem sapanggonan, aja nganti katarecet pasang
semunira.
Lawan ingsun amemarah marang sira, kulup, manawa ana
pakèwuhing budinira, banjur ngusapa bebathukmu kaping telu.
Èpèk-èpèk karo kausapena ing bathukmu mandhuwur, wiwit
ing nètranira. Ing kono wus dadi ila-ila, yèn kapetengan ati,
asring pinarengakè padhang atinè. Yèn ana karepira kang
anawa lali, asring pinaringan èling. Mula sarana iku waratakna
marang sarupaning anak-putunira miwah para kawulanira
kabèh, padha anggoa kupiya sesarat angusapi bathuk kaping
telu.
Sing sapa peteng atinè, padhang. Sing sapa kalalèn, èling.
Lawan maningè kulup, supaya awèting lelakon, tulusing
panganggonira iku, sira aja nganti dhahar roning kèlor utawa
ketèla gantung. Karo aja wani-wani mangan bangsa eri. Watakè
angudhari kekeran kung sinengker.
Apadènè sira ambabarena ukara kang èlok-èlok. Kaya upamanè
sira ajejagongan lawan para luhur utawa para ahli ngilmu,
nganggo atatarèna lawan kang ajaga rumeksa ing jasatira.
Kang sira. Kang sira ajak tetarèn sakajatira iku aja liya
pamanira jim papat ingkang ingkang nunggal lawan cahya
pramana. Utamanè kadangira papat lima pancèr.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 163
Èwadènè manawa sira arep andadar kadibyaning kumala retna,
bisa anekakakè sarupaning lelembut, brakasakan apadènè jim
liya-loyanè, pèjèten susukira kumala retna, sarya angundang
apa karepira ing satuhunè ana swara kang andadèkakè
kaèlokan.”
Ingkang putra lajeng nyatakaken pangandika makaten :
“Hèh paman raja catur, padha nutugena dedongènganira ing
nguni.”
Sakala lajeng carita :
“Taksih salebeting tau Suryasangkala, taun Jawata dipun
wastani WAKDANIYA, angka 386, kaètang ing taun
Candrasangkala 397, taksih amarengi mangsa Kartika.
Andumugèkaken cariyos dedongèngan ing ngajeng, anuju dalu,
Brahmana Raddhi antuk sipta sasmita wewangsitaning Jawata,
anyarengi tumuruning lintang anggara. Kados makaten ujaring
wangsit : HÈ SEWARITAYÈSOGATA, TAMBANGGANA URA.
Tegesipun : sakabat kècalan guru, nemahi pancabangkah,
dados ura.
Brahmana Raddhi rumaos gènipun wonten madyapada, ing
Suralaya, swarga, sami sulaya. Ènjingipun amemulya gangsa.
Kang dèn memulya latu. Sarta dinten punika dipun wastani
dinten ANGGARA. Tegesipun : dinten latu. Dumugi ing mangkè
dipun wastani dinten Selasa.
Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Buddha,
angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAKATHANIRA
DARUKI PANGIRA DALAYUN.
Tegesipun : pedhati tanpa kusir, pangiridè salèwèngan.
Brahamana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada,
lampahing surya èwah-èwah. Èjingipun amemulya tosan. Kang
dèn memulya bumi, sarta dinten punika dipun wastani dinten
BUDDHA, tegesipun : dinten bumi. Saminipun ing jaman
mangke dinten Arbo (Rebo).
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 164
Daluning malih Brahmana Raddhi katurunan lintang
Wrahaspati, asung wangsit sipta sasmita makaten :
MAMINGKARÈ NGADIKARA DADYA TUNA.
Tegesipun : Tiyang nilar pandamelan perlu, punika dados
margining katunan.
Brahmana Raddhi rumaos, anggènipun nilar kuwajiban tan
pakantuk. Ènjingipun memulya parungka dipun wastani dinten
Wrahaspati. Tegesipun : dinten gelas, inggih dinten Kamis.
Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Sukra,
angsung wangsit sipta sasmita makaten : INTEN TINUTI JUGA
YA MURKKAMA DURHYAKA.
Tegesipun : Anuruti karsa punika ugi murka, ugi nemahi
duraka.
Brahmana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada,
kasebut murka. Ènjingipun memulya dembaga. Kang dèn
memulya toya. Sarto dinten punika kawastanan dinten SUKRA.
Tegesipun : dinten jawah. Saminipun ing mangkè : dinten
Jumungah (Jumat).
Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Saniscara,
angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAMADI MASA LAYA
NOPA LAKSANA.
Tegesipun : Asemados mangsanipun dumugi jangji, tetep
kalampahan.
Brahmana Raddhi rumaos, kala rumuhun aprajangji,
anggènipun tumurun ing madyapada amung satus taun.
Brahmana Raddhi semu mèrang.
Ènjingipun memulya timah. Kang dèn memulya angin. Sarta
dinten punika dipun wastani dinten SANISCARA. Tegesipun :
dinten angin. Saminipun ing mangke dinten Saptu (Sabtu).
Sasampuning jangkep pitung, Brahmana Raddhi matur ing
Prabu Sèlacala, katuran ngagem saha nglimrahaken dinten pitu
wau, nanging karangkepan pekenan gangsal, kangge dumugi
sapunika, kalebet pulo Bali, Madura.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 165
Nunten Brahmana Raddhi muksa, dados Sang Hyang Surya
malih. Prabu Sèlacala langkung sungkawa, dènè katilar
gurunipun.
Babaripun cariyos SERAT MAHARAJA kapèrang dados gangsal
lampahan.
Pèrangan I nama SERAT DYITAYANA, kaangit dèning EMPU
RAGARANA, ing Mamenang.
Panganggitipun nalika taun Suryasangkala 853, taun
Candrasangkala 879.
Wiyosipun, menggah ingkang dados bebuka rumiyin, dèrèng
ngucapaken babaripun SERAT DYITAYANA, margi taksih
angayuh panunggilanipun cariyos SERAT SUMANTAKA,
lampahanipun Rsei Satmaka, Sang Hyang Wisnu anggènipun
dados dhukun, tuwin lampahanipun Prabu Silacala, kados ing
ngandhap punika :
Salebeting taun Wijaya, ètanging taun Suryasangkala 401,
tinengeran : JANMA ANGRUSAK PAKARTI. Kaètang ing taun
Candrasangkala 413, tinengeran : GUNANING WONG DADI
BARAKAN.
Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Prabu Silacala anuju
lenggah akaliyan garwanipun, kinèn amètani.
Dèwi Sinta waspada, mustakanipun Prabu Silacala buthak. Dèwi
Sinta matur mula bukanipun, Prabu Silacala prasaja. Timuripun
kathuthuk ènthong ibunipun, Dèwi Basundari, lajeng kèsah
dumugi jumeneng Nata ing Gilingwesi. Ing ngriku Dèwi Sinta
amidhanget cariyosipun Prabu Silacala, angungun sarta ènget
wewèntèhan, nalika kèsahipun ingkang putra Radèn Wudhug,
inggih Radèn Raditè, amargi kathuthuk ing ngèthong.
Dèwi Sinta nggarjita boten samar bilih Prabu Silacala punika
putranipun pambajeng piyambak. Dèwi Sinta kaduhung lajeng
matur dhatenf Prabu Silacala.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 166
“Pukulun, Panjenengan Paduka punika saèstu tresna
dhateng kawula.?”
Prabu Silacala anon, lajeng wungu, garwa pinondhong. Prabu
Silacala angandika :
“Dununging sihingsun tan liya amung sira. Pagènè sira
maksih sandèya?”
Aturipun Sang Dèwi Sinta makaten :
“Pukulun, manawi Paduka saèstu tresna, kalilanana kawula
boten nembah ing Paduka, sarta manawi wonten ngoko
kawula, kaaksama. Utawi dinten punika mugi sampun
kakarsakaken among rarasing asmara turida, karanten
kawula badhè lelampah tapabrata, laminipun sakatarima
kawula dhateng Sang Hyang Jagatkarana.”
Duk ing wau Dèwi Sinta kaudhunaken saking pondhongan,
angarasi putranipun, Radèn Radèya, sarwi arawat waspa.
Aturipun:
“Pukulun, putra Paduka Radèn Radèya kaparingana peparab
Radèn Sindhula. Tegesipun : kama salah.”
Dèwi Sinta dhateng pamelengan, anuwun sudanipun ing sih
Prabu Silacala.
Salebeting taun Jaywana, ètanging tau Suryasangkala 402,
tinengeran : NEMBAH MESAT WAHANA SIRNA. Kaètang ing taun
Cadrasangkala 414, tinengeran : pakartining janma warna
muksa.
Dèwi Sinta kinèn wudhar ing tapabrata. Dèwi Sinta amangsuli,
“Pukulun, dununging tresna punika rila.”
Pangandikanipun Prabu Silacala, “Apa karepira, yayi? Jarwaa.”
“Pukulun, sayektinipun kawula kapèncut darbè maru widadari
kasapta ing Suralaya, supados kasusra mewah kaluhuran
Paduka.”
Prabu Silacala anyagahi.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 167
Prabu Silacala miyos, animbali kang rayi, Patih Arya Suwèlacala
kaliyan Brahmana Suktikna. Prabu Silacala andhawuhaken,
krama widadari kasapta ing Suralaya. Aturipun Brahmana
Suktikna :
“Pukulun, karsa ingkang makaten wau kedah linampahan
tapabrata, binujung ing darmastuti, jinemparing ing cipta
pranawa, winawas ing panalangsa. Lepasipun boten pegat
aminta aksama. Manawi patitis kang cinipta, saèstu dados.
Kang sinedya wonten, kang kinarsan dhateng.”
Pangandikanipun Prabu Silacala :
“Hè Brahmana Suktikna, dalan mangkono iku luwih
runggut.”
Arya Suwèlacala matur, “Pukulun, runggut punika
pambabatipun kalayan sengkut. Jangji taberi, lami-lami saged
sakapti.”
PrabuSilacala linggar, tedhak ing patamanan.
Salebeting taun Tambi, ètanging taun Suryasangkala 406,
tinengeran : ANGGANA MUKSANING YOGA, kaètang ing taun
Candrasangkala 418, tinengeran : ANGESTHI TUNGGAL
PAKARTI.
Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Bathara Laksmana, Bathara
Satyawaka, Bathara Srita, Panyarikan, tumurun dhateng
Kayuwan, sowan ing Rsi Satmata, Sang Hyang Wisnu, umatur :
“Pukulun, kang satuhu Sang Hyang Wisnu ingkang mulya,
ratu-ratuning swarga, ingkang boten pegat angayomi
titahing Hyang Wisèsa ingkang tumuwuh ing jagad. Kawula
kumedah umanggahi karsa, anggèn Paduka anglampahi
dados dhukun. Saking pamanah kawula, badh anenungkul
panalangsa, awit pangrapuning deduka punika sarana mawi
anenuwun pangaksama.”
Resi Satmata, nadyan sampun amumpuni guna kasantikan sarta
ingkang sampun boten kasamaran, sareng amidhanget
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 168
aturipun ingkang rayi tetiga, anuwuhaken raosing galih.
Pangandikanipun makaten :
“Dhuh yayi kabèh, tuturira iku teka bener, nanging rèhning
ingsun wus kasura, paran baya goningsun anyinggahi?”
Patakoning wong, “Dhuh Pukulun, manawi makaten, wontena
karsa Paduka angalih padhepokan, ingkang ragi tebih saking
ngriki.”
Pangandikanipun Resi satmata, Yèn mangkono, payo yayi
padha maring pucaking wukir Candrageni, Marapi, ngiras
amemuja nuwun pangaksama, karana wukir iku enggon
katarimaning memuja.”
Bathara tiga mangayubagya, andhèrèk mangkat.
Salebeting taun Wikari, ètanging taun Suryasengkala 407,
tinengeran : RESI MUKSA WARNA SUNYA, kaètang ing taun
Candrasengkala 419, tinengeran : GAPURA TUNGGAL WAHANA
SIRNA.
Amarengi mangsa Pusa, kacariyos Sang Hyang Kala anitis
dhateng Prabu Silacala. Sanalika Prabu Silacala kagungan galih
angkara murka. Paribasan GAJAH ELAR MIYOS SAKING
PAHOMAN. Andhawuhaken badhè nyalirani piyambak nglurug
dhateng Suralaya. Patih Arya Suwèlacala sandika, nanging ing
batos angemu sungkawa. Mambeng sampun boten kapadhan.
Ing ngriku Bengawan Buddha, Bagawan Sukra, midhanget
pawartos, Prabu Silacala arsa mbedhah Suralaya.
Bagawan kalih makidhupuh ngarsanè Prabu Silacala, umatur :
“Pukulun kang binathara ing jagad, karsa Paduka ambedhah
Suralaya, kados kirang mengsah. Ila-ila punapa ingkang
pinanggih? Punapa ingkang kaajap, dènè memengsahan
pepundhèn? Bebaya punapa ingkang pinanggih? Boten wandè
badhè tampi sapu dhendhaning Dèwa.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 169
Dhuh Pukulun, samukawis pratingkah kedah dipun angkah-
angkah. Manawi boten makaten badhè kasebut TIYANG INA,
dènè kaduk purun kirang dedugi.”
Prabu Silacala sampun korup ing pangirupanipun hawa murka.
Murang ing pangèrang-èrang, boten pasah ing pangampah.
Dados pasrah sumèndhè ing titah. Bagawan kalih wau sami
mundur dhateng ing Ngandong Dhadhapan, ing Gadhing
Mawukir. Patih Suwèlacala kaliyan Brahmana Sutikna
tinanggenah tengga praja. Boten kacariyos wonten ing margi.
Salebeting taun Sarwari, ètanging taun Suryasangkala 408,
tenengeran : MANGGALA BARAKAN DADI, kaètang ing taun
Candrasangkala 420, tinengeran : BARAKAN KEMBAR WARNA.
Amarengengi mangsa Padrawana, Bathara Guru kacariyos
tumedhak dhateng Suralaya, paring wangsit dhateng Sang
Hyang Endra. Pangandikanipun makaten :
“Kaki Prabu Surapati, ing mengko wus mangsanè si Silacala
teka ing apes. Wus kapanjingan budi angkara murka,
nanging kang kawasa nglawani mung Resi kang mangun
tapa ana ing Wukir Candrageni. Iku kinonen mapag perangè
si Silacala. Manawa sanggem, sun apura sadosanè.”
Sang Hyang Naraddha anambungi :
“È Kaki Prabu Surapati, sajatinè kang tapa ana pucaking
Wukir Candrageni, arinira si Wisnu. Ingsun dhèwè baè kang
nimbali. Manawa kurang piandelè, temah lenggana.”
Sang Hyang Èndra nembah, rumojong ing karsa. Sang Hyang
Naraddha mesat. Sarawuhipun lajeng rinangkul, sarwi
winangsit ingkang dados timbalanipun Sang Hyang Jagadnata.
Resi Satmata matur sandika, nanging badhè wewartos dhateng
garwanipun ing Ringinsapta.
Sang Hyang Naraddha anglilani, lajeng wangsul ing Kahyangan.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 170
Resi Satmata anyipta titihan sembrani, katitihan kadangipun
tetiga : Barhara Laksmana, Bathara Satyawaka, Batara Srita,
sakawan Resi Satmata.
Kuda sembrani mesat angambara. Dumugi padhèpokan ing
Ringinsapta sami anyèluman, awit badhè angawasaken
sasolahing garwa, Dèwi Sri Yuwati kaadhep ingkang putra,
Radèn Srigati.
Pangandikanipun Resi Satmata :
“O jiwa ulun rari menak tambek nala nityasira.”
Tegesipun : “Dhuh nyawaningsun, yayi, teka ing tansah ing
kapainak ing tyasira.”
Dèwi Sriyuwati boten samar pangandikanipun ingkang raka,
umatur makaten :
“Dhunan kyindung nirta, nglening manih anggenupaka karti
tala.”
Tegesipun : “Dhuh Pangèran kula, angicalna sengkelipun
ing cèthi Paduka kados siti lebu.”
Nunten Radèn Srigati umatur, “Sinten lawanan Paduka
angandika punika?”
Radèn Srigati nuwun sumerep. Resi Satmata andangu, “Iku yayi
sapa?”
Dèwi Sriyuwati umatur :
“Pukulun, punika putra Paduka pun Srigati rumuhun. Kala
Paduka tilar ing Lokadhaya taksih jabang.”
Nunten Resi Satmata ngatingal, dalah ingkang rayi tetiga. Dèwi
Sriyuwati tuwi Radèn Srigati lajeng ngestu pada. Dèwi Sriyuwati
umatur :
“Pukulun, sinten ingkang sami andhèrèk paduka punika?”
Resi Satmata angandika :
“Iku kadangingsun kaprenah ipè telu pisan. Kang sawiji aran
Bathara Laksmana, arinè garwaningsun Dèwi Srilaksmita.
Sawiji aran Bathara Satyawaka, arinè garwaningsun Dèwi
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 171
Setyawama. Sawiji aran Bathara Srita, panyarikan, arinè
garwaningsun Dèwi Sriyati.”
Dèwi Sriyuwati umatur :
“Pinten kathahipun garwa Paduka, Pukulun?”
Resi Satmata angandika :
“Garwaningsun lelima, nenem sira iki.”
“Pukulun, saweg sekawan kawula.”
Resi Satmata mangsuli :
“Bakyunè garwaningsun Dèwi Srilaksmita, aran Dèwi
Srilaksmi, padha putranè Sang Hyang Rasi Wiksmaka,
patutan sawiji muksa, anuksma sajroning bumi. Ujarè, ing
tembè bakal dadi garwaningsun manèh, putranè Sang
Hyang Resi Satyaka, aran Dèwi Sri Satyawana. Nuli krama
maneh putranè Sang Hyang Resi Surèngrana, aranè Dèwi
Sriyati. Arinè Dèwi Sriyati kang antuk Bathara Laksmana iki.
Dadi garwaningsun lelima pisan mau padha wayahè Sang
Hyang Pancaresi.”
Dèwi Sriyuwati umatur :
“Pukulun, menggah kang bok gangsal wau, sinten ingkang
sampun patutan?”
Resi Satmata ngandika,
“Yayi, lelima pisan wus padha patutan, nanging padha dadi
Dèwi. Kang wadon dadi widadari.”
Wijangsamanipun. Dèwi Sriyuwati nolèh kang putra, “Kulup,
Radèn Srigati andheku. Dèwi Sriyuwati umatur malih, “Pukulun,
sadangunipun linggar saking waringinsapta wonten pundi”?
Resi Satmata ngandika :
“Dadi dhukun, yayi.”
“Kados pundi, Pukulun?”
“Ana wong aran Buyut Gopa ing dèsa Sèwu, anakè lanang
aran Pastima, lara kalenglengan, kena kemayan gonè
anglangkahi rajabrana kang kapendhem, tinengeran watu
tampir. Ingsun kon jukuk, bakal dadi kamulyanè. Si Pastima
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 172
disabetana sapu kawat, sapu gerang, diborèhana trasi winor
kukusing cangkring, godhong legundhi putih lan tungtungè
atinè diusapana lenggoning winong, godhong karamèan,
godhong giyanti, angemuta babakan turi, rinemus winor lan
marica sulahsih.
Nètrane dipupuhi kumkuman larah larah kawak, winoran
godhong pèpè, lan matanè lempuyang sayodè sarta
legoning walesah.
Irungè diusapana godhong gandarasa keling, lagundhi
oyoding silungu.
Kuping dipupuhana telèking pitik abang, sininjong lan
daringo benglè, winora mataning jaè walang watu lumut
watu, laler wilis.
Yèn wis sun kon mindhang antelung pitik ireng sakelarè,
anjupuka banyunè aja kongsi obah, winorana enjet lan
pucuking alang-alang, godhong daringo, bawang putih,
uyah windhahan bathok bolu, karaupna ing raine.
Iki mantranè :
SANG KALA DURGA, KITANGGURUANGKU, SANG
GOLANG-GALING, WEHEN PALARANGKU, KITA
AMAKNA, TEKENG OSADANGKU, PANIRANAPA,
MANTANA SAWUNGKU.
Sawusè mangkenè, yayi, Buyut Gopa mulih, anamakakè.
Balinè manè wus sugih rajabrana, malah puruita pisan.
Ingsun uga mituruti. Pastima uga wus waras.
Salebetipun taun Manmata, ètanging taun Suryasangkala
403, tinengeran : GUNA TANPA DADI, kaètang ing taun
Candrasangkala 415, tinengeran : WISAYA NUNGGAL
WARNA.
Amarengi ing mangsa Sitra, kacariyos tiyang dhusun
Mandira, wasta Paniwaka, dhateng ing Kayuwan, matur
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 173
gadhah pangangkah dhateng èstri nama Kèn Wresti,
sutaning Umbul Warsaya, inggih umbulipun dhusun
Mandira. Rèhning tiyang alit, gadhah pangangkah dhateng
bendaranipun, anenuwun sagedipun kènging.
Pangandikanipun Resi Satmata, “È Paniwaka, sira mancinga.
Yèn antuk mina, aturna Umbulira.”
Sandika, mangkat. Boten dangu Umbul Warsaya dhateng,
matur gadhah kajeng pawèstri, wastra Rantam. Punika
lenggana, boten kongkih saking pamrih, botena saking
warna.
Dèrèng ngantos dangu pun Puniwaka dhateng ambopong
mina. Resi Satmata angandika :
“Hè Paniwaka, iku iwak dhuyung, akèh kang katut iku, saka
katètèsan ilunè, karana mina iku saben kaentas ing
samudra, kaya karuna. Kayu watu kang katètèsan banjur
manut. È, Paniwaka, minamu lilakna marang Umbul
Warsaya. Hè Warsaya, iluning mina iku tadhahana, woren lan
lenganè, nuli endelen lan lenganè, kalèthang turi,
cangkaruking ketan pengantèn, malaning tawon sih,
gendheking kenanga, wohing pepulutan, talutuhing kayu
rubung jebug tolih, lenganè uler lulud. Iku padha endelen
dadi sawiji, nuli tamakna kang kagepok awakè.”
Umbul Warsaya sandika. Pun Paniwaka umatur :
“Pukulun, pun Warsaya sampun tanpi kagunan, sarta
badhè kathah tiyang kènging dhuyung.”
“Hè Paniwaka, aja sumelang atimu. Sira dadia jurugina.
Tegesè : angruwat guna.
Ngupaya wijèn ireng, balarak pucang, laos, pala, cengkèh
pitung galintir lan karok tuwut, dukut kamarunggi pitung
lembar.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 174
Godhong pala lar nem punggel, kayu jaè, kayu areng, kayu
kamadhuh, padha keriken. Lan gadhung sarta suruh aking.”
Pun Paniwaka sandika. Pendhak dinten dhateng malih
ngaturaken kawontenan. Pangandikanipun Resi Satmaka,
“Gadhungè benemen.”
............................................................
............. halaman 137 hilang................
............................................................
Sanalika Resi Satmata medal perang. Prabu Silacala kacandhak.
Pangandikanipun Resi Satmata :
“Sayekti sira bakal mati saka naraka.”
Prabu Silacala amangsuli :
“Swarga naraka iku wus pacanganingsun dhèwè. Yèn
ingsun duraka, sayekti tibèng naraka. Yèn ingsun
katarima, yekti manjing swarga. Nanging swarga naraka
iku marganè saka antaka. Dènè antakaningsun, ujaring
wacana gampang baè.”
Resi Satmata mangsuli :
“Kaya paran ujaring weca?”
Prabu Silacala mangsuli :
“Ingsun duwè cangkriman telung kecep. Bisa ambatang
weruh werdinè sarta anyanggemi, iya ingsun jatèni ujaring
weca.”
Resi Satmata mangsuli :
“Kaya paran cangkrimanira?”
“SUPI LAPI LAPA, SUPI LAKU PALA, KUPI LASU PALA.
TEGESIPUN : Wit dhakah woh dhakah, wit dhakah woh
dhikih, wit dhakah woh dhikih.”
Pambatangipun Resi Satmata :
“Wit dhakah woh dhakah : kalapa.
Kajengipun : putra-wayahipun Prabu Silacala kapurih
mulyakaken.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 175
Wit dhakah woh dhikih : waringin.
Kajengipun : pawestrinipun sampun kaalap.
Wit dhikih woh dhakah : semangka.
Kajengipun ; anak-putuning wadya ingkang pejah prang
kapurih anggentosna.”
Sareng Rsei Satmata sampun ambatang sarta sangem, Prabu
Silacala awewarti, sèdanipun saking numpak padhatinipun Sang
Hyang Bathara Surya sakedhap dhateng, lajeng katrap ing
padhati, kabekta mangilèn leres. Kadhawahaken satelenging
samudra tanah Sumedhang.
Kacariyos lajeng dados tosan wesi brani. Dènè para kadangipun
ingkang pejah ing rana sami dados redi alit-alit wonten ing
marpat Kapanasan. Dènè wasèsaning ngayuda sadaya sami
anungkul.”
Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, duk
miyarsa gremeng-gremenging caritanipun para ratuning jim
sakawan pisan wau, dahat suka leganing galih. Rumaos sampun
wonten aling-alingipun dènya lampah sesiluman. Pangandikanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Hè paman raja catur, dahat suka bingah kula dènè si paman
sami saged andongèng caritaning para Jawata. Yakti badhè
dados lantaraning katarima dhateng para ratu ing tanah Jawi,
awit ing nagari Demak punika kaècalan sajarah uruting
caritanipun para ratu ing tanah Jawi. Mila ngantos sapariki
anggènipun ngupaya PUSTAKA RAJA, pusaka karaton ingkang
saged gancar dalah taun, wulan, masa, dinten Buddha, supados
wontena ingkang dados teturutan.
Jalaran awit Demak sapisan utusan pujangga, wali, nama
Kalinyamat, boten saged dumugi pangupayanipun. Sunan
Kalinyamat kaselak pejah, mila boten saged kalampahan
angimpuni PUSTAKA RAJA. Mila saupamikula dumugi ing nagari
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 176
Demak, mangka taksih angupadi carita bituwahing praja, si
paman punapa boten balèjani?”
Aturipun jim sakawan kados ing ngandhap punika :
“Dhuh Sang Pinuji ing bawana, sadèrèngipun kula manjing ing
pramana, èsthining manah kula sami ngidhep ing Paduka.
Asrah pati-urip. Sakarsa sumangga. Mangka ing mangkè kula
sampun nunggil sajiwa-raga, yakti badhè boten saged èwah
gingsir saking sarira Paduka. Èwadènè purbawasèsa sampun
dumunung wonten ing kajat jatiwasèsa Paduka. Tegesipun
makaten :
Pramana punika asal saking wahyaning pranawa,
kawimbuhan prabaning atma, kalunturan wahyaning
Suksmajati. Dènè ingkang lumampah ing dalem tinten utawi
dalu, sami katarik saking wewenanging Nur Muhkamad.
Tegesipun : cahya kang pinuji.
Dènè ingkang muji inggih saking Paduka piyambak.
Ingkang pinuji inggih boten liya saking Paduka.
Mila prabaning Nur Muhkamad kawasa anglimputi dhateng
manon, tumancep wonten wewadining manubawa. Temah
asisilih aran SANG HYANG MANU MANONTON, inggih
punika kahananing Manik Sajati.
Ingkang makaten wau tetep wonten ing Paduka. Sorotipun
sumarambah dhateng kawula.
Mila cahyaning pramana punika sampun kènging dipun
basakaken Manikmaya.
Menggah wisèsaning prangawasa kados makaten
pamanggih kula :
MANIK punika teteping dadya, dumadining sipat,
wujudullahi. Inggih punika dènè sampun kaaken rahsaning
Dat sajati.
Menggah ingkang nama MANIKMAYA : MANIK punika
Paduka, MAYA punika kawula. Mila katetepaken dados
satunggal kaliyan pramana, amimbuhi purwbawisèsaning
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 177
pancadriya. Yakti boten kènging yèn kapisaha, awit MANIK
tanpa sorot, kados pundi pamawasipun?
Sorot tanpa MANIK, punapa ingikang kadamel gèyongan?
Mila kaupamèkaken SOROT lawan SOROTIPUN.
Mila sampun tetèla, kawula punika dados piranti Paduka ing
salaminipun. Saupami Paduka badhè nyorog ing pangawasa
kawula, yakti anut sacipta Paduka. Manawi kirang meleng
pamanthenging cipta, yakti sorotipun boten saged
mahanani sedya. Èwadènè pamanthenging cipta Paduka
meleng, boten sumorot dhateng pundi-pundi. Yakti saged
dados saciptanipun, teka sedyanipun, ana sakajatipun.
Menggah ingkang kawula andharaken makaten wau
tegesipun, sadaya ingkang kawula lampahi inggih amung
anut miturut sakrejeting kajat Paduka kèmawon. Dados ing
sasolah bawa, sacipta rasa Paduka, kawula amung darmi
anandukaken. Nadyan awon-saè, inggih kantun ngleluri ing
sakarsa Paduka kèmawon, awit sampun nunggil sarasa ing
awal-akiripun. Mila tangèh yèn mlèsèta. Boten langkung
kawula sadaya punika amung anut sakrejeting caipta
Paduka.
Menggah sadaya atur kawula ingkang makaten wau,
sanadyan Paduka sampun andhawuhaken asal kawula
sadaya wau : saking cahya cemeng, saking cahya abrit,
saking cahya jenè, saking cahya pethak, sareng sampun
katunggilaken kaliyan pramana, sumarambah dhateng
pancadriya, punpa inggih medala saking Muhkamad
Maja...... katancepaken dhateng Muhkamad Sajati?
Sababipun ing kawula sampun manjing Isbat. .......ratipun
sampun dados warangkaning rahsa.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 178
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga suka penggalihipun. Mila
lajeng sowan ingkang uwa......................
....................................................
..........halaman 141 hilang............
....................................................
Kaki Walakas amangsuli, “Paèdahipun tiyang lelana punapa ?
Dadak wareg anak-bojonipun? Bèdha kalih kula, sampun guguh
taksih kluyuran angupaya bukti. Nemahi beberah garu maluku
macul, saking ajrih kaluwèn.”
Kaki Walaka mangsuli, “Iya iku wong ora ngandel marang
kamurahaning Pangèran. Nandhakakè tipising ati.”
Wangsulanipun Kyai Walakas makaten, “Inggih leres tiyang
kumendel punika badhè kandel, awit nyata yèn Pangèrang punika
mirah, angudanèni sakajating tiyang sarta sampun kanyatahan
dhateng saliring dumadi. Nadyan salebeting kayu, watu, tamtu
tinaning tedhanipun, pinanci sasedyanipun dumadi sadaya dèning
Pangèrang Kang Maha Kuwasa. Nanging, kurubing kawula punika
sampun rinilan punapa kajatipun awon-saè. Balik anak-bojo ing
wingking ugi kedah kula saranani bausuku, awit wajibing kawula
kedah istiyar. Dados kènging tinembungaken : KUMLAWET PUNIKA
KEDAH KUMLAWE. Sandyan sampun angsal kamirahaning Allah,
yèn boten angluluh jasatipun, tamtu inggih amung sapancèn
kèmawon. Tegesipun, inggih amung mangan-manganan, awit
dipun bektanibausuku boten kalampahaken. Dipun paringi mata-
kuping-cangkem-irung, boten kaanggè ningali sarta boten kaanggè
ngrungu, ngambu, angucap.
Yèn makaten badhè ngicalaken wewenanging Pangèran. Mangka
cariyosipun bapa kula, Gusti Allah punika boten saged ningali.
Ingkang dipun agem aningali inggih mripat kula punika. Boten
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 179
saged miyarsa. Ingkang dipun agem mirengaken angagem talingan
kula. Boten saged ngandika. Manawi angucap angagem lèsan kula
punika. Boten sage angganda, muhung angagem grana kawula.
Mila saupami boten kula, yakti malah angicalaken
pangawasanipun.
Badhè sapinten dosa kula ing Pangèran? Jer bèda kaliyan
lampahipun para wali. Nandyan nganggur pitekur wonten griya
kèmawon, yakti nedha, awit sampun angsal pepancèn tedha saking
ratu Jawi. Tur kathah. Punapa dènè inggih kados kèmawon meleng
tèkadipun, dados ngilmunipun, awit lenggah siti sèwu karya
punika kathah.
Botenè kula puniki, kuli ngolak-alik galengan, amung salupit,
nanging jalimet pamardi kula, inggih nyekapi. Amung tetimbangan
: apsah pundi nganggur kaliyan angupakara?
Ingkang nyamèni tiyang èbah bausukuning kados boten wonten,
awit apngal punika pirantining ngagesang, tuwuhipun saking
pundi.
....................................................
..........halaman 143 hilang............
....................................................
Kayai Walakas boten suka, ingkang sedya uninga meksa. Dados
kalampahan udreg-undregan. Dangu-dangu Kyai
Walakasngulungaken jenthikipun, katingal cumlorot saèngga cahya
purnama. Kakai Walaka kagyat sigra anungkemi pada, sarwi
sesambat lara-lara, dènè ingkang uwa karsa nyobi kasudiraning
sedya.
Ingkang uwa ngandika, “Aja dadi tyasira. Sajatinè mung arsa
nyatakakè katemanira marang wewekasingsun. Wasana wus
kanyatahan sira ngèstokakè pituturing wong ngatuwa. Yèn
mangkono, sira wus tetèla dadi pandam pangaubaning para umat
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 180
kabèh. Anjaba iku kulup, sira dèn ènggal marang prajèng Demak,
awit samengko wus ana anataranè sireping lelakonè nagara.
Ingsun darbè sumitra, wong wadon, aran Nyai Purnamasiddhi. Iku
rada matjenun tèkadè, awit kapanjingan wadyaningsun. Ing kono
sira anjujuga, supaya bisa angalingi raganira.
Tur biyèn wus kulina lawan duk timurira. Awit iku arinè si
Mandhapa, sutanè Rekyana Patih Lagung, gedhana-gedhini mung
loro, lanang wadon. Marmanè sira angakua yèn sutanè
Tumenggung Wilatikta ing Tuban. Dadi sira kaprenah bibi. Èwa
samano sira wus anggawa rowang, jim papat baè dadi obor,
supaya akèh piyandelè marang sira.
Hèh jim papat pisan, ing samengko sira wus kapisah lawan ingsun.
Poma kang bener, becik enggonira njaga rumeksa saparanè
sutaningsun Jebèng Kalijaga. Jujug panggonanè Nyai
Purnamasiddhi, ananging supaya akèh piyandelè, ing samangsa
wus teka panggonan, sira banjur miwitana swara dedongèngan.
Ènggaling carita, mangkat, wus tekèng gon, lajeng carita.
Mangkana lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Sapengkeripun saking wukir Mahèndra, lajeng terus kapanggih
Nyai Purnamasiddhi.
Wantuning jim widadari, dados boten kasamaran rawuhipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Sigra ingacaran lenggah, sarwi
matur tetakèn.
Wangsulipun, ngaken saking Wukir Mahèndra, mituhu dhawuhipun
wewelinganipun ingkang uwa. Nyai Purnamasiddhi lajeng grahita,
yèn pangojokipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Mila aturipun
amung sandika.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 181
Boten dangu Nyai Purnamasiddhi temah ngukut ing cipta rasa,
sinungku ing pudya. Tan pantara Nyai Purnamasiddhi lajeng
ngracut ing tèkat. Dadya sakala muksa, manjing wonten
wentisipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ingkang kiwa, sarwi atilar
pangandika makaten :
....................................................
..........halaman 145 hilang............
....................................................
Nyai Purnamasiddhi aturipun makaten, “Ing nalika kula taksih
kenya, kapundhut dados garwa pangrembènipun uwa Paduka,
Kangjeng Susuhunan Lawu. Wasana sareng kula dipun timbali,
pamit, margi boten natè sumerep sarèkaning sanggama. Uwa
Paduka kadereng ing karsa, temah tumedhak angruda peksa. Dupi
uninga ing wewadon kawula wuntu, lajeng boten saèstu ngrurah
asmara. Kapara dinangu mula bukanipun. Kawula atur sajarwa, yèn
tanpa bapa tanpa biyung. Ing nalika jaman nagari Makukuhan
kawula punika bangsa widadari, kadadosan saking soroting wulan
anuju purmanasiddhi. Amarengi grahana, dumadakan soroting
wulan tanggal gangsalwelas, wonten cahya malebet saking
rembulan, dhawah dhateng woh kelapa wulan. Sareng ing wanci
kering, kalapa rentah mangandhap, dipun pendhet ing tetiyang.
Pinacakan, kalapa wau mripatipun boten wonten. Sareng dipun
ocak-ocak, sampun garing. Dupi badhè dipun kepruk lajeng dados
janma, inggih eujud kawula punika, asal saking kalapa wungkul,
jalaran tanpa mripat. Wah nalika taksih wujud kalapa,
sakalangkung atosipun, ngantos dipun kepruk ing alu meksa
boten pecah. Sareng dumugi dalu pecah piyambak, dados
widadari, nama Dèwi Wungkulan. Sareng kagarwa ing uwa Paduka,
dipun namèkaken Retan Purnamasiddhi. Sareng sapunika amung
Nyai Purnamasiddhi dipun dhawuhi angadhang walitama, kinèn
anuksma wentis kiwa, supados anambahi kasektèn Paduka.”
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 182
Kangjeng Susuhunan angandika, anedha narima, “Ing mengko apa
sira ènget prenahè galugu duk dadi uwiting krambil wuntu mau?”
Aturipun Nyai Purnamasiddhi, “Taksih ènget. Kapara galugu wau
ing saben awoh taksih anèh, jalaran ingkang limrah kalapa punika
mripatipun tiga. Manawi uwit tunggil kawula wau kalapa mripat
satunggal. Menggah kagunanipun inggih kathah. Manawi ngantos
saged ngenthos, ingkang nedha asring katumbusan
pangawasaning kalapa mripat satunggal. Trekadhang saged
gadhah wijing kraton. Dènè ingkang sami bibit cikalipun, inggih
kathah kèmawon, ananging manawi boten dados panengeran
tamtu boten cukul. Saking pawartining kathah, satunggal kalih ugi
wonten ingkang tuwuh, sapariki saged dados witing kalapa.
Kawula dèrèng uninga pangawasaning woh mai. Bokmanawi badhè
wonten babaripun :
1. Kyai Babul.
2. Kyai Gedhè ing Giring.
3. Kaki Jaladara, ing dhusun Ngawèn.
....................................................
..........halaman 147 hilang............
....................................................
........... dhawuhing sasmita. Bèda temen kaliyan duk Paduka
ingkangvrawuh. Kula pètangi dhawah saè, tur kanyatahan kaliyan
wangsitipun ingkang uwa. Punapa dènè kadugèn sakajat kawula.
Yakti bonten langkung kawula anung sarèh Paduka.”
Kangjeng Susuhunan ing kalijaga saya sukaning galih sareng
miyarsa aturipun Nyai Purnamasiddhi wau. Mila pangandikanipun
dahat arum manis dhateng Nyai Purnamasiddhi, “È Nyai, mungguh
kang dadi pojaranira iku kabèh wus ora ana kang nalisir, sarta
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 183
banget tanceping ngati, lawan saparlunè karepira wus dadia sawiji
lawan cahya Murcahyaning Kajat jati wasèsa. Lan sira wus ingsun
lilani nunggal ana wahyaning pancadriya, anumusana baè marang
kadibyaningsun. Soroganè iya saka ing pupu kiwa.”
Nyai Purnamasiddhi sampun kapareng anunggil rahsaning Dat
Kang Agung, gumadhuh wonten salebeting westisipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga.
Ing nalika samanten lajeng amratandhani wimbuhing kasudibyan
utawi kawicaksananipun, angungkuli sasamining para wali sadaya.
Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
angèstokaken dhawuhipun ingkang uwa. Dados samangkè sampun
boten sedya ngatingalaken sariranipun.
Kacariyos malih Sang Mangun Lelana anuju kondur dhateng ing
Kalijaga. Saweg sadinten sadalu aleleson salebeting masjid. Ing
wanci gagat bangun ènjing Kangjeng Susuhunan karaos ing dalem
rahsa kumenyut, angandika sinarengan swara arum makaten :
“Wus netepakè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga pinaringan
kayun pidarènè, rinilan amurba amisèsa sèsining jagat raya.
Tegesè KAYUN PIDARANI : urip ing awal akir, langgeng boten
kènging èwah gingsir, sajati-jatining tunggal ing dalem ANI’AN
MARI’AN.
Tegesipun : kantun ènak kapènak, nikmat lawan manpangat,
awit sampun boten kagungan cipta punapa-punapa, boten pilih
kasih. Boten kagungan arip, luwè, lupa, èwan, panastèn,
sapanunggilanipun sampun boten tinolih. Suka sungkawa,
nistha madya utama, minep, tan nedya cidra-cinidran, tan
paran-pinaran, tan ngidhep, tan kaidhep, tan minep, nora
menga.
Tegesipun : ngeblak, tanpa aling-aling, nanging pilih kang
uninga manawi boten kanugrahan.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 184
....................................................
..........halaman 149 hilang............
....................................................
Ing ngandhap punika amratèlakaken cariyos reringkesan, ing
nalika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak dhateng Kadilangu
gerah, dumuginipun sèda, awit tanggal sapisan dumugi tanggal
sadasa Mukharam.
Kangjeng Susuhunan Kalijaga sèda, sumarè ing Kadilangu, lajeng
ngaturi wuninga dhateng Demak.
1. Susuhunan Panggung katamuan gurunipun, awit tanggal
sapisan dumugi tanggal kaping sadasa Mukharam. Kangjeng
Susuhunan Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil
luhuripun Sunan Panggung, wonten ing Toyajenè. Dadya atur
uninga dhateng Demak.
2. Sunan Ngudung katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan
dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Sunan ing
Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Kasènapatèn, dhusun
Ngudung.
3. Sunan Pandhanarang ingkang wonten ing wukir Tembayat
katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal
sadasa Mukharam, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah
dumugi sèda, sumarè ing Tembayat.
4. Sunan ing Gunungjati katamuan putra mantu, awit tanggal
sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing
Gunungjati.
5. Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, katamuan guru, wiwit tanggal
sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Wukir
Pantaran.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 185
6. Sèh Molana Mahribi katamuan ipè, awit tanggal sapisan
dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun ipè
wonten Ardi Merapi.
7. Kyai Ageng Getas Pandhawa ing Sèla.
8. Adipati Dayaningrat, Pengging.
9. Kyai Mrisen ing delanggu.
10. Kyai wanabaya ing Semuyan.
11. Radèn Arya Widanangga, Dalepih.
12. Nyai Gèmbèl ing Pakisdadu.
13. Ratu Mas kalinyamat.
14. Nyai Sèh Lemahbang.
15. Kyai Mretawangsa, Galinggangan.
16. Radèn Puspita, Galinggangan.
17. Kyai Tangguru, ing Pringtulis.
18. Jaka Mandhapa ing Godhèyan.
19. Kaji Muryani ing Caruban.
20. Kyai Soda ing Randhukuning.
....................................................
..........halaman 151 hilang............
....................................................
.............sanagari, tuwin para wali sadaya gègèr pepuyengan.
Dadya ing siyang dalu malebet ing pura, ngengimur sungkawaning
Nata, ananging boten saged malebet sapocapan. Aturing para wali
amung saking sajawining kori gupit pasarèyan kèmawon.
Dènè para wadya bupati, patih tansah tuguran wonten ing
Srimanganti. Watawis antuk tigang dinten tigang dalu Kangjeng
Sultan sebawa pangandika dhateng pramèswari Natadèwi,
dhinawuhan matedhakaken pepulih arta waragadipun para
tetiyang ingkang sami kabrokan. Patedhan-dalem naracak tan na
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 186
kinacèk. Ing dalem tiyang satunggal satus rupiyah. Amung
Pangèran ing Kadilangu piyambak gangsal atus rèyal, sarta
lenggahipun siti ingkang sèda dipun lestantunaken dhateng
ahliwaris ing wingking.
Kala samanten para wadya punggawa sampun mangkat
amaradinaken peparing-dalem liruning waragad sadaya, sampun
waradin.
Kalanipun dhawuh amung sabawa kèmawon, wasana lajeng
dhedhep sirep malih. Ngantos salebetipun kawandasa dinten
Kangjeng Sultan sampun boten sabawa, boten kapiyarsa
kalesetipun saking jawi. Mila sadaya ingkang rumeksa saha
nginten manawi nglalu lampus ambèlani guru. Kala smanten malah
sangsaya geng sungkawanipun para garwa putra tuwin para wali.
Lubèr dateng patih, bupati, wadana, ingkang sami tuguran ing
Srimanganti. Kapara sampun sami ndandosi kardha ingkang badhè
kagem tabela. Utawi sampun amatah-matah wadyabala gung saput
gegaman, sarta sakathahing bau nagari sampun ingaweran sadaya,
boten kènging kesah, awit badhè nyadhang damel parlu.
Kacariyos Adipati Panangsang ingkang sampun dangu pacak baris
pendhem, sareng miyarsa warta ing Demak kapaluh kapalupuh,
sami retu kataman dhukita dahat, Arya Panangsang lajeng
ngerapaken baris. Kebut angrampit prang, nanging boten kacarita,
margi laladaning Serat Babad. Mila kaanggè bèda, boten nunggil
kaliyan bangsaning ngilmi raos.
Amangsuli lelnglenging para wali ingkang sami nglelipur
sungkawa, malah tan amiguna. Mila para wali milalu nglèrèg
anggènipun tugur. Nunggil para bupati ingkang jagi rumeksa
wonten ing Srimanganti.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 187
Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, saking genging
sungkawa dahat, temah sapatemon lawan Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga.
Ing ngandhap punika amratèlakaken sapatemonipun Kanjeng
Sultan ing Demak akaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga,
wonten salebeting pasarèyan. Dènè pramèswari Nata tuwin para
wali, patih, bupati, para wadya punggawa ingkang sami tugur ing
lebet kadhaton, punapa dènè ingkang sami wonten ing
Srimanganti, boten anginten manawi katamuan. Ciptanipun amung
saking sangeting sungkawa kèmawon. Mila ing rinten dalu taksih
ajeg tinengga.
Sareng sampun lami, Kangjeng Susuhunan dhawuh mengakaken
sarta para tugur kinèn ambibaraken. Sultan Demak winarah ajeg
padataning karaton, amung salebeting pasarèyantansah kaagem
pasarèyan tumunipun. Mila boten rinilan anata tinebahan, amung
sinaji-saji ing dedupa miwah sarwa suganda mrik arum. Nadyan
pramèswari, boten kalilan parek ing pasarèyanipun Sang Nata. Mila
kapatuh dumugi sapunika, ing saben para ratu, pasarèyanipun
kedah pisah, boten kapareng tunggil pasarèyan. Anjawi manawi
kagungan karsa, wajib kakungipun ingkang nedhaki, awit
dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Sing sapa arep katekan sedyanè, aja nunggal paturon lawan
wadonè. Becik pisah enggon dhèwè-dhèwè. Iku wajibing ratu.
Nadyan wong cilik, manawa kinadarakè bisa, uga becik angirib-
iriba. Watekè awèt kabejanè.”
Kacariyos sareng sampun angsal dhawuh, sadaya wau dipun
laksanani, sarta angger-anggering nagari, wewatoning karaton
boten dipun èwahi. Punapadènè tatakramaning para putra santana
taksih ajeg kadi sabenipun. Nadyan pasowananing para wali tuwin
para kriya tulus sami nambut kardi. Wimbuhipun amung
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 188
ngudanaken dana ing saben malem Jumungah, Anggarakasih,
sarta tanggal sapisan. Ingkang majibi maradinaken hardana,
bupati kekalih, jawi lebet, kanthi punggawa anggandhèk kiwa
tengen. Lami-lami amung kajibahaken wadya pethilan saking
bupati wolu, wimbuh pethilan wadya prajurit jawi lebet
anyatunggal. Inggih punika wiwitipun wonten punggawa
Jaganagari, tulus sapariki.
Mila kramanipun Adipati Panangsang saweg sawulan kèmawon
sampun kauningan, inggih saking palapuranipun wadya Jaganagari
ingkang maradinaken hardana. Ananging jaman sapunika boten
maradinaken hardana. Malah Jaganagari madosi durjana.
Sampun boten kapratèlakaken sapakartining karaton Jawi taksih
ajeg. Gantya ingkang winursita, salebetipun Kangjeng Sultan ing
Demak pepanggihan, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
anggelaraken wasitajati tiniti kados ing ngandhap punika :
“Jebèng, sajatinè kang diarani URIP iku rong prakara, padha
dadi paugeran kabèh.
1. Kang dhingin : URIPING BUDI.
2. Kapindho : URIPING NGATI.
Mungguh URIPING BUDI iku, kabeèh kang obah, kabèh kang
swara, kabèh kang piyarsa, kabèh kang kadulu, kabèh kang
kawacana, kabèh kang ginanda; sapanunggalanè iku tanda
saking purbawisèsaning Apngal. Iya iku tetep uriping
panggawè. Dadi wus kena dèn arani WAHYANING KAJAT
JATIWASÈSA, kasorotan saka angen-angen kita dhèwè.
Mungguh kang sinebut URIP KAPINDHO iku kabèh tetèla metu
saking garuneging ngati. Marmanè anuwuhakè gagasan,
ambabar cipta kang uwas sumelang, panastèn, panasbaran,
sungkanan, èwanan, gumunan, èraman. Marmanè bisa
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 189
angarani tembung durung karuwat, kurang piyandelan, jailan,
pathakilan. Kabèh iku iya padha kena diarani URIP PRIBADI,
nanging kasorotan saking wasèsaning napsu patang prakara :
CAHYA LUAMAH, AMARAH, SUPIYAH, MUTMAINAH. Marmanè
urip kawasa agawè rahsa patang prakara : LEGI, GURIH,
PEDHES, ASIN; sapanunggalanè wau iya padha saka wahyaning
patang prakara kabèh ing kauripanira.
Dènè yèn wis padha ngumpul dadi sawiji, yakti banjur darbe
harkat ingkang anuwuhakè prihatin utawa kanggonan bungah.
Tetep suka sungkawa iku sajatinè uriping Apngal kabèh. Dadi
amung mirid saka uriping Apngal, iya saka obahing budi,
gagasaning ngati kabèh.
Mangka satuhunè urip iku saka heneng. Tegesè : malah kang
wus ora obah. Iya iku sanyata uripdhèwè, ora ana kang
nguripi, awit nyata uriping Pangèran kang èlok. Tetep, ora
owah gingsir. Iku iya kang wus ora obah. Ing kono kang
anglimputi tan lyan saka rahsa kita pribadi.
Marmanè bisa agawè tumangkaring cipta kang tanpa sinedya.
Kabèh kang kadulu, kang karungu, kang angucap, pada
kalimputan pakartining heneng.
Marmanè èlok yèn anaa, mokal tan ana. Nyatanè ana ing sira;
oranè iya saka ing sira; osikè muhung sira. Ora kacamburan
urip kang saka patang prakara iku. Nyatanè wus mratandhani,
dèn arani SENENG. Tegesè : nyata sawiji kang wus heneng, iya
iku kang ora obah. Yakti ora kena winor lawan uriping budi
lawan ati. Sarta wus mratandhani kahananing seneng iku
tanpa suka sungkawa, tanpa lara, tan amati. Mung waluya
nirmala jati.
Ananging salugunè HENENG iku URIPING PANGÈRAN PRIBADI.
Èwadènè babaring urip kang sanyata mau kawasa anyoroti ing
cipta rasa, nyipta kang heneng pasthi tumeka, anggagas
dadining angen-angen.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 190
Tandha heneng iku winenang, andadèkaken kang ora. Ora iku
bisa ngakakè kang nyata. Mula ngibarate tinembungakè
ATINING WULUH WUNGWANG.
Dadi kang diarani WULUH WUNGWANG iku saka gaibè. Ananè
nganti sinengguh ora ana, karana wus padha anandhani Allah
iku dhasar suwung, Pangèran iku ora sanyata.”
Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, duk ingandika
makaten wau, manawi dèrèng sumerep, inggih sinengguh raosan
bangsaning ngilmi Makripat, dalah babaranipun pisan, awit inggih
sanyata anggelaraken pingiling raos. Ananging saluguning
pangandika asmu deduka, winor ing pituduhaning ngilmi. Mila ing
nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kados pinecat
nyawanipun. Temah apariwara ing batos, ngamungena sariranipun
kèmawon katambetan tyas gugon tuhon. Nalika kagega aturipun
para wali, yèn Kangjeng Susuhunan duk winartakaken sèda,
wasana kawelèh, taksih sugeng. Dados salebeting galih
sakalangkung mèrang dhateng guru. Wasana lajeng matur,
“Nyuwun sagedipun sadinten punika ndèrèk ing Paduka.”
Wangsulanipun makaten :
“È Jebèng, teka dadak gampang temen antaraning pati. Yèn
kena pinathèkaken pati jinaluk, saiba kènè wong padha njaluk
mati. Awit saka cupet sedyanè, tuna uripè, pepet sandhang
panganè, anjaluk mati baè. Wus ora sumurup obah asiking
jagad.
Balik sira durung wancinè, amesthi malah tandha bèma, salah
tunjangan, awit andadak kapatènira dhèwè. Èwadènè
mungguhing wirang iku mung wus ing sawatara baè. Tegesè :
iya kang bisa ngantep sapakartining obah. Tegesè : manungsa
kang ora obah iku iya kena diarani MAJENUN, karana wus
weruh ing kènè-kana.
Dadi birahining budi kang bakal andadèkakè cipta maya.
===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 191
Lamun sira wus bisa minangkani kanthining pamenthang ing
dalem pepanthengan, pasthi ora nista ing tibanè, sarta amimbuhi
manubawa ing dalem enggon kita, ambawani bawana.
Manawa sira ora mituhu kang dadi wewekasingsun yakti walam
uk’alam sira nunggal lawan ingsun. Ora luwih mung padha andum
raharja. Ujer sira bangkit anjajah jroning budi, iya bokmanawa bisa
dadi saciptanira.
Mungguh wasitaningsun kang wus sira anggo, titikanè kaya wong
kalebu ing warih. LAMUN BISA ANEBADANI OMBAKING BANYU,
PASTHI WERUH SAJRONING RANU KABÈH.”
T A M A T
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Disadur ulang oleh :
Mas Kumitir
Selesai pada jam 21.30 WIB, hari Selasa, 15 Nopember 2011
Di Sidoarjo Jatim
Cathetan : Titi rampunging panedhak mawi Aksara Latin kala dinten Selasa, 12 Januari 1988, Wanci jam 9 dalu, ing Jakarta. Katindakaken dening : ASTUTI HENDRATO – DARMOSUGITO. Catatan : Bagi para pembaca blog yang budiman, saduran Serat Kaki Walaka ini ada beberapa halaman yang tidak ada/rusak dan apabila diantara para pembaca yang mempunyai koleksi Serat Kaki Walaka yang masih utuh mohon dengan segala hormat untuk mau berbagi dengan kami agar naskah ini utuh kembali dan para pembaca yang lain bisa mengetahui urutan ceritanya secara lengkap dan tidak terputus-putus. Trimakasih atas kepeduliannya. Bisa dikirim di email : [email protected]