kenduren kenduren utawa slametan yaiku tradisi ingkang

2
KENDUREN Kenduren utawa slametan yaiku tradisi ingkang sampun turun temurun saking jaman biyen, inggih meniko dungo sesarengan ikang dipun datengi.para tetanggi, lan dipimpin saking sesepuh adat utawa sing di tua ake ing saben lingkungan, lan disajeake wujude tumpeng lengkap karo lawuhe. Mengko dibagi-bagiake, marang kang teka kang diarani carikan/berkat. Karepe saka kenduren iku piambak yaiku jaluk slamet kanggo sing di dunggoake lan kawargane kenduren iku kaya rupa-rupane, kaya dene : Kenduren Wetenan Diarani wetenan karena tujuane kangge slametan nalika dina lahir/ing dinten weton sing dirameake yaiku sing paling tuwa utawa dituwaake dalem keluarga kasebut, kenduren iku dilakoni secara langgeng saben salapan dinten biasane menu suguhane wujute mung wujud tumpeng lan lawuh kaya dine sayur, lalapan, empleng lan srundeng ora ana ingkunge. Kenduren Sabanan (Munggahan) Minurut dongeng tujuane kangge ngunggahake para leluhur, dianaake ing wulan saban, lan meh kabeh masyarakat ing watu lan sak kiwa tengene, khususe sing adate isih podo, koyo dene deso paninan, kajoran, lan sak kiwa tengene, awanesak durunge diadakake acara iki biasane dianakake ritual nyekar (tilek), yaiku nekani makam leluhur kangge ndongaake keluarga, biasane kang di gowo kembang menyan, lan emper, tradisi bakar menyan pancen isih dipercaya. Dening masyarakat wakulawang para leluhur, sakddurunge diadani kendiren iki uga cucuh disik di dongoni lan dibakar kamenyan ing ngarep lawang menu suguhane ing kenduren sbanan iki sitik bedo karo kenduren wedalan yaiku ing kene diwajibake nganggo ingkung.

Upload: ibnuash

Post on 15-Jun-2015

206 views

Category:

Documents


15 download

DESCRIPTION

bagaimana keadaan jawa.......

TRANSCRIPT

Page 1: KENDUREN Kenduren Utawa Slametan Yaiku Tradisi Ingkang

KENDUREN

Kenduren utawa slametan yaiku tradisi ingkang sampun turun temurun saking jaman biyen,

inggih meniko dungo sesarengan ikang dipun datengi.para tetanggi, lan dipimpin saking sesepuh adat

utawa sing di tua ake ing saben lingkungan, lan disajeake wujude tumpeng lengkap karo lawuhe.

Mengko dibagi-bagiake, marang kang teka kang diarani carikan/berkat.

Karepe saka kenduren iku piambak yaiku jaluk slamet kanggo sing di dunggoake lan kawargane

kenduren iku kaya rupa-rupane, kaya dene :

Kenduren Wetenan

Diarani wetenan karena tujuane kangge slametan nalika dina lahir/ing dinten weton sing dirameake

yaiku sing paling tuwa utawa dituwaake dalem keluarga kasebut, kenduren iku dilakoni secara

langgeng saben salapan dinten biasane menu suguhane wujute mung wujud tumpeng lan lawuh

kaya dine sayur, lalapan, empleng lan srundeng ora ana ingkunge.

Kenduren Sabanan (Munggahan)

Minurut dongeng tujuane kangge ngunggahake para leluhur, dianaake ing wulan saban, lan meh

kabeh masyarakat ing watu lan sak kiwa tengene, khususe sing adate isih podo, koyo dene deso

paninan, kajoran, lan sak kiwa tengene, awanesak durunge diadakake acara iki biasane dianakake

ritual nyekar (tilek), yaiku nekani makam leluhur kangge ndongaake keluarga, biasane kang di

gowo kembang menyan, lan emper, tradisi bakar menyan pancen isih dipercaya.

Dening masyarakat wakulawang para leluhur, sakddurunge diadani kendiren iki uga cucuh disik

di dongoni lan dibakar kamenyan ing ngarep lawang menu suguhane ing kenduren sbanan iki

sitik bedo karo kenduren wedalan yaiku ing kene diwajibake nganggo ingkung.

Kenduren Ukuran

Kenduren iki dianakake tanggal 21 wulan poso sing dikarepke kangge nuzulul qur’an ing

kenduren iki biasane dianakake ing lingkungan 1 RT lan panggonane ing sesepuh adat ing

saben-saben RT ing kenduren iki warga sing teko gowo panganan dewe-dewe saking omah.

Menu suguhane daging lan lalapan.

Kanduren Badan (Medunan)

Kenduren iki dianakake nalika dinten riyaya Idul Fitri nalika dinten Syawal kenduren iki

padha karo kenduren ukuran mung bedha kangge nurunake laluhur kang mbeda ake sak

durunge kenduren badan didhisiki klawan nyekar ing makam laluhur saka saben-saben

kaluarga.

Page 2: KENDUREN Kenduren Utawa Slametan Yaiku Tradisi Ingkang

Kenduren Ujar

Iki dianakake saben kaluarga kang duwe karep utawa kang duwe omeng. Sak durunge

kenduren iki biasane didhisiki klawan nyekar dhisik lan menu wajibe kudu ana ingkung,

kenduren iki biasane akeh diadakake ing wulan suro.

Kenduren Muludan

Kenduren muludan dianakake nalika tanggal 12 wulan mulud padha karo kenduren ukuran

dianakake ing panggonan sesepuh lan gowo panganan saka ngomah dewe-dewe, biasane ing

kenduren iki ana ritual mbeleh wedos sing banjur dimasak kanggo becek utawa gulai.