latihan uus 1 @ bahasa jawa 6

2

Click here to load reader

Upload: edy-prayitno

Post on 29-Sep-2015

401 views

Category:

Documents


2 download

DESCRIPTION

Bahasa Jawa 6

TRANSCRIPT

  • UPTD PENDIDIKAN TK / SD KECAMATAN NGANCAR SDN PANDANTOYO I

    LATIHAN ULANGAN SEMESTER I TAHUN 2014 / 2015

    I. Wenehana tanda ping ( x) ing aksara a,b,c utawa d minangka wansulan sing bener !1. Mau bengi Mbak Atik mirsani ludruk ,

    katrangane ukara iku a. mau bengi c. ludruk b. mirsani d. mbak atik

    2. Pak guru nimbali Evi. Evi ing ukara nduwur minangka a. jejer c. wasesa b. lesan d. katrangan

    3. Kebo nusu gudel , tegese a. Wong tuwa njaluk warah wong enom b. Wong tuwa susah merga akeh anake c. Njunjung drajate won tuwa d. Wong tuwa katut ala

    4. Adhik diwenehi buku mas alwi . Diwenehi krama aluse a. diparingi b. disukani b. dipun sukani d. dipun paringi

    5. Wis sing tansah kuatir utawa sumelang diparibasakne . a. Ula marani gebug b. Anak polah bapa kepradah c. Kriwikan dadi grojogan d. Ancik-ancik pucuking eri

    6. Ing jaman penjajah uripe rakyat papa a. cintraka c. miskin b. nestapa d. mlarat

    7. Pak Syakir kagungan kersa mantu . Kagungan kersa mantu basa ngokone a. duwe mantu c. duwe karep b. duwe gawe d. duwe rencana

    8. Garapanku wis . Pak Guru. a. ditonton c. dideleng b. ditingali d. dipriksani

    9. Tembung Pandhudewanata yen dipisah miturut wandane dadi a. Pandhu-dewa-nata b. Pan-dhu-de-wa-na-ta c. Pandhu-de-wa-nata d. Pan-dhu-dewa-na-ta

    10.

    Yen ditulis nganggo aksara latin dadi a. Yen uwis matura bapak b. Yen mumet matura bapak c. Yen mulih matura bapak d. Yen luwe matura bapak

    11. Ukara crita saka ukara ibu ndawuhi aku, Kowe kudu sregep sinau . a. Ibu dhawuh aku sregep sinau b. Ibu ndhawuhi supaya aku sregep

    c. Ibu dhawuh supaya aku sregep sinau d. Ibu sregep ndhawuhi aku sinau

    12. Sofi dikongkon Pak Bakhrul Ukara ing ndhuwur yen didadekake basa krama dadi a. Sofi ngutus Pak Bakhrul b. Sofi sampun diutus Pak Bakhrul c. Sofi dipun utus Pak Bakhrul d. Sofi ditimbali Pak Bakhrul

    13. Raden Gathutkaca iku satriya kang gagah a. santoso c. gedhe dhuwur b. prakosa d. sembada

    14. Sukesi lagi mepe klathak. Klathak iku isi a. manggis c. duren b. mlinjo d. jeruk

    15. Godhong kluwih iku jenenge a. elar manyura c. kleyang b. blarak d. janur

    16. Matur marang wong tuwa kudu migunakake basa a. krama alus c. ngoko lugu b. krama lugu d. ngoko alus

    17. Pak , punapa panjenengan kala wau . kula. a. nyeluk c. ngundang b. ngaturi d. nimbali

    18. Buku sing ana meja ( jupuk ) wingi bengi . Tembung ing njeon kurung sing bener a. ko jupuk c. dak jupuk b. dijupuk d. njupuk

    19. Anake . diarani belo. a. Jaran c. wedhus b. Jago d. kebo

    20.

    Yen ditulis aksara latin dadi . a. Sugih duwe bandha b. Sugih tanpa bala c. Sugih ana bandha d. Sugih tanpa bandha

    20. Njarag marani bebaya diparibasakne a. Tulung menthung b. Timun mungsuh duren c. Cecek nguntal cagak d. Ula marani gebug

    21. Gamane Adipati Karna iku arane a. senjata Kunta b. gada wesi kuning b. Pulanggeni d. cakra baskara

    22. Gathutkaca iku satriya ing a. Madukara c. Pringgondani b. Jodhipati d. Suka lima

    Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Waktu : 90 menit Hari / Tanggal : .. Nama Siswa : ________________ Kelas/ Semester : VI / I No. Peserta : ________________

  • 23. Pandhawa iku ana lima yaiku : Puntadewa, Wrekudara, Janaka , lan si kembar a. Nakula Kresna b. Sadewa Bima b. Nakula Sadewa d. Punta Sadewa

    25 . Sedulurku lanang kabeh . Yen ditulis aksara jawa dadi

    a.

    b.

    c.

    d.

    26. Ibu ngumbahi klambi ing mburi. Wasesane ukara ing ndhuwur

    a. Ibu c. ngumbah b. Klambi d. ing mburi

    27. Yasa , karya , kardi iku tegese padha karo a. getih c. gaman b. geni d. gawe

    28. Bu Lilik nyerat tulisan latin ing papan tulis. Ukara ing ndhuwur klebu ukara

    a. Kandha c. tanggap b. pitakon d. tanduk

    29. Wukir, prabota , giri, iku dasa namane tembung

    a. kali c. segara b. gunung d. langit

    30. Komar nuntun Ardi menyang latar.

    Ukara ing ndhuwur yen didadekake ukara tanggap dadi a. Ardi dituntun Komar menyang latar b. Menyang latar Komar nuntun Ardi c. Komar menyang latar dituntun Ardi d. Komar dituntun Ardi menyang latar

    31.Nggoreng - Atik ing pawon iwak lele Tembung ing ndhuwur yen dirakit dadi ukara sing runtut dadi a. Atik nggoreng lele ing pawon b. Ing pawon iwak lele digoreng Atik c. Atik nggoreng iwak lele ing pawon d. Iwak lele digoreng Atik ing pawon

    32. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu dasa namane angin yaiku

    a. maruta, bayu , tirta, bawana b. maruta, samirana, bayu c. angkasa , bayu , prahara d. tawang , angkasa , bayu

    33. Bung Karno miyos tanggal 6 Juni 1901. Tembung miyos tegese

    a. seda c. lair

    b. metu d. tindak

    34. Pait getir , solah tingkah, gagah perkasa, kalebu tembung

    a. saroja c. camboran b. entar d. pepindhan

    35. Cangkriman iku kerep tinemu ing a. geguritan c. tembang sinom b. tembang pucung d. parikan

    II. Ceceg-ceceg ing ngisori iki isenana ngaggo tem bung sing mathuk !

    1. Kapan kowe menyang Jakarta ? Krama inggile kowe yaiku 2. Yen wis dadi wong pangkat aja adigang , adigung , ... 3. Kartini kagungan gegayuhan kang luhur . Tembung kagungan tegese 4. Banjir iku tekane ing mangsa 5. Aku arep tuku buku . Yen didadekake basa krama sing bener dadi 6. Jam papat sore Mila nandur kembang ing pot. Katrangan wayah ing ukara kasebut yaiku 7. Wong isih gagah kok wegah nyambut gawe.

    Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku 8. Awakmu saiki kok apa mari lara? 9. Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku

    10

    Yen ditulis nganggo aksaksara latin dadi III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener !

    1. Wis rong dina iki adhikku ora gelem mangan. Kepriye basa kramane sing bener ?

    Wangsulan : __________________________________________________________________

    2. Tulisen Nganggo aksara jawa ! Ciri wanci lelahi ginawa mati

    Wangsulan : __________________________________________________________________

    3. Riski tuku sapi cacahe pitu ing pasar Wates.

    Ukara ing dhuwur udhalen miturut J W L K !

    Wangsulan : __________________________________________________________________

    4. Apa bathangane cangkriman Karwopake lesmbodhonge ?

    Wangsulan : __________________________________________________________________

    5. Owahana dadi ukara ngoko !

    Ibu badhe sowan dhateng dalemipun embah ing kutha Surabaya.

    Wangsulan : __________________________________________________________________