mey jawa

Upload: iksan008ndut

Post on 07-Apr-2018

253 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    1/9

    BAB I

    Purwaka

    1. Latar Belakang

    Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau

    dening kawula muda. Kathah kawula muda mboten mangertos warisan budaya leluhur

    punika. Satunggalipun warisan menika inggih punika Aksara Jawa. Aksara Jawa

    biasanipun digunakaken wonten ing situs-situs purbakala, ing kitab-kitab keraton, surat-

    menyurat antar keraton. Kados keraton Surakarta kaliyan Ngayogjokarto Hadiningrat.

    Biasanipun wonten sekolah-sekolah, aksara jawa dipun kenal lan dipun pelajari meniko

    HaNaCaRaKa.

    2. Identitas Masalah

    Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten

    gandheng cenengipun kaliyan kados pundi sejarah Aksara Jawa menika langkung

    ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun

    masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun

    dening warga ingkang rumaos asli saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang

    hanggadhahi raos handarbeni dhumateng Aksara Jawa, supados kawontenan tiyang Jawi

    lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonyasanesipun. Lan saged dipun akui dening warga ing macanegari.

    3. Rumusan MasalahWonten 3 perkawis ingkang badhe dipun bahas ing makalah menika

    1. Asal Usul Aksara Jawa

    2. Periode Ditemoake Aksara Jawa

    3. Aksara Jawa Perlu Didaftarake ing Global

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    2/9

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    3/9

    banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati

    sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan

    maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga

    nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga

    meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane.

    Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur

    gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan

    Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane

    dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka

    pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit

    saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA TA SA WA LA

    Padha suwala (padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane MAGA BA THA NGA Wasana padha dadi bathang Iku mau konsepsi secara tradisional bab

    kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe

    lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-

    eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa.

    Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten

    bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan

    Sembada.

    Konsepsi Secara Ilmiah Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong

    India angejawa, wong Jawa durung duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake

    basa lesan. Kanthi anane aksara kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa

    tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana tulisan,

    nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing ndarbeni aksara

    kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan luwih maju tinimbang sing

    ora/durung duwe aksara. Miturut Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa,

    tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara Pallawa,

    nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis Jawa mung

    nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka sethithik

    ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna).

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    4/9

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    5/9

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    6/9

    Universitas ing mancanagara sng cacahe akeh banget.

    Kabh mau mujdake arta kaya ing babagan basa, sastra, lan budaya Jawa sng ish

    ana.

    Aksara Jawa dadi lambang jatidhirin wng Jawa sng prelu dipandeng, diuri-uri lan

    dilestarekake. Wewaton sujarah sng ana, aksara Jawa ws lumaku pirang-pirang abad

    kawiwitan saka aksara sng digunakake ana ing basa Jawa Kuna, basa Kawi, basa

    Tengahan, lan Jawa Anyar.Anane evolusi aksara Jawa kadayan saka sastra sng ws

    kawuri, yakuwi sastra Hindhu. Nganti wektu iki, ana perangan sng ish digunakake

    yaiku aksara mrda sng mula bukane saka aksara Mahaprana sng pocapane nganggo

    abab sng manteb.

    Karana iku, mantra sng tk-e saka agama Hindhu uga ndayani aksara Jawa sng

    digunakak. volusi aksara Jawa ora mandheg nangng ters lumaku jumbh karo

    obahng jaman. na perangan sng lestari, nangng uga ana perangan sng ngalami owah-

    owahan ing babagan cakrik, ukelan, lan cengkok sng wujude kaya aksara Jawa wektu

    iki. Manawa dijinggleng, aksara Jawa duwni pamr sng endah lan

    mrebawani. Wewatn buku Serat Sastra Harjendra, aksara Jawa nduweni filsafat sng

    bisa nuntn marang kawiryan lan kaluhuran.

    Aksara Jawa wektu iki kena diarani ish lestari nangng akeh kawula mudha sng ws

    nyingkr lan nglalekake.

    Akeh sng padha wuta aksara Jawa amarga wedi nyinau aksara Jawa sng rumit lan

    angel. ne pepalang sng nggubel aksara Jawa ana satengah-ing jaman sng sangsaya

    maju. Karana iku banjr ana tekad lan rekadaya supaya aksara Jawa tetep lestari. Aksara

    Jawa prelu nt ing jaman kalakona, nt ing papan kadadeyane, lan nt ing bawa

    wedharane.

    Aksara Jawa prelu malebu alam global jumbh karo putusan Kongres Basa Jawa

    IV Tan 2006. Nganti wektu iki ws ngrembaka anane situs utawa wb site ngenani Ha

    Na Ca Ra Ka. Ayahan komputerisasi aksara Jawa uga diadani denng para nimpuna

    utawa pakar ing babagan teknologi infrmasi. Bebarengan karo kemajuwan jaman sng

    pilare teknologi infrmasi, aksara Jawa prelu di-revitalisasi utawa didayakake ana ing

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    7/9

    bebrayan global. Parepatan lan sarasehan ing babagan iki ws diadani rambah kapng pitu

    ana ing Jawa Tengah, DIY, Jawa Timr, lan Jakarta.

    Para pangarsa bebadan, paguyuban, para nimpuna, lan para pakar teknologi infrmasi

    sng nggilt susastra Jawa ws gumlng tekade prelune aksara Jawa nduweni character

    set ana ing mesin komputer.

    Ayahan strategis ngenani babagan iki yaiku prelune aksara Jawa didaftarake ana Unicode

    Consortium lan Unesco. Pangajabe, supaya aksara Jawa bisa madeg jajar karo aksara-

    aksara tradisi-onal donya liyane ing alam global.

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    8/9

    BAB III

    PANUTUP

    1. Dudutan

    Lahiripun Aksara Jawa Utawi HANACARAKA yaiku konsepsi secara

    tradisional lan konsepsi secara ilmiah. Konsepsi secara tradisional Adhedhasar

    konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka,

    crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan

    perang tandhinge. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA TA SA WA LA

    Padha suwala (padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane

    MA GA BA THA NGA. Konsepsi secara ilmiah sajroning sejarah peradaban etnik

    Jawa, tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksaraPallawa. Aksara jawa menika ditemukake ono ing prasasti-prasasti.

    Aksara jawa menika ugi kedah dipun uri-uri lan dilestarekake, Amargi dadi lambang

    tiyang jawa khususipun. Aksara jawa wektu iki keno diarani isih lestari nanging akeh

    kawula muda sing wus nyingkiri lan nglalekake. Monggo dhumateng para kawula

    muda, ampun nglalekake aksara jawa. Supados saged dados aksara ing global, ugi ing

    donya sanesipun. Lan saged dipun akui dening warga Negara sanesipun ing donya.

    2. Pramayoga

    Agung panuwun kulo aturaken kagem para-para pembaca makalah menika. Lan

    menawi makalah menika kurang lan wonten kesalahan panulisan soho tata bahasa

    ingkang mboten berkenan, kita mohon saran supados makalah menika saged

    langkung sae. Mugi-mugi makalah menika saged dados acuan kagem para kawula

    muda, ingkang badhe nyinaoni Aksara Jawa luwih mendalam. Supados Aksara Jawa

    menika mboten ical ditelan jaman.

  • 8/4/2019 Mey Jawa

    9/9

    DAFTAR PUSTAKA