naskah drama basa jawa "rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

9

Click here to load reader

Upload: nurul-limsun

Post on 20-Jul-2015

1.034 views

Category:

Education


242 download

TRANSCRIPT

Page 1: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
Page 2: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

“Naskah Drama”

Anggota Kelompok :

1. Alvin M. (01)

2. Ayu Rosidah (07)

3. Bagas Indra D. (08)

4. Erwin P. (18)

5. Febriana Tigariayani (20)

6. Ishlahiyatin Ni’mah (23)

7. Jagad Wulandari (24)

8. Nurul Lailatis Sa’adah(29)

9. Siti Nur Isnaeni (33)

SMP 2 KUDUS

TAHUN AJARAN 2010/2011

Page 3: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

1. Alvin M. sebagai Bapak Dini

2. Ayu R. sebagai Dini

3. Bagas I. D. sebagai Pak Trisno

4. Erwin P. sebagai Mas Sam + MC

5. Febriana T. sebagai Eka

6. Ishlahiyatin N. sebagai Is

7. Jagad W. sebagai Mus

8. Nurul L. S. sebagai Tia

9. Siti Nur I. sebagai Windi

Rawe-Rawe Rantas

Malang-Malang Putung

MTs Nur Yasin kuwi sekolah kang kegolong sekolah pinggiran, sekolah

kuwinamung ono 2 kelas. Murid ing MTs Nur Yasin rata-rata kagolong murid kang ora

mampu. Senajan ngono pemerintah ora gelem merenovasi sekolah kuwi. Alasane

namung sekolah kuwi ora sekolah negeri.

Sawijining murid ing MTs Nur Yasin yaiku Dini. Dini kuwi murid kang pinter nanging

halangane Dini yaiku biaya. Senajan biaya, Dini duwe cita-cita supaya majukno sekolah

MTs Nur Yasin supaya kagolong sekolah kang berkualitas.

Kentongan wesi wes muni, tandha yen wektu KBM wes ntek. Nanging Dini ora

langsung muleh. Dini wedi yen bapake ngamuk amargo Dini sekolah ora mbantu wong

tuane.

Tia : Din, kowe muleh gak? Ape beraleh profesi dadi penjaga sekolah?

Dini : Halah ah, aku wedi ki lho

Tia : Lho, keno....

Page 4: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

(ujug-ujug Is teko lan gupuh-gupuh)

Is : Din, din, din, Pak Trisno?

Tia : Lapo Pak Trisno?

Is : Iku lho, kuwe ditimbali Pak Trisno, ning ruang guru? Ngendikane penting.

Dini : (mlayu arep ing kantor)

Kenopo Pak Trisno nimbali aku, opo bapak wes matur ning Pak Trisno

menowo bapak arep nyabut surat metu soko sekolah iki.

Narator :

Ngeti Dini mblayu ning kantor, Windi langsung nemoni kanca-kancane sing

ijih ning kelas.

Windi : Ya, Dini kesambet opo, ora pelajaran olahraga malah mblayu.

Tia : Iku lho, Pak Trisno nimbali Dini, aku yo ora reti masalahe opo?

Is : Heh, daripada podo bingung dewe, ayo melu nguping ning ruang

guru!

Windi : Lapo ning ruang guru?

Is : Jaremu kuwe pengen reti, kenopo kok Dini ditimbali Pak-Trisno,

piye to?

Windi : Yo wes, a-yo? Let’s go!

Narator :

Nalika Dini mlebu ning ruang guru, Pak Trisno wes ning ngarep

lawang.

Dini : Assalamualaikum, pak?

Pak Trisno : Walaikumsalam, kene mlebu Din?

Dini : Wonten nopo Pak, panjenengan kok nimbali kula.

Pak Trisno : Ngene lho Din, kuwe ngerti MTs iki dibangun kanggo murid-murid

kang ora mampu, tapi, sekolah iki wes ora ono hargane ning mata

masyarakat.

Dini : Inggih Pak, kula ngertos.

Pak Trisno : MTs iki dibangun ning lahane swasta, lan pihak swasta kuwi arep

nggusur sekolah iki.

Narator :

Ujug-ujug Windi, Tia, Is, ditambah Mus lan Eka ono ning ngarep

lawang kantor.

Kabeh : Nopo Pak?? Panjenengan serius!!

Pak Trisno : Lho, cah........ kowe podo durung muleh?

Mus : Pak kula mboten setuju,....

Eka : Nggih Pak, sekolah niki, sekolah kang mbantu bocah-bocah deso

luru ngilmu.

Page 5: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

Pak Trisno : Ora ngono cah.... sekolah iki butuh dana gawe bayar lahan swasta

iki? Nak ora iso mbayar, nasibe sekolah iki bakal ora ono terusane

Tia : Konco-konco, pokokman kita kabeh kudu ngalangi pihak swasta

kuwi, nganggo cara opo wae.

Windi, Is, Mus, Eka : Setuju!!!

Dini : Iyo ora opo-opo, tapi carane ora gowo kekerasan ngono, kita kudu

gowo akal pikiran?

Pak Trisno : Bener, iku Din. Ditambah pihak masyarakat wes ora dukung MTs

iki. Ndek wingi ono wong tua njaluk supaya anake metu saka

sekolah iki amarga sekolah cuma nambahi beban biaya.

Narator :

Dini meneng ae, Dini kelingan bapake podo wae arep nyabut surat

keluar saka sekolah iki.

Eka : Ya Allah pak, kula nembe ngertos.

Pak Trisno : ya wes cah, iki wes jam 2. Kowe kabeh podo durung sholat ra?

Ngko nak diluru wong tuamu.

Eka : Inggih pak.........

Narator :

Eka, Windi, Mus, Is, Tia, Dini metu saka ruang guru lan pada budal

bareng kejobo Dini.

Mus : Lho Dini ku kenopo tah, sikape kok maleh berubah 1800

Windi : Kowe mau ngerti ora?

Eka : Lapo no emange?

Windi : Piye yo? Ngene, mau pas Pak Trisno ngendikan nak menowo akeh

sing wong pada njaluk anake metu saka MTs Nur Yasin, amarga

sekolah cuma bisa nambahi biaya.

Tia : Iya mudeng aku, mesti perkoro bapake.

Narator :

Nalika Tia, Windi, Eka, Mus, Is mlaku muleh bareng, ujug-ujug ono

wong saka mburi.

Mas Sam : Dek, dek kula badhe tangklet. MTs Nur Yasin niku pundi?

Is : Niku mas, mlebet gang, menawi wonten wit randu kang ageng,

sebelahe kedek.

Mus : Jenengan sinten nggih?

Mas Sam : Kula Mas Sam.

Eka : Lan keperluane niku nopo?

Mas Sam : Niki dek, kula badhe maringi surat saking Lembaga Pendidikan

Got’s Smart supados MTs Nur Yasin nderek lomba.

Page 6: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

Tia : Lho Mas, badhe wonten lomba nopo?

Mas Sam : Iku lho dek, acara ulang tahun LPGS kang kaping 3 lan hadiahe

berharga lho.

Windi : Emange nopo hadiahe?

Mas Sam : Saben peserta lomba kang menang bisa ntuk beasiswa.

Eka : Wah hebat, aku oleh melu nak ngono

Mas Sam : Sampean salah sijine murid MTs Nur Yasin ya?

Windi : Inggih mas.

Mas Sam : Iyo wes, matur suwun atas informasine

Sedoyo : Sami-sami

Narator :

Esuke, para murid MTs Nur Yasin podo resah. Amarga ana isu saka

masyarakat yen sekolah iki arep digusur.

Pak Trisno : Bocah-bocah, aja pada resah amarga Pak Guru sampun gadah

solusine.

Dini : Solusi nopo Pak?

Windi : Pokokman, sekolah iki ora oleh digusur

Is : sabar tho Win... mirengke Pak Trisno rumiyin.

Eka : Eh,Is. Menawa sabar-sabar terus, sekolah iki bakal digusur.

Pak Trisno : Meneng rumiyin cah...Sekolah kita bakal melu lomba LCC lan grup

vokal nyanyi. Hadiah lomba iku bisa mbayar tebusan lahan sekolah

iki lan peserta kang menang bisa dapat beasiswa.

Tia : Alhamdulillah.........

Windi : Berarti sekolah niki mboten sios digusur?

Pak Trisno : Durung tentu cah, kita kudu usaha rumiyin supaya bisa menang.

Dini : Inggih Pak.....

Is : Ayo rawe-rawe rantas.

Tia : Lan malang-malang putung, kita kudune bisa menang.

Mus : Kanggo pengabdian sekolah iki!

Pak Trisno : Dini, Is, Tia. Kowe kabeh melu lomba LCC.

Windi, Mus, Eka. Kowe kabeh melu lomba grup vokal.

Mus : Win, Ka. kowe karo aku melu lomba!!

Is : Pelaksanaane lomba niku tanggal pinten?

Pak Trisno : Tanggal 25 Januari, cah.

Dini : Pak,....

Pak Trisno : Iyo Din, pancen ngandanine ndadak, dadi kuwe-kuwe kudu siap-

siap mulai saiki

Eka : Inggih pak, kita mangke wektu bidal jam pelajaran latihan pripun

pak?

Tia : Ngonten kersane pak!

Page 7: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

Narator :

Wektu latihan wes bar, nanging ono suara saka njobo.

Bapak Dini : Dini, metu kuwe?

Is : Din, bapakmu.

Dini : Yo yo aku wes reti

Bapak Dini : (mlebu ning kelas) wes reti wayah maghrib, ora muleh malah

klayaban.

Dini : Pak, kula wonten latihan lomba.

Bapak Dini : Alah!! Latihan-latihan opo, isane nyusahno wong tua.

Dini : Kula badhe nderek lomba LCC pak?

Bapak Dini : Ora ono latihan-latihan neh, saiki kuwe mbalik!

Dini ngadeg ambi nangis lan ngetotno bapake saka mburi.

Eka : Eh, sesuk lombane mesti Dini ora oleh melu.

Windi : Nyante, mesti ono jalan keluare.....

Mus : Ow... sip-sip... ndelok sesok ra?

Narator :

Dino iki lombane LCC lan vokal. Kabeh peserta wes pada siap-siap,

nanging salah sijine peserta teko MTs Nur Yasin durung lengkap.

Is : wes jam 9 kok

Mus : Kurang 1 jam neh, piye iki?

Tia : Niki pripun pak?

Pak Trisno : Enteni 15 menit ngkas.

Windi : Mangke lomba vokal rumiyin nopo LCC?

Pak Trisno : Vokal sek, cah.

Eka : Pak, pak. Niku Dini sampun dhateng.

Is : Ndi now Ka....?

Tia : Dini kaleh bapake pak?

Mus : Wah, akhire teko. Seng ngenteni wes pada keduten.

Is, Eka, lan Tia ngampiri Dini ning njobo.

Is : Din, lombane wes dimulai malah nyante-nyante

Dini : Ow...jelas ra cah...

Bapak Dini : Lho Ka, Pak Trisno ndi?

Eka : Wonten ing kursi ingkang paling wingking.

Bapak Dini : Din, bapak arep nemoni Pak Trisno!

Dini : Nggih Pak...

Page 8: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

Tia : Pak, menowo saged, jenengan lungguh ing ngajeng mawon. Soale saged

ketingal jelas.

Bapak Dini : Iya, Ya.....

Nalika lomba berlangsung, Bapake Dini lan Pak Trisno njagong ana panggonan

sing mburi.

Bapak Dini : Pripun pak lare-larene. Sampun siap napa dereng??

Pak Trisno : Kadose nggeh sampun sami siap Pak. Alhamdulillah.....lare-lare malah

semangat sanget.

Bapak Dini : Mugi-mugi nggih angsal juara.

Pak Trisno : Amin Pak, wong rencanane lare-lare niku, menawi angsal juara, artane

niku kangge nebus tanahe swasta.

Bapak Dini : Nggih Pak, kula namung saged ndongakke mawon.

Acara lomba nyanyi lan LCC wis bar. Pak Trisno, Bapakke Dini, Eka lan kanca-

kancane ngrungokke hasil lomba kanthi temenanan. Kabeh pada mbateg amarga saak

lomba kuwi sing nentokake maju lan mundure sekolahe.

Eka : Ya Allah,, muga-muga sekolahane kene ntuk juara!

Windi : Amin,, ndek mau nyanyimu apik lho Ka!

Eka : Iyo, Alhamdulillah.. kuwe mau yo podo wae apik kok Win.

Mus : Iyo iyo, muga-muga nyanyine ntuk juara.

Tia : E..e..e.. ojo nyanyine tok ra sing ntuk juara!

Is : Muga-muga ntuk juara kabeh.

Dini : He’e, muga-muga lomba nyanyine lan LCC ne ntuk juara kabeh. Eman-

eman wong kene iku wis podo latihan ngasi temenanan.

Pak Trisno : Wis a-yo padha ndonga. Muga-muga apa sing padha mbok karepke bisa

dadi tenan.

Eka, dkk : Nggih pak, Amin...

Bapak Dini : Kuwi lho, MC ne wis ameh macakke pengumuman.

MC : Alhamdulillah, saking rembukane para juri, juri nentuake juara kangge

bidang vokal lan LCC. Ingkang lomba vokal di tentukke 3 besar yaiku juara I,

II, III lan kangge lomba LCC di tentukake 1 besar. Juara-juara niku wau

angsal hadiah lan beasiswa kangge murid-murid. Kangge nyikat waktu,

minangka kula badhe macake juara kangge lomba vokal :

Juara III : SMP Pahlawan Nusantara

Juara II : SMP Pancasila

Juara I : MTs Nur Yasin

Lan kangge lomba LCC, juara I dikagemake kangge...... MTs Nur Yasin.

Kangge para juara minangka maju ning panggung.

Page 9: Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"

Dini : (ngeti bapake) Pak kula ntuk juara?

Bapak Dini : Iyo nduk, ncen kuwe pantes ntuk iku.

Pak Trisno : Wes kono, ndang maju cah.

Eka : Yeeeee..... MTs Nur Yasin menang.

Kabeh para murid kang ntuk juara pada maju ning panggung lan nampa

penghargaan saka LPGS (Lembaga Pendidikan Got’s Smart)

Is : (meluk Mus) Akhire, perjuangane ora sia-sia

Mus : Ow...jelas, MTs Nur Yasin gitu lho...

Windi : Hahahah..., walaupun MTs Nur Yasin sekolah pinggiran nanging.....

Tia : Otake Internasional..!!!

Eka : Kula remen, sae niku.

Dini : Ussstt..... pokokman sing paling penting MTs Nur Yasin ora sido digusur.

Pak Trisno : Bener iku Din.

Bapak Dini : Ngko bengi nganake syukuran ning daleme Pak Trisno.

Is : Wahh, makan gratiss....

Kabeh pada guyu lan seneng, amarga perjuangane selama iki ora sia-sia.