naskah utama bahasa jawa 2012 2013

13

Click here to load reader

Upload: mey-wulandari

Post on 02-Jul-2015

511 views

Category:

Education


7 download

DESCRIPTION

coba deh

TRANSCRIPT

Page 1: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

DUKUMEN NEGARA UTAMA

SANGAT RAHASIA

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS

DINAS PENDIDIKAN

UJIAN SEKOLAH

SEKOLAH DASAR

TAHUN PELAJARAN 2012/ 2013

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Sekolah : SD Hari/ tanggal : Rabu, 17 April 2013 Waktu : 90 menit Dimulai pukul : 10.30 Diakhiri : 12.00

PETUNJUK UMUM 1. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan bolpoin

atau pulpen yang bertinta hitam atau biru!

2. Tulislah lebih dahulu nomor peserta pada baris paling atas pada lembar jawaban yang disediakan!

3. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum menjawab! 4. Laporkan kepada pengawas ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak

atau jumlah soal kurang!

5. Jumlah soal sebanyak 50 butir! Nomor 1 sampai dengan 50 berbentuk Pilihan Ganda, pada setiap butir soal

terdapat 4 (empat) pilihan jawaban. - Berilah tanda silang (X) pada huruf A, B, C, atau D yang merupakan jawaban

paling tepat! - Apabila ada jawaban yang anggap salah dan kamu ingin memperbaikinya,

coretlah dengan dua garis mendatar (==) pada jawabanmu yang kamu anggap salah, kemudian berilah tanda silang (X) pada huruf yang kamu anggap betul!

Contoh : Pilihan semula : A B C D

Dibetulkan : A B C D 6. Dahulukan menjawab soal-soal yang kamu anggap mudah!

7. Mintalah kertas buram kepada pengawas ujian jika diperlukan! 8. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada pengawas ujian!

Selamat Mengerjakan!

Page 2: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

WENEHANA TANDA (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D SANGAREPE

WANGSULAN KANG BENER!

Wacanen Cerita iki kangoo pitakon nomer 1 – 4 !

Jujur Nggawa Mujur

Ing Kutharaja ana sawijining bocah arane Satoto. Sawijining esuk Satoto

nemokake kothak cilik ing dalan. Khothak banjur dijupuk. Dheweke weruh ana wong tuwa ing saburine wit. Satoto nyedhak “ Pak, kula manggihi kothak. Menapa menika kagunganipun panjenengan?”

Wong lanang kuwi ora mangsuli Satoto banjur mlaku lan kepethuk tanggane yaiku Pak Rabun.

He kuwi duweku, nang. Tiwas dak goleki mrana-mrene, jebul kok gawa ta, paambengoke Pak Rabun. Satoto ora age-age percaya. Pak Rabun ngruda peksa ngrebut kothak mau.

“ Ana apa kok rame-rame?, prasapane Pak Untung. Pak, kula nemu kothak menika waangsulane Satoto”. Pak Untung age-age ngakoni yen kuwi kothake.

Satoto tambah bingung amarga sing ngakoni kothak wis wong loro, wong loro padha padudon.

“ Yen mengkono ben raja sing rawuh mrene, ojaring wong lanang tuwa mau

karo mbukak topeng lan rambut palsu ing sirahe. Jebul wong tuwa mau sejatine Sang Raja dhewe. Kabeh banjur mbungkuk, atur sembah bekti.

Raja ngalembana kajujurane Satoto. Panjenengane banjur ngundang Satoto menyang Istana lan paring kanugrahan.

Kapetik saking Mustika Basa Jawa

1. Topik ing wacan ndhuwur mau yaiku ... A. Kejujuran B. Kesenengan

C. Kautaman D. Kawelasan

2. Watake Pak Rabun yaiku ... A. serakah

B. narima C. welas asih

D. Lembah manah

3. “ Pak, kula manggihaken kothak. Menapa menika kagungan panjengngan, Pak?

Tembung manggihaken ateges ... A. nemuake

B. butuhake C. ngilangake D. nglungakake

4. Amanat cerita ana ing dhuwur mau yaiku ...

A. Kanugrahan saka Raja B. Kajujuran nggawa kanugrahan C. Kajujurane Rak Rabun

D. Kajujuran sawetara

Wacanen paragraf ing ngisor iki! Kanggo pitakon nomer 5 – 7.

Kabeh manungsa mesthi duwe wong tuwa. Wong tuwa iku minangka lantaran tumurune anak. Wong tuwa uga kang nggulawentah anak, saka lair nganti

tekan dhewasa.

Page 3: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Usahane wong tuwa sing kaya mangkono iku ora duwe melik apa-apa. Wong tuwa amung duwe pepenginan supaya anak bisa dadi bocah kang migunani tumrap nusa, bangsa, lan agama. Wong tuwa banjur duwe usaha kanggo minterake

bocah. Carane kanthi nyekolahake anake tanpa ngetung akehing ragad.

5. Kabeh manungsa mesthi duwe apa? A. wong loro B. wong tuwa

C. wong enom D. wong wadon

6. Geneya wong tuwa ora duwe melik apa-apa anggone nggulawentah anak? A. Supaya migunani marang wong tuwa.

B. Supaya anak dadi bocah kang migunani tumrap nusa, bangsa, lan agama. C. Supaya migunani karo sakanca batir.

D. Supaya migunani kabeh.

7. Kepriwe carane wong tuwa anggone minterake bocah? A. Kanthi tetulung

B. Kanthi sareng- sareng

C. Kanthi nyekolahake

D. Kanthi mujekake/ ndongakake

8. Ukara sing mathuk kanggo irah-irahan ing dhuwur mau yaiku ...

A. Aja Lali Karo Aku B. Usaha Wong Tuwa

C. Bekti lan Miturut Marang Wong Tuwa D. Bektine Wong Tuwa

9.

Ukara aksara Jawa ing dhuwur yen diwaca ...

A. Aja dumeh wis pinter

B. Aja dumeh urung pinter C. Aja dumeh wong pinter D. Aja dumeh kowe pinter

Wacanen cerita rakyat iki kanggo pitakon nomor 10 – 13!

Nalika semana kerajaan Mataram lagi ana paprangan gedhe. Paprangan gedhe amarga pokale Tejaningrat (Adipati Anom). Dheweke ditundhung minggat

karo Bapake Amangkurat I. Amarga kepepet, Sang Raja nggoleki putrane banjur ketemu.

Sawijining dina Sunan Amangkurat I lan Adipati Anom mlaku-mlaku

ngliwati alas. Ing pinggir alas Sunan Amangkurat I mirsani pawongan remaja putri kang lagi adus ana ing Pancuran.

“Ndhuk, sapa jenengmu?” Pitakone Sunan Amangkurat I. “Nyuwun pangapunten, kula Endang Gusti” wangsulane pawongan putri mau. Sawisw patemon kuwi Amangkurat menehi tetenger desa kono jenenge Pancurendang.

10. Temaning cerita mau yaiku ... A. Kahanane desa Pancurendang

B. Panguripane desa Pancurendang C. Kadadeane desa Pancurendang D. Ajining desa Pancurendang

Page 4: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

11. Miturut cerita mau kadadean ana ... A. ing desa B. ing alas

C. ing sawah D. ing plataran

12. Miturut cerita mau watake tejaningrat yaiku ... A. andhap asor

B. gampang nesu C. dakwen

D. jirih

13. Amanat ana ing cerita mau yaiku ...

A. aja dumeh B. aja seneng gawe pilara karo wong

C. aja seneng boros D. aja sweneng nglombo

14.

Ukara aksara Jawa ing dhuwur yen diwaca ...

A. Iku gedhang ambon

B. Iki gedhang ambon C. Kuwi pisang ambon D. Kuwi gedhang ambon

Wacanen pidhato iki kanggo pitakon nomor 15 – 16!

..............

Bapak ibu miwah para tamu ingkang minulya. Pramila kanthi acara menika, kula nggadhahi pamanggih bilih pasedherekan, makarya sesarengan, gotong royong antawisipun warga kaliyan pihak sekolah saged langgeng. Kanthi makaten kala wau

mugi-mugi saged mujudaken manungsa ingkang mituhu, migunani tumrap nusa lan bangsa.

15. Peranganing pidhato ing dhuwur mau kalebu ... A. Isining pidhato

B. Pambuka C. Penutup

D. Irah-irahan

16. Tema utawi topik pidhato ing dhuwur yaiku ...

A. Makarya sesarengan antawis warga kaliyan sekolah B. Mbangun desa sesarengan

C. Mbiyantu warga desa D. Mbiyantu sesami

Wacanen pachelaton iki kanggo pitakon nomor 17 – 19!

Praba : “ Iki tanduran apa, yu? “

Wahyu : “ Ya iki sing diarani Apotik Hidup “ Praba : “ Apa kuwi? “

Wahyu : “ Kuwi tanduran arupa bebekalan jamu lan bumbu pawon. Mapane ya mung ngene iki, ana ing sela-selane wit gedhang utawa wit liyane.” Praba : “ Apa wae, yu? “

Wahyu : “ Iki kencur, iki sere, iki jae. Lha iki laos. “

Page 5: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Praba : “ Lha yen iki apa yu? Wahyu : “ Iki bangsane temu. “

17. Isining pacelathon ing ndhuwur mau yaiku ... A. Babagan pangan

B. Babagan sandhang

C. Babagan kasarasan

D. Babagan apotik hidup

18. Amamat pacelathon ing ndhuwur mau yaiku ...

A. Tanduran sayuran akeh gunane B. Tanduran pala pendhem akeh gunane C. Tanduran woh-wohan akeh gunane

D. Tanduran apotik hidup akeh banget pigunane

19. Pacelathon mau kira-kira ana ing wayah ... A. lingsir B. wengi

C. esuk D. sore

Wacanen geguritan iki kanggo pitakon nomor 20 – 22!

Guruku

Guruku ... Kang ndhidhik, mbimbing, lan nglatih aku

Wiwit ora ngerti apa-apa Nganti aku ngerti saisining donya

Guruku ... Gedhe banget jasamu Minangka gantine wong tuwaku

Pahlawan tanpa tandha jasa Guruku ...

Kang maringi semangat rikalane aku putus asa Supaya aku dadi putra bangsa Kang tansah bekti marang nusa lan bangsa

20. Tembung rikalane ateges ...

A. rilane aku B. tumuju aku C. supaya aku

D. wektu iku

21. Tembung semangat kosok baline ... A. geten B. loyo

C. prigel D. miturut

22. Geguritan ing ndhuwur mengko amanat ... A. Guru digugu lan ditiru

B. Guru minangka gantine wong tuwa C. Guru lan jasane

D. Gurune ibuku

Page 6: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

23. Ukara aksara Jawa ing ngisor iki yen diwaca ... A. Numpak sepur barang B. Numpak sepur bareng

C. Numpak sepur layang

D. Numpak sepur anyar

Wacanen Sekar Mijil iki kanggo pitakon nomor 24 – 25 !

Sekar Mijil

Poma kaki padha dipun eling

Ing pitutur ing ngong Sira uga satriya arane

Kudu anteng jatmika ing budi Rurung sarta wasis Samubarang ipun

24. Tembung wasis ateges ... A. bodho

B. pikun C. pinter

D. kesed

25. Tembang Macapat ing dhuwur mau mengku pesen ...

A. Bocah-bocah kudu sregep B. Bocah-bocah kudu manut

C. Bocah-bocah kabeh kudu anteng, duwe kapribaden becik lan pinter D. Bocah-bocah kudu miturut

Perhatikna gambar wayang ing ngisor iki!

Petruk

1

Semar

2

Bagong

3

Gareng

4

26. Urutan gambar wayang Ponakawan sing bener yaiku ...

A. 1 - 2 - 3 - 4 B. 2 - 1 - 3 - 4 C. 2 - 4 - 1 - 3

D. 3 - 1 - 2 - 4

Perhatikna gambar wayang ing ngisor iki!

Page 7: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

27. Tokoh wayang Pandhawa ing dhuwur jenenge ... A. Werkudara B. Nakula

C. Janaka D. Sadewa

Perhatikna gambar wayang ing ngisor iki!

28. Gambar wayang Pandhawa ing dhuwur iku kalebu putrane Pandhu Dewanata urutan

kaping .... A. siji

B. loro C. telu D. papat/ lima

29. Aminah tuku gedhang, arep ... adhine.

Tembung sing trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur, yaiku ... A. diwenehna B. diparingake

C. diaturna D. dicaosaken

30. Kanggo ngudi ... bisa nganggo cara olah raga kanthi ajeg. Tembung sing trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur, yaiku ...

A. kasarasan B. kasampurnaan

C. kapinteran D. keslametan

Wacanen paragraf ing ngisor iki!

... punika ngremenaken sedaya tiyang. Ingkang wigatos njaga supaya resik, kabeh warga melu tumandang . Ora mung ngendelake petugas kemawon. Uwuh dipun pisah

ingkang organik lan non organik.

31. Ukara sing trep kanggo nggenepi paragraf ing dhuwur, yaiku ...

A. Lingkungan sing rame B. Lingkungan sing sepi C. Lingkungan sing reged

D. Lingkungan sing resik

Wacanen Pacelathon iki kanggo pitakon nomor 32 – 33 !

Bapak : “ Gurune priye, Nang ? “ Nanang : “ Wah, pak Guru kelas enem menika sanget merbawani, disiplin ! ”

Ibu : “ Lha, malah kebeneran. Kowe kareben ora nyepelekake. “ Bapak : “ Mula kowe wiwit saiki kudu sregep olehmu sinau. “ Nanang : “ ... lajeng? “

Page 8: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Ibu : “ Ana apa ? Njaluk dhuwit ! “ Nanang : “ Kula badhe matur, menawi kula sakanca ngawontenaken sinau

kelompok. “

Ibu : “ ..., apik kuwi! “

32. Bapak : “ Mula kowe wiwit saiki kudu sregep olehmu sinau.”

Nanang : “ ... “ Sing mathuk kanggo nggenepi ukarane Nanang, yaiku ...

A. Ya pak, bu. B. Mangga pak, bu.

C. Ngenjang pak, bu. D. Inggih pak, bu.

33. Nanang : “ Kula badhe matur, menawi kula sakanca ngawontenaken sinau kelompok. “

Ibu : “ ..., apik kuwi! “ Sing mathuk kanggo nggenepi ukarane Ibu, yaiku ...

A. ora B. bisa

C. ya D. bener

Wacanen ukara cak ing ngisor iki!

1. Bocah-bocah padha baris arep upacara.

2. Dina Senen jam setengah pitu kudu wis tekan sekolah.

3. Banjur mlebu kelas sumdya arep nampa pelajaran.

4. Bapak Kepala Sekolah dadi pembina upacara.

5. Jam setengah wolu upacara wis rampung.

34. Ukara acak ing dhuwur supaya dadi paragraf kang trep, urutane yaiku ... A. 2 - 1 - 5 - 4 - 3 B. 2 - 1 - 3 - 5 - 4

C. 2 - 1 - 4 - 3 - 5 D. 2 - 1 - 4 - 5 - 3

GAMBAR??????

35. Paragraf kang mathuk kanggo gambar ing dhuwur yaiku ... A. Bocah sekolah kang sregep sinau. Supaya pinter lan munggah kelas. B. Bocah kang manut. Mituhu marang wong tuwa sakloron.

C. Bocah kang kulina urip resik. Ana ing endi papan kulina mbuang sampah ing kranjang sampah.

D. Bocah kang seneng weweh karo sapa bae. Uga ngurmati karo wong liyan.

Page 9: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Perhatikna surat ing ngisor iki kanggo pitakon nomor 36-37!

Kembaran, 8 Maret 2014 Kanggo Mitraku Riamah

Ing SD Negeriku I

Assalumu’alaikum Wr.Wb. Kathi layang iki aku aweh kabar manawa kahananku tansah apik, ora ana alangan sawiji apa. Muga-muga mbak Riamah sakanca uga tansah mengkono.

... aku bungah banget dene aku lan mbak Riamah bisa dadi kanca kenthel wiwit ana ing PORSENI. Muga-muga memitraanku diparingana rahmate Gusti ora ana apa-

apa. Amin ya robal,alamin. Wasana cukup semene dhisit, liya dina disambung maneh. Wassalamu,alaikum Wr.Wb.

Saka Mitramu ttd

Anindiya

36. Kanggo nggenepi surat ing dhuwur mau, sing trep nganggo ukara ... A. Ora ana liya

B. Aku ora bisa C. Sapungkure aku lunga D. Kajaba saka iku

37. Ukara panutupe surat kang matuh kanggo Wong kang luwih tuwa, yaiku ...

A. Wasana cukup semene dhisik, liya dina disambung maning. B. Wasana samene bae ya! C. Cekap semanten, liya dina disambung maning.

D. Cekap semanten Eyang atur kawula. Menawi wonten ingkang lepat nyuwun pangapunten.

Perhatikna gambar ing ngisor iki!

3

1

2

4

38. Urutane carane gawe bolu kukus yaiku ... A. 2 - 1 - 3 - 4

B. 2 - 3 - 4 - 1 C. 1 - 2 - 3 - 4

D. 2 - 3 - 4 - 1

Wacanen cuplikan laporan ing ngisor iki!

Tanggapan asil ngematake Sasaran sing dienggo ngamati : SD Sukamaju

Jln Melati No 2

1. Dinten/ ... : Senen/ ...

2. Cacahe Murid : 290

3. Cacahe Guru : 15

4. Kaunggulan : babagan pendidikan

Page 10: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

39. Kanggo nggenepi asil ngamati tanggapan ing dhuwur yaiku ... A. tahun

B. sasi C. dina

D. tanggal

40. Sapa sing durung oleh buku ?

Tulisan Jawa sing bener kanggo ukara ing dhuwur yaiku ... A.

B.

C.

D.

41. Semar Gareng padha bungah. Tulisan Jawa sing bener kanggo ukara ing dhuwur yaiku ...

A.

B.

C.

D.

42. Basuki ora mangkat.

Tulisan Jawa sing bener kanggo ukara ing dhuwur yaiku ... A.

B.

C.

D.

Wacanen paragraf ing ngisor iki!

Bapake Budi duwe pabrik tahu. Dina Minggu aku lan Agung dijak dolan

menyang omahe. Ana kana aku karoAgung banjur dijak nonton pabrike. Aku bisa

nyedhak ngematake carane gawe tahu. Kanggo gawe tahu kuwi bahane kedhele.

43. Ringkesan sing mathuk kanggo paragraf ing dhuwur yaiku ...

A. Carane gawe tahu B. Pentinge mangan tahu C. Vitamine sajroning tahu

D. Carane goreng tahu

Page 11: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Wacanen geguritan iki kanggo pitakon nomor 20 – 22!

Bocah Mituhu

Murid iku kudu manut marang guru

Rukun marang kanca

Aja drengki aja srei

Aja climus aja jail aja nakal

.............

44. Parafrase geguritan ing dhuwur yaiku ...

A. Dadi bocah kudu sregep sinau lan nyambut gawe. Aja seneng ngalamun lan ora putus asa.

B. Sawijining murid kudu tansah manut marang gurune. Ana ing sekolahan kudu tansah rukun karo kancane. Dadi murid kudu ngedohi sifat drengki lan srei.

C. Dadi murid kudu sregep mangkat sekolah. Aja sering mbolos lan aja goroh.

D. Dadi murid kudu eman karo kanca lan ora seneng tukaran.

Perhatikna gambar ing ngisor iki!

45. Ukara kang trep kanggo gambar ing dhuwur mau yaiku ... A. Sregep sinau lan mituhu.

B. Seneng maca buku bisa ndadekake pinter lan tambah ilmu. C. Seneng kerja kelompok karo kanca. D. Seneng bareng-bareng karo kancane manawa ana tugas.

46. ... gunane tanduran tumpang sari ?

Tembung pitakon kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ... A. Sapa B. Apa

C. Genea D. Pira

47. Gamelan salah sawijining seni, musik ... tradisional. Tembung pitakon kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ...

A. tetembangan B. tatananing

C. tetabuhan D. Tambahan

48. Maca tanpa pusara nanging mangerteni isine dijenengi maca batin. Tembung pusara kurang trep, becike ...

A. juwara B. kusara C. nyuwara

D. jumeneng

Page 12: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

49. Bapak tilem kula sare. Ukara kang trep manut unggah-ungguhe yaiku ...

A. Bapak sare kula lunga.

B. Bapak tilem kula tilem. C. Bapak sare kula tilem.

D. Bapak sare kula sare.

50. Bapak lunga menyang Solo numpak Sepur. A. Bapak lunga menyang Solo numpak Sepur.

B. Bapak lunga tindak Solo nitih Sepur. C. Bapak tindak dhateng Solo nitih Sepur.

D. Bapak tindak menyang Solo numpak Sepur.

Lis Rahayu

Page 13: Naskah utama bahasa jawa 2012 2013

Kunci Jawaban

Naskah Ujian Utama

1. A 11. B 21. B 31. D 41. A 2. A 12. B 22. B 32. D 42. A

3. A 13. B 23. B 33. D 43. A 4. B 14. A 24. C 34. D 44. B

5. B 15. A 25. C 35. C 45. B

6. B 16. A 26. C 36. D 46. B

7. C 17. D 27. C 37. D 47. C

8. C 18. D 28. A 38. D 48. C

9. C 19. D 29. A 39. D 49. C

10. C 20. D 30. A 40. A 50. C