pachelaton, mbuh bener mbuh salah
DESCRIPTION
hanya untuk mengisi waktu luangTRANSCRIPT
PACELATHON
Anak : “Assalamualaikum.”
Bapak : “Waalaikumsalam, sinten nggih?”
Anak : “Kula Pak, Edi, putranipun bapak ingkang bagus piyambak.”
Bapak : “Ooo kowe to Le jebulna, seka ngendi kok gek wae mulih?”
Anak : “Inggih saking sekolah to Pak.”
Bapak : “Lha ana kegiatan apa to olehmu mulih kok nganti sore ngene?”
Anak : “Wonten kegiatan CFM pak.”
Bapak : “CFM kuwi panganan apa Le?”
Anak : “CFM punika singkatan saking Citta Fresh Music”
Bapak : “Lha kok apik temen kuwi jeneng kegiatane, sapa sing nganakake?”
Anak : “Lha jelas pak, sing nganakake mawon OSIS Citta Cundara Karya ingkang sae sanget. Hhehe…”
Bapak : “Njug apa wae acara.ne?”
Anak : “Acaranipun namung lomba band, ananging rame sanget Pak”
Bapak : “ Kowe melu acara kui pora Le?”
Anak : “ Inggih jelas Pak “
Bapak : “Jelas melu?”
Anak : “Jelas mboten tumut. Hhehe”
Bapak : “Oooo…kowe ngono ngertine tok rebutan bal wae kok, kamangka kui wae ora becus, thok melu- melu kancane.”
Anak : “Kersane kok,”
Bapak : “Wah, bapak ra mudeng yen ngono kuwi, mbiyen nalika bapak sekolah durung ana kegiyatan ngono kuwi kok.”
Anak : “Hhehehe, wontenipun punapa Pak rumiyin?”
Bapak : “Mbiyen ngono anane yo mung balapan mlayu kuwi.”
Anak : “Hha…jadul kok nggih Pak.”
Bapak : “Eeehh, ojo ngece kowe Le, sembrana…yen ra ana mbiyen, yo ra ana saiki”
Anak : “Nggih, nyuwun ngapunten Pak.”
Bapak : “ yowis, kono ndang adus, Bapak tak dhahar dhisik, sayah omong-omongan karo kowe.”
Anak : “ Nggih.”