pranatacara

15
PRANATACARA ADHANINGGAR RATNA H (01) ADNE LATIVA AZHAM M (02) AJENG HAYU SEKAR RINAKIT (03) DIANDRA AYU LARASATI (04)

Upload: blaze-davis

Post on 01-Jan-2016

439 views

Category:

Documents


33 download

DESCRIPTION

PRANATACARA. ADHAninggar RATna H (01) Adne Lativa AZHAM M (02) AJENG HAYU SEKAR RINAKIT (03) DIANDRA Ayu larasati (04). Pranata : paugeran. Adicara. Pranatacara. Pranatacara : paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhé kalampahan. Panata : ingkang nata. Panatacara. - PowerPoint PPT Presentation

TRANSCRIPT

Page 1: PRANATACARA

PRANATACARA

ADHANINGGAR RATNA H (01)

ADNE LATIVA AZHAM M (02)

AJENG HAYU SEKAR RINAKIT (03)

DIANDRA AYU LARASATI (04)

Page 2: PRANATACARA

Pranatacara Pranata : paugeran

Adicara

Panatacara

Adicara

Panata : ingkang nata

Pranatacara : paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhé kalampahan

Panatacara : tiyang ingkang kajibahan nata lan ngatur tumapaking adicara wiwit pambuka ngantos paripurna,

cekakipun tembung panata adicara punika lajeng kalimrah dipuntembungaken MC utawi pembawa acara

.

Page 3: PRANATACARA

SARAT DADOS PRANATACARA

1. Swara

2. Busana (Ageman)

3. Subasita (Trapsila)

4. Basa lan Sastra

Page 4: PRANATACARA

Perkawis ingkang kedah dipuncawisaken minangka sangu murih saged renggep ing wicara :

1. Gegayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot tuwin raos.

2. Gegayutan kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling pangandikan saged cetha tuwin membat mentuling swara sekéca dipunmirengaken.

3. Gegayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira punapadéné patraping busana netepi subasita ingkang lumampah.

Page 5: PRANATACARA

Sangunipun panata adicara tuwin pamedharsabda supados wijiling pangandikan nggadhahi bobot antawisipun wonten gangsal (5) perkawis :

1. Pirsa saèstu / nguwaosi dhateng ayahanipun.

2. Nguwaosi basa lan sastra.

3. Tètèh / baut micara.

4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana.

5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan ayahan punapadéné kawruh sanèsipun.

Page 6: PRANATACARA

1. Ing babagan basa, kaginakaken basa ingkang trapsila saha wijang prasaja.

2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng

3. Mangertosi rantaman-rantaman tumapaking adicara kanthi permati.

4. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.

5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara.

6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.

7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

PATHOKAN-PATHOKANKANGGE

PRANATACARA

Page 7: PRANATACARA

BAKUNIPUN RERANTAMAN PRANATACARA

1. Salam Pambuka

a. Manten : basanipun mewah, agung mboten komunikatif, melodius

b. Lelayu : tintrim, wedi, sendu, syahdu, datar

c. Karang taruna : komunikatif, interaktif, dinamis

2. Atur Pakurmatan

Wonten ing atur pakurmatan ingkang kasebat kaping pisan inggih menika tergantung kaliyan :

a. Yuswa

b. Jabatan

c. Rakyat biasa

Page 8: PRANATACARA

- sesepuh : ingkang sampun sepuh

- pinisepuh : tiyang ingkang dipun sepuhaken

- ajisepuh

- para priyagung pangemban pangembating praja : lurah dumugi presiden

- para luhur : bangsawan

- para sarjana tama

- para budayawan

- para alim ulama : pangajengipun agama

- para tamu

Page 9: PRANATACARA

3. Atur puji syukur dhumateng ingkang maha kuwaos

4. Inti : rerantamanipun adicara

5. Pamiji : panyuwunan alus saking MC kangge para tamu

6. Panutup

7. Salam panutup

Page 10: PRANATACARA

TEMBUNG INGKANG MBOTEN ANGSAL DIAGEM

Makempal/kempal :pepanggihan Kita : kula lan panjenengan Kerawuhan : rawuh panjenengan Ngancik : acara saklajengipun Jumeneng : ngadeg Kirang wicaksana: kirang prayogi Dhumateng: kagem, kangge Sepindah : sepisan

Page 11: PRANATACARA

TRIK MUNGGEL PANGANDIKAN PAMEDHAR SABDA

1. Nyaosi kode asta saking sawingkingipun para tamu ingkang lenggah.

2. Titip seratan alit dhateng juru photo kanthi boten ketawis dipuncaosaken dhateng pamedhar sabda.

3. Sound systemipun dipun ewahi supados speakeripun saged dipun dandosi sinambi matur kanthi boten ketawis dening tamu.

4. Pranataca saged paring cecala dhateng pamedhar sabda ngengingi wekdal saderengipun pamedhar sabda pentas.

Page 12: PRANATACARA

SWARA

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha

medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged

mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil

trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).

Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis

sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko,

pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara

swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing

tembung lingga saha tembung andhahan.

Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca

kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun,

sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget.

Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga,

amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha

pamedhar sabda.

Page 13: PRANATACARA

BUSANA (AGEMAN)

Ajining raga gumantung busana. Anggenipun ngadi busana kedah

kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun

ayahi.

Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng

menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana

saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng

make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok

tuwin samadya kemawon.

Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-

saenipun dening pranatacara, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung

sae ugi kagem para pranatacara ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados

pranatacara, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih

hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.

Page 14: PRANATACARA

SUBASITA (TRAPSILA)

Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila

ingkang kirang, sagd ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar

sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening ing asanes

utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng,

manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda

nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana,

sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger

sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha

kabingahan.

Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger

sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos

manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa.

Page 15: PRANATACARA

BASA LAN SASTRA

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun

priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda.

Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres,

pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes,

sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan

basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap,

tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.

Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam  saha

mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

Leres  : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa

ingkang trep kaliyan parasastranipun.