cerita cekak by fc.masato
Post on 26-Dec-2015
475 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
Ayumu Jebul Ora TulusCerpen Bahasa Jawa: Ayumu Jebul Ora Tulus
Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen
mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe
mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang
sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan
nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha
dilakoni.
Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga
kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok
tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela
mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora
ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus
ditetel kuwi.
Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan
nggon mikirake kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan
lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ?
aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane,
sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok
ora gage kenalan.
Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute
sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin
jroning bis mau, nambahi nikmatku.
Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu
parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.
Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa
ngalihake olehe maca.
?Wonten kabar ingkang hangat, mbak??, ngono pitakonku timbang anem
mundhak diarani lara gomen.
?Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar
kuwi bali maca maneh.
?Wih ? angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal.? Pancingan pitakonan
gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto
sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji
iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke
aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng
dheweke :
?Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran
dereng??, pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang
aku kanthi nanjakke karo takon :
?Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo
ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli :
?Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,? kandhane.
?Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?? cah ayu mau ndhedhes
kepingin ngerti.
?Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab
pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa
kenal becik karo dheweke.
?Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas??, bocah mau isih
ngoyak terus.
?Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran,
amargi kedadosan punika pancen kajarag.?
?Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh kena pancinganku, jebul bocah
iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak
sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.
?Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.? Si Dul Anak
Sekolahan? ingkang kaping kalih.? Krungu angsulanku mau, cah ayu mau
kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :
?Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono kandhane nganggo basa
cakecandhake.
?Bukan?, kandhaku gedheg.
?Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku gedheg maneh, ndadekke cah
ayu kuwi ngguyu karo kandha :
?Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune
uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi
rinengga janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe.
Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani
panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-
epeke nutupi raiku karo kandha :
?Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,? kandhane. Epek-epek
tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung
pitakone ndedhes terus.
?Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ?? jawabku :
?Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu mau gage nyaut :
?Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-
lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !?. Sidane aku ngaku,
wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh :
?Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul
Anak Sekolahan? aku ngaku jujur.
?Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane
bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke.? Kandhane cah ayu
rumangsa menang.
?Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku Warto.?
Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem
kenceng karo nyebut jenenge :
?Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :
?Daleme ngendi mbak ??
?Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki
aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing
kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ?? Ningtyas
genti takon.
?Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye,
kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.?
?Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem
kok.? Kandhane polos.
?Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta,
katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit
tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen
seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.?
?
?Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.
?
?Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra
sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.? Wangsulanku
blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok
kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :
?Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi wae kenal
rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa
seneng kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo
mesem,njur takon :
?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku dadi salah tingkah lan klicutan
entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele :
?Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku
weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu
terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk
sing kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono.
Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :
?Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku
kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-
guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing
njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi.
Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi
penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.
Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing
rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :
?Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku
bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ??.
?Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku
kuwi watake seneng praduga, mengko dikira0 aku cah sing seneng kangsen-
kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin
nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :
?Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ?? Ningtyas
meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon :
?Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi
ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki.?
?Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana
Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik ?
Sumber Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe
ketemu ana kana. Piye ?? Ningtyas aweh keterangan.
?Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.? Bubar kandha ngono,
njur gage aba sopir :
?Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase
ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.
Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak
kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik
mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi.
Mesthi wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana
saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo
dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau diulungake
Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong
mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung
wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning
netra.
Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek
rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa
tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi
ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.
Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong
sing uripe wis diprogram ? dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka
ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata : Ay.
Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria
Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating
craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko
tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.
Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku
durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku
srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron
sing aku melu nangani.
Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana
kae ? Ah ? ya embuh.
Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin
kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang
lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel
ndak kipatake.
Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake
ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter
nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.
Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa
kroncong, jan ? neng ati bisa nganyut-anyut ? rumesep neng sanubari. Ya iki
sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemu
Ningtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng
Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan
dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing
putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak
batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam
rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang Sala.
Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras wis
suwe ora numpak ecak.
Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning
sopir taksi tak duduhi alamat Apotik ?Sumber Waras? ing Jl. Wonosari kok njur
manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak
tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka
kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe
Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing kono
siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.
Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka
kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh
kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.
Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan
ngudhunake penumpang, ? oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.
Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong
ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya
nyedhak.
Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng
cedhak :
?Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor
menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ??
?Durung kok, jeng,? wangsulanku.
?Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep,
dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki?, kandhane jeng Ning.
?Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka
kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali
marani aku karo kandha :
?
?Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya?
kandhane santai. ?Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon,
mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.
?
?Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku
rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.?
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak
bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk.? Kandhaku aweh pamrayoga.
?Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,? wangsulane serius.
?Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.? Kandhaku.
?Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong,
penjenengan ora seneng, ta mas ??
?Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,? wangsulanku.
?Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi,? pangajakku
mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu
taksi jeng Ning aba :
?Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi
mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika
ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.
Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning
terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :
?Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.?
Kandhane :
?Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget
neng atiku.? Kandhaku blaka.
?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan sepisanan
kae aku njur piye ? ngono je, mas, karo penjenengan.? Kandhane jeng Ning karo
ngguyu sajak piye ?.
Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak, rasane
kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.
Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh
lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.
Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul
bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke
nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha :
?Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo
penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran
iki.?
?Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing
wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna !, sliramu ngasoa !.
?Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane Ningtyas, karo dumadakan
kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak
kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :
?Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ?? Jeng Ning gedheg
tandha yen ora.
?Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??
?O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.? Kandha ngono
tangise saya mingsek-mingsek memelas.
Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :
?Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani ?, utawa
wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng ? Aku jeng mengko sing
mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen ora percaya,
kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk emben, aku saguh sowan
wong tuwamu nglamar sliramu.?
Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.
?Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu, mengko
ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.? Kandhaku ngayem-ayemi.
?Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan
ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara nglentrih.
?Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning bocah
nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora
bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa sliramu apa anane.
Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku tulus.
?Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku
durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing
ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas Warto iki.
Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna
lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen
penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske.
Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.? Kandhane
cetha.
?Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha
njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?? aku ngambali takon. Jeng Ning
meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman.
Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak
dheweke saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :
?Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku,
mas??
?Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal
mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning
wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk ngemungna
aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku mau,
jeng Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha :
?Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing
bisa ndak enggo ngayom salawase.? Kandha ngono jeng Ning nyawang aku
tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :
?Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis
bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.?
?Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan tujuan,?
kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng
sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha :
Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku
mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran.
Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene maneh. Piye nek
penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku
tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa ?
Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita akeh.?
?Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut,? kandhaku.
?Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :
?Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,? ngono kandhane karo mlayu neng
kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis
rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya
bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora,
bareng wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha :
?Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?, kandhane.
?Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati
sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka njaba.
?Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh,
yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise
ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa dheweke
menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.
Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea
atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar ?.
Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-
therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak copot,
ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak
neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone
jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak
waca tulisan ing ngisore, unine :
Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam,
dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah
kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh :
Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih
banyak lagi.
Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di
Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara.
Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola,
dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti.
Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan
cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto : ?Oh ? Ning kowe
kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan
penerusmu.?
?TAMAT?
Sambung Tresna Karo LelembutJagading Lelembut
Dening : Nini Klenyem
Dhek emben sasi sing wis kepungkur, penulis jagong manten neng Sragen,
ketemu kanca lawas dhek isih ana SLTA biyen. Padha dene ora ngira, yen ing
pista manten kuwi aku lan dheweke bakal ketemu. Jarene kancaku mau, sing
kagungan kersa mantu kuwi mbakyune, dene aku rak biyen kanca tunggal kelas.
Maklum suwe ora ketemu, mula aku wong loro milih enggon rada kiwa anggone
lungguh. Sepisan olehe crita ben ora ngganggu tamu liyane, kejaba kuwi bisa
crita apa wae bebas, merga ora keganggu tamu liya sing mesthi wae ora
sambung, wong? ora kenal lan ora sak pejagong. Bareng wis takon sak suwene
sakbubare sekolah, lan sak teruse ketemu wis dadi wong tuwa iki, dheweke njur
takon ngene :
?Mbak apa garwamu ki asmane pak Sarjoko?? Aku mangsuli:
?Iya.? Dheweke njur kandha :
?O layak? dadi sing sok nulis kae kowe ta?? Aku mung ngguyu.?Ha nek ngono
mbak, aku tak crita ya, tulisen, saiki rungokna!? Aku mapan lungguh sing
kepenak, karo siap ngrungokake critane kancaku mau. Bareng ngerti uku wis
serius anggonku arep ngrungokake, dheweke banjur wiwit crita. ?Ngene mbak,
ing ndesaku kana, aku nduwe tangga sing wis apik banget karo aku, prasasat
wis kaya sedulur dhewe. Nganti apa wae dicritakke karo aku, senajan kuwi wadi.
Wong mau jenenge bu Kadri, lha kakunge jenenge Raharjo. Anggone bebrayan
wis suwe, pinaringan momongan telu sing cilik dhewe isih ana SD. Bu KAdri kuwi
wonge putih semok tur gagah, ning ora klebu sulistya. Grapyak? sumanak?
pinter srawung, mung emane thukmis, gampang ketarik priya liya senajan wong
kuwi wis nduwe bojo kaya dheweke. Mung gumunku mbak, wong sing disiri karo
bu Kadri kuwi kok ya olehe mesthi nglanggati.
Emane bu Kadri kuwi uripe mung klebu pas-pasan, mergane kakunge kuwi ya
klebu mung dhanyang buruh tur ya klebu bodho tinimbang putrine. Mula ditinggal
ngiwa barang ya meneng wae. Sing keri dhewe, angger wong wis padha ngerti,
nek bu Kadri gandheng karo pak RT ne. Bu RT ngerti kok ya meneng wae.?
Mula aku njur dhedhes bu Kadri ngene : ?Kowe ki ra samar nek di krampyang bu
RT pa bu?? Wangsulane bu Kadri : ?Ora dhik, wong aku melu ngrewangi olehe
gawe omah sing anyar iki kok. Wista, nek ora aku sing ngrewangi tuku kayu?
gendheng.. lan material liyane, durung mungkin dadi.? Kancaku mau nanjih :
?Ora mbak lha dhuwitmu saka ngendi entukke?? Bu Kardi nyedhak karo
kandha :
?Tak blakani ya dhik, ning aja kandha sapa wae!? Kancaku sumaguh.
?Dhik, sejatine rak wis sauntara, kejaba aku hubungan karo pak RT kuwi, aku ya
nduwe pacar sing wis kaya bojone. Dheweke kuwi lelembut sing tansah aweh
dhuwit sing kena ndak enggo nguja pak RT kuwi.? Kancaku nanjih :
?Olehmu tetemon ana ngendi, bu??
?Ya ana omahku dhik, dheweke njanjeni pendhak malem Jum?at nek wis wengi
kahanan sepi. Janji wis ana angin semiyut rada gemrubug lan lampu kamarku
mak pet mati, ya kuwi dheweke teka njur langsung ngekeb aku. Biasane aku
mung takon, Kowe wis teka?? Dheweke mangsuli cetha : ?Uwis!? Yen wis ngono
dhik, dheweke njur ngarasi aku sak katoge lan tangane oprasi neng perangane
awak-awakku sing marahi kerangsang. Yen aku wis ora kuwawa ngampah, dhik,
dheweke tatrap ngajak aku mabur neng sandhuwuring mega sap pitu, ngrasakke
nikmate swarganing daging sing tanpa upama. Aku marem, sajake kana ya luwih
dening marem, nyatane njur bleg seg merem turu. Semono uga aku ya njur les
turu neng kekebane. Gagat esuk, lamat-lamat aku krungu lan uga krasa yen
ana? swara gemrubug lan angin sumiyut, lan njur mak byar lampun kamarku?
urip, ya nalika kuwi dheweke lunga. Lan let sedhela njur keprungu adan Subuh.?
?Sampeyan ora wedi bu, karo sing ngemori sampeyan kuwi?? kancaku nanjih.
?Wedi piye dhik, wong rupane ya bagus, dedek piyadege ya kaya wong-wong
kuwi, kulite ya alus. Wista pokoke nyenengke. Lan jroning ulah salulut, antuke
kemareman jan nagihi ngluwihi priya sing wis tau tak rasakke? durung ana sing
madhani.? Ngono ketrucut tembunge bu Kadri sing sajake lali, yen iku tumindak
slingkuh. Kancaku mau jare takon maneh:
?Apa nek teka kuwi ora mbok suguh apa-apa, bu?,? dheweke mangsuli :
?Ora dhik, mung welinge nalika arep teka sepisanan biyen, aku dikon nyedhiyani
gedhang emas telung iji sing mateng kuning. Ning tan kocapa dhik, esuk yen
dheweke wis lunga, tak tiliki gedhang mau wis dadi ireng lonyot. Sidane ya ming
njur tak buang.? Kandhane bu Kadri. Aku sing dicritani olehku nggatekke tenan,
supaya aku bisa nulis bener kaya critane. Bareng kancaku mau meneng, aku
njur nerang.
?Njur sateruse piye, dhik?? kancaku mangsuli :
?Anu mbak, aku krungu-krungu dheweke ki sabanjure seneng karo guru seni,
ning priyayine saka pondhok pesantren, sing jare uga mulang ngaji barang.
Dadine sing dipencuti bu Kadri kuwi kejaba ngibadahe tumemen, ning ya guru
seni lan baut micara, wong jare nek disuwun medhar sabda ya baut tur sastrane
bener.? Kancaku sing uga penulis mau mungkasi critane karo kandha ngene :
?Ya muga-muga wae mbak, priya sing dipencuti iki, bisa mbalekake
kesadharane bu Kadri, lan misahake sesambungane karo makhluk seje alam
kuwi, mundhak dadi wong ora lumrah. Iya nek ora ngapa-ngapa, nek mengko
nganti ana thukulane, njur kaya ngapa dadine.? Mengkono critane kancaku
penulis mau. Para maos pitados mangga, dene ora ya ora dadi ngapa, jer maos
mono sawetara kena kagem panglipuring penggalih.
Rampung
PaiminCerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
http://seindahsenja.wordpress.com/
“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?”
“Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah
ngoten.”
“Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan
mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani lumayan. Hebat
niku mas. Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah
niku mboten saben tiyang saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke
anak, njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat
niku”
“Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya
lumayan akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo
nyekolahke anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana
iuran kene ngana kae.”
“Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes
mahasiswa sing biasane katelasan sangu.”
“ He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya
mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana
carane.”
“ Enggih tha.”
“Lha iya.”
“ Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”
“ Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan
mas, penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone
ana ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih
ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.
Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan
kahanan ndesa karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi
peteng dhedhet, ora ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing
petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang. Ana rembulan ora ana
rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe
cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh
menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu.
Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus
Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab
wayah sore dheweke kudu siap-siap dodolan.
Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan,
nalika Siti njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit
kontrakan. Ngerti menawa omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih
ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir. Dheweke mung tukang angkringan,
mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu ngrewangi bayari kontrakan.
Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo nyukupi urip wae mesti
rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora
tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas.
Pokoke wis ora dolan maneh.
Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge
Mirna, jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire
Paimin. Mirna bocahe manis. Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak.
Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan soto ana ing warunge. Mirna
kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto Sederhana. Bocah loro
banjur kekancan.
Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan
Soto. Amarga sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh,
sotone ya akeh, mula Paimin seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah
sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk
dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya
mas, sedino nang ngomahku,” wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe
Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda
motor. Paimin pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh.
Kadang-kadang wis ora bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem
mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin rada
gembagus.
Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga
Paimin arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina
kuwi, wong Mirna ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe
kepentingan. Mlebu kerja terus. “Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?”
pitakone Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani
menawa belak-belok.”
Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa
nengen, apa lurus wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah
arahe kok arah menyang ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok adoh
banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih
ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-
pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur sore mengko Paimin ora
bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi
cita-citane kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa.
Kudu urip nang kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe
nang ndesa. Durung menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua.
Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan soto ana ing Warung
Soto Sederhana.
Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika
tuku cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar
pithik. Barang siji iki pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo
cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong
sing padha jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar.
Keneng apa sing jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih
empuk tur ndaging.
Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule.
Lha wis kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar
kepeneran ngajak anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan
keperluan liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge anake kuwi mau, melu
menyang pasar. Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe dodolan. Bejane
Paimin, banjur oleh kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik.
Kaya makne. Senajan ora patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”
“ Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”
“ Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,”
pangajake Paimin marang Inah.
“ Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe.
Ketemu maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar.
Ndilalah dhuwit sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok
sing dienggo wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi
sore. Dheweke ganti kathok mergo, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore
mengko. Dheweke ora sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok
sing saiki dienggo.
“Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane
sampeyan. Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken
kangge kulak cakar.”
Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang
kana ketemu karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken
gegojekan karo Inah. Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging
kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah. Karo bapak ibune dikirane
bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak seneng
wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.
Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora
kepingin banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa
keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora
asli kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke
dhewe. Anak tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu
omah nang kono. Ora mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah
sepine omah menawa si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya
omah nang kana wae.
Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa
bebojoan karo Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa
diarani bagus, isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka Inah. “Kena dipamer-
pamerke,” jare kancane. Paimin manthuk-manthuk wae. Kepikiran arep nggolek
kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek bojo.
Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe
Inah. Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing
nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin
dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake
dheweke bakalan seminggu ana nang ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora
ditemokake karo bapake Inah. Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora
ana. Nanging bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang
Klaten.
Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul
angkringan, bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine
nakokake ngapa kok Paimin ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki
karo si Inah. “Menawa ana masalah mbok dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora
ana kabare, kae lho ditakokake karo Inah,” mangkana tembunge bapake Inah.
Paimin mung ngguya ngguyu mbingungi semu isin.
Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe
Inah wong olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang
pawongan kang jajan ana nagkringane.
PupusCerpen Bahasa Jawa
Pari neng sawah wis mrekatak kuning rata lan mentes-mentes, seminggu maneh
bisa dipanen. Atine nyicil ayem dene cepakan dhuwit kanggo mbayar sekolahe
anake wis ana. Marni sing wulan iki arep ujian akhir SMU kepingin neruske
kuliah ana pertanian bakal kelakon.
Anak mbarep digadhang-gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh
gaweyan sing bayare maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Karo rengeng-rengeng mecaki galengan, Karjo ngubengi sawah sinambi ngusah
manuk-manuk emprit lan glathik sing arep neba.
Tekan omah esem lan guyune renyah kaya bocah cilik kang lagi kalegan atine
sebab keturutan karepe.
"Kok sajak seneng atimu Pakne, ana apa ta?" bojone takon nlesih. "Beres,
dhuwit pasedhian kanggo golek sekolahe anak mbarep wis ana"
"Genahe pripun ta Pakne!"
"Iya genah bae, karo meneh ya gak pripan-pripun." Ngono olehe semaur
nganggo dialek Jawa Timure sing medhok.
"Pancen rada ora genah, kesambet na ngendi ki mau"
"Onten napa ta Mak, kok ndremimil dhewekan!" anake mbarep njedhul mulih
sekolah.
"Bapakmu kae Iho delengan mesam-mesem dhewekan kaya wong lagi
kesurupan”
"Napa enggih ta Pak?"
"Sapa sing kesurupan. Ya Makmu iku sing rada nglimbung."
"Bapak kok sajak seneng antuk rejeki nomplok napa"?
"Dudu rejeki nomplok sebab menang tombokan, nanging delengen kae na sawah
parine wis padha kuning mrekatak seminggu engkas panen!",
"Kula saget kuliah onten pertanian yen ngaten nggih Pak?"
"Kuwi jeias ndhuk. Sebab butuhe bakal kecukupan"
"Lha aku kebagian apa Pak?" anake lanang sing nomer loro njedhul mulih
sekolah nyela-nyela takon.
"Ya mengko sisane dhuwit sing dianggo golek sekolahe mbakyumu kena kanggo
kowe"
"Sida ganti sepedhah tenan bakale”
“Sepedhahmu kae kurang apik pa? Kok dadak njaluk diganti?"
"Nggih mboten! Namung kurang sip"
"Wis kono salin terus mengko barmangan ngewangi Bapak ndandani pager sing
sisih mburi!"
Awan kuwi kang Karjo kanthi ati sing mantep dandan pager direwangi Sardi
anake sing nomer loro ya sing ragil, karan kang Karjo anake ya mung loro.
Mbarepe wadon jenenge Sumarni sekolahe ana SMU klas telu wis ngadhepake
ujian akhir dene Sardiyono anake lanang sing nomer loro ana SLTP klas loro.
Najan uripe pas-pasan kang Karjo ora ngresula, anane mung rumangsa sukur
marang pangeran sebab rezekine tansah lumintu tekane.
Bubar dandan pager reresik awak banjur salin penganggo sing rada pantes,
ganthane arep dolan nggone Babah Acheng perlu takon rega gabah.
"Dengaren macak! Arep nyang ngendi Pakne?" sing wadon takon nalika ketemu
ana latar ngarep.
"Nggone Babah A-cheng takon rega gabah!"
"Karo pesen mesin doser pisan nggone Kaji Marwan"
"Yoh. Ngestoke dawuh Dalem!"
Yu Karjo ora wangsulan, nerusake anggone reresik jogan ngarep omah. Omah
joglo kuna tinggalane wong tuwane kang Karjo diupakara kanthi permati ngelingi
omah tinggalan sing ora melu mecel mung kari ngenggoni. Najan omah wis rada
tuwa nanging yen diupakara ya katon isih apik.
"Bapak nyang ngendi Mak kok sajak perlu banget?" pitakone Marni metu saka
njero ngomah terus lungguh ana dhingklik emper omah.
"Takon rega gabah nggone Babah Acheng!"
"Kapan ta Mak panene?"
"Yen ora ana alangan kira-kira seminggu maneh"
"Apik ya parine?"
"Kandhane Bapakmu parine apik, mentes-mentes."
"Ya sukur ben payune akeh bisa kanggo ragat golek kuliahan"
"Melua ndedonga bae ben kekarepanmu keturutan"
Lagi bae anak karo simbok rembugan ora kanyana Bardi blantik teka uluk salam
banjur takon.
"Kang Karjo nyang endi Yu, kok sepi?" pitakone.
"Ki maeng lagi metu nyang nggone Babah Acheng takon rega gabah karo
mampir nggone Kaji Marwan mesen closer kanggo panen seminggu maneh"
"Arep di panen dhewe pa? Ora di tebaske? Yen ditebaske tak petunge piye?"
"Ya ... kana rembugen karo Bapake Marni yen mengko wis teka"
"Ana pirang kothak ta Yu?"
"Pitung kothak kurang sithik"
"Njaluk pira Yu saben sakwintale?"
"Aku ora ngerti Mas, wong maeng Bapakne Marni ora pesen apa-apa." "Ya wis
Yu! Aku njaluk pamit disik. Mbokmenawa mengko ketemu takjake rembugan"
"Iya sakarepmu anggere Bapakne Marni cocog regane"
Blantik Bardi sing gaweyane adol kewan sinambi dadi tukang tebas pari banjur
mulih diuntapake bojone Karjo tekan latar.
Mulih saka nygone Babah Acheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega
gabah rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-
etung yen panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket
ewu ana patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar regad Marni golek papan
kuliah.
Menungsa wenang ngrancang nanging Gusti Allah sing nemtokake. Sore udan
ora leren-leren nganti rong dina rong bengi. Hawane atis lan dalan ngarep
omahe jenes amarga kesiram banju udan sing ora ana kendhone.
Bubar Maghrib keprungu swara kenthong titir lan ora suwe keprungu wong
undang-undang jenenge.
"Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung
ambrol, banyune mbludag arahe mrene" mangkono kandhane bayan Mardi saka
dalan ngarep omah.
"Apa, Dham Buntung ambrol?"
"Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!"
Enggal-enggal Karjo salin pengganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal
nyang mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung
weling supaya ana ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-
kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju
pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan
pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake
neruske sekolahe.
Arepa dikupiya bebarengan nanging gedhene banyu ora bisa diajak rembugan.
Banyu mili kimplah-kimplah ora bisa dicegah. Tegal jagung duweke mbah
Wongso diterjang bablas ora ditinggali apa-apa babar pisan. Kabeh digondho!
Ian diawutawut turut iline banyu. Karjo enggalenggal mlaku ngunclug menyang
sawahe. Katon pari sing sepasar maneh dipanen padha rubuh ketrajang banyu
banjir saka jebolan Dham Buntung.
Atine angles meruhi kahanan sing mengkono mau. Angen-angen oleh duwit
panen Hang musna mung kari eluh sing tumetes metu ora kerasa. Ing bathin
maneges marang sing Kuwasa.
"Duh Gusti punapa lepat kawula ngantos Paduka andhawahaken bebendu
ingkang kados punika"; ngono pangresah atine. Banyu banjir isih mili lerap-lerap
kaya miline tangise ati sing lagi nampa pacoban. Dina sesuke durung ngerti
embuh kepiye kawusanane. Amung Gusti kang mangerteni.
Nasibe ManungsaCerpen Bahasa Jawa: Nasibe Manungsa
Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis
patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya ngiocotake dlamakan
sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit,
wis lingsir mengulon. Naning panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan
setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa
tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning
godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara
gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe
gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang.
"No, Darno! Reneya!"
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero
gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku
jumangkah marani Kang Parman.
"Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik"
sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak
weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge.
Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol
aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.
"Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran,
malah ana undangan pesta kebun," sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman
ngetokake rokok sing durung dibukak segelane.
"Ponakanmu wingi rak tilik ngomah” tangane Kang Parman uwet mbukak
bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku
mung mbako gewol, ya melu-melu makmum ngrasakake nikmate rokok.
"Kerjane neng endi ta, Kang?"
"Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan
ceperane"
"Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung
kari ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg tela.
"Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise
gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete
krasa tenan.
"Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti
kahananku. Nyekolahake tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning
dhadha, kok ndadak arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe
ngono ya pinter, wong oleh rangking siji terus, kok. "Tangane Kang Parman
ndudut tela sak puk.
"Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake," eseme Kang Parman
mlethek nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah
Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas.
"Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae
ta?!"
"Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang Parman
manthuk.
Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha
ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon
kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah
sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak Guru kang kudune nesu. Lucu
meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang
dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa
cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing
kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu
Guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane
Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi.
"Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman
gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala Sekolah kuwi
wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang
pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi
ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa gek-gek nalika didhaulat muride supaya
nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti, yen
nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah
jagone. Sapa ngerti!
"Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!"
Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa
lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar
ngleyeng menyang kantor-kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya
ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-kantor sing dileboni, racak ora ana
lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing
pas ya mung penjaga utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana
penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine
meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro.
Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah
nerusake niyate golek gaweyan. Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa
keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan.
Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan.
Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga
omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar
cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa
temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor
apadene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo
mlaku.
Ing daleme Pak Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh
putra-putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan,
sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal
mangan-memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana
sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi.
Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe
mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging
diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus
dientukake putrane Pak Lurah.
"Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk.
"Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku. Banjur
Kang Parman mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot."
Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke.
"Lha kok Umar gelem?!"
"Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa
nolak utawa ngemohi" Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman
pancen jagone.
"Sih kurang siji ta, Kang?!" sambungku rada keminter.
"Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong
nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe"
Kang Parman mung mesem kecut. "Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah.
Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi
wong tani gurem kaya kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku
dakturunake menyang anak-anakku. Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit
saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi
mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!"
Aku gedheg karo ngglogok teh.
“Apa Kang?!"
"Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok
aku. Balik Umar?!"
"Geneya Umar Kang?!"
"Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e
sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke
ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho"
Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung Jarum 76e
sajake sing isih. Terus diwenehake aku.
"Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun saka
amben-ambenan gubug.
Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna.
Lintang Panjer Esuk Wis AngslupCerpen Bahasa Jawa: Lintang Panjer Esuk Wis Angslup
Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dina kuwi dina Minggu.
Dadi aku akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disedhiyani dening
yayasan panggonanku nyambut gawe. Lagi nedheng-nedhenge ngresiki rak
buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug hapeku muni. Ana sms kang mlebu
sajake, aku kelingan yen dina iki aku janji arep mlaku-mlaku karo calon bojoku.
Gageyan aku nyandhak hape kang gemlethak ing kasur, mbok menawa sms
saka dheweke.
"Jeng, Aku lan Tiara wis boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka
Sepinggan. Sepurane, wis ngrepoti Jenengan" Oh jebul sms saka mas Satrio.
Aku lagi arep mejet hape kanggo mbales sms-e, hape-ku wis muni maneh. Ana
sms siji maneh sing mlebu, aku wurung mbalesi sms-e mas Satrio, lan milih
mbukak sms kang mentas wae teka.
Unine: "Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe ibune
Tiara sing wis marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat.
Selamat ya jeng, Muga-muga jeng Rastri bahagia"
Pleg... atiku kaya didhodhog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau
bengi kuwi mas Satrio wis goroh marang aku. Mas Satrio balik Jakarta cepet-
cepet ora merga ana tugas, nanging sak temene atine gela marang kejutanku.
"Dhuh Gusti... sepuranen aku ya mas. Aku ora ngira babarpisan marang
kekarepanmu teka mrene kanthi ndadak iki" Ora krasa pipiku teles dening eluh
kang tumetes merga saking rasa trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen
sejatine atiku isih mendhem rasa tresna marang Mas Satrio. Lan aku uga ngerti
banget yen sejatine mas Satrio isih nyimpen aku ana ing njero atine. Salahku
geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas Satrio kirim
email kang surasane nakoni kasedhiyanku menawa diajak urip bebarengan
maneh. Nalika kuwi aku mung mangsuli "Ya mas, tak pikir-pikire dhisik" Pranyata
wangsulanku kuwi didadekne piyandel dening mas Satrio. Emane mas, emane
kenangapa njenengan kok ora critao yen saiki wis dhewekan maneh.
"Mas Satrio.... " aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang
ngadeg ngungkuri aku. Pawongan mawa klambi bathik motif kopi pecahpecah
lengen dawa, kang padha-padha lagi ngestreni acara wisudha ing Universitas
Gadjah mada.
Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mengo memburi.
Meneng sauntara karo ngawasi aku mengisor mendhuwur.
"Mas iki aku mas, Rastri..." aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku.
"He he... Njenengan ta iki jeng. Masya Allah, pangling aku Jeng." Ngomonge
sajak surprise banget.
"Piye-piye kabare Jeng,” ucape sak banjure nakokake kabarku.
"Apik mas. Njenengan kok wis katon sepuh ta mas?"
"Hehe ya wis ngene iki Jeng. Umur ora isa diendheg. Sing penting sehat. Lak ya
ngono ta jeng" saure.
"Lha iki gek ngestreni putrane wisudha apa piye?" takone.
"Iya mas. Wisudhane anak lanang;" wangsulanku.
"Lha endi putrane?" mas Satrio nggoleki anakku lanang karo ngubengke
panyawange nggoleki anak lan bojoku.
"Lagi nyang mburi, ngeterke bapake"
"Lha njenengan dhewe?" aku mbalik takon.
"Aku ya lagi ngancani Tiara wisudha iki," jawabe.
"Oh... cah ayu biyen kae ya mas?"
"Iyaa... saiki bocahe kan lagi lulus S2ne. Lha kuwi apa bocahe mrene,"
njlentrehe karo nudingi pernahe bocah wedok kang nyandhang toga werna biru
tuwa. Katon ayu banget.
Aku ngenut arah drijine mas Satrio, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh
taun kepungkur. Sorot mripate bocah wadon cilik kang manja banget marang
aku.
"Tiara, iki Bu Rastri. Salim dhisik ndhuk." Prentahe mas Satrio nalika Tiara wis
nyedhak.
Kanthi sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku.
Aku bales karo ngrangkul lan ngarasi pipi nggemesake biyen kuwi, kang saiki wis
dadi prawan ayu.
"Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?" takonku marang dhewekne.
Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling
nate ketemu karo aku kapan lan ana ngendi.
"Ha ha..... wis lali sajake Jeng," mas Satrio sing mangsuli pitakonku.
Aku mesem karo terus takon: "Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantu?"
pitakonku karo nglirik Tiara.
"He he mbuh kuwi jeng. Sakarepe bocahe. Wong bubar wisudha iki mengko
malah langsung bablas mambur nyang Jakarta terus mblandhang dhines neng
Prancis. Mbuh sapa iki mengko sing arep ngurusi aku ndhik kene," celathune
mas Satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundhake anake.
"Ngomong-ngomong, neng Yogja iki arep pirang dina Jeng?" takone nerusake
olehe jagongan.
"Lho, aku saiki rak manggon neng Yogja mas. Wis meh setaun iki,"
wangsulanku.
"Wow alah... tiwas kebeneran yen ngono. Aku bakale ora kesepen ditinggal
dening Tiara. Aku saiki ya leren neng kene kurang luwih wis karo tengah taun."
Mas Satrio sajak seneng Ian mesem marem nalika ngerti yen saiki aku wis
pindhah ing Yogja uga.
Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane kulawargaku lan mas
Satrio dadi akrab. Prasasat mas Satrio kaya wis dadi sedulur dhewe tumrap aku
lan anak bojoku, kang ora mangerteni menawa biyen nate ana crita liya antara
aku lan mas Satrio.
Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas Satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku
isih lungguh njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku
tumetes nelesi pipiku kang wis ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku
kang isih mingseg-mingseg.
Sewengi aku ngancani mas Satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit
iki. Subuh mau, nalika adzan Subuh ngumandhang ing mesjid; mas Satrio tangi
dadakan saka komane. Kapinujon aku lagi lungguh ing sandhinge. Melek byar,
katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandhang lara. Sorot mripate tajem,
tajem kaya nalika isih mudha...., kang nate gawe atiku trataban biyen.
"Jeng... kok njenengan neng kene. Lho, aku iki neng endi jeng?" pitakone.
"Iya mas, iki aku Rastri. Njenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas Satrio wis
telung dina iki koma sakwise tiba keplesed ing Kaliurang wingi kae," aku
njlentrehke alon-alon. Tangane kang temumpang ing dhadhane tak cekel alon-
alon. Akungrasake hawa kang lembut lan anget ing dhuwur dhadhane.
Mas Satrio mesem, banjur njaluk tulung aku supaya mbantu olehe arep tangi
saka peturon.
"Jeng... aku pengin sholat. Tulungana aku sedhela"
"Mas... mas sareyan wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket ya,” aku nyoba
nahan mas Satrio supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben
mriksa kahanane.
"Ora usah jeng... Aku selak pengin sholat:"
Sidane aku ngalah, Ian nuruti kekarepane. Mas Satrio banjur tak tuntun menyang
kamar mandhi.
"Lha garwane endi. Kok dhewekan?" karo mlaku mas Satrio isih kober nakokake
bojoku.
"Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat Subuh:" Wangsulanku.
Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku
sangu sajadah saka omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon. Ngerti
yen wis dicawisake panggonane sholat, mas Satrio banjur miwiti anggone sholat
Subuh.
"Allah.. hu akbar..." ora suwe mas Satrio wis katon khusyuk anggone shalat
Subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak
jendhela. Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang
isih padhang sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening
mas Satrio mligi kanggo aku biyen. Puisi kuwi isih tak simpen nganti saiki. Aku
mesem nyawang Lintang Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crita-
crita lawas kang endah Ian romantis antarane aku lan mas Satrio.
Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas Satrio olehe sujud sajak suwe
banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedhaki mas Satrio kang isih
sujud kuwi.
"Mas... " aku nyoba ngganggu kekhusyukane merga kegawa rasa was
sumelang.
"Mas... mas Satrio, tak baleni anggonku celuk-celuk kanthi suwara alon.
Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud.
"Mas... mas Satrio.." lengene tak candhak karo setengah tak hoyog-hoyog.
Panggah meneng wae....
"Mas... Masya Allah... Mas... Innalillahi..." tangisku pecah sanalika bareng aku
ngerti yen pranyata mas Satrio wis ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing
alam kelanggengan tumuju. marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki.
Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito
iki. Lintang Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak
ing bang-bang wetan. Lintang kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate
diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare biyen, yen ta mati sukemben
pengin mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak
paling cedhak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah
nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi'kabeh disembadani...
Layang Saka SurinameCerpen Bahasa Jawa: Layang Saka Suriname
Swarane sepedha motor Pak Pos mandheg aneng ngarep omah, ngagetake
anggonku ngalamun, wayahe lagi jam setengah sepuluh awan. Dina iku
babarpisan ora nyana yen aku entuk kabar saka nggone David Sutarmin KT ing
Suriname. Yen dirunut sarasilahe, David Sutarmin KT iku isih sedulurnunggal
mbah buyut karo aku nanging ngertine ya lagi saiki amarga dheweke urip ana
negara Suriname sing adoh bangetjare ana poncote donya iki. Layang banjur tak
bukak kebak pengarep-arep, gek kabar apa meneh sing diwartake sedulur
nunggal mbah buyut sing mung tak weruhi rupane saka gambar poto sing nate
dikirimake.
"Assalamu'alaikum ww"
Layang katur Kangmas Parja Sastratinaya kang kinurmatan, sakdurunge aku
ngabarake kahananku ing Suriname, tak jaluk kabeh sedulurku ing tanah Jawa
Indonesia padha keslametan lan karaharjan, dene aku sakulawarga uga padha
slamet lan entuk rohmating Gusti Allah SWT.
Mengkono pambuka layang sing tak waca. Aku banjur unjal ambegan, jebul
sedulurku iku isih ngrasuk agama Islam kaya agama sing dirasuk kabeh
sedulurku, katitik saka anggone menehi salam mau. Layang banjur tak waca
sakteruse.
Aku sakulawarga ing Suriname padha slamet lan oleh rohmating Gusti Allah
SWT, malah sedhela maneh (sak-wulan) engkas aku bakal pensiun saka
pegawe negeri pamarentah Suriname. Sanajan aku pension, nanging
mbokmenawa beda karo para pensiunan pegawe neng tanah Jawa Indonesia.
Neng kene (Suriname) kabeh pegawe sing mlebu wayahe pensiun iku wis dilatih
kapinteran nyambut gawe apa wae sing disenengi lan sing luwih penting
sakliyane oleh pensiunan sing lumayan gedhe saben sasine isih entuk pesangon
kanggo modhal usaha mau. (Sejatine pensiunan ing Suriname iku wis cukup
malah kepara turah), kepinteran mau amung kanggo ngisi wektu sing longgar.
Nalika arep wayahe pensiun aku melu latihan madeg dadi wiraswasta, gawe lan
dodolan panganan sing dibutuhake wongJawa Suriname, rencanaku arep gawe
lan dodolan "Gethuk Lindri lan Klepon”, kava sing sok dicritakake swargi simbah
biyen.
Sakeplasan aku banjur kelingan layange David. Sutarmin KT sing tak tampa rong
sasi kepungkur, aneng layang iku David Sutarmin KT crita yen ing negara
Suriname saiki wis maju banget, mbokmenawa kemajuane negarane ngungkuli
Jawa Indonesia. perlu tak aturake, sabensaben David Sutarmin KT nyebut
Indonesia mesthi nganggo sebutan Jawa Indonesia, jare kanggo nguri-uri lan
dadi pepeling marang anak turune yen dheweke iku sejatine wong Jawa sing di
gawa dening penjajah Walanda menyang tanah Suriname didadekake buruh
perkebunan, pamrihe anak turune ben bisa ngurmati para leluhure sing urip
ngrekasa digawa Walanda, amarga akeh sing wis padha mati lan dibuwang ing
saktengahing laut nalika digawa mrana, uga bisa sesambungan utawa
silahturami marang sedulure ing Jawa Indonesia sanajan mung lumantar surat,
telepon utawa internet, malah diajap sing isih enom lan uripe kepenak padha
gelem dolan menyang Jawa Indonesia nggoleki sedulure dhewedhewe. Aneng
layang mau dicritakake yen warga penduduk Suriname mligine wong sing saka
Jawa Indonesia saiki padha urip kamulyan amarga akeh sing urip kecukupan
malah kepara sugih mblegedhu lan nguwasani ing pamarentahan (sing
dikarepake menduduki jabatan penting). Menawa katandhingake wong Jawa
sing ana tanah Jawa Indonesia malah saiki uripe luwih kepenak. Awit saka
sugihe mau wong-wong wis padha lali karo panganan asli saka Jawa Indonesia
sing jenenge Gethuk Lindri lan Klepon. "Kang Parjo, saiki bocah-bocah enom
padha wis ilang Jawane". Uga dicritakake para kanoman wis ora ngerti maneh
Gethuk Lindri lan Klepon, sing dingerteni mung panganan saka negara manca
kaya: sakwernane Roti, Hamburger, Spaghety, Pisa, Donat, Kebab, Isp. Kabeh
mau panganan saka manca negara sing saiki wis mratah aneng Suriname.
Semono uga wis akeh sing ora ngerti masakan saka Jawa Indonesia Kaya
jangan Lodheh, Sambel goreng, Semur, Gudheg, Oblok-oblok, Terik, Brongkos,
Bobor, Rawon, Bothok, Tumpang, Isp. "Yen ora kabotan aku nyuwun ngerti piye
carane lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon”, ngono critane. Nalika maca
layang dhek semana aku ora pati nggape, mongsok gawe Gethuk Lindri lan
Klepon wae ora bisa, tur ya arep kanggo apa?, layang banjur tak waca meneh:
"Kang Parjo, aku nyuwun tulung tenan, piye cara lan resepe gawe Gethuk Lindri
lan Klepon, amarga yen wis bisa aku arep bukak usaha toko khusus Gethuk
Lindri lan Klepon, yen bisa cara lan resep iki cepet dikirim lewat pos (Aja dikirim
lewat internet). Mbesuk yen toko Gethuk Lindri lan Klepon mau laris, Kang Parjo
arep tak kirimi dhuwit sakperlu kanggo ragad dolan menyang Suriname, iki
njanjiku Kang".
Mak jleg rasaning ati maca layange sedulurku saka Suriname mau, najan ketoke
sepele jebul nguri-uri kabudayan sing wujude panganan lan olah-olahan mau
penting banget, yen anak turune dhewe mbesuk uga ora ngerti kabudayan Jawa
njur piye dadine mengko? Aku banjur nerusake anggonku maca layange David
Sutarmin KT.
Kang Parjo, aku optimis banget yen usaha iki bakal maju lan dadi gedhe, malah
rencanaku arep tak pepaki dadi rumah makan sing dodolan sakwernane
mangsakan Jawa kaya sing tak critakake ing layangku mbiyen. Wah mendah
senenge mbesuk aku yen Kang Parjo utawa anakmu ana sing gelem menyang
Suriname, bab wragad aku mengko sing ngongkosi, wektu saiki aku lagi sibuk
mbangun toko sing bakale tak enggo dodolan Gethuk Lindri lan Klepon mau.
Sakliyane iku aku duwe cita-cita, mbesuk arep bukak kursus basa Jawa ing
Suriname kene, wah mendah pintere wong Jawa Suriname mengko, bisa basa
Jawa alus lan ngerti tata krama lan unggah-ungguh kaya budayane leluhure sing
isih ana neng Jawa Indonesia".
Lagi tekan semono anggonkd maca layange David Sutarmin KT mau aku dadi
melu ngguyu dhewe. Kok kahanane meh ora beda karo sing ana kene, sanajan
wong Jawa isih akeh cacahe lan urip ing tanah Jawa, nanging kasunyatan akeh
wong Jawa sing ora bisa Njawani. Semono uga bab panganan lan olahan Jawa,
akeh sing wis padha nglirwakake, ngendi ana cah saiki ngerti lan doyan mangan
jangan Brongkos utawa Bobor mbayung? Layange David Sutarmin KT banjur tak
tutugake anggonku maca,
Kanggo sawetara aku nyuwun dikirimi majalah utawa koran sing abasa Jawa,
(dhuwite bakal tak kirim lewat bank, aku nyuwun nomor rekeningmu Kang).
Sanajan aku iki wis tuwa, nanging aku isih seneng mangerteni kahanan Jawa
Indonesia, piye kabare pemilihan presiden sing bakal teka, calon presidene apa
ya wong saka Jawa? Aku percaya yen Pak Susilo Bambang Yudhoyono (SBY),
iku wong Jawa; Pak Prabowo, pak Wiranto, Sultan Ngayogjakarta lan Bu Mega
(anake wedok Soekarno) iku ya wong Jawa, nanging Hidayat Nur Wahid lan
Jusuf Kalla iku apa ya wong Jawa? nanging kabeh mau ora penting Kang, sing
penting wong Jawa utawa wong luwar Jawa kudu gelem nguri-uri lan
ngrembakakake basa lan kabudayan Jawa, eman-eman Iho Kang aja nganti
cures, wong aku dhewe sing ana Suriname isih kober nguri-uri basa lan
kabudayan Jawa. Oh, iya Kang, apa Majalah "Panjebar Semangat" weton
Surabaya kae isih urip? Dhek emben aku maca kabar saka internet jare tlatah
Grogol Sukoharjo kebanjiran meneh, wah mesakake iku rak nggone simbah-
simbah swargi mbiyen ta? Saktemene isih akeh kabar lan panguneging ati sing
bakal tak tulis, nanging semene dhisik wae mbesuk disambung maneh. Model
nulis laying ngene iki kanggoku malah bisa tetep nuwuhake rasa kangenku saka
negara sing adohe ana sak poncote donya. Kae Kang swarane adzan Maghrib
wis kumandhang banter celuk-celuk wong Jawa padha manembah marang Gusti
Kang Akarya Jagad, yen aku mono isih mbacutke dhawuhe para sepuh, sholat
iku ya madhep mengulon kaya dhek jaman isih aneng Jawa Indonesia kae.
Saka sedulurmu,
David Sutarmin Kartotinaya
Layang banjur tak lempit, atiku krasa bungah jebul isih duwe sedulur sing adoh
panggonane nanging isih gelem nulis layang, kamangka jaman saiki wis akeh
sing padha ninggalake nulis layang, pilih padha telepon apadene SMS-an wae
jare luwih cepet, sanajan yen aku sok maca SMS kae tembung-tembunge jan ora
ana sing genah malah ora ngerti tata basa. Wengi iku aku wis tata-tata arep nulis
layang walesan lan nuruti penjaluke sedulurku sing ana Suriname mau.
Mbokmenawa sasi ngarep dheweke wis bisa miwiti bukak toko Gethuk Lindri lan
Klepon aneng Suriname kana.
Biso Gawe MaremCerpen Bahasa Jawa: Biso Gawe Marem
Sedhela maneh, kurang saka rong wulan aku wis bebas menganggo, ora kudu
nganggo seragam abu-abu putih, bangku SMA bakal dak tinggalake.
Angenangenku wis lumaku adoh, yen ora UGM ya ITB, paling ora ya UNS wis
trima, pokok pamulangan luhur negeri, awit wong tuwaku mung randha
pensiunan, iku wae dhuwit pensiunan kudu disisihake separo kanggo tuku obat
menawa sakwanci-wanci gerahe kambuh. Saupama aku ketampa neng ITB aku
wis mangerteni dhaftar alamat alumnus SMAN I kang saiki kuliyah aneng ITB
sing bakal dak jujug, uga dhaftar alamat alumnus SMAN I sing saiki wis dadi
wong sing berhasil. Pancen nalika reuni akbar taun 2000 sengaja aku golek
kenalan kangmas lan mbakyu seniorku sing saiki wis berhasil. Ana sing saiki
dadi menteri, ana sing saiki dadi panglima TNI, lan sing nglungguhi jabatan
eselon siji utawa eselon loro ing Departemen utawa ing BUMN. Pamrihe mung
siji: besuk bakal dak jaluki tulung melu ngragadi kuliyahku. Aku mono mung
pawitan karep lan sregep sinau. Ning kanggo wragad yaiku mau dalane srana
ngubengake tampah golek bantuan beasiswa. Pancen babagan sinau utawa
sekolah bapak swargi banget anggone nggatekake, aku kelingan nalika isih
kelas loro SD, aku dijak nonton proyek pembangunan hotel tingkat sepuluh ing
kuthaku. Bapak ngendika: "Ngerti kowe, sapa sing nggawe hotel iku?" Aku ora
bisa wangsulan, sidane bapak paring wangsulan dhewe: "Sing mbangun hotel
iku insinyur bangunan lan arsitek!". wangsulane bapak manteb. "Sekolahe neng
ngendi pak?" Bapak katon seneng banget mireng pitakonku mau, karo nyawang
wewangunan hotel sing durung rampung anggone mbangun bapak wangsulan:
"UGM, ITB, ITS UNDIP lan ing kutha Solo iku ya ana! Kowe mbesuk kudu
sekolah ing kono ben bisa dadi insinyur utawa arsitek".
Emane nalika aku lagi lulus SMP bapak wis sowan marak ing ngarsane
Pangeran, aku dadi bocah yatim. Ana rasa sing ora bisa dak bendung, aku duwe
kekarepan lan krenteg kang gedhe kanggo mujudake pepenginane bapak nalika
semana, kepengin anake lanang sing ontang-anting iki bisa dadi insinyur utawa
arsitek.
Saka kidul katon kledhange pak Sujud, wali kelasku, tindak nuju kelasku. "Pram,
ditimbali pak Kepala Sekolah!" Mak dheg rasane ati kaya didhodhog, gek ana
apa, batinku rada geter. Ana ngarepe bapak Kepala Sekolah aku lungguh kursi
rada wedi "Nimbali kula pak?", "Ya, ana bab sing wigati kanggomu!". Karo
mbukak layang, bapak Kepala Sekolah ngendika "Iki ana tawaran beasiswa
kanggo bocah sing pinter lan anake wong kesrakat". Mak plong rasane atiku,
krungu ngendikane pak Toyibun, Kepala Sekolahku, kaya antuk dalan kanggo
nggayuh impenku saksuwene iki. "Yen bab kepinteran aku percaya yen kowe
pinter, bijimu apik-apik kabeh malah kepara dhuwur dhewe sak sekolahan iki.
Nanging aku durung mangerteni kahanan sing saktenane ekonomine wong
tuwamu".
Kaya wong ketiban rembulan rasane, atiku bungah banget. "Kula purun pak
menawi dipun ragadi kuliyah, awit tiyang sepuh kula namung randhanipun
pensiunan".
Dina iku aku rumangsa dadi wong sing paling begja sak sekolahan, rumangsaku
kabegjaning ati ora bisa digambarake nganggo ukara. Ana ing acara wisudha
siswa, dibiwarakake yen aku lulus kanthi biji sing paling dhuwur dhewe. Ora
mung iku, isih ketambahan warta sing nyenengake ati, Pramono siswa jurusan
IPA3 ketampa aneng ITB Bandung. Swarane keplok lan suraking kanca-kanca
mbata rubuh, atiku bombong sak genthong gedhene, kabeh kanca lan guru
padha nyalami aku. Maturnuwun... maturnuwun...
“kowe sido kuliyah neng Bandung Pram?” pitakone sibu ndadekake kagete atiku.
“Inggih bu, awet sampun ketampi wonten ITB!”, wangsulanku karo mesem.
“Njupuk fakultas apa?”. "Kula ketampi wonten fakultas Teknik jurusan Sipil bu".
"Terus wragade piye, kost ana ngendi, kapan mangkate?", pitakone sibu mbrubul
ora ana enteke. Sanajan katon bungah aku ketampa aneng ITB, nanging sajake
penggalihe rada ora kepranan aku kuliyah neng ITB. "Karepku mono kowe
kuliyah neng kedokteran, paribasane bisa ngiras ngirus kowe mbesuk bisa
ngopeni aku yen aku lara!", ngendikane sibu mau keprungu kaya sajak cuwa
penggalihe. Krungu tembung-tembung sing ngandhut penjaluk mau atiku dadi
bingung, gek aku iki anak ontang anting sing kudu manut miturut dhawuhe sibu,
nanging kabeh mau wis kebacut, aku ngrumangsani luput nalika arep milih
jurusan ora nyuwun tetimbangan sibu, awit aku mung kepengin nuruti apa sing
dadi kersane swargi bapak mbiyen sing kepengin putrane lanang iki dadi insinyur
utawa arsitek. "Menawi babagan wragad kula kuliyah wonten ITB lan
panggesangan sekdangunipun kuliyah sampun wonten ingkang nanggel ngantos
lulus". "Ya syukur yen wis genah ana sing nanggung, aku bungah, nanging apa
ora bisa pindhah fakultas Kedokteran?". Krungu ngendikane sibu mau aku
tambah bingung, sajake pepenginane sibu supaya aku kuliyah aneng kedokteran
mau kepengin dituruti temenan. "Mekaten nggih bu, pilihan kula wonten fakultas
teknik kala wau nggih anggen kula nuruti kersanipun babak swargi!" "Oh, ....
ngono ta, ya wis aku manut!" Sidane sibu mangestoni anggonku kuliyah ana ing
ITB Bandung.
Taun sepisan aku urip ana Bandung kabeh lumaku lancar, kuliyah lancar, ragad
ya lancar, mula asile kuliyahku ya apik banget, bisa gawe mareme wong sing
menehi beasiswa. Saben liburan aku merlokake mampir nyang daleme bapak Ir.
Rohmad ing jalan Braga Bandung kang maringi beasiswa. Dhasar priyayine
grapyak tur padha-padha saka Solo, mula penganggepe marang aku kaya
kulawarga dhewe, malah aku bisa kekancan raket karo kabeh putra-putrane sing
lagi kuliyah ana ing njaban kutha Bandung. Saben-saben ketemu mesthi aku
dijaluki tulung karo putra-putrane supaya ngajari basa Jawa, amarga sedina
sedinane padha nggunakake basa Sundha karo ibune sing pancen asli priyayi
Priyangan iku.
"Nak Pramono, coba aku tak takon karo sliramu!”, ngendikane pak Rohmad
nalika sawijining dina pinuju jagongan ana teras. “Inggih,... wonten wigatos
punapa pak”, wangsulanku rada kaget. "Yen dak sawang lan dak gatekake,
sakploke anak-anakku mbok ajari basa Jawa, saiki dadi pinter, lan ngerti unggah
ungguh, ngerti suba-sita marang wong tuwa".
Krungu ngendikane pak Rohmad mau aku dadi melu seneng. Pancen nalika aku
ketemu sepisanan karo putra-putrane pak Rohmad aku rada kaget, jebul putra-
putrane adoh saka tumindak unggah-ungguh, andhap-asor karo wong tuwa,
jebul bareng karep srawung karo aku sing wong Jawa asli kelairan Solo dadi
malik grembyang. Malah miturut rencanane, Dhik Diyah putrane pak Rohmad
sing saiki lagi kuliyah aneng fakultas Kedokteran Unpad mau kepengin dolan
menyang Solo sowan daleme eyange ing kampung Mangkuyudan.
Mbuh apa iki wis garising uripku, srawungku karo pak Rohmad lan kulawargane
sangsaya raket, sedhela maneh aku bakal diwisudha minangka insinyur teknik
sipil, Dhik Diyah sajake kok ya tambah raket karo aku, kamangka kanca-kancane
pria sing calon dokter ya akeh, malah dheweke sanggup ngancani aneng acara
wisuda mbesuk, semono uga ibuku kok ya katon seneng aku duwe kanca calon
dokter, nanging aku ora wani njanjekake marang ibuku. Aku lagi wae mlebu
marang jagading bebrayan masyarakat kang lagi nedheng-nedhenge mbangun
ing sakabehing panggonan, PT Wastika Karya wis nunggu tenagaku. Perkara
sesambunganku karo Dhik Diyah durung kepikiran, nanging ana rasa eman yen
nganti katresnane Dhik Diyah mrucut saka tanganku. Aneng acara wisudha
ibuku terus dikanthi astane karo Dhik Diyah. Bubar acara wisudha padha poto-
potonan, ora krasa eluhku dleweran, wewayangane swargi bapak katon seneng
marem, ing sandhingku sibu ya rumangsa marem aku cecaketan terus karo Dhik
Diyah. Dina iku aku sing mung bocah yatim bisa gawe marem kabeh
kulawargaku lan kulawargane pak Rohmad. Udan rintik-rintik nelesi kutha
Bandung sing awan iku dadi saksi perjuwanganku nggayuh impene bapak
swargi, muga-muga aku bisa gawe marem penggalihe sibu sing kepengin bisa
duwe mantu dokter.
MundhakCerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
“Mas Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas mlayu wae. Nika
kurang sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan dina-dina iki
pendhak wengi jajan nang angkringane Paimin jebul teka maneh bengi kuwi.
Lingguhe isih tetep nang kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin bisa langsung
nyapa. Paimin apal, kelingan wae.
Disapa mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke pancen lagi kerja
nang proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa semana
dheweke uga wangsulan.
“Wah, sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih samonten.
Kula bola-bali jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki. Wingi-wingi
sampeyan mendhel mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula
mbayare nggih sami.” Pawongan kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa
olehe mbayar wingi kurang.
“Sampeyan wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas ora tolah-toleh ana
wong celuk-celuk. Kula rak wingi nyeluki, ngomong menawi sampeyan mbayare
kirang.”
“Lha enggih, kula niku selak ajeng teng wingking. Pun ora kuat malih nahan.
Genahe pripun niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga dheweke ngapusi wong
satenane dheweke selak kepingin ngombe. Nanging rumangsa wingi nalika
sawise mbayar dheweke ngeplas sakbare ngulungke dhuwit, dheweke ngakoni
wae.
“ Njenengan kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi ngulungke artha
samenten tha,”muni ngono Paimin karo nuduhake dhuwit. “Niki nggih arthane
sampeyan, taksih tak simpen. Tak duduhke sampeyan saniki. Niki kirang niki,”
Paimin nuduhake dhuwit sing wingi diulungake dening pawongan kuwi.
Ngerti dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya ngono, wis lusuh,
pawongan kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten, biasane kula mbayare nggih
samonten.”
“Biasane pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak mindhak, dados
sampeyan mbayare kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk bab mbayare
kirang, bablas mawon,” semaure Paimin seru, nggenah-nggenahake.
“ O, dados regine mindhak.”
“Mindhak, barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang, lengo larang, niku
sebabe dodolan kula regine nggih mindhak.”
Paimin mau sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan. Dheweke isih
mangkel, sebab bojone olehe omongan ora meneng-meneng. Saiki ana papan
dienggo muntapke mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi mau rumangsa
salah, diocehi Paimin, ya ora bisa selak. Malah olehe mangan alon-alon, wis
ngono ndingkluk wae ora mlirak mlirik kaya biasane.
Bojone Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke kuping. Arep ora
dirungokake, lha olehe grenengan seru-seru. Ana ing sisih ngendi wae kepara
isih rungu. Bisa uga tanggane kiwa tengen padha krungu.
“Beras mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora bisa kulakan, wong
kaya ngene iki rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah kuwi duwe menteri
ekonomi sing pinter, nanging njaga reregan ora mundhak wae ora bisa.
Menterine kuwi terus gawehane ngapa? Menawa ngundhakake rega wae aku yo
bisa. Menawa ngono carane, wis ora usah golek mentri sing pinter-pinter. Kabeh
uwong menawa kur pasang rega wae rak ya bisa.
Dhuwe pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi rakyat ngene iki. Supaya
ora perlu saingan urip karo wong sing wis kelair sugih. Lair procot warisane wis
atusan juta. Kepriye wae menawa wong cilik bisane kuwi mung ngalah. Nanging
mbok ya ora banget-banget. Dumeh wong cilik biasa ngalah wae dikalahke
terus-terusan. Ora tau dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti, arep bangun
apa, iuran. Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae dingandekake.
Beras kae. Jare negara iki penghasil beras. Lha kok bisa-bisane beras regane
mundhak ora ketulungan. Biyen wayahe panen, wong tani kae yo dikon adol
nang pemerintah, pemerintah nukoni berase wong tani, olehe nuku regane ya
ora cucuk karo ragat sing wis dikecakke karo wong tani. Jare berase arep
disimpen. Mengko sawayah-wayah butuh wong cilik oleh nuku beras kuwi. Lha
endi saiki. Simpenane bisa-bisa didol melu rega sing wis dhuwur. Sengaja golek
badhi. Lha nek mung bisa mbadi rakyate dewe wae ora usah padha gembagus.
Ngono kuwi rak jenenge ora becus.”
Wis ngomong nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih nerusake maneh.
“Nang TV kae si A ngomong ngene, si B ngomong ngono. Sing bener banjur sing
endi. Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung padha lamis, ora ana sing
dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran ngomong. Mengko bisane
mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake, kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing
angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong aspale ora alus. Sing iki. Sing
kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke kana nyalahke kene. Ora padha
ngrumangsani salahe dhewe-dhewe. Ora padha rembugan bareng-bareng
kepriye apike tumrap wong akeh. Golek apike dhewe, golek benere dhewe.
Golek amrih bathine.
Penggedhe kok saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane padha mencla
mencle. Esok abang awan kuning, kaya bunglon wae. Dadi penggedhe kuwi rak
kudune kaya wong tuwa momong anak. Sing tansah dipikir lan diupayakake
kepriye amrih becike anak. Lha menawa wong tuwa ora mikirke anak maneh,
kapan anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak jenenge wong tuwa mburu senenge
dhewe. Saru. Ora patut ditiru. Aja turun anak putu.
Menawa dadi penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake dhewe, kuwi jenenge
durung siap dadi penggedhe. Apa maneh menawa sing diburu kuwi kandonyan.
Diangkat dadi penggedhe kuwi rak sapa wonge sing siap lahir batin. Siap lahir
kuwi dene kudu gagah dedeg piadege supaya sapa wong sing mbutuhake
dheweke, dheweke tansah sumadyo. Siap batin kuwi ateges lila legawa gawe
senenge wong akeh. Kadhang tansah ngalahake kekarepane. Ngono kuwi lagi
jenenge penggedhe. Wong sing aweh pangayoman.”
Menawa ora kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling urung leren anggone
grundelan. Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega. Nanging mangkele isih
kegawa nalika wis dodolan. Malah nganti tekan wengi mangkel kuwi mau urung
kelair. Isih ngganjel. Saiki kepeneran, ana pawongan sing bisa didadekake
panggon numplekake mangkele. Paimin dadi ketularan bojone, nrucus ora karu-
karuan.
“Priye maneh, Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake panganan nang kene
iki bahane mundhak. Menawa ora melu ngundhakake rega tenehan rugi. Sesuk
ora bisa kulakan maneh. Wingi mawon, nalika reregan nembe mundhak, ndalu
saderenge olehe dodolan regane nggih padha biasane, akhire ora sida badhi.
Olehe dhuwit kabeh mung dienggo kulakan. Dados ampun nyalahke kula
menawi sakniki reregan ten angkringan mriki nggih melu-melu mundhak,” ujare
Paimin.
“Kula mboten nyalahake njenengan kok, niku pun limrah. Reregan wonten mriki
ngetutke reregan liyane,” pawongan kuwi semaur, olehe ngomong diterusake.
“Waduh, ning kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki kula mbetane artha
namung ngepas. Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi kula mboten mangan
cakar janjane nggih saget nambahi sakniki. Cakare niki regine nggih mindhak
napa?”
“Enggih, cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik nggih melu-melu mindhak.
Ora pangane manungsa thok sik mundhak, pangan pithik uga mundhak.”
“Waduh, berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan kuwi ngetokake
dhuwite. “berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula nggawane samenten.
Mbenjang nggih kirange.”
Paimin sing wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis ora nrucus maneh.
“ora apa-apa, Mas Proyek. Sesuk olehe nambahi ora apa-apa. Mas Proyek,
sesuk mriki malih tha….”
HPCerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
Wis bola-bali Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep tuku HP. Dheweke
kepingin kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen mono HP isih larang.
Sing nyekel HP mung wong-wong sing dhuwite akeh. Penghasilane gedhe.
Bakul kaya Paimin ngendi ana sing nduweni HP. Biyen kuwi ora kabeh uwang
cekelan HP. HP isih arang Biyen merek HP sing mlebu Indonesia urung akeh
kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka, jenise uga neka-neka, regane uga neka-
neka. Ana sing murah ana sing larang. Pokok regane saingan. Kaya-kaya malah
murah-murahan, sebab golek pelanggan.
Sapa wae saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane HP, SMA apa
maneh. Sansaya bocah kuliahan sing adoh saka wong tuwa. Rata-rata budhal
saka asale digawani HP. Khawatir menawa mengko ana apa-apa. Disangoni HP
supayane bisa cepet kirim kabar. Ora ngertia kuwi marakake anak ora mandiri.
Sithik sithik sms. Sithik-sithik telpun. Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe
menawa mangkono kuwi mau carane.
Saiki wis ora jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare sms-an. Apa telpun. Ora
mangsa maneh ngendepke pikiran lan pengalaman lewat tulisan. Ana masalah
sithik langsung sms-an. Ana apa-apa ora dipikir dhisik, langsung telpun. Malah
menawa bocah isih cilik, pikirane isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini
maneh. Kaya kae, si Lela, anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa
dheweke ora ditukokake HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung
dheweke sing durung duwe. Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya
dheweke kuwi paling kere sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake
HP. Lela mutung, gelem sekolah menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong
tuwane ora bakal kere mung nukokake dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP
dhewe-dhewe. Wong kabeh dhuwe pagawean dhewe-dhewe. Saben dina wong
tuwane mesti lelungan nang papan panggaweane. Lela krasa diumbar. Ora
digatekake karo wong tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa maneh dheweke
rumangsa anak siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya kanca-
kancane.
Menawa ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya mbingungi. Ora jelas. Wong
saben dina nang sekolahan ketemu karo kanca-kancane. Menawa ana masalah
bisa dirembug ana ing sekolahan. Urusane paling-paling bab pelajaran, apa
maneh. Wong tuwane mono, cekelan HP lantaran panggaweane pancen
mbutuhake kuwi. Urusan kantore akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi
gawean. Dituturi karo wong tuwane, Lela wis ora manut. Wis ora mikir maneh
dhuwe HP kuwi mengko migunani kanggo apa tumrap dheweke. Bakune
dheweke dhuwe HP kaya kancane titik. Akhire wong tuwane ora bisa selak.
Bisane mung nuruti karepe anak, tinimbang anak ora sekolah.
Saiki kahanan pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane HP. Bakul-bakul
nututi cekelan HP. Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP. Kancanane Paimin ya
ngono. Sing dhuwe warung kae, kang Bejo, biyen ora duwe HP. Kang bejo kuwi,
saliyane ngladeni wong sing tuku moro nang warung, uga ngladeni sing pesen
maem kon ngeterke, ketring. Pas dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk
pesen maneh apa ora, malah ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms
mengko bengi, sesuk arep pesen maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong
dheweke ora dhuwe HP kok ditakoni nomer HP. Margo akeh langganan sing
kaya mangkono, mula kang Bejo nuli-nuli tuku HP.
Dina-dina iki Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng
ngrungokake omongane Paimin bab pepinginane arep tuku HP.
“Tuku HP ki arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya gawehani ki juragan
angkringan sing duwe angkringan nang ngendi-endi. Lha wong angkringane
mung siji. Tepunge ya mung karo bakul cakar. Karo wong pasar. Saben dina ya
ketemu wong kudu njupuk barang nang pasar. Ngono kok sajak akeh urusan,
arep dhuwe HP barang. Mbok ya dipikir menawa dhuwe pepinginan kuwi.
Gunane apa. Menawa ora ana gunane, mung dienggo gegojekan karo kanca,
mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa. Menawa mung arep dienggo mbagusi
wae, wis ora usah tuku HP.”
Inah sing ora setuju karo karepe Paimin grenengan dewe ora karu-karuan.
Menawa anak-anake, setuju wae bapake tuku HP. Jare mengko men bisa nyilih
dienggo sms kancane, nakokake pe-er menawa ora bisa njawab. Margo kuwi,
anake, loro-lorone mbujuki bapake supayane cepet-cepet tuku HP. Kancanane
wis akeh sing dhuwe HP. Malah wis dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko
menawa bapake wis tuku HP bisa cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.
Inah, tetep karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane tumrap keluargane. Malah
mengko anake ora padha tau sinau. Menawa ora bisa nggarap pe-er langsung
sms kancane. Bisa-bisa olehe sms-an ora tekne angel pe-er-e ning margo males
ora gelem mbukak buku wae.
“Apa ya ora njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.
Anak-anake ora padha ngrungokake pituture Makne, kepingine ya bapake
dhuwe HP. Malah janji-janji ora bakal lali sinau. Pokoke menawa jalaran ora
bisa-bisa tenan ora bakal takon masalah pr marang kanca-kancane. Arep takon
mung nek babar blas ora bisa nggarap. Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya
mimi lan mintuna. Kompak. Ngalor, ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono
uga bab HP. Kompak, mbiyantu bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake
tuku HP.
Inah anyel, saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP. Ora awan ora
mbengi. Pokoke ora ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp maneh, HP maneh.
Paimin dhewe ora wani terang-terangan ngomong bab HP marang Inah, mung
sepisan. Nalika pepinginan kuwi nyedhul mak trucul nang pikirane ora kena
diampet maneh. Kawit sepisanan kuwi Inah wis ora setuju. Maido terus apa sing
diomongake karo Paimin. Rembugane ora nganti rampung. Durung-durung Inah
wis ora setuju. Paimin durung rampung olehe omongan, wis disauri karo Inah.
Bola bali arep ngomong, lagi wae ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake
arep dienggo ngopo, wis diwangsuli karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak
ya borongan. Ora kena distop menawa dudu karepe dhewe. Kadhang wis
ditinggal lungo, menawa durung enthek apa sing arep diomongake, ya durung
mandhek olehe omongan. Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora rumongsa wis
ora ana sapa-sapa maneh nang sandingne. menawa wis ngerti ditinggal lunga,
suarane dilirihke. Grundelan dhewe.
Awan kuwi, anak-anake padha lagi wae mulih sekolah. Lingguhan karo bapake
sinambi nyuweki kertas sing arep dienggo mungkusi sega.
“Pak, kapan mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.
“Inggih Pak. Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut HP. Kok pun dangu
sanget dereng sios-sios anggenipun badhe mundhut niku kepripun. Janjane, sios
bhoten bapak niku badhe mundhut HP?” anake sing cilik nimbrung pitakone
mbakyune.”
“Enggal-enggal kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula sakniki kathah pe-er,
saniki sampun ajeng ulangan semesteran, dados kathah pe-er. Pe-er-e angel-
angel, Pak. Mangkih menawi kula mboten saget nggarap pripun? tanglete dateng
rencang pripun? Menawi mboten saget tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba
mburi biji kula mboten sae pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil
menawi bapak mangkih kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.
“Inggih pak, kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan
jaman, Pak,” ujare anake sing cilik mbujuki maneh.
“Eh, Wit, jajal kowe matura marang makmu kana. Wis ngolehi durung,” Paimin
kongkon anake sing cilik. Pancen Paimin ora wani ngomong maneh bab HP
marang bojone. Menawa lagi kekandhan bab HP karo anak-anake wae, swarane
lirih-lirih menawa Inah ana nang cedhake. Sebab, menawa Inah krungu sithik
wae Paimin isih ngotak atik perkara HP, orao diajak rembugan kae, Inah bakal
melu-melu lan ngomong sadawane. Dadi Paimin wanine ngethik anake supaya
anake sing ngomong karo Makne. Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh
lan ngolehke Paimin tuku HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane,
margo sawise dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina
digrundelake bojone kuwi.
Dikethik bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur,
nyedhaki makne sing lagi daden geni.
“Mak, tak matur tha Mak.”
“Ana apa Wit, apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”
“Nganu, mbenjang tha Mak,”
“Apa. HP maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok, HP.” Durung
rampung anake olehe arep matur, wis disauri karo Inah. Sebab, Sanajan Paimin
olehe kongkon klesik-klesik, jebul Inah krunggu, sebab pas Paimin ngethik anake
mau, Inah mbutuhake rek sing bar dienggo udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak
cedhak olehe padha nyuweki kertas kana mau.
“Mbenjang tha Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak
mengkak.
“Mbenjang tha Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget sms-an saben
dinten kalih mbah putri lan mbah kakung. Wong mbah putri nggih kagungan HP.
Mangkeh menawi kinten-kinten cakare kirang, Mamak saget sms nyuwun
dienggehi. Riyin nika, pas cakare kirang, wong jare kersane dodolan namung bar
magrib dugi ndalu margi badhe tilik tiyang sakit trus mboten sios, Mamak gage
tindhak pasar jebul pun telas. Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon
telase. Menawi saderenge budhal sms riyin rak cakare saget dienggehake
kaliyan mbah putri. Ajenga ingkang mande cakar simbahe piyambak nika, rak
nggih mboten pirsa menawi cakare kirang, dados nggih disade dateng piyantun
sanes. Napa malih simbah putri kaliyan simbah kakung menika namun kekalih
wonten ndalem. Mangkih menawi kangen rak saged sms. Menawi mamak
kangen simbah nggih saget telpun.”
“Wit, Wit, omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku ya tekan. Menawa
kangen ya bisa mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab cakar ora kena
dienggo alasan, wong ora saben dina ana lelakon kaya mangkono. Wis kana,
rasah motar matur bab HP maneh. Bapakmu ki pancen kok,” ngomong ngono
kuwi Inah ora mandhek anggone manggawean. Wiwit sing wis apal lagone
Makne langsung lunga, bali melu bapake. Menawa wis ngono kuwi mamake wis
ora kena diajak rembugan maneh.
“Ngendika piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula
matur kok,” tembung anake kanthi rupa nyuntrut.
Paimin meneng wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak kabeh rak kuwi
ora luwes, bisa-bisa mung njalari masalah tiba mburine, batine Paimin.
BookingCerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
“Makne.”
“Makne.”
“Piye tha, Makne, nek diceluk semaur ya ngapa,” Paimin sajak mangkel bojone
diceluk ora semaur-semaur.
“Aku ngantuk Pakne, arep turu. Sesuk esuk kudu blanja. Iki wis wengi. Sesuk
aku tangine kudu mruput, menawa ora mruput menyang pasar, sesuk nang
pasar uyel-uyelan. Aku emoh. Mending aku rada nunggu bakule tenimbang aku
uyel-uyelan nyasaki uwong akeh mung arep njupuk cakar. Kuwi wae aku wis
pesen cakar olehku tuku diwadahke sisan. Blanjan liyane paling neng nggone bu
Gendut rampung. Weh, mau ana apa celuk-celuk?”
“Jare ngantuk, omongane sak trek metu kabeh.”
“Iya, ana apa. Lha wong ya wis arep turu ngene.”
“Suk senen angkringane dhewe arep dibooking.”
“Apa. Dodol kuping. Kuping apa kuwi. Dumeh dodol cakar payu, saiki terus arep
nganeh-nganehi, arep dodol kuping. Mengko sing tuku ya sapa.”
“Kupingmu kuwi! Ngene lho….” Paimin banjur cerita.
“Mau, nalika aku sowan nang ndaleme pak Pembantu Dekan Universitas Negri
kanggo nakokake wit jarak latar kae oleh dipapras apa ora, pak Pembantu
Dekan paring kabar. ora, dudu kabar, nawani aku.”
Bab pak Pembantu Dekan kuwi, Inah ngerti, wong kedadean apa wae kang
dilakoni karo Paimin wis diceritakake kabeh marang Inah. Saking kabehe, Inah
mangkel mangkel ngguyu nalika Paimin cerita bab cita-citane kudu omah nang
kutha, ora gelem omah nang ndesa, mulane kudu oleh bojo wong kutha. Pak
Pembantu Dekan kuwi, Inah uga kenal, nalika dina ijabe karo Paimin, Pak
pembantu dekan kuwi uga rawuh. Bapake grapyak. Ngendikane ceplas-ceplos
apa anane. Ewa semana nganti tekan saiki Paimin karo Inah ora ngerti sapa
janjane asmane Pak Pembantu Dekan kuwi. Malah anake sing ngerteni. Pak
Pembantu Dekan kuwi, arepa saiki wis arang njagong nang angkringane Paimin,
menawa ana gawe apa wae sing mbutuhake Paimin, mesti Paimin diceluk,
didhawuhi ngrewangi. Paimin mesti mangkate. Ora bakal nolak marang apa
karepe pak Pembantu Dekan kuwi.
Semana uga menawa Paimin butuh warah, apa tetimbangan. Utamane babagan
olehe ngrawat omah lan babagan sekolahe anak-anake. Bab, kepriye wae, omah
sing dienggo turu Paimin sakanak bojo kuwi duweke mbakyune Pak Pembantu
Dekan, Paimin mung nunut. Dadi menawa ana apa-apa sing magepokan karo
omah lan pekarangane kuwi mau, Paimin mesti matur karo pak Pembantu
Dekan.
Biyen kae, nalika anake sing mbarep lulus SD, karepe Paimin wis ora usah
nerusake sekolah maneh. Kon ewang-ewang dodolan wae. Bareng pitakonan
karo pak Pembantu Dekan bab sekolahe anake, Paimin mikir-mikir kok bener
apa sing dingendikakake Pak Pembantu Dekan kuwi. Ngendikane, menawa
anake kuwi ora sekolah, ora pinter, sesuk ora bisa nututi lakune jaman. Menawa
ora bisa nututi lakune jaman, mesti uripe bakal susah. Sebab kuwi anake kudu
disekolahake.
Nah, bakda magrib iki mau, Paimin sowan nang ndaleme Pak Pembantu Dekan.
Direwangi ninggalke olehe dodolan. Angkringne ditunggu bojone direwangi
anake loro. Paimin sowan arep nembung menawa wit jarak mburine dodolan kae
arep dipaprasi. Godhonge wis ngrembuyung banget ngganggu olehe dodolan.
Sabenere ora mung kuwi, saiki jarake ana ulere, kepingine ditegor wae, apa
maneh wit kuwi cedhak karo wit pelem sing lagi arep gedhe. Ngganggu gedhene
pelem. Jebul pak Pembantu Dekan malah ngerteni bab wit pelem sing lagi arep
gedhe kuwi mau. Dheweke malah dhawuh supaya Paimin negor wit jarak kuwi
sisan. Ngendikane, wit kuwi mau kejaba ngganggu gedhene pelem uga
ngganggu sawangan seka ngomah nang ndalan. Paimin seneng wae didhawuhi
negor wit jarak kuwi mau, malah kepeneran.
Kejaba kuwi, Pak Pembantu Dekan nawani, menawa Paimin gelem, angkringane
arep dibooking Universitas Negri. Ngendikane, arep ana tamu sing arep studi
banding seka luwar negeri. Jalaran tamune saka adoh kuwi mau, karepe
Universitas Negri tamu-tamune men ngerteni kabudayan Indonesia, salah sijine
sing arep dipamerake kuwi angkringan. Menawa Paimin ngolehi, angkringane
arep dibooking, diborong kabeh panganane sadodolan, payu ora payu, mengko
neng Universitas Negri kana Paimin mung kari nunggu. Ngladeni sapa wae sing
arep mangan ana angkringane.
“Aku jane seneng-seneng susah, Makne. Seneng mergo nek ngono kuwi
dodolane dhewe mesti payune. Susahe, aku kuwi isih kelingan jaman samana.
Jaman aku dipenging dodolan nang cedhak kana. Arepa saiki nemu papan
dodolan sing ora kalah kepenak kae, nanging wektu lelakon kuwi kedadean aku
rak ya lara ati.” Paimin meneng ngira bojone wis turu. “Mak!”
“Iya, aku isih ngrungokake”
“Jaman samana kuwi Makne, aku isih bakul anyaran. Bakul sepisanan ya mapan
nang cedhak Universitas Negri sing arep mbooking angkringan kuwi mau. Ya
nang kana aku kenal karo Pak Pembantu Dekan, sing nalikane aku dikon
sumingkir terus nggolekke papan dodolan merga dheweke seneng karo cakar
sing takdol kae. Jaman samana nganti tekan saiki rak bakul-bakul kaya awake
dhewe kuwi disia-sia. Bisane golek rejeki kaya ngene iki, mongko dodolan nang
ngendi wae wis mesti taren karo pawongan sekitar kana, ngerti-ngerti dikon
sumingkir. Ngana kuwi apa ya ora kon lara ati.”
“Ngono kuwi terus karepmu ora gelem dibooking ngono pa priye?”
“Sing jelas aku urung bisa lali karo tumindake…, tumindhake…, sapa
ya….Bakune Universitas Negri kuwi mau. Wong aku biyen maca layang sing
menging sapa wae bakulan nang kana, ditemplekke nang pager-pager, sing
tanda tangan ya pimpinan Universitas Negeri kuwi mau. Sapa wae sing isih
bebakulan keliwat tanggal sing ditentokake, barang-barange bakal dijaluk karo
petugas. Petugas saka ngendi aku ya ora ngerti. Mbuh saka Universitas Negeri
kuwi mau, mbuh saka pemerintah sing tak kira ora ana bedane. Wong mestine
padha rembugan.
Aku isih kelingan, bakul rokok sing mapan nang cedhakku kae ora cepet oleh
papan anyar. Dhisik tau ana kabar nek kabeh bakul sing dikon sumingkir saka
papan sing dilarang bebakulan kuwi diwenehi papan liya. Sapa sing gelem.
Bakul-bakul dipapakke dadi siji ngono nang papan sing adoh saka wong tuku.
Kapan payune. Wis ngono, papan sing disiapke, rada diapikke kae banjur kon
mbayar sing ajine kanggo bakul-bakul kuwi larang. Kancaku ora ana sing gelem
mapan nang kana. Kabeh golek papan anyar dhewe-dhewe. Bakul rokok sing
nganti suwe ora oleh papan kuwi mesakke banget. Aku isih ketemu dheweke
sawise pindahan menawa aku arep menyang pasar. Aku rak liwat chedak
papane turu kana menawa mangkat nang pasar. Ngerti ora, Makne?”
“Apa?” Bojone Paimin semaur ngganggo suara sing wis katon arep turu. Bab
kuwi dheweke wis tau diceritani Paimin ping sewidak rolas. Wis males
ngrungokake. Bojone kuwi pancen mangkelke. Mung arep ngomong gelem ora
dibooking kanggo acarane Universitas Negeri kuwi wae, ngganggo sejarah
perjuangan. Sejarah perjuangan uripe Paimin. Ora ngertia dheweke wis ngantuk
banget. Njalari mangkel atine.
“Bakul rokok kuwi Makne,” Paimin neruske olehe cerita, “Nganti arep genep
sesasi ora ngapa-ngapa. Ora nemu-nemu papan. Dheweke susah banget.
Mongko menawa kesuwen ora bakulan, dhuwite silak enthek. Mengko ora bisa
kulakan maneh. Olehe njaga men dhuwite ora cepet enthek, dheweke nganti
sedina mangan pisan, sakanane. Nganti kuru banget. Merga pikiran karo kurang
pangan. Dheweke asline luwar Jawa. Dadi ora bisa mulih. Ora cukup dhuwite
dienggo mulih, terus mengko seminggu apa rong minggu bali mrene maneh.
Biyen kuwi bakul nang cedhak Universitas Negeri kana ana wong pitu, bakul
rokok kuwi mau, bakul pecel lele 3, terus bakul sate, bakul mie ayam, tambah
aku, bakul angkringan. Kabeh kudu lunga. Sing beja banget kuwi ya mung aku.
Nanging aku ngerti kabeh lelakone kanca-kancaku kuwi mau sawise kon
sumingkir. Nelangsa Makne, Nelangsa.”
“Terus kowe gelem ora mau arep dibooking?” Pitakone bojone Paimin. Anyel
kudu bola bali ngrungokake cerita sing padha, Nanging ya trenyuh atine saben-
saben Paimin cerita lelakone sakanca kuwi mau.
“Aku dhewe urung wangsulan marang Pak Pembantu Dekan. Pak Pembantu
Dekan kuwi pancen apikan. Nanging menawa aku kelingan lelakonku jaman
samana, kok ya aku abot arep ngomong gelem dibooking karo Universitas Negri
kuwi mau. Rasa-rasane kok aku ora sreg. Kaya-kaya aku kuwi khianat karo
nasibe kanca-kancaku menawa aku gelem ngiyane tawanan kuwi mau.”
“Gelem ora?”
“Embuh Makne, aku saiki arep turu dhisik, ngantuk”.
Lhadalah, iki piye tha, wis cerita nggedupuk, nyaprus, tiba mburi mak klempus.
Malah ora sida diterusake olehe rembugan. Malah urung oleh pesten wis turu.
Inah dadi ilang ngantuke. Anyel karo bojone sing kebacut nggedupuk, nyaprus,
tiba mburi mak klempus. Dheweke kelap kelip, ngglebak ngiwa ngglebak nengen
ora bisa cepet turu. Ujug-ujug, mbakmenawa olehe kelara-lara kegawa turu,
Paimin nyuwara ora sadar, “Aku emoh dibooking, Makne!”
ParkirCerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
Angkringan dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing teka mrana
nggawa motor utawa mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha nggawa
motor apa mobil olehe parkir rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing dalan sing mujur
ngetan ngulon. Sepeda motor neng sisih kidul ana ing dalan sing mujur ngalor
ngidul. Paimin olehe dodolan kuwi ana ing protelon, pojok omah. Ora neng
njeron latar. Neng njaban pager pinggir dalan. Sing padha tuku wae olehe
lesehan ana ing njeron latar. Sing alus, luwih penak tenimbang lesehan ana ing
pinggir dalan. Paimin wis nembung papan sing dienggo lesehan kuwi marang
sing nduwe. Latar kuwi wong wis dikonblok, ora sumelang gemrenjel nglungguhi
watu. Digelari klasa amba-amba dening Paimin, sapa wae sing tuku oleh milih
papan sakarepe, ngendi sing sela.
Dalan sing dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan aspalan, dalan mlebu
kampung. Mung dalan kono kerep dienggo leliwatan mobil lan motor sing
nyingkiri lampu abang nang ndalan gedhe. Papane Paimin sing saiki kuwi
pancen cedhak karo prapatan. Cedhak karo dalan kutha kang rame. Saking
ramene kerep menawa nunggu lampu ijo, urutan paling mburi, menawa tekan
ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu nunggu lampune bali ijo. Sopir
sing wis ngerti ana dalan liya sing kena dienggo liwat, yaiku dalan nang ngendi
anggone Paimin dodolan iku mau, akhire seneng liwat kono. Sanajan dalan
kampung lan urung aspalan nanging dalan kono kuwi mau jembar. Menawa ana
sepeda motor sing parkir, isih longgar dienggo leliwatan. Mbuh kuwi sing liwat
mobil utawa motor.
Bab dalan sing dienggo parkir mobil, jarang ana kendaraan sing lakune mrana,
akeh-akehe lurus, arep metu nang dalan gedhe maneh. Marga liwat kono mung
nyingkiri lampu abang. Sing liwat dalan nang ngendi mobil-mobil kuwi mau
parkir, paling tanggane Paimin sing arep mulih. Ana omah papat apa lima nang
kulan omahe Paimin, dalan kuwi mau banjur buntu ora ana tembuse, menthok
neng omah kulon dhewe.
Kawit lagi mapan nganti tekan saiki, Paimin ora tau ngakon-ngakon sing dhuwe
kendaraan supaya parkir rapi kaya mangkana. Kabeh kuwi mau dilakoni ngono
wae karo sing nduwe kendaraan. Ora merga dikon sapa-sapa, wong Paimin ora
duwe tukang parkir, lan ora butuh tukang parkir. Paimin wis ribet ngurusi
dodolan, ora sempat ngurusi parkiran.
Ewo semono, lagi rong sasi Paimin bakulan nang kono, dheweke dicedhaki karo
wong. Nom-noman sing rada mreman, maksude ndugal neng daerah kono.
Dikira dening Paimin pawongan kuwi mau arep pesen wedhang, kon ngeterke
nang papane rubuk-rubuk. Jebul ora. Nomnoman kuwi mau komplotane pancen
akeh. Wong pitu apa wong sepuluh. Paimin ngerti, wong komplotan kuwi mau
olehe rubuk-rubuk ora adoh saka angkringane. Mbuh pada rembugan apa.
Saben bengi ana wae sing teka nang papan kono. Paimin ora sapa aruh karo
komplotan kuwi mau. Mung menawa disapa wae Paimin mangsuli, wedi menawa
mengko gawe rerusuh marang dheweke.
“Mas angkringanmu sing jajan akeh. Tak parkiri ya,” tembunge.
“Wis rapi ngono mas, kae ora ana sing ngrewangi parkir ya kendaraane ndelehe
jejer larik-larik kaya wong baris.”
Paimin ora seneng karo pawongan kuwi. Sajak ora duwe suba sita.
Sandhangane kusut, rambute gondrong awul-awulan. Malah menwa cedhak
banget sajak mambu, kaya-kaya durung adus. Paimin pancen ora seneng papan
kono diparkiri. Wong maem sedhelo wae kok motore kudu isih mbayari, mobile
kudu mbayari. Sawise maem kok, kon mbayari motor, mbayari mobil, sapa ora
anyel. Paimin babar blas ora kepikiran arep pasang parkir nang papane dodolan.
Menawa dodolane wis payu wae, dheweke wis matur nuwun, syukur karo sing
paring rejeki.
Ngerti omongane ora digubris karo Paimin, wong kuwi mau lunga. Bali menyang
papane rubuk-rubuk karo kanca-kancane. Paimin ora nggatekake. Nganti telung
dina dheweke ora diganggu maneh. Bareng wis patang dina, Wong loro teka
nang angkringane. Ngajak rembugan maneh bab parkiran.
“Menawa diparkiri bisa-bisa sing tuku bubar Mas. Kapok. Wong mangan kuwi
padha anyel menawa mangan wae kudu ditambah bayar parkiran,” Wangsulane
Paimin nalika ditembungi. “Ora mas, aku ora ngolehi. Wong ya ora tau ana sing
kelangan kok, kendaraane dideleh nang kono.” Paimin ora kenek dirembuki.
“Mas, mbok adum rejeki, tak tariki parkir nang kene.”
“ Ora Mas. Ora arep parkir aku. Biyen nalika aku bakulan nang sanding
Universitas Negri kae aku dijaluki pajek. Saiki aku nang kene aku ora dijaluki
pajek. Wong aku karo tunggu omah kuwi. Nanging, menawa sampeyan ngarep-
arep rejeki, ngene wae, sampeyan sakanca tak wenehi cakar siji-siji. Saben-
saben sing teka saben bengi tak wenehi, nanging paling akeh aku menehi cakar
cacahe mung wong sepuluh, mengko menawa akeh-akeh aku ora bisa kulakan
maneh. Menawa gelem, ya kuwi, menawa ora gelem, ya uwis. Aku ora ngolehi
papan kene diparkiri. Tak anggep wae kuwi pajek apa sodaqoh. Ngendikane
mbahku menawa wong ora tau sodaqoh, rejekine dipangkas peksa. Bisa
ngganggo lelara, trus dhuwite enthek kanggo ngobatke, bisa kemalingan, bisa
omahe kobongan, apa dhuwite ilang nang ndalan ora karuan,” Paimin isih
wangsulan sebab ora gelem papane dodolan diparkiri. Dheweke khuwatir sing
padha tuku kapok teka nang angkringane.
Saben bengi Paimin pajek cakar nang komplotan rubuk-rubuk sing diweruhi
dipandegani karo si Semprul. Pimpinane diceluk Semprul merga menawa
omogan idune nyumprat sempral semprul. Dheweke gelem wae diceluk Semprul.
Jare jeneng Semprul kuwi malah sangar. Wangun dienggo meden-medeni. Lan
kaya janjine biyen, Paimin olehe menehi cakar miturut jumlah pawongan. Ana
wong pitu, diwenehi pitu, ana wong lima, diwenehi lima. Menawa ana wong
sewelas, Paimin mung menehi sepuluh. Dadi kudu ana sing ngalah ora
keduman.
Pajek cakar kuwi mau dilakoni kira-kira suwene patang sasi. Paimin ora patio
rugi tur ora diganggu karo komplotan rubuk-rubuk kuwi mau. Sing mulane Paimin
wedi menawa dirusuhi, saiki tenang wae. Komplotan kuwi mau nyatane ora
tumindhak kasar. Ora duwe niat ala. Komplotan kuwi isih nduweni patrap kang
becik. Padha-padha ngoleke rejeki, ngerteni menawa penghasilane saka
angkringan ora akeh-akeh banget. Ora njalari Paimin langsung dadi sugih.
Menawa sing rubuk-rubuk ana wong sewelas, Paimin olehe menehi cakar mung
sepuluh, ora ana sing protes. Malah kepara menawa kepingin tenan, malah tuku.
Ora njaluk kanthi laku kasar. Kadang menawa pesen es teh apa es jeruk, Paimin
mengko sing ngeterke, giliran wedhangane wis rampung, gelas-gelase padha
diterake dhewe-dhewe. Paimin ora usah njupuki dhewe.
Sawise patang sasi, ujug-ujug si Semprul teka dhewe, moro, nyedhaki Paimin.
Biasane ora tau si Semprul kuwi mara. Menawa ana butuh kongkonan karo
kancane liya kang manut wae diprentah-prentah karo si Semprul. Neng
angkringan, si Semprul njagong. Njupuk rokok lan ngudut. Klepas-klepus
meneng wae. Paimin ora nyapa wong lagi ribet ngladeni sing padha jajan. Ana
sing njaluk tempene dibakar dhisik, ana sing njaluk tambah es, lan liya-liyane.
“Ndingaren tekan kene Bos Semprul, ” sapane Paimin nalika sing jajan wis
keladhenan kabeh.
“Iki segane karo apa Kang?” Semprul ora ngatekake sapane Paimin malah ganti
takon. Takon mangkono, sega wungkus kuwi mau langsung wae dibukak ora
nunggu semaure Paimin. Paimin ora semaur merga ana maneh sing teka njaluk
dibakarke sate usus karo bakwan.
“Kang, mreneo ndhisik tha tak kandhani,” Semprul ngawe marang Paimin.
“Napa tha Bos, kok sajak wigati?
“Kene, aku arep ngomong masalah parkir”
Paimin nyedhak lan Semprul langsung nyerocos karo idune nyumprat-nyumprat.
Dheweke menehi kabar menawa saiki sapa wae sing bebakulan nang tlatah
kene, sing rame lan ana penghasilan parkir, kudu diparkiri. Kuwi mau wis
kebijakan saka pemerintah desa. Ora bisa dieyeli. Kudu diolehi karo sapa wae
sing nduweni usaha.Angkringane Paimin uga salah siji usaha sing kudu diparkiri.
Sing luwih baku, papan dodolane Paimin lan sekitare dadi wilayahe Semprul.
Semprul sing nduweni lan nyekel kuwasa kanggo ngatur parkiran tlatah kana.
Paimin malah diduduhi surate barang saka pemerintah setempat.
Ana ing layang kuwi mau, dijlentrehake apa kabeh sing diomongake karo si
Semprul marang Paimin. Paimin malah diolehi maca dhewe. Paimin wis ora bisa
wangsulan. Kepriye wae bisane mung manut karo manut. Semprul sawise
ngomong ngono meneng wae, sajak menawa ngomong apa perlune. Ora let
suwe malah ngadek, mbayari olehe mangan langsung arep lungo, ning omongan
dhisik, “ Janjane aku seneng dipajeki cakar, Kang, nanging priye maneh.
Kebijakane ora kena dilawan. Sesuk kanca-kancaku wiwit parkir nang kene.
Sampeyan wis ora usah pajek cakar maneh, sapa wae sing memanganan nang
kene kudu mbayar. Menawa ana sing ora mbayar mengko omongna aku.” Banjur
Semprul bali maneh rubuk-rubuk karo kancane.
Paimin mung bisa gedhek-gedhek. Sesuk sok sapa wae wong sing ndeleh
kendaraan nang papan kono kudu mbayar parkir.
top related