bab 123teguh edit
TRANSCRIPT
1
1BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Prekawis
Basa inggih punika sistem bunyi ujar ingkang dipundasari dening para
linguis. Mila, objek ingkang utami saking kajian linguistik punika basa lisan,
inggih punika basa ingkang awujud bunyi ujar. Lan wonten ragam bahasa seratan,
dipunanggep bahasa sekunder, inggih punika “rekaman” saking basa lisan. Kajian
ingkang ngrambag babagan bunyi-bunyi ujar ing cabang linguistik dipunsebat
fonologi (Masnur Muslich:2008:1). Basa inggih punika satunggal perangkat
kaidah komunikasi sami umat manungsa (Siswanto:2005:18).
Indonesia bangsa ingkang multilingual, Basa Indonesia ingkang
dipunginakaken minangka bahasa nasional, ananging wonten basa laladan
ingkang nggadahi jumlah ingkang kathah lan maneka warni. Basa laladan punika
dipunginakaken masyarakat kangge kaperluan ingkang asifat laladan. Ing
masyarakat multilingual ingkang mobilitas gerakipun inggil, mila anggota
masyarakat punika ngginakaken kalih basa utawi langkung ingkang jumbuh
kaliyan kabetahanipun. Wonten panaliten punika laladan ingkang dipuntaliti
inggih punika saking Propinsi Jawa Tengah.
Propinsi Jawa Tengah inggih punika salah satunggal propinsi ingkang basa
ibunipun basa Jawi. Propinsi ingkang pendudukipun ugi ngginakaken basa Jawi
inggih punika Jawa Timur lan DIY. Basa Jawi ing Jawa Tengah punika nggadhahi
karakter ingkang maneka warni ingkang kasebar wonten ing laladan-laladan.
Salah satunggal saking laladan kasebut inggih punika laladan Pekalongan. Basa
Jawi ingkang dipunginakaken masyarakat Pekalongan punika nggadhahi keunikan
saking tataran fonologis menawi dipunbandingaken kaliyan basa Jawi umumipun.
Istilah basa Jawi ingakang dipunginakaken umumipun boten wonten kajelasan
saking konsep basa Jawi baku. Miturut Arisul Ulumuddin (2011:25) ragam baku
inggih punika ragam bahasa ingkang pangginaanipun jumbuh kaliyan kaidah
1
2
ingkang wonten lan taksih kalampahan, ragam basa boten baku punika ragam basa
ingkang dipunginakaken jumbuh kaliyan kaidah ingkang wonten lan taksih
kalampahan.
Keunikan fonologis kasebut dipunjlentrehkaken saking hipotesa saben
tembung basa Jawi, umumipun ingkang nggadahi kalih suku kata kaliyan suku
kata sepisan vocal ɑ [ a ] kabuka lan suku kaping kalih vocal e [ ε ], fonem [ a ]
saking suku kata ingkang sepisan ewah gantos e [ ε ]. Keunikan basa Jawi ing
laladan Pekalongan punika katingal saking lafal saking kosa kata katemtu ingkang
beda kaliyan basa Jawi umumipun. Salah satunggal kosa kata kasebut inggih
punika kɑtes [ katεs ] ‘pepaya’. Adhedasar pengamatan sementara, masyarakat
Pekalongan nglafalkaken kɑtes dados ketes [kεtεs]. Perkawis punika dipunanggep
unik, amargi taksih dipuntemukaken kosa kata ingkang sanes ingkang ngalami
kasus sami. Kosa kata kasebut inggih punika kɑbeh [ kabεh ] ‘semua’, ɑkeh [akεh]
‘banyak’, klɑlen [ klalεn ] ‘kelupaan’, dan angel [ aηεl ] ‘sulit’. Kasus kosa kata
kasebut ndadosaken panaliten damel hipotesa sementara. Hipotesa kasebut
nggadahi isi saben suku kata vocal ɑ [ a ] kabuka (boten pejah) lan suku kaping
kalih vocal e [ ε ], fonem [ a ] saking suku kata ingkang sepisan rubah gantos e
[ ε ] ingkang dipunlafalkaken masyarakat Pekalongan.
Kajian fonetik, miturut Abdul Chaer (2009-10) fonetik inggih punika
cabang kajian linguistik ingkang naliti unine basa nanging boten migatoskaken
teges utawi arti tembung kasebat. Lan fonetik kabagi dados fonetik artikulatoris,
fonetik akustik lan fonetik audiotoris. Fonetik artikulatoris naliti basa ingkang
dipunproduksi saking alat ucap manungso. Fonetik akustik ingkang objekipun
unine basa bebarengan kaliyan basa ingkang ngrambat ing udara. Fonetik
audiotoris kadospundhi swanten basa punika saged dipuntampi mawi alat
pamireng ugi saged dipunmangertosi. Mekaten karakter basa Jawi ingkang unik
wonten tataran fonologis ingkang dipunmaksud badhe dipundadosaken bahan
kajian panaliten deskriptif.
Hipotesa kasebut dipunpundhut amargi tembung-tembung kasebut
nggadahi ciri ingkang sami kadasta ingkang sampun dipunjlentrehkaken wonten
hipotesa sementara. Hipotesa sementara punika ingkang dipundadosakaken acuan
3
panaliten kangge nguji kosakata basa Jawi ingkang sanes ingkang dipunduga
ngalami kasus ingkang sami sahingga saged dipunpundhut dudutan ingkang valid
ngenani kasus kasebut. Pengujian kosakata ingkang sanes dipuntindakaken amargi
wonten kosakata ingkang nggadahi ciri ingkang sami anaging kosa kata kasebut
boten ngalami perubahan fonologis. Salah satunggal kosakata ingkang
dipunmaksud inggih punika panen [panεn] ‘panen’. Tembung panen boten
dipunlafalkaken penen [pεnεn] dening masyarakat Pekalongan. Dipuntingali
saking wangun, tembung panen nggadahi syarat kadasta ingkang dipunsebatkaken
wonten hipotesa sementara. perkawis unik punika ingkang ndadosaken panaliten
tambah ngiatkaken panaliten supados mundhut dhudutan ingkang valid ngenani
kaleresan hipotesa sementara.
Keunikan sanes ingkang dipungadhai basa Jawi ing Pekalongan taksih
wonten. Tuladha keunikan ingkang dipunmaksud.
Tabel 1. Tuladha Leksikal
No.Bahasa Jawa
Daerah PekalonganBahasa Jawa Umumipun
Bahasa Indonesia
1. Kowe pak tuku apa? Kowe arep tuku apa? ‘Kamu mau beli apa?’
2. Aku ora melu karang
lara.
Aku oara melu
amarga lara.
‘Aku tdak ikut karena
sakit’.
3. Aku ora pati
nggalebo sapa sing
liwat mau.
Aku ora pati
nglegewa sapa sing
liwat mau.
‘Akutidak bgitu
memperhatikan siapa yang
lewat tadi.’
Basa Jawi ingkang unik saking masyarakat Pekalongan kados ingkang
dipunjlentrehkaken wonten tabel kasebut nggadahi sifat leksikal. Panaliten punika
namung fokus badhe naliti kasus fonologis kadas ingkang sampun
dipunjlentrehkaken saderengipun.
Karakter basa Jawi Pekalongan mliginipun wonten tataran fonologis secara
gamblang sasampunipun dipunlaksanakaken panaliten. Deskripsi ingkang
gamblang ngenani karakter basa Jawi Pekalongan mliginipun wonten tataran
4
fonologis badhe dipunangsali kaliyan ngginakaken teori-teori lan metodhe-
metodhe para ahli ingkang sampun wonten.
B. Momotan Prekawis
Momota perkawis ing panaliten inggih punika:
1. Kadospundi kajian fonologis variasi basa jawa ngoko masyarakat Kecamatan
Kajen – Kabupaten Pekalongan?
2. Kadospundi pangaribawanipun variabel sosial tumrap kajian fonologis variasi
basa jawa ngoko masyarakat Kecamatan Kajen – Kabupaten Pekalongan?
C. Ancas Panaliten
Adhedhasar rumusan perkawis wonten nginggil, Ancas panaliten inggih
punika.
1. Ndeskripsikaken kajian fonologis variasi basa jawa ngoko masyarakat
Kecamatan Kajen – Kabupaten Pekalongan?
2. Ndeskripsikaken pangaribawanipun variabel sosial tumrap kajian fonologis
variasi basa jawa ngoko masyarakat Kecamatan Kajen – Kabupaten
Pekalongan?
D. Mupangat Panaliten
Adhedhasar ancas panaliten wonten nginggil, mupangat panaliten inggih
punika.
1. Mupangat Teoretis
Secara teoritis, asilipun panaliten punika saged nambahi wawasan kagem
pamaos utaminipun ingkang jumbuh kaliyan panaliten punika. Lan kasil panaliten
punika saged dipundadoskaken acuan utawi ancer-ancer kagem panaliten
salajengipun.
2. Mupangat Praktis
a. Kagem dwija, panaliten punika saged dipundadosaken ancer-ancer
pambudidaya dwija ningkataken kaprigelan micara dialek Pekalongan anggenipun
5
ningkataken mutu pasinaon bahasa Jawi mliginipun nyinau dialek piyambak
saderengipun nyinau basa jawi ingkang umum.
b. Kagem masyarakat Pekalongan, supados saged ngginakaken basa Jawi ngoko
masyarakat Pekalongan lan mangertosi dialek basa Pekalongan.
c. Kagem piwulangan basa Jawi, panaliten punika nggadhahi pangarep-arep
saged maringi tambahan kagem pambinaan lan ngrembakaning basa Jawi
mliginipun dialek basa Jawi.
E. Panandesing Tembung
Damel nggampilaken lan jlentrehkaken pangertosan saking panaliten
punika, wonten pinten-pinten istilah ingkang kedah dipuntegesaken maknanipun.
Tembung punika antawisipun:
1. Fonologis
Seacara etimologi fonologi kabentuk saking tembung fon ingkang ateges
suwanten, logi ingkang ateges ilmu. Fonologi inggih punika subdisiplin linguistik
ingakang nyinauni suwanten basa secara umum. Sae ingkang nyinau suwanten
basa ingkang boten ngawigatosaken arti utawi ingkang ngawigatosaken teges.
Ilmu basa ingkang nyinau uni ingkang boten ngawigatosaken arti inggih punika
fonetik, lan Ilmu basa ingkang nyinau suwanten ingkang ngawigatosaken arti
inggih punika fonemik (Abdul Chaer:2007:102).
Proses fonologis punika proses ingkang ngrembag babagan ewahing basa,
basa ingkang ewah punika saged dipunlampahi ing tembung dasar, utawi tembung
saking afiksasi utawi proses morfologis ingkang sanes. Proses ewahing uni basa
ing pungkasan punika dipunsebat proses morfofonemis. Proses fonologi miturut
Surana (2007:111) inggih punika:
a. Asimilasi
Asimilasi inggih punika proses unen-unen ingkang ewah lan dipunakibatkaken
mirip kaliyan tembung ingkang caket.
b. Similitut
6
Similitut inggih punika sami kaliyan asimilasi. Istilah similitut punika
dipunginakaken kangge ndeskripsikaken kasunyataan ingkang wonten, lan
asimilasi punika arupi proses amargi pangucapan.
c. Desimilasi
Desimilasi inggih punika proses owahan uni kalih uni ingkang sami dados boten
sami dipunsebat asimilasi. Wonten kalanipun uni ingkang sami punika dipun icali
salah satunggal.
Secara umum klasifikasi unine basa inggih punika vocal lan konsonan.
Vocal dipunasilaken saking pita suwanten ingkang kabuka sekedik lan boten
wonten perkawis menawi micara. Konsonan dipunasilaken, menawi suwanten
punika kabentuk taksih angsal perkawis menawi micara (Abdul Chaer:2007:113).
Vocal inggih punika unine basa ingkang dipunasilaken saking alat micara,
dados boten wonten artikulasi (Surana:2007:21). Ingkang dipunlajengkaken ing
fonologi ing panaliten punika basa Jawi ngoko.
2. Bahasa Jawa Ngoko
Ragam ngoko inggih punika wangun unggah-ungguh basa jawi ingkang
nggadahi inti leksikon ngoko. Ragam ngoko kaperang dados ngoko lugu lan
ngoko alus, Abdul Rochim (2005:xviii). Basa Jawi ingkang dipunlajengkaken ing
panaliten punika:
a. Ngoko lugu
Inggih punika wangun unggah-ungguh basa jawi ing sedaya tembung ngoko lan
netral ugi boten wonten seselan leksikon krama, krama inggil, utawi krama
andhap.
b. Ngoko alus
Ngoko alus inggih punika wangun unggah-ungguh ing salebeting saking leksikon
ngoko, netral, krama inggil, krama andhap, utawi ragam kangge ngormati tiyang
sanes.
3. Kajian Deskripsi
Kajian deskripsi arupi metodhe panaliten ingkang nggambarkaken lan
nginterpretasikaken objek ingkang jumbuh lan asli (Best, 1982:19). Saking kajian
deskripsi punika panaliten nggadahi sesambetan kaliyan variabel, nguji hipotesis,
7
ngrembakakaken generalisasi lan ngrembakakaken teori ingkang dipungadahi
validitas universal (west 1982). Ingkang dipunlajengakaken kajian deskripsi ing
panaliten punika basa Jawi ngoko masyarakat Kecamatan Kajen-Kabupaten
Pekalongan.
F. Metodhe Panaliten
1. Pendekatan Penelitian
Pendekata teoritis ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih punika
pendekata dialektologi. Implikasi saking panaliten punika nggadahi fokus kajian
wonten ing variasi dialektal, inggih punika wangun fonologis ing basa Jawi ngoko
masyarakat Pekalongan. Sanesipun inggih punika naliti gegayutan variable sosial
tumrap kajian fonologis variasi basa Jawi ngoko masyarakat Kecamatan Kajen –
Kabupaten Pekalongan.
Panaliten punika migunakaken pendekatan deskriptif kualitatif.
Ngginakaken pendekatan punika nggadahi maksud supados kapundhut asil secara
sinkronis ingkang utuh. Lajeng asil punika dipundskripsikaken.
2. Data lan Sumber Data
a. Data
Data ing panaliten punika kapundut saking kosa kata basa Jawi daerah
Pekalongan. Lan basa ingkang dipunuji punika basa Jawi ragam ngoko amargi
langkung variatif kangge identifikasiif. Alesan kinging punapa ragam ngoko
ingkang dipunpilih amargi ragam punika langkung variatif ugi dipunanggep
langkung saged dipunidentifikasi. Perkawis ingkang mbedakaken punika Ingkang
dados alesan amaargi, basa Jawi ngoko punika langkung asring dipunginakaken,
langkung gampil dipunsinau, ugi langkung gampil dipunmangertosi.
b. Sumber Data
1) Data Primer
Data primer ing panaliten punika kapundut saking observasi, wawancara
lan daftar pitakenan basa ingkang ngalami kasus fonologi katujukaken langsung
kaliyan masyarakat pekalongan utawi panutur. Basa punika tuturan ingkang
8
dipunginakaken saking masyarakat Pekalongan asli. Sahingga data ingkang
dipunasilkaken punika dados data ingkang valid.
2) Data skunder
Data skunder ing panaliten punika kapundut saking asil wawancara utawi
observasi dipunkempalkaken awujud seratan utawi rekaman. Sumber data kasebut
dados acuan basa ingkang ngalami kasus fonologi punika data ingkang dipuntaliti.
Miturut Sevila dkk 1993 (ing Prof. Dr. Mahsum, M.s. 2011-28) bab
ingkang gegayutan kaliyan sumber data inggih punika populasi, sampel lan
informan. Populasi inggih punika sedaya tiyang ingkang dados anggota
masyarakat panutur basa ingkang badhe dipuntaliti lan dados objek generalisasi
basa kasebat. Sampel inggih punika kasil pamilihan saking panutur utawi wilayah
ingkang dados objek panaliten minangka wakil ingkang ndadoskaken generalisasi
populasi. Informan inggih punika nara sumber utawi bahan panaliten, ingkang
paring informasi ugi mbiyantu panaliten ing tahap ingkang nyepakaken data. Data
ingkang dipun pundhut saking populasi punika kanthi teknik sampling random
(acak).
3. Titik Pengamatan
Salah satungg daerah ing Kabupaten Pekalongan inggih punika
kaecamatan Kajen. basa Jawi wonten Kecamatan Kajen nggadahi gejala fonologis
ingkang sami kaliyan basa Jawi ngoko Pekalongan miturut hipotesa sementara.
Basa ngoko Pekalongan dipunginakaken masyarakat Kajen wonen gineman utawi
komunikasi saben dinten, ing kaluarga, sekolah, utawi kaliyan masyarakat. Basa
Jawi ngoko Pekalongan ingkang dipunginakaken masyarakat Kecamatan Kajen
punika dipunanggep sampun makili basa Jawi Pekalongan, lan panaliten saged
dipun fokuskaken ing Kecamata Kajen. Data ingkang badhe dipunpundhut
dipunfokuskaken ing Kecamatan Kajen, ingkang nggadahi ancas supados
panaliten punika asilipun utawi ancasipun saged dipunraih secara efektif, efisien,
lan optimal.
9
4. Metodhe lan Teknik Pengumpulan Data
Metodhe ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih punika metode
simak lan metodhe cakap, Sudaryanto (1993:113):
a. Metodhe Simak
Metodhe Simak inggih punika metodhe ingkang dipunlampahi kanthi
nyimak panginaan basa lan saged dipunsejajarkaken kaliyan metodhe pengamatan
ugi metodhe observasi. Kaliyan teknik sadap, simak, rekam lan catat. Teknik
sadap, dimangertosi minangka teknik dasar ing kagiatan panaliten punika. Teknik
simak, dipunlampahi minangka alat nyimak anggenipun pangginaan basa. Teknik
rekam, menawi teknik sepisan lan teknik kaping kalih dipunginakaken teknik
rekam punika ugi saged dipunginakaken sesarengan kaliyan teknik sepisan lan
teknik kaping kalih. Teknik catat, saged dipunlampahi sasampunipun teknik
sepisan lan kaping kalih utawi sasampunipun teknik rekam ngangge kartu data
dipunlajengkaken klasifikasi. Kawontenan kemajengan teknologi, catatan punika
saged mupangatkaken disket komputer. Transkripsinya saged dipunpilih salah
satunggal saking jinising objekipun (transkripsi ortografis, fonemis, utawi
fonetis).
b. Metodhe Cakap
Metodhe Cakap inggih punika dipunlampahi kathi cara kontak antara
panaliti minangka panaliten kaliyan panutur minangka nara sumber. Kaliyan
teknik pancing, cakap, rekam lan catat. Teknik pancing, kagiatan panaliten
ingkang nuntut kreatifitas panyerat kangge mancing tiyang utawi kinten-kinten
tiyang supados purung micara, kagiatan pancing punika saged dipunanggep teknik
dasaripun saking metodhe cakap. Teknik cakap, teknik lisan punika
dipunmangertosi panaliten lan dipunarahkaken miturut kaperluanipun, inggih
punika angsal data ingkang dipunsuwun. Boten isi wacana utawi napa ingkang
dipunmicarakaken.
5. Instrumen Panaliten
Instrumen ing panaliten inggih punika daftar pitakenan basa ingkang
katujukaken tumrap informan kangge madosi data ingkang nglampahi gejala
10
fonologis. Daftar pitakenan basa ingkang dipunajukaken dening informan
adhedhasar wonten kosakata basa jawi ingkang jumbuh kaliyan hipotesa
sementara. Ancas kenging punapa ngginakaken daftar pitakenan amargi supados
data ingkang kapundhut punika konkret ugi lengkap kaliyan seratan lan rekaman.
Tebel 2. SWADESH 200-WORD BASIC VOCABULARY (MODIFIED)
No. Bahasa JawaBaku Bahasa Indonesia Bahasa Jawa Pekalongan
1. Tangan [taƞan] Tangan
2. Kiwa [kiwa] Kiri
3. Tengen [teƞen] Kanan
4. Sikil [sikil] Kaki
5. Mlaku [ Berjalan
6. Dalan Jalan
7. Teko Datang
8. Ajak Mengajak
9. Nglangi Berenang
10. Kotor Kotor
11. Lebu Debu
12. Kulit Kulit
13. Agek Sedang
14. Weteng Perut
15. Balung Tulang
16. Isi weteng Isi perut
17. Ati Hati
18. Akeh Banyak
19. Pundak Bahu
20. Ngerti Tahu
21. Mikir Berpikir
22. Wedi Takut
23. Getih Darah
24. Sirah Kepala
11
25. Gulu Leher
26. Rambut Rambut
27. Irung Hidung
28. Ambekan Bernafas
29. Ngambung Mencium
30. Cangkem Mulut
31. Untu Gigi
32. Ilat Lidah
33. Ngguyu Tertawa
34. Nangis Menangis
35. Mutah Muntah
36. Aneng Ada di
37. Mangan Makan
38. Angel Sulit
39. Masak Memasak
40. Ngumbe Minum
41. Nyokot Menggigit
42. Aweh Memberi
43. Kuping Telinga
44. Awet Awet
45. Mripat Mata
46. Weruh Melihat
47. Balen Rujuk
48. Turu Tidur
49. Kaget Terkejut
50. Ngimpi Bermimpi
51. Njagong Duduk
52. Ngadeg Berdiri
53. Wong Orang
54. Lanang Laki-laki
12
55. Wadon Wanita
56. Anak Anak
57. Bojo lanang Suami
58. Bojo wadon Istri
59. Ibu Ibu
60. Bapak Bapak
61. Umah Rumah
62. Kabeh Semua
63. Aran Nama
64. Jaket Jaket
65. Talen Tali
66. Naleni Mengikat
67. Njahit Menjahit
68. Jarum Jarum
69. Mburu Berburu
70. Nembak Menembak
71. Kakehan Kebanyakan
72. Mentung Memukul
73. Nyolong Mencuri
74. Mateni Membunuh
75. Mati Mati
76. Urip Hidup
77. Ngukuri Menggaruk
78. Nugel Memotong
79. Kayu Kayu
80. Nyigar Membelah
81. Landep Tajam
82. Kaleng Kaleng
83. Kerja Bekerja
84. Nandur Menanam
13
85. Milih Memilih
86. Tukul Tumbuh
87. Aboh Membengkak
88. Meres Memeras
89. Nyekeli Memegang
90. Karet Karet
91. Nuku Membeli
92. Mbukak Membuka
93. Nutuk Menutuk
94. Mbelengkaken Melemparkan
95. Tibo Jatuh
96. Asu Anjing
97. Manuk Burung
98. Endug Telur
99. Wulu Bulu
100
.
Suwiwi Sayap
101
.
Mabur Terbang
102
.
Tikus Tikus
103
.
Daging Daging
104
.
Lemak Lemak
105
.
Buntut Ekor
106
.
Ulo Ular
14
107
.
Cacing Cacing
108
.
garek Tinggal
109
.
Nyamuk Nyamuk
110
.
Keset Laba-laba
111
.
Iwak Ikan
112
.
Kates Pepaya
113
.
Klamben Memakai baju
114
.
Godong Daun
115
.
Damen Akar atau daun
padi
116
.
Kembang Bunga
117
.
Maning Lagi
118
.
Suket Rumput
119
.
Lemah Tanah
120
.
Watu Batu
121
.
Pasir Pasir
122 Banyu Air
15
.
123
.
Kacek Selisih
124
.
Laut Laut
125
.
Uyah Garam
126
.
Kalenan Saluran
127
.
Alas Hutan
128
.
Langit Langit
129
.
Wulan Bulan
130
.
Bintang Bintang
131
.
Patek Terlalu
132
.
Kabut Kabut
133
.
Udan Hujan
134
.
Klalen Kelupaan
135
.
Kilat Kilat
136
.
Angin Angin
137
.
Kanginan Bertiup
16
138
.
Panas Panas
139
.
Atis Dingin
140
.
Garing Kering
141
.
Teles Basah
142
.
Abot Berat
143
.
Geni Api
144
.
Ngobong Membakar
145
.
Kukus Asap
146
.
Awu Abu
147
.
Ireng Hitam
148
.
Puith Putih
149
.
Abang Merah
150
.
Kuning Kuning
151
.
Ijo Hijau
152
.
Cilik Kecil
153 Gedhe Besar
17
.
154
.
Pendek Pendek
155
.
Dawa Panjang
156
.
Tipis Tipis
157
.
Kandel Tebal
158
.
Maning Lagi
159
.
Amba Lebar
160
.
Lara Sakit
161
.
Isin Malu
162
.
Tuwa Tua
163
.
Anyar Baru
164
.
Apik Baik
165
.
Jahat Jahat
166
.
Bener Benar
167
.
Mbengi Malam
168
.
Dina Hari
18
169
.
Tahun Tahun
170
.
Kapan Kapan
171
.
Umpetan Bersembunyi
172
.
Munggah Naik
173
.
Ning Di
174
.
Ning njero (di) dalam
175
.
Ning duwur Di atas
176
.
Ning ngisor Di bawah
177
.
Iki Ini
178
.
Iku Itu
179
.
Pedek Dekat
180
.
Adoh Jauh
181
.
Ning ngendi Di mana
182
.
Aku Saya
183
.
Kowe Kamu
184 Pamer Pamer
19
.
185
.
Paweh Pemberian
186
.
Patek Terlalu
187
.
Naleni Mengikat
188
.
Apa Apa
189
.
Sapa Siapa
190
.
Liya Lain
191
.
Kabeh Semua
192
.
Lan Dan
193
.
Talen Ikatan
194
.
Kepriye Bagaimana
195
.
Ora Tidak
196
.
Ngitung Menghitung
197
.
Siji Satu
198
.
Loro Dua
199
.
Telu Tiga
20
200
.
Papat Empat
6. Teknik Analisis Data
Ing tahap analisis data ngengingi karakter fonologis bahasa Jawa ngoko
masyarakat Pekalongan punika ngginakaken metodhe padan kaliyan teknik
ingkang jumbuh kaliyan karakter data ingkang dipunpundhut. Metode padan ing
panaliten punika dipunginakaken kangge nganalisis data ingkang wonten
pambedanipun antara unsur basa Jawi ingkang dipunginakaken masyarakat
Pekalongan kaliyan basa Jawi umumipun. Sepisan ingkang dipuntindakaken
badhe ndeskripsikaken pambeda fonologi kaliyan teknik pilih unsur panentu
minangka teknik dasar. Miturut Sudaryanto (1993:13) metode ingkang
ngginakaken kasunyatan referent basa, organ pambentuk basa utawi organ wicara,
perekam, alat panentunipun basa ingkang sanes, lan pengawet basa (seratan).
Analisis perbandingan basa Jawa ngoko Pekalongan kaliyan basa
umumipun nggadahi maksud supados angsal gambaran ingkang gamblang
ngengingi variasi dialektal. Data ingkang dipunbandingkaken punika adhedasar
variabel sosial kangge mangertosi pengaruh variabel sosial tumrap kajian fonologi
variasi basa Jawa ngoko masyarakat Pekalongan lan ngginakaken teknik hubung
banding minangka teknik lajengipun.
7. Teknik Penyajian Hasil Analisis Data
Kasil analisis data dipunpaparkaken ngginakaken metodhe formal lan
metodhe informal. Metodhe formal dipunginakaken wonten nyajikaken analisis
data ingkang arupi ukara lan tuladha-tuladha ingkang dipunrumuskaken kaliyan
tanda lan lambang-lambang saking tuturan lan fonologi lan leksikon dening
masyarakat. Metodhe informal dipunginakaken wonten penyajian kasil analisis
data ingkang arupi tembung-tembung utawi uraian (Sudaryanto 1993:145).
G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi
21
Supados pikantuk gambaran ingkang gamblang, lan runtut, antawis babagan
satunggal kaliyan sanesipun, wonten ing ngriki badhe dipunandharaken
tatarakiting panyeratan skripsi. Skripsi punika kaperang dados tiga perangan.
Inggih punika perangan wiwit, isi, lan pungkasan.
Perangan wiwit kasusun saking samak logo, kaca irah-irahan, kaca
pasarujukan, kaca pangesahan, sesanti lan pisungsung, atur pangirin, sari pathi,
daftar isi, lan lampiran.
Bab I inggih punika Purwaka kasusun saking pawadaning prekawis,
momotan prekawis, ancasing momotan, mupangating panaliten, penegesan
tembung, metodhe panaliten lan sistematika skripsi.
Bab II inggih menika landhesan teori. Bab punika nyebatkaken sumber
ingkang relevan saking panaliten saderengipun ingkang jumbuh kaliyan panaliten
punika.
Bab III inggih punika kajian fonologis variasi basa Jawi ngoko masyarakat
Pekalongan. Bab punika njlentrehkaken deskripsi asil panaliten lan pirembagan.
Bab IV inggih punika panutup, perangan panutup minangka bab pungkasan
wonten ing skripsi. wosipun inggih punika dudutan lan pamrayogi, pramila
wonten ing bab punika saged kaperang dados kalih sub-irah-irahan. Wonten ing
perangan pungkasan damados saking kapustakan ugi dhaptar lampiran.
22
BAB II
LANDHESANING TEORI
A. Landhesan Teori
Panaliten lan pirembagan basa jawi sempun katah ingkang nglampahi,
ananging panaliten dialek-dialek basa jawi saged dipun namikaken panaliten
ingkang inggal dipunwiwiti. Seminar Bahasa Daerah ing Yogyakarta taun 1976
sampun mbika cakrawala inggal ngeneni pambinaan basa daerah, kalebet dialek-
dialekipun (Dekdikbud 1986). Teori-teori ingkang dipundadoskaken dasar
panaliten inggih punika konsep-konsep ngengingi. (1) Kajian Dialektologi, (2)
Variasi Bahasa, (3) Variasi Penggunaan Bahasa Jawa, (4) Pambeda Dialek, (5)
Fonologi Bahasa Jawa, (6) Bahasa Jawa Baku, (7) Ragam Ngoko.
1. Kajian Dialektologi
Panaliten ciri fonologis basa jawi ngoko Pekalongan punika arupi
panaliten kajian dialektologi ugi, istilah dialek asalipun saking tembung Yunani
dialektos utawi logat ingkang nggadahi teges variasi basa. Dialektologi saking
tembung dialek ingkang nggadahi teges variasi basa lan logi inggkang tegesipin
ilmu. Dialektologi inggih punika ilmu ingkang ngrembag dialek utawi ilmu
ingkang ngrembag variasi basa.
Wekdal punika usaha kangge njlentrehkaken kanthi gamblang lan tegas
bates-bates ingkang mbedakaken bahasa kaliyan dialek punika dereng wonten asil
rumusan ingkang muaskaken. Dialek punika kalebet kajian ilmu linguistik, dialek
inggih punika cabang ilmu linguistik amargi ngrembag babagan bahasa saking
sudut katemtu. Miturut Lauder (2002:38) dialektologi “ilmu tentang dialek”
inggih punika salah satunggal ilmu wawasan basa ingkang secara sistematis
12
23
ngrembag maneka warni kajian ingkang gegayutan kaliyan dialek utawi variasi
bahasa, seged variasi basa ingkang adhedhasar strata sosoal utawi wekdal ingkang
beda. Variasi bahasa ingkang dipunlampahi amargi wilayah ingkang beda punika
arupi kajian dialektologi.
Dialektologi inggih punika ilmu ingkang ngrembag lan mbandingkaken
basa-basa (kalih utawi langkung) ingkang taksih seruam kangge dipunpadosi
unsur-unsur ingkang sami lan unsur-unsur ingkang beda (Siswanto:2005:43).
Dumugi wekdal sapunika usaha kangge nggayuh kanthi gamblang bates
ingkang mbentenkaken antara basa kaliyan dialek punika dereng nggadahi kasil
rumusan ingkang damel lego. Dialek punika bidang kajian ingkang mlebet ing
ilmu linguistik utawi langkung gamblang dialek inggih punika cabang ilmu
linguistic amarga nyinau basa saking paningalan katemtu.
2. Variasi Bahasa
Miturut Chaer (2004:62) variasi basa punika wonten kalih, inggih punika
panutur lan ingkang ngginakaken basa kasebat. Adhedhasar panutur punika sinten
ingkang nginakaken bahasa kasebat, wonten pundhi manggonipun, kados pundhi
kedhudhukan sosial wonten masyarakat, napa jenis kelaminipun, lan kapan bahasa
kasebat dipunginakaken. Adhrdhasar pangginaan bahasa kasebat inggih punika
dipunginakaken kangge punapa, ing bidan punapa, punapa jalur lan alat, lan
kadospundhi kahanan formalipun.
Kawontenan faktor sosial lan situasional dados pengaruh pangginaan
bahasa ingkang maringi maneka warni variasi bahasa arupi ragam pangginaan
basa miturut fungsi lan situasi. Fungsi lan situasi punika pangginaan basa ingkang
gegayutan kanthi sanget amargi ragam basa ingkang pundhi ingkang badhe
dipunfungsikaken (pilih) wonten ing kahanan prastawa panuturipun.
Variasi basa inggih punika satunggal jenis ragam basa ingkang
pangginaanipun dipun jumbuhkaken kaliyan fungsi lan situasi ananging boten
medal saking kaidah pokok wonten basa punika. Perkawis punika ngandut teges
menawi situasi ingkang maringi prastawa tutur mituru variasi bahasa katemtu
(Suwito:1985:29).
24
Variasi basa inggih punika bentuk-bentuk basa varian basa ingkang
nggadahi pola ingkang sami kaliyan pola umum basa indukipun. Variasi basa
dipunsebabkaken amarga wonten kagiatan interaksi sosial ingkang dipunlahpahi
masyarakat utawi pepanthan ingkang maneka warni ingkang dipunsebabkaken
dening panutur ingkang boten nggadahi sifat homogen. Basa saged rubah boten
dipun sebabkaken pangembangan lan perluasan kemawon, ugi perubahan ingkang
boten majeng ingkang dipunalami masyarakat. Maneka panyaruwih sosial lan
pilitis dados panyebab katah tiyang ingkang ninggalkaken basanipun piyambak.
Ngrembakaning masyarakat modern wekdal punika, masyarakat indonesia
cenderung langkung remen lan ngraoskaken langkung intelek kangge
ngginakaken bahasa asing. Perkawis kasebat nggadahi dampak tumrap bahasa
Indonesia minangka jati diri bangsa, Aslindgf 2007:17 (http://larasati-
cadiva.blogspot.com/2010/04/variasi-bahasa.html).
Kartomihardjo ( ing Arisul Ulumudin 2011:23) nyebatkaken ragam basa
punika minangka satunggal piranthi kangge nyampekaken makna sosial utawi
artistik ingkang boten saged dipunsampekaken kanthi cara tembung-tembung
kaliyan teges ingkang harfiah.
Variasi basa ugi sagedipun tingali saking sarana utawi jalur ingkang
dipunginakaken. Implikasi saking babagan punika kawontenanipun ragam lisan
lan ragam serat. Kawontenan ragam lisan lan ragam serat punika adhedhasar
wonten kasunyatan wonten ing lapangan. Kasunyatan kasebat inggih punika
bahasa lisan lan basa serat punika nggadahi wujud struktur ingkang beda.
3. Variasi Penggunaan Bahasa Jawa
Sampun dipunsepakati sareng-sareng bahasa punika alat komunikasi.
Migunakaken bahasa, manungsa saged sami sesambetan (berkomunikasi), sami
cariyos pribadhi, sami sinau, lan ningkatkaken ilmu intelektual (Depdikbud
1994:1). Hakikat manungsa minangka makhluk sosial nggadahi kekarepan
sesambetan kaliyan tiyang sanes kangge nyampekaken panyaruwih lan gagasan
tumrap tiyang sanes ingkang nggadahi ancas kangge nglengkapi kabutuhan
gesangipun. Kangge interaksi utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes, manungsa
punika mbetahkaken alat komunikasi. Gegayutanipun panutur lan mitra tutur
25
punika sifatipun langsung, inggih punika ngginakaken pangucapan uni-uni utawi
tembung-tembung ingkang dipunsebat bahasa.
Basa jawi nggadahi kalih ragam basa. Ragam kasebut inggih punika ragam
ngoko lan ragam krama. Ragam krama punika dipunginakaken kangge
ngungkapkaken raos hormat dhateng tiyang sanes, ugi ragam krama punika
kangge ndhidhik anak supados nggadahi rasa hormat lan ngajeni kaliyan tiyang
sanes.
4. Pambeda Dialek
Saben ragam basa dipunginakaken wonten ing daerah katemtu, lan
kadadosan analisasi bahasa ingkang beda-beda, kadasta saking lafal, tata basa, dan
tata arti, lan saben ragam ngginakaken salah satunggaling bentuk ingkang khusus
(Guiraud buku Ayatrohaedi 1983:3).
Wonten ing tingkat dialek, perkawis ingkang beda punika wonten ing garis
besar ingkang dipunbagi wonten gangsal macem. Miturut Ayatrohaedi (1983:3)
inggih punika:
a. Perbedaan Fonetik
Bab ingkang beda wonten ing bidang fonologi boten dipunsadari dening panutur
dialek. Bab ingkang beda kasebat saged ketingal saking tuladha kadasta sungsum
[sunƞsUm] kaliyan sumsUm [sunƞsUm] ‘isi tulang’, teyeng [tεyεƞ] kaliyan tiyeng
[tiyεƞ] ‘karat’ salebeting basa jawi. Lafal fonem ingkang beda [m] kaliyan [g]
boten ngowahi teges tembung kasebat. Saking tuladha kasebat gamblang fonetik
ingkang beda punika saged kadadosan vocal utawi konsonan.
b. Perbedaan semantik
Saking tembung-tembung ingkang kabentuk adhedhasar proses fonologi utawi
geseran bentuk. Saking prastawa kasebat, teges saking tembung punika saged
geser. Geseran kasebut gegayutan kaliyan sinonimi lan homonimi. Wonten ing
perkawis punika, sinonimi utawi teges ingkang sami inggih punika perlambangan
ingkang beda kangge objek linambang ingkang sami nanging wonten papan
ingkang beda, kadasta maneh [manεh] ing bahasa Jawa Solo kaliyan maning
[maninƞ] ing basa jawi Tegal ‘lagi’, lan kates [kεtεs] ing bahasa Jawa Semarang
gandhul [ganDul] ing bahasa Jawa Pemalang ‘pepaya’. Geseran ingkang
26
dipunmangertosi kaliyan homonimi inggih punika objek ingkang beda nggadahi
utawi dipunparingi nami ingkang sami wonten ing papan ingkang beda ugi,
kadasta mari [mari] teges ‘sembuh dari sakit’ ing basa jawi Solo lan ‘sudah’ ing
basa jawi Surabaya lan teyeng [tεyεƞ] teges ‘karat’ ing basa jawi Solo lan
‘mampu’ ing basa jawi Tegal.
c. Perbedaan onomasiologis
Nami ingkang beda punika nujukaken setunggal konsep ingkang
dipunparingkaken ing papa ingkang beda-beda. Tuladha, wonten ing papan
adicara khajatan ing daerah Pekalongan lan Pemalang nyebutkaken istilah
nyumbang [ñumbaƞ], nanging wonten ing daerah Grobogan lan Blora masyarakat
nyebatkaken njagong [njagOnƞ]. Perkawis kasebat sampun gamblang
dipunsebabkaken wontenipun panyaruwih utawi tafsiran ingkang beda ngenani
khajatan. Nyumbang adhedhasar wonten ing panyaruwih saking tanggapan
ingkang hadir punika nyumbang kaliyan tiyang ingkang gadhah khajat, lan
njagong adhedhasar tiyang ingkang rawuh punika para tamu sami jagongan
(bercengkraman).
d. Perbedaan semasiologis
Semasiologis punika wangsulan saking onomasiologis inggih punika nami
ingkang sami kangge konsep ingkang beda. Frase kadasta, Rambutan Aceh,
pencak Cikalong lan Orang yang berhaluan kiri, lanasring dipunucapkaken
amung Aceh, cikalong, utawi kiri mawon, ucapan punika sampun katemtu ing
salebeting kaitan katemtu. Lajeng, tembung Aceh tuladha, ngandut kinten-kinten
gangsal teges, inggih punika (1) ‘nama suku’, (2) ‘nama daerah’, (3) ‘nama
kebudayaan’, ‘nama bangsa’, (5) ‘nama sejenis rambutan’.
e. Perbedaan morfologis
Basa ingkang nggadahi gegayutan punika dipun batesi saking tata basa, dening
frekuensi morfem-morfem ingkang beda, ingkang nggdahi guna ingkang
berkerabat, dening wujud fonetisipun. Perbedaan fonologis punika saged dipun
tingali saking tuladha lemper lan lelemper ‘lemper’, tenong lan tetenong’(nama
sejenis)’ wadah, isuk lan isukan ‘besok’, lan ogo lan ogoan ‘manja’.
f. Fonologi Bahasa Jawa
27
Seacara etimologi fonologi kabentuk saking tembung fon ingkang nggadahi
makna inggih punika bunyi ingkang ateges suwanten, logi ingkang ateges ilmu.
Fonologi inggih punika subdisiplin linguistik ingakang nyinauni suwanten basa
secara umum. Sae ingkang nyinau suwanten bahasa ingkang boten
ngawigatosaken arti utawi ingkang ngawigatosaken arti. Ilmu basa ingkang
nyinau suwanten ingkang boten ngawigatosaken arti inggih punika fonetik, lan
Ilmu basa ingkang nyinau suwanten ingkang ngawigatosaken arti inggih punika
fonemik (Abdul Chaer:2007:102).
Secara umum klasifikasi bunyi bahasa inggih punika vocal lan konsonan.
Vocal dipunasilaken saking pita suwanten ingkang kabuka sekedik lan boten
wonten perkawis menawi micara. Konsonan dipunasilkaken menawi suwanten
punika kabentuk taksih angsal perkawis menawi micara (Abdul Chaer:2007:113).
Vocal inggih punika bunyi basa ingkang dipunasilaken saking alat micara,
dados boten wonten artikulasi (Surana:2007:21).
5. Bahasa Jawa Baku
Panaliten punika ngginakkaken bahasa Jawa umumipun. Perkawis kasebat
dipunsebabkaken amargi konsep basa baku ingkang dereng gamblang. Basa jawi
ingkang umum wonten panaliten punika basa jawi dialek Surakarta. Basa jawi
dialek Surakarta dipunanggep basa jawi wonten umumipun amargi masyarakat
ingkang ngginakaken basa jawi piyambak punika ingkang nganggep kados
punika. Masyarakat ingkang ngginakaken basa Jawi nganggep basa Jawi dialek
Surakarta punika basa Jawi ingkang nginggil piyambak, leres piyambak, alus
piyambak, lan minangka pedoman basa jawi. Lan kathah ingkang nyebatkaken
basa Jawi dialek Surakarta inggih punika standar basa Jawi baku.
Miturut Hasan Alwi dkk (2003:14) fungsa basa baku punika nggadahi 4
fungsi. Inggih punika:
a. Fungsi Pemersatu
Basa baku punika gegayutanipun kaliyan sedaya panutur saking sedaya dialek
basa kasebat. Sedaya masyarakat punika dados masyarakat basa lan wonten
paningkatan proses identifikasi panutur saben tiyang.
b. Fungsi Pemberi Kekhasan
28
Basa baku punika bedakaken kaliyan basa ingkang sanes. Mila, basa baku punika
saged ngiatkaken kapribadhen masyarakat.
c. Pembawa Kewibawan
Fungsi kawibawan sesambetan kaliyan tiyang nggayuh lan nggadahi asil
satunggal derajat kaliyan peradaban ingkang dipungayuh saking basa masyarakat
kasebat.
d. Fungsi Sebagai Kerangka Acuan
Fungsi ngginakaken basa kaliyan nglampahi norma lan kaidah ingkang wonten
(yang dikodifikasi). Norma lan kaidah kasebat dados tolok ukur angenipun
ngginakaken basa saben tiyang utawi kelompok.
6. Ragam Ngoko
Ragam ngoko inggih punika wangun unggah-ungguh basa jawi ingkang
nggadahi inti leksikon ngoko. Ragam ngoko kaperang dados ngoko lugu lang
ngoko alus, Abdul Rochim (2005:xviii).
a. Ngoko lugu
Inggih punika wangun unggah-ungguh basa jawi ingkang sedaya kosakatanipun
ngoko lan netral ugi boten wonten seselan leksikon krama, krama inggil, utawi
krama andhap.
b. Ngoko alus
Ngoko alus inggih punika wangun unggah-ungguh ing salebeting saking leksikon
ngoko, netral, krama inggil, krama andhap, utawi ragam kangge ngormati tiyang
sanes.
29
BAB III
WUJUD KAJIAN VARIASI BAHASA JAWI NGOKO MASYARAKAT
KEC. KAJEN – KAB. PEKALONGAN
Bab punika ndeskripsikaken asil panaliten lan pirembaganipun. Basa Jawi
ngoko Pekalongan punika bab ingkang sami, ugi bab ingkang beda menawi
dipunbandingkaken kaliyan basa Jawi umumipun. Minangka salah satunggaling
ragam basa Jawi, basa Jawi pekalongan nggadahi bab ingkang sami kaliyan basa
Jawi umumipun. Bab ingkan sami ugi ingkang beda basa Jawi ngoko Pekalongan
dipunbandingkaken kaliyan basa Jawi umumipun punika arupi satunggal variasi
basa ingkang dipunsebabkaken kaliyan ingkang ngginakaken Basa Jawi ingkang
kathah ugi wilayang ingkang amba. Variasi Bahasa kasebat ingkang salah
satunggalipun kalampahan ing basa Jawi ngoko Pekalongan lan boten ngantos
panutur punika rumongsa nggadahi basa ingkang beda. Panutur Basa Jawi ngoko
Pekalongan punika umumipun taksih mangertos Basa Jawi umumipun kanthi sae.
Pirembagan ngengingi panutur ngginakaken Basa Jawi ngoko Pekalongan
sagedipun angsali sasampunipun ndeskripsikaken sasampunipun panaliten
ingkang sampun dipunlampahi. Deskripsi wujud kajian variasi bahasa Jawi ngoko
Pekalongan ingkang nglampahi keunikan fonologis inggih punika:
No
. Tembung Basa Jawi
Pangucapan Masyarakat
Pekalongan Basa Indonesia
1. agek [agɛ?] egek [ɛgɛ?] sedang, lagi
2. ajak [aja?] jek [jɛ?] Mengajak
3. akeh [akɛh] Ekeh [ɛkɛh] Banyak
4. aneng [anɛƞ] eneng [ɛnɛƞ] ada di
5. angel [aƞɛl] engel [ɛƞɛl] Sulit
6. aweh [awɛh] eweh [ɛwɛh] Memberi
30
7. awet [awɛt] ewet [ɛwɛt] Awet
8. balen [balɛn] belen [bɛlɛn] rujuk, kembali
9. damen [damɛn] demen [dɛmɛn] batang padi
10. jaket [jakɛt] jeket [jɛkɛt] Jaket
11. kacek [kacɛ?] kecek [kɛcɛ?] Selisih
12. kaget [kagɛt] keget [kɛgɛt] Kaget
13.
kalen [kalɛn]
kalenan [kalɛnan]
kelen [kɛlɛn]
kelenan [kɛlɛnan] saluran, kanal
14. kakehan [kakɛhan] kekehan [kɛkɛhan] Kebanyakan
15. karet [karɛt] keret [kɛrɛt] Karet
16. kaset [kasɛt] keset [kɛsɛt] Kaset
17. kates [katɛs] ketes [kɛtɛs] Pepaya
18. klamben [klambɛn] klemben [klɛmbɛn] memakai baju
19. klalen [klalɛn] klelen [klɛlɛn] Kelupaan
20. kaleng [kalɛƞ] kelen [kɛlɛƞ] Kaleng
21. naleni [nalɛni] neleni [nɛlɛni] mengikat
22. pamer [pamɛr] pemer [pɛmɛr] pamer
23. paweh [pawɛh] peweh [pɛwɛh] Pemberian
24. patek [patɛ?] petek [pɛtɛ?] terlalu
25. garek [garɛ?] gerek [gɛrɛ?] tinggal
26. talen [talɛn] telen [tɛlɛn] ikatan
A. Deskripsi Kajian Variasi Basa Jawi Ngoko Masyarakat Kajen – Kab.
Pekalongan
Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipunlampahi ing tigang lokasi
panaliten kaliyan individu ingkang beda, deskripsi kajian Basa Jawi ngoko
masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan lan sesambetan kaliyang keunikan
Fonologis antara Daerah ingkang sepisan kaliyan daerah ingkang sanes punika
boten nggadahi bab ingkang benten sanget. Asil analisis panaliten kasebut
ngangsali fakta, boten sedoyo tembung ingkang katujukaken kaliyan masyarakat
31
Kec. Kajen – Kab. Pekalongan dipunlafalkaken sami kaliyan hipotesa sementara.
Kosakata kasebut kados ing tabel punika.
Salajengipun badhe dipunrembag sepisan boko sepisan tembung kasebut
kaliyan cara ucap panutur anggenipun nglafalkaken amarga wonten tembung
ingkang nggadahi wangun beda ingkang sanes. Tembung agek [agɛ?] tegesipun
sami kaliyan tembung lagi [lagi] lan lagek [lagɛ?] ingkang tegesipun ‘sedang’
utawi ‘lagi’. Masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan nglafalkaken tembung
punika dados egek [ɛgɛ?]. Masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan langkung
asring ngginakaken tembung tembung kasebut katimbang tembung kalih ingkang
sanes nanging sami tegesipun. Ing wekdal panaliten punika masyarakat Kec.
Kajen asring nglafalkaken gek [gɛk] mawon. Fonem [ɛ] ingkang dipunucapkaken
punika ngalami pelepasan fonem. Pelepasan fonem punika nggadahi maksud
supados langkung singkat sahingga langkung praktis. Mitra tutur ugi sampun
mangertos pangucapan kasebat lan boten wonten ingkang bingung.
Tembung ajak [aja?] ing basa Jawi punika nggadahi teges ‘mengajak’.
Masyarakat Kec. Kajen nglafalkaken tembung punika dados jek [je?]. fonem [a]
ing tembung kasebut punika dipunicalkaken. Keunkan tembung punika
dipunbandingkaken kaliyan tembung ingkang sanes inggih punika tembung
ingkang ngalami pross fonologis ing suku kata ingkang pungkasan. Hal punika
kadadosan amargi wonten pelepasan, tembung punika amung dados setunggal
suku kata.
Tembung akeh [akɛh] ing basa Jawi punika nggadahi teges ‘banyak’.
Kadasta hipotesa, tembung punika maringi keunikan fonologis ingkang
dipunsuwun. Tembung akeh dipunlafalkaken masyarakat Kec. Kajen dados ekeh
[ɛkɛh]. Tembung sanes ingkang nggadahi keunikan ingkang sami inggih punika
tembung angel, awet, jaket, kaget, karet, kates lan pamer. Tembung kasebat
dipunlafalkaken masyarakat Kec. Kajen dados engel [ɛƞɛl] ‘sulit’, ewet [ɛwɛt]
awet, jeket [jɛkɛt] ‘jaket’, keget [kɛgɛt] ‘ terkejut’, keret [kɛrɛt] ‘karet’, ketes
[kɛtɛ] ‘pepaya’ lan pamer [pɛmɛr] ‘pamer’.
Tembung aneng [ɛnɛƞ] nggadahi teges ‘ada di’. Tembung aneng punika
kalebet tembung garba. Tembung kasebat punika gabungan saking tembung ana [
32
ingkang ateges ‘ada’ lan [כnכ ing [Iƞ] ingkang ateges ‘di’. Huruf a [כ] ingkang
pungkasan punika ing tembung ana punika gabung kaliyan huruf i [I] tumprap
tembung ing. Sejatosipun tembung punika gabung lajeng melebur dados e [e],
ananginmg wonten kasunyatan punika, kathah ingkang nglafalkaken dados e [ɛ]
sahingga tembung aneng [aneƞ] dipunlafalkaken dados aneng [anɛƞ]. Lanugi
kathah ingkang nglafalkaken kaliyan ngicalkaken fonem [a] ing tembung kasebat
sahingga dados neng [neƞ] utawi neng [nɛƞ] kemawon supados lngkung praktis
ing pangucapanipun. Ing laladan Pekalongan, masyarakat nglafalkaken aneng
[anɛƞ] dados eneng [ɛnɛƞ]. Sejatosipun tembung eneng punika boten asring
dipunlafalkaken amargi dipunanggep kirang praktis. Ananging langkung asring
pangucapanipun kaliyan nglesapkaken fonem [ɛ] sahingga dados tembung neng
[nɛƞ] kemawon, ananging boten saged dipunlalikaken tembung neng punika
sejatosipun saking tembung eneng. Tembung eneng [ɛnɛƞ] ing laladan
ingkangsanes punika nggadahi teges ‘ada’ kemawon. Ugi sami kaliyan basa
laladan Pekalongan, tembung eneng dados homonim sahingga teges lan maksud
tembung kasebat kagantung saking konteks ukaranipun. Langkung gamblang
saged ngawigatoskaken ukara-ukara punika.
(a) Eneng ngendi koe wingi?‘ada dimana kamu kemarin?
(b) Pas eneng Ibu koe malah lunga.Ketika ada Ibu kamu malah pergi.
Saking ukara punika mitra tutur boten bingung anggenipun mangrtosi konteksipun.
Tembung balen [bɛlɛn] ing basa Jawi punika nggadahi teges ‘rujuk’.
Tembung balen ing basa Jawi punika arupi tembung andhahan (kata berimbuhan)
saking tembung bali ingkang ateges ‘pulang’ kaliyan ater-ater –an [an].
Persandian huruf i ing tembung bali kaliyan huruf a ing ater-ater –an dados e [ɛ].
Sasampunipun dados tembung andhahan ingkang nglampahi prsandian, tembung
balen tembung balen menawi dipunpirsani saking wangunipun nggadahi ciri
kadasta hipotesa sementara. Tembung balen [balɛn] dipunlafalkaken masyarakat
Kec. Kajen dados belen [bɛlɛn]. Tembung sanes ingkang nglampahi kasus
ingkangsami inggih punika tembung damen [dɛmɛn] ‘batang padi’, grajen
33
[grɛjɛn] ‘tahi gergaji’, klamben [klɛmbɛn] ‘memakai baju’ lan talen [tɛlɛn]
‘ikatan.
Tembung garek [garɛ?] ing basa Jawi nggadahi teges ‘tinggal’. Kasus ing
tembung punika radi anggel. Tembung ‘tinggal’ ing bahasa Indonesia dereng
cekap kangge makili maksud saking tembung garek ing basa Jawi. Pangginaan
tembung ‘tinggal’ ing basa Indonesia boten sami kaliyan tembung garek ing basa
Jawi. Ing basa Jawi ugi wonten tembung tinggal ing basa Indonesia ugi tegesipun
‘tinggal’. Kawigatoskaken ukara punika:
(a) Klambiku gerek iki.
‘bajuku tinggal ini.’
(b) Yen ora bisa nggowo yo tinggal wae.
‘kalau tidak bisa membawa tinggal saja.’
(c) Aku manggon neng kene awet wingi.
‘aku tinggal disini mulai kemarin.
(d) Eling ora, jebul barange ana sing keri.
‘ingat tidak, ternyata barangya ada yang ketinggalan.
Saking sekawan tuladha ukara punika saged dipunpundhut dhudhutan,
tembung tinggal ing basa Indonesia punika nggadahi teges ingkang kathah ing
basa Jawi, sahingga tembung tinggal punika kirang jumbuh menawi
dipunjejerkaken kaliyang tembung garek. Ing pirembagan ingkang sanes,
tembung garek ing basa Jawi punika tegesipun sami kaliyan tembung kari [kari],
gari [gari]. Anangin masyarakat Kec. Kajen punika langkung asring ngginakaken
tembung garek ingkang dipunlafalkaken dados gerek [gɛrɛ?]. Tembung kari boten
dipunlafalkaken dados keri, ananging taksih ajeg keri ugu tembung gari.
Masyarakat Kec. Kajen punika ugi ngginakaken tembung karek naging botan
asring dipunginakaken. Kadasta tembung garek tembung karek ugi
dipunlafalkaken kerek [kɛrɛ?] dening masyarakat Kec. Kajen.
Gejala keunikan fonologis wongten ing tembung garek ugi katingal ing
tembung patek [patɛ?]. sami kaliyan tembung garek, tembung patek ugi nggadahi
keunikan. Tembung patek ing basa Jwai nggadahi teges ‘terlalu’. Tembung
‘terlalu’ ing basa Indonesia dereng mesti tegesipun patek ing basa Jawi.
34
Aku ora patek ngematke.
‘aku tidak terlalu memperhatikan.’
Tembung patek tegesipun sami kaliyan pati [pati], ananging pati dereng
mesti sami kaliyan patek. Tembung pati ugi saged tegesipun ‘mati’, kadasta
tembung garek, tembung patek ugi dipunlafalkaken petek kaliyan masyarakat
Kec. Kajen – Kab. Pekalongan. Tembung pati punika boten dipunlafalkaken peti
[pɛti], ananging taksih dipunlafalkaken pati kaliyan masyarakat Kec. Kajen –
Kab. Pekalongan.
Tembung kangelan [kaƞelan] ing Basa Jawi punika nggadahi teges
‘kesulitan’. Tembung kangelan punika arupi tembung andhahan, ananging kasus
tembung punika boten sami kaliyan tembung andhahan ingkang saderengipun.
Tembung kangelan punika tembung andhahan ingkan boten nglampahi
persandian. Tembung dasar saking tembung kangelan inggih punika angel
ingkang angsal konfiks ka-/an. Tembung angel ingkang sampun
dipunjlentrehkaken saderengipun punika nggadahi keunikan fonologis sahingga
dipunlafalkaken engel [ɛƞɛl] kaliyan masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan.
Ugi sami kaliyan tembung kangelan. Tembung kangelan punika dipunlafalkaken
kengelan [keƞelan] kaliyan masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan. Kasus
punika ugi dipunalami kaliyan tembung-tembung ingkang sanes. Tembung sanes
ingkang tembung dasaripun ngalami keunikan fonologis ugi sami ing keunikan
fonologis ing tembung andhahanipun. Perkawis punika kabuktikaken ing tembung
paweh [pawɛh] ingkang nggadahi teges ’pemberian’ ing Basa Jawi. Tembung
paweh ingkang nggadahi tembung dasar aweh kaliyan angsal perfiks pa- ugi
maringi keunikan fonologis. Tembung paweh dipunlafalkaken masyarakat Kec.
Kajen – Kab. Pekalongan punika dados peweh [pɛwɛh]. Tembung kagetan ‘sering
kaget bila sesuatu terjadi’ ingkang nggadahi tembung dasar kaget kanthi angsal
sufiks –an ugi dipunlafalkaken masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalonga dados
kegetan [kɛgɛtan].
Keunikan fonologis Basa Jawi Ngoko masyarakat Kec. Kajen – Kab.
Pekalongan ugi kadadosan ing tembung pambentuk saderengipun ingkang paring
35
keunikan fonologis. Kabukti saking tembung naleni [nalɛni] ‘mengikat’.
Tembung naleni punika nggadahi tembung dasar tali. Ananging, saderengipun
angsal akhiran –i lan salajengipun angsal imbuhan N- tembung tali punika
langkung riyin angsal sufiks –an. Tembung tali ingkang angsal sufiks an kasebut
dados panyebab luluhipun huruf i [i] wonten ing tembung tali tumrap huruf a [a]
ing imbuhan –an dados e [ɛ]. Lajeng talen ing Basa Jawi punika dipunlafalkaken
masyarakata Kec. Kajen – Kab. Pekalongan punika dados telen [tɛlɛn]. Perkawis
kasebat ingkang nyebabakaken tembung naleni punika dipunlafalkaken neleni
[nɛlɛni] kaliyan masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan. Perkawis ingkang
sami ugi kadadosan ing tembung – tembung sanes ingkang ngalami kasus ingkang
sami kaliyan tembung talen, kadasta; balen, kalen, lan klamben. Tembung
mbaleni [mbalɛni] ‘mengulang’ saking tembung balen punika dipunlafalkaken
mbeleni [mbɛlɛni] kaliyan masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan. Tembung
ngaleni [ƞalɛni] ‘ membuat saluran’ saking tembung kalenpunika dipun lafalkaken
ngeleni [ƞɛlɛni], lan tembung nglambeni [ƞlambɛni] ‘memakaikan baju’ ugi
dipunlafalkaken nglembeni [ƞlɛmbɛni].
Keunikan ingkang sanes ugi dipunangsali saking kalih tembung ingkang
boten wonten ing daftar tembung ingkang dipun takenkaken ingkang ugi maringi
ciri keunikan fonologis. Tembung kasebut inggih punika jagong [jagכƞ] lan
kalong [kalכƞ]. Tembung jagong ing Basa Jawi umumipun nggadahi teges
‘duduk’. Ananging wonten ing daerah ingkang sanes punika tembung jagong [jag
[ƞכ tegesipun nyumbang [ñumbaƞ] utawi ing basa indonesia tegesipun
‘kondangan’. Masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan nglafalkaken tembung
njagong ingkang nggadahi teges ‘duduk’ dados njegok [njagכƞ]. ing tembung
punika wonten fonem saking fonem [ƞ] dados [?]. Ingkang kaping kalih inggih
punika tembung kalong [kalכƞ] ingkang wonten ing Basa Jawi punika nggadahi
teges ‘berkurang’. Masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan punika
nglafalkaken kalong punika dados kelong [kalכƞ]. Tembung kalih punika
ngicalkaken konsep ing hipotesa sepisan, sejatosipun konsep kasebat katujukaken
kaliyan tembung ingkang nglampahi keunikan fonologis ing tembung ingkang
36
suku kata sepisan punika vocal a [a] kabuka (boten pejah) lan suku kata kaping
kalih vocal e [e] kadasta ingkang sampun dipun jlentrehkaken ing bab
saderengipun.
Boten sedaya tembung ingkang sami kaliyan tembung-tembung ingkang
dipunsebatkaken ing nginggil punika maringi gejala ingkang sami, inggih punika
keunikan fonologis kados hipotesa sementara. Perkawis kasebut kabutki saking
wekdal panaliten dipun lampahi. Tembung ingkang dipunajukaken punika wonten
200 tembung, boten langkung saking 30 tembung ingkang ngalami keunikan
fonologis. Perkawis kasebut maringi isyarat kangge kita menawi ciri-ciri saking
tembung-tembung punika ingkang ngalami fenomena keunikan fonologis kadasta
ingkang sampun dipunjlentrehkaken ing nginggil punika boten saged
dipundadoskaken acuan kangge tembung-tembung ingkang sanes. Tembung-
tembing ingkang nggadahi ciri-ciri ingkang sami dereng mesti ngalami keunikan
fonologis. Perlu nglampahi panaliten kangge nyebatkaken tembung punika
nglampahi keunikan fonologis utawi boten.
B. Pengaruh Variabel Sosial Tumrap Ciri fonologis Basa Jawa Ngoko
Masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan.
Panaliten dipun lampahi ing tingang lokasi ing Kec. Kajen tumrap
individu-individu kanthi kriteria-kriteria ingkang beda. Individu kasebut
jumlahipun sekawan tiyang ing saben lokasi panaliten sahingga jumlahipun 12
tiyang. Adhedhasar panalten kasebat ing kasunyatan punika antara individu
sepisan kaliyan individu ingkang sanes boten dipunangsali bab ingkang beda
secara signifikan. Kirang langkung 5% bab ingkang mbedakaken kasebat ingkang
kadadosan. Bab kasebat sagedipun tingali saking tabel punika.